Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Niru Yésus sing Seneng Kerja Sama

Niru Yésus sing Seneng Kerja Sama

Alkitab nyebutké ngéné soal Yésus, ”Aku dadi tukang sing trampil sing kerja karo Dhèwèké. . . . Aku terus ngrasa seneng ing ngarepé Dhèwèké.” (WB. 8:30) Ayat kuwi nduduhké nèk sakdurungé teka ing bumi, Yésus kerja sama karo Bapaké nganti suwé banget, lan Yésus ya ”seneng” pas kerja sama karo Bapaké.

Pas ing swarga, Yésus sinau piyé carané bèn isa kerja sama. Terus pas ing bumi, Yésus ya mènèhi conto sing apik kanggo mbantu murid-muridé bèn isa kerja sama karo wong liya. Saka contoné Yésus, awaké dhéwé isa ngerti telu cara bèn isa kerja sama karo sedulur-sedulur ing jemaat. Nèk niru Yésus, jemaat isa bersatu.

Mungkin, ana sing ora gelem ngajari wong liya merga wedi nèk nduwé saingan. Awaké dhéwé aja nganti kaya ngono.

CARA 1: ”NGAJÈNI LIYANÉ”

Bèn isa kerja sama, awaké dhéwé kudu rendah hati. Awaké dhéwé kudu ngajèni wong liya lan ora éntuk pamèr. Yésus isa rendah hati merga sinau saka Yéhuwah. Yéhuwah kuwi Pencipta. Tapi pas arep nyiptakké manungsa, Yéhuwah ngomong ngéné karo Yésus, ”Ayo nggawé manungsa sing mirip karo awaké dhéwé.” (PD. 1:26) Dadi, Yéhuwah péngin nduduhké nèk Yésus ya nduwé tugas sing penting. Pas Yéhuwah ngomong ngono, Yésus mesthi ngerti nèk Yéhuwah rendah hati.​—Mzm. 18:35.

Pas ing bumi, Yésus ya rendah hati. Misalé, pas dipuji, Yésus malah muji Gusti Allah. (Mrk. 10:17, 18; Yoh. 7:15, 16) Yésus ya ngupaya bèn isa tetep rukun karo murid-muridé lan nganggep murid-muridé kuwi sahabat, dudu budhak. (Yoh. 15:15) Terus, Yésus ya gelem ngwijiki sikilé para rasulé. (Yoh. 13:5, 12-14) Kaya Yésus, awaké dhéwé kudu ngajèni wong liya lan ora éntuk égois. Nèk ”ngajèni liyané”, awaké dhéwé ora bakal kuwatir nèk wong liya sing bakal dipuji. Terus, rencana-rencanané awaké dhéwé mesthi ya bakal berhasil.​—Rm. 12:10.

Wong sing rendah hati ngerti nèk rencana isa berhasil nèk ana ”akèh sing mènèhi naséhat”. (WB. 15:22) Meskipun wis trampil utawa nduwé akèh pengalaman, tapi awaké dhéwé kudu sadhar nèk ora ana wong sing isa ngerti kabèh. Yésus dhéwé ngakoni nèk ana sing dhèwèké ora ngerti. (Mat. 24:36) Yésus ya péngin ngerti apa sing dipikirké murid-muridé, padahal murid-muridé ora sampurna. (Mat. 16:13-16) Kuwi sebabé, murid-muridé seneng kerja sama karo Yésus. Nèk awaké dhéwé rendah hati, sadhar karo keterbatasan, lan gelem dibantu, sedulur-sedulur ya bakal seneng kerja sama karo awaké dhéwé. Terus, rencana-rencanané awaké dhéwé ya bakal ”berhasil”.

Para pinituwa ya kudu kerja sama lan rendah hati kaya Yésus. Pas rapat pinituwa, roh suci isa mbantu sapa waé ing rapat kuwi bèn nyampèkké saran-saran sing apik. Mula, para pinituwa kudu ngupaya bèn kabèh sing ing rapat kuwi isa leluasa nyampèkké pendapaté. Hasilé, para pinituwa kuwi isa nggawé keputusan sing apik kanggo sedulur-sedulur ing jemaat.

CARA 2: ”SENENG NGALAH”

Bèn isa kerja sama, awaké dhéwé kudu seneng ngalah. Wong sing seneng ngalah kuwi biasané ora kaku. Pas ing swarga, Yésus isa ndelok nèk Yéhuwah kuwi ora kaku. Misalé, merga dosa, manungsa kuduné pantes mati. Tapi, Yéhuwah gelem ngutus Yésus dadi tebusan supaya manungsa isa nduwé harapan urip saklawasé.​—Yoh. 3:16.

Yésus ya seneng ngalah lan ora kaku. Misalé, Yésus gelem mbantu wong wédok Fénisia, meskipun sakjané dhèwèké mung diutus marang wong Israèl. (Mat. 15:22-28) Terus, gatèkna piyé tanggepané Yésus sakwisé Pétrus ngomong nèk dhèwèké ora kenal karo Yésus. Yésus gelem ngapura Pétrus lan malah mènèhi Pétrus tugas sing penting. (Luk. 22:32; Yoh. 21:17; Kis. 2:14; 8:14-17; 10:44, 45) Saka contoné Yésus kuwi, awaké dhéwé isa ngerti nèk kudu ”seneng ngalah” lan ora éntuk dadi wong sing kaku.​—Flp. 4:5.

Nèk seneng ngalah lan ora kaku, awaké dhéwé bakal isa kerja sama karo kabèh sedulur. Merga ora kaku, Yésus isa bergaul karo kabèh wong, khususé karo wong-wong sing gelem ngrungokké kabar apik. Kuwi sebabé, mungsuh-mungsuhé Yésus dadi iri lan nganggep nèk Yésus kuwi ”kancané petugas pajeg lan wong-wong sing dosa”. (Mat. 11:19) Kaya Yésus, apa awaké dhéwé ya gelem ngupaya kerja sama karo sedulur-sedulur sing latar belakang utawa sipaté béda karo awaké dhéwé? Gatèkna pengalamané Sedulur Louis, sing tau nglayani dadi pinituwa wilayah lan kerja ing Bètel. Dhèwèké crita ngéné, ”Merga awaké dhéwé ora sampurna, kerja sama karo sedulur-sedulur kuwi ora mesthi gampang. Kuwi isa dipadhakké kaya nggawé témbok nganggo watu sing ukuran lan bentuké béda-béda. Bèn témboké isa rata, watuné ya kudu ditata. Padha kaya ngono, pas kerja sama karo sedulur-sedulur, awaké dhéwé ya ora éntuk kaku lan kudu gelem nggawé penyesuaian. Hasilé, awaké dhéwé isa tetep rukun, lan gawéané isa cepet rampung.” Iki conto sing apik kanggo awaké dhéwé.

Kaya Yéhuwah lan Yésus, awaké dhéwé mesthi ya seneng berbagi ilmu lan pengalaman karo sedulur-sedulur

Piyé carané nduduhké nèk awaké dhéwé seneng ngalah? Misalé pas nginjil karo sedulur-sedulur sing sak KDL, awaké dhéwé bakal kerja sama karo sedulur-sedulur sing umuré lan tanggung jawab keluargané béda-béda. Dadi, awaké dhéwé aja kaku. Awaké dhéwé isa nggunakké cara nginjil sing disenengi sedulur-sedulur kuwi bèn sedulur-sedulur kuwi isa luwih seneng wektu nginjil.

CARA 3: ”SENENG MÈNÈHI”

Bèn isa kerja sama, awaké dhéwé kudu ”seneng mènèhi”. (1 Tim. 6:18) Pas Yésus kerja bareng karo Yéhuwah, Yésus mesthi ngerti nèk Yéhuwah seneng mènèhi. Misalé pas Yéhuwah ”ngrancang langit”, Yésus ”ana ing kono”. (WB. 8:27) Wektu kuwi, Yéhuwah mesthi gelem ngajari Yésus. Pas ing bumi, Yésus ya seneng ngandhani murid-muridé ’kabèh sing wis [dhèwèké] rungokké saka Bapaké’. (Yoh. 15:15) Kaya Yéhuwah lan Yésus, awaké dhéwé mesthi ya seneng berbagi ilmu lan pengalaman karo sedulur-sedulur. Tapi, mungkin ana sing ora gelem ngajari wong liya merga wedi nèk nduwé saingan. Awaké dhéwé aja nganti kaya ngono.

Awaké dhéwé ya isa nyemangati sedulur-sedulur. Piyé perasaané njenengan nèk ana sing nggatèkké kerja kerasé njenengan lan muji njenengan? Njenengan mesthi seneng, ta? Yésus ya muji murid-muridé sing wis kerja keras. (Bandhingna karo Matius 25:19-23; Lukas 10:17-20.) Malah, Yésus ya ngomong nèk murid-muridé bakal ”nindakké gawéan sing luwih gedhé” timbang dhèwèké. (Yoh. 14:12) Terus pas bengi sakdurungé mati, Yésus muji para rasulé sing setya. Yésus ngomong, ”Kowé ora tau ninggalké aku wektu aku ngadhepi keadaan sing angèl.” (Luk. 22:28) Kata-katané Yésus iki mesthi nguwatké lan nyemangati para rasul. Nèk awaké dhéwé seneng muji sedulur-sedulur, sedulur-sedulur kuwi mesthi seneng lan luwih semangat ngerjakké tugasé.

SENENG KERJA SAMA KARO SEDULUR-SEDULUR

Sedulur Kayode kandha ngéné, ”Bèn isa kerja sama, awaké dhéwé ora kudu sampurna. Sing penting, awaké dhéwé isa nggawé sedulur-sedulur sing kerja bareng karo awaké dhéwé bahagia lan ngurangi bebané sedulur-sedulur kuwi.” Nèk njenengan piyé? Apa njenengan wong sing seneng kerja sama karo wong liya? Bèn isa ngerti soal kuwi, njenengan isa takon pendapaté sedulur-sedulur. Mbiyèn pas Yésus ing bumi, murid-muridé Yésus ya seneng wektu kerja sama karo Yésus. Terus, Rasul Paulus ya tau kandha, ’Aku kanca nyambut gawé sing nggawé kowé seneng.’ (2 Kor. 1:24) Awaké dhéwé mesthi ya péngin sedulur-sedulur seneng wektu kerja sama karo awaké dhéwé.