Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 50

Rungokna Yésus, Gembala sing Apik

Rungokna Yésus, Gembala sing Apik

”Domba-domba kuwi bakal ngrungokké swaraku.”​—YOH. 10:16.

LAGU 3 Kekuwatan, Harapan, lan Sing Tak Percaya

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Kenapa murid-muridé Yésus cocog digambarké kaya domba?

 YÉSUS ngomong nèk dhèwèké kuwi gembala lan domba-dombané, yaiku murid-muridé, kenal karo dhèwèké. (Yoh. 10:14) Iki gambaran sing cocog kanggo murid-muridé Yésus. Kenapa? Domba biasané kenal lan gelem manut karo gembalané. Ana wong lanang sing ketemu sak kelompok domba pas lagi jalan-jalan. Dhèwèké crita ngéné, ”Pas kanca-kancaku ngundang domba-domba kuwi bèn isa difoto, domba-domba kuwi meneng waé. Tapi pas sing ngundang cah lanang sing dadi gembalané, domba-domba kuwi langsung manut.”

2-3. (a) Piyé carané awaké dhéwé ngrungokké Yésus? (b) Apa sing bakal dirembug ing artikel iki lan artikel berikuté?

2 Crita kuwi mesthi ngélingké awaké dhéwé karo omongané Yésus, yaiku, ”[Domba-dombaku] bakal ngrungokké swaraku.” (Yoh. 10:16) Tapi Yésus kan ing swarga. Piyé carané awaké dhéwé ngrungokké Yésus? Awaké dhéwé kudu manut karo kabèh ajarané Yésus.​—Mat. 7:24, 25.

3 Yésus ngomong nèk murid-muridé ora éntuk terlalu kuwatir lan gampang ngecap sedulur liya. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug piyé carané bèn isa manut karo préntahé Yésus kuwi. Ing artikel berikuté, awaké dhéwé bakal ngrembug loro préntahé Yésus liyané sing kudu diupayakké karo murid-muridé.

”AJA TERLALU KUWATIR”

4. Nurut Lukas 12:29, awaké dhéwé isa ”terlalu kuwatir” soal apa?

4 Wacanen Lukas 12:29. Yésus ngongkon murid-muridé bèn ”aja terlalu kuwatir” karo kebutuhan saben dina. Awaké dhéwé mesthi péngin manut karo ajarané Yésus merga kuwi pancèn bener lan isa nggawé bahagia. Ning kadhang kuwi ora gampang. Kenapa?

5. Kenapa akèh wong saiki kuwatir piyé carané nyukupi kebutuhan keluargané?

5 Akèh wong saiki kuwatir piyé carané nyukupi kebutuhan keluargané, misalé soal panganan, pakaian, lan tempat tinggal. Mungkin, wong-wong kuwi manggon ing negara miskin lan nggolèk gawéan ing kono angèl. Sing liyané mungkin ora isa nyukupi kebutuhan keluargané merga ditinggal mati karo tulang punggung keluargané. Terus, ya ana sing di-PHK merga wabah COVID-19. (Pkh. 9:11) Nèk njenengan ngalami masalah sing disebutké mau utawa masalah-masalah liyané, piyé carané bèn njenengan ora terlalu kuwatir?

Timbang terlalu kuwatir, luwih apik nèk awaké dhéwé percaya karo Yéhuwah (Deloken paragraf 6-8) *

6. Critakna pengalamané Rasul Pétrus pas ing Laut Galiléa.

6 Gatèkna pengalamané Pétrus pas numpak prau karo murid-murid liyané ing Laut Galiléa. Pas kuwi, prauné diobat-abitké ombak. Terus, murid-murid ndelok Yésus mlaku ing ndhuwur laut. Bar kuwi, Pétrus ngomong, ”Gusti, nèk pancèn kuwi njenengan, kongkonen aku mlaku ing ndhuwur laut marani njenengan.” Yésus kandha, ”Mrénéa!” Terus, Pétrus mudhun saka prau lan mlaku ing ndhuwur laut marani Yésus. Ning ”wektu ndelok badai”, Pétrus dadi wedi. Wektu mulai kleleb, Pétrus mbengok, ”Gusti, tulung!” Yésus langsung ngulurké tangané lan nyekel Pétrus. Selama Pétrus percaya karo Yésus, dhèwèké isa mlaku ing ndhuwur laut. Tapi pas ndelok badai, dhèwèké dadi wedi lan akhiré kleleb.​—Mat. 14:24-31.

7. Apa sing isa dipelajari saka pengalamané Pétrus?

7 Apa sing isa dipelajari saka pengalamané Pétrus? Pas mulai mlaku ing ndhuwur laut, Pétrus ora mikir nèk bakal kleleb. Dhèwèké mung péngin marani Yésus. Tapi merga ndelok badai, dhèwèké dadi wedi lan ora percaya manèh karo Yésus. Kuwi sing nggawé dhèwèké kleleb. Awaké dhéwé saiki mémang ora isa mlaku ing ndhuwur laut. Tapi, awaké dhéwé ngadhepi akèh masalah. Nèk ora yakin karo Yéhuwah lan janji-janjiné, awaké dhéwé isa dadi terlalu kuwatir lan akhiré dadi ora semangat nglayani Yéhuwah. Dadi, nèk saiki lagi ngadhepi masalah sing abot, awaké dhéwé kudu yakin nèk Yéhuwah bakal nulungi awaké dhéwé. Piyé carané bèn isa yakin?

8. Piyé bèn ora terlalu kuwatir karo kebutuhané awaké dhéwé?

8 Timbang terlalu kuwatir, luwih apik nèk awaké dhéwé percaya karo Yéhuwah. Élinga nèk Yéhuwah wis janji bakal nyedhiakké kabèh sing awaké dhéwé butuhké nèk awaké dhéwé ngutamakké Yéhuwah. (Mat. 6:32, 33) Yéhuwah mesthi nepati janji-janjiné. (PT. 8:4, 15, 16; Mzm. 37:25) Nèk manuk lan kembang waé diopèni karo Yéhuwah, apa awaké dhéwé perlu kuwatir soal panganan lan pakaian? Mesthiné ora, ta? (Mat. 6:26-30; Flp. 4:6, 7) Yéhuwah kuwi kaya wong tuwa sing sayang karo anak-anaké. Merga sayang, wong tuwa bakal nyukupi kebutuhané anak-anaké. Yéhuwah ya kaya ngono. Dadi, awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah bakal nyedhiakké kabèh sing awaké dhéwé butuhké.

9. Apa sing isa njenengan pelajari saka pengalamané sedulur lanang ing paragraf iki?

9 Gatèkna pengalamané sedulur lanang sing merintis bareng karo bojoné iki. Sedulur kuwi numpaké mobil tuwa. Sakdurungé mangkat ing pertemuan ibadah, sedulur lanang kuwi karo bojoné methuk sedulur-sedulur wédok sing manggon ing tempat pengungsian sing jaraké sak jam perjalanan. Sedulur kuwi crita, ”Sakwisé pertemuan ibadah aku ngejak sedulur-sedulur wédok kuwi mangan ing omahku. Tapi, aku lagi sadhar nèk jebulé ing omah ora nduwé apa-apa.” Lha terus piyé? Dhèwèké kandha, ”Pas tekan omah, jebulé ing ngarep lawang wis ana rong tas sing kebak panganan. Aku karo bojoku ora ngerti sapa sing ndèlèh kono. Yéhuwah nyedhiakké kabèh sing tak butuhké.” Ora suwé bar kuwi, mobilé sedulur kuwi rusak. Tapi, dhèwèké ora nduwé dhuwit kanggo ndandani mobilé padahal kuwi dibutuhké kanggo nginjil. Pas mobilé digawa ing bèngkèl bèn ngerti pira entèké nèk didandani, ana wong lanang sing marani sedulur kuwi lan takon, ”Kuwi mobilé sapa?” Sedulur kuwi ngomong nèk kuwi mobilé sing lagi rusak lan butuh didandani. Wong lanang kuwi ngomong, ”Ora apa-apa. Bojoku lagi nggolèk mobil sing kaya ngono lan wernané persis kaya sing dipénginké bojoku. Kuwi mèh mbok edol pira?” Akhiré, mobil kuwi dituku wong lanang mau lan sedulur kuwi isa tuku mobil anyar. Sedulur kuwi ngomong, ”Aku karo bojoku seneng banget. Iki mesthi bantuané Yéhuwah, dudu kebetulan.”

10. Kenapa Mazmur 37:5 isa nyemangati awaké dhéwé bèn ora terlalu kuwatir?

10 Nèk awaké dhéwé manut karo Yésus lan ora terlalu kuwatir, Yéhuwah bakal nyukupi kebutuhané awaké dhéwé. (Wacanen Mazmur 37:5; 1 Ptr. 5:7) Mungkin njenengan ngadhepi situasi sing disebutké ing paragraf 5. Tapi nganti saiki, Yéhuwah isih nyukupi kebutuhané njenengan liwat kepala keluarga utawa majikané njenengan. Terus nèk kepala keluargané njenengan wis ora isa nyukupi kebutuhané njenengan utawa njenengan di-PHK, Yéhuwah bakal tetep nyukupi kebutuhané njenengan nggunakké cara liya. Intiné, Yéhuwah bakal nyedhiakké sing njenengan butuhké. Saiki, ayo nggatèkké naséhaté Yésus sing kandha nèk awaké dhéwé ora éntuk ngadili wong liya.

”AJA NGADILI WONG MANÈH”

Awaké dhéwé ora bakal gampang ngecap sedulur-sedulur nèk nggatèkké sipat-sipat apiké (Deloken paragraf 11, 14-16) *

11. Nurut Matius 7:1, 2, Yésus ngongkon murid-muridé bèn ngapa, lan kenapa kuwi ora gampang?

11 Wacanen Matius 7:1, 2. Yésus ngerti nèk manungsa sing ora sampurna biasané mung nggatèkké kesalahané wong liya. Mula Yésus ngomong, ”Aja ngadili wong manèh.” Awaké dhéwé mesthi wis ngupaya bèn ora ngadili utawa ngecap sedulur-sedulur. Tapi merga ora sampurna, awaké dhéwé isa waé gagal. Terus piyé? Awaké dhéwé kudu ngrungokké Yésus lan terus ngupaya bèn ora nggatèkké kesalahané sedulur-sedulur.

12-13. Meskipun Daud nggawé dosa sing gedhé, tapi Yéhuwah piyé lan apa pelajarané?

12 Awaké dhéwé isa ngrenungké contoné Yéhuwah sing nggatèkké sipat-sipat apiké umaté, dudu kesalahané. Misalé gatèkna pengalamané Raja Daud. Daud hubungan sèks karo wong wédok sing wis nduwé bojo. Terus, bojoné wong wédok kuwi malah dipatèni. (2 Sam. 11:2-4, 14, 15, 24) Akibaté Daud lan keluargané, termasuk bojo-bojoné sing liya, dadi ngalami akèh masalah. (2 Sam. 12:10, 11) Terus Daud ya tau nggawé kesalahan liyané merga ora percaya karo Yéhuwah. Daud tau ngongkon anak buahé bèn ngétung jumlahé wong Israèl sing isa dadi tentara, padahal Yéhuwah ora ngongkon kaya ngono. Daud kaya ngono kétoké merga sombong lan nganggep nèk dhèwèké isa aman merga nduwé pasukan sing akèh. Tapi apa akibaté? Alkitab kandha nèk ana 70.000 wong Israèl sing mati merga kena wabah penyakit.​—2 Sam. 24:1-4, 10-15.

13 Nèk njenengan dadi wong Israèl wektu kuwi, piyé perasaané njenengan karo Daud? Apa njenengan bakal nganggep nèk Daud ora pantes diapura Yéhuwah? Tapi Yéhuwah ora kaya ngono. Yéhuwah nggatèkké nèk Daud wis setya karo Yéhuwah kèt enom lan saiki ya wis bener-bener mertobat. Hasilé, Yéhuwah ngapura Daud meskipun kesalahané gedhé banget. Yéhuwah ngerti nèk Daud sayang karo Yéhuwah lan péngin manut préntahé. Awaké dhéwé mesthi bersyukur banget merga Yéhuwah nggatèkké sipat-sipat apiké umaté.​—1 Raj. 9:4; 1 Bb. 29:10, 17.

14. Apa sing kudu dipikirké bèn ora mikir sing èlèk-èlèk soal sedulur-sedulur?

14 Nèk Yéhuwah nggatèkké sipat-sipat apiké awaké dhéwé, awaké dhéwé ya kudu nggatèkké sipat-sipat apiké sedulur-sedulur. Mémang, luwih gampang nèk arep nggolèk-nggolèk kesalahané sedulur-sedulur merga sedulur-sedulur kuwi ora sampurna. Tapi nèk péngin niru Yéhuwah, awaké dhéwé mesthi tetep gelem kerja sama karo sedulur-sedulur. Nèk didelok saka njabané thok, berlian sing durung diasah mémang kétoké kaya watu biasa. Tapi kanggoné wong sing ngerti soal berlian, kuwi bakal dadi apik lan regané larang sakwisé diasah. Padha kaya ngono, awaké dhéwé ya ora péngin ndelok sedulur-sedulur mung saka njabané thok. Awaké dhéwé kudu niru Yéhuwah lan Yésus sing nggatèkké sipat-sipat apiké sedulur-sedulur kuwi.

15. Kenapa awaké dhéwé ora bakal ngecap sedulur-sedulur nèk mikirké masalah apa sing lagi diadhepi sedulur-sedulur kuwi?

15 Sakliyané nggatèkké sipat-sipat apiké, awaké dhéwé kudu piyé manèh bèn ora gampang ngecap sedulur-sedulur? Awaké dhéwé isa mikirké masalah apa sing mungkin lagi diadhepi sedulur-sedulur kuwi. Gatèkna contoné Yésus iki. Pas Yésus ing bait, ana randha mlarat sing nglebokké dhuwit rècèh loro sing cilik banget nilainé. Pas ndelok kuwi, apa Yésus ngomong, ”Kok dhèwèké mung nyumbang sithik thok, ta?” Ora. Yésus ora mung nggatèkké jumlah sumbangané randha kuwi. Tapi, Yésus mikirké masalah apa sing mungkin lagi diadhepi randha kuwi lan kenapa kok dhèwèké tetep gelem mènèhi sumbangan. Terus, Yésus ya muji randha kuwi merga wis mènèhké kabèh duwèké kanggo Yéhuwah.​—Luk. 21:1-4.

16. Apa sing isa dipelajari saka pengalamané Veronica?

16 Gatèkna pengalamané sedulur wédok sing jenengé Veronica. Ing jemaaté ana sedulur wédok sing nduwé anak lanang. Veronica ngomong, ”Aku nggatèkké nèk sedulur wédok kuwi karo anaké jarang teka ing pertemuan ibadah lan jarang nginjil. Aku langsung mikir sing èlèk-èlèk soal sedulur kuwi. Tapi pas nginjil bareng, sedulur kuwi crita nèk anaké autis. Sedulur wédok kuwi kerja saben dina kanggo nyukupi kebutuhané keluargané. Dhèwèké ya wis ngupaya sak isa-isané bèn dhèwèké karo anaké isa cedhak karo Yéhuwah. Kadhang pas ana masalah merga penyakité anaké, dhèwèké mèlu ing pertemuan ibadah jemaat liya.” Veronica ya ngomong, ”Aku bener-bener ora nyangka nèk jebulé masalahé sedulur wédok kuwi abot banget. Dhèwèké wis ngupaya sak isa-isané kanggo nglayani Yéhuwah. Aku bener-bener menghargai perjuangané lan dadi tambah sayang karo dhèwèké.”

17. Naséhat apa sing disebutké ing Yakobus 2:8, lan piyé carané ngetrapké naséhat kuwi?

17 Piyé nèk awaké dhéwé wis terlanjur ngecap sedulur liya? Awaké dhéwé kudu éling nèk kudu nresnani sedulur-seduluré awaké dhéwé. (Wacanen Yakobus 2:8.) Awaké dhéwé isa ndonga njaluk bantuané Yéhuwah bèn ora gampang ngecap sedulur liya. Terus, awaké dhéwé ya kudu bertindak sesuai karo dongané awaké dhéwé. Misalé, awaké dhéwé isa ngejak dhèwèké ngobrol bèn luwih kenal karo dhèwèké. Terus, awaké dhéwé ya isa ngejak dhèwèké nginjil utawa mangan bareng. Nèk wis luwih kenal, awaké dhéwé isa ngupaya nggatèkké sipat-sipat apiké sedulur-sedulur kuwi kaya Yéhuwah lan Yésus. Nèk wis ngupayakké kuwi, awaké dhéwé nduduhké nèk manut karo omongané Yésus bèn ora ngadili wong liya.

18. Kaya sing dirembug ing artikel iki, apa buktiné nèk awaké dhéwé manut karo Yésus?

18 Kaya domba sing manut karo gembalané, awaké dhéwé ya kudu manut karo Yésus. Nèk awaké dhéwé wis ngupaya bèn ora terlalu kuwatir lan ora gampang ngecap sedulur-sedulur, Yéhuwah lan Yésus bakal mberkahi awaké dhéwé. Ora soal awaké dhéwé iki dadi bagéan saka ”kelompok cilik” sing nduwé harapan urip ing swarga, utawa ”domba-domba liya” sing nduwé harapan urip ing bumi, awaké dhéwé kudu manut karo Yésus. (Luk. 12:32; Yoh. 10:11, 14, 16) Ing artikel berikuté, awaké dhéwé bakal ngrembug loro préntahé Yésus sing kudu diupayakké murid-muridé.

LAGU 101 Rukun Dadi Umaté Yéhuwah

^ Yésus tau ngomong nèk domba-dombané bakal ngrungokké swarané. Kuwi maksudé murid-muridé Yésus bakal ngrungokké lan manut karo ajarané Yésus. Yésus ngajarké nèk murid-muridé ora éntuk terlalu kuwatir lan ora éntuk ngadili wong liya. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug piyé carané manut karo ajarané Yésus kuwi.

^ GAMBAR: Sedulur lanang iki bar di-PHK, mula dhèwèké ora nduwé dhuwit kanggo nyukupi kebutuhan keluargané lan kudu pindhah saka omahé. Nèk terlalu kuwatir, dhèwèké isa ora semangat nglayani Yéhuwah manèh.

^ GAMBAR: Sedulur iki teka telat ing pertemuan ibadah. Tapi dhèwèké wani nginjil karo wong sing ditemoni ing taman, mbantu sedulur wédok lansia, lan mèlu resik-resik Balé Ibadah.