Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 51

Terus ”Rungokna” Yésus

Terus ”Rungokna” Yésus

”Iki Anak-Ku sing Tak tresnani, sing nggawé Aku seneng. Rungokna dhèwèké.”​—MAT. 17:5.

LAGU 54 ”Iki Dalané”

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1-2. (a) Rasul Pétrus, Yakobus, lan Yohanes dikongkon apa, lan piyé tanggepané wong telu kuwi? (b) Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

 SAKWISÉ Paskah taun 32 M, Yésus ngejak Rasul Pétrus, Yakobus, lan Yohanes ing gunung. Mungkin sing dimaksud kuwi Gunung Hèrmon. Ing kono, wong telu kuwi ndelok wajahé Yésus berubah. Alkitab kandha, ”Wajahé Yésus bersinar kaya matahari, lan klambi njabané dadi padhang njingglang.” (Mat. 17:1-4) Sakwisé kuwi, Rasul Pétrus, Yakobus, lan Yohanes krungu Gusti Allah ngomong, ”Iki Anak-Ku sing Tak tresnani, sing nggawé Aku seneng. Rungokna dhèwèké.” (Mat. 17:5) Kaya préntahé Yéhuwah, wong telu kuwi terus manut karo Yésus. Awaké dhéwé mesthi péngin niru wong telu kuwi.

2 Ing artikel sakdurungé, awaké dhéwé wis ngrembug nèk Yésus wis ngongkon awaké dhéwé bèn ora terlalu kuwatir lan gampang ngecap sedulur liya. Awaké dhéwé mesthi péngin manut karo ajarané Yésus kuwi. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug loro ajarané Yésus sing kudu diupayakké karo murid-muridé.

”MLEBUA LIWAT GERBANG SING SEMPIT”

3. Nurut Matius 7:13, 14, awaké dhéwé kudu piyé?

3 Wacanen Matius 7:13, 14. Yésus nyebutké ana loro gerbang sing ngarah ing tujuan sing béda. Sing siji gerbang sing ”amba” lan sing sijiné gerbang sing ”sempit”. Pilihané mung ana loro, lan awaké dhéwé kudu milih salah siji. Kuwi keputusan sing penting merga mung siji gerbang utawa dalan sing ngarah ing urip saklawasé.

4. Dalan sing ”jembar” kuwi kaya apa?

4 Apa bédané dalan sing jembar karo dalan sing sempit? Dalan sing ”jembar” gampang diliwati lan akèh sing seneng liwat kono. Wong-wong sing mlaku ing kono biasané mung mèlu-mèlu wong akèh lan ora gelem mlaku ing dalan sing sempit. Sayangé, wong-wong kuwi ora sadhar nèk kuwi sing dipénginké Sétan lan nèk dalan kuwi ngarah ing kematian.​—1 Kor. 6:9, 10; 1 Yoh. 5:19.

5. Apa waé sing wis njenengan upayakké bèn isa ngerti lan manut ajaran agama sing bener?

5 Tapi ora kaya dalan sing ”jembar”, Yésus ngomong nèk dalan sing ”sempit” mung sithik sing isa nemokké. Kenapa? Ing ayat berikuté, Yésus ngomong nèk bakal ana wong-wong sing ngajarké ajaran sing palsu. (Mat. 7:15) Mémang nèk diétung-étung, jumlahé agama saiki nganti éwonan, lan mèh kabèh ngaku ngajarké sing bener. Akibaté, akèh wong dadi bingung lan males nggolèki endi agama sing bener. Tapi, awaké dhéwé tetep isa ngerti endi agama sing bener. Yésus ngomong, ”Nèk kowé terus percaya karo wulanganku, kowé kuwi bener-bener muridku. Kowé ya bakal ngerti apa sing bener, lan apa sing bener kuwi bakal mbébaské kowé.” (Yoh. 8:31, 32) Sedulur-sedulur, njenengan wis nggawé keputusan sing bener merga ora mèlu-mèlu wong akèh. Njenengan wis sinau Alkitab tenanan bèn ngerti apa karepé Yéhuwah lan manut karo ajarané Yésus. Njenengan ngerti nèk Yéhuwah ora péngin njenengan percaya karo ajaran agama palsu utawa mèlu-mèlu ngrayakké hari raya sing ora sesuai karo Alkitab. Njenengan mungkin ya ngerti nèk bakal dimungsuhi merga manut karo Yéhuwah. (Mat. 10:34-36) Tapi meskipun ora gampang, njenengan ora nyerah. Njenengan kaya ngono merga sayang lan péngin nyenengké Yéhuwah. Keputusané njenengan kuwi mesthi nggawé Yéhuwah seneng.​—WB. 27:11.

TETEP MLAKU ING DALAN SING SEMPIT

Bèn isa terus mlaku ing dalan sing ”sempit”, awaké dhéwé kudu terus manut karo pathokané Alkitab (Deloken paragraf 6-8) *

6. Nurut Mazmur 119:9, 10, 45, 133, piyé carané bèn isa tetep mlaku ing dalan sing sempit?

6 Nèk njenengan saiki wis mlaku ing dalan sing sempit kaya préntahé Yésus, piyé carané bèn njenengan tetep ana ing kono? Gatèkna perumpamaan iki. Nèk liwat ing dalan sing pinggiré jurang, biasané ana pagar pembatas bèn wong-wong sing liwat kono ora kejegur jurang. Apa njenengan bakal protès kenapa kok ing kono dipasangi pagar pembatas? Mesthiné ora, ta? Pathokané Alkitab kaya pagar pembatas mau. Bèn isa terus mlaku ing dalan sing sempit, awaké dhéwé kudu terus manut karo pathokané Alkitab.​—Wacanen Mazmur 119:9, 10, 45, 133.

7. Yéhuwah péngin cah-cah enom nganggep pathokané Alkitab piyé?

7 Cah-cah enom, apa kadhang kowé ngrasa nèk pathokané Alkitab terlalu membatasi? Sétan péngin kowé mikir kaya ngono. Sétan péngin kowé mèlu-mèlu wong akèh sing kétoké uripé nyenengké. Liwat kanca sekolah utawa Internèt, Sétan péngin kowé mikir nèk kowé bakal luwih bahagia nèk ora manut pathokané Alkitab. * Ning élinga nèk Sétan ora ngandhani apa akibaté nèk mèlu-mèlu wong-wong sing ora manut Alkitab. Tapi, Yéhuwah wis ngandhani nèk kowé bakal urip saklawasé ing donya anyar nèk mlaku ing dalan sing sempit.​—Mzm. 37:29; Yés. 35:5, 6; 65:21-23.

8. Apa sing isa dipelajari cah-cah enom saka pengalamané Olaf?

8 Gatèkna pengalamané sedulur lanang sing jenengé Olaf. * Kanca-kanca sekolahé ngojok-ojoki bèn Olaf hubungan sèks karo kanca-kanca wédok ing kono. Olaf njelaské nèk dhèwèké ora gelem kaya ngono merga Seksi Yéhuwah kudu manut karo Alkitab. Bar kuwi, cah-cah wédok ing kelasé malah semakin nggodha Olaf. Ning, Olaf tetep ora gelem. Masalah sing diadhepi Olaf ora mung kuwi. Olaf kandha, ”Guru-guruku ngomong nèk aku kudu kuliah bèn ora diécé wong liya. Aku ya dikandhani nèk aku ora kuliah mengko aku ora isa golèk gawéan sing pénak.” Terus, Olaf piyé? Olaf kandha, ”Aku ngupaya luwih akrab karo sedulur-sedulur ing jemaat. Sedulur-sedulur kuwi wis tak anggep kaya keluargaku. Aku ya sinau Alkitab tenanan. Saya akèh sing tak pelajari saka Alkitab, aku saya yakin nèk iki pancèn bener. Akhiré, aku dadi péngin nglayani Yéhuwah.”

9. Piyé carané bèn isa terus mlaku ing dalan sing sempit?

9 Sétan ora péngin njenengan terus mlaku ing dalan sing ngarah ing urip. Dhèwèké péngin njenengan mèlu-mèlu wong akèh sing mlaku ing dalan sing jembar sing ”ngarah ing kematian”. (Mat. 7:13) Tapi, awaké dhéwé mesthi péngin mlaku ing dalan sing sempit. Piyé carané? Awaké dhéwé kudu terus manut karo Yésus lan yakin nèk pathokané Alkitab isa nglindhungi awaké dhéwé. Saiki, ayo ngrembug ajarané Yésus sing liyané.

RUKUN KARO SEDULUR-SEDULUR

10. Nurut Matius 5:23, 24, Yésus ngongkon apa?

10 Wacanen Matius 5:23, 24. Wektu mulang murid-muridé, Yésus nyebutké soal mènèhi korban ing mézbah. Mènèhi korban kuwi penting banget kanggo wong Yahudi. Bayangna ana wong Yahudi sing wis ana ing ngarep mézbah lan arep mènèhké korban. Nèk dhèwèké kèlingan ana seduluré sing lagi jèngkèl karo dhèwèké, Yésus ngomong nèk dhèwèké kudu ninggalké korbané ing ngarep mézbah lan ’lunga’. Lunga ing endi? Yésus ngomong, ”Rukuna dhisik karo sedulurmu.” Dadi, rukun karo seduluré kuwi luwih penting timbang mènèhké korban.

Apa njenengan gelem niru contoné Yakub sing rendah hati lan ngupaya bèn isa rukun manèh karo Ésau? (Deloken paragraf 11-12) *

11. Yakub piyé bèn isa rukun manèh karo Ésau?

11 Gatèkna pengalamané Yakub. Kira-kira wis 20 taun Yakub ninggalké tanah kelahirané. Tapi léwat malaékat, Gusti Allah ngongkon Yakub bali ing kono. (PD. 31:11, 13, 38) Ndhisik, Ésau tau mèh matèni Yakub. (PD. 27:41) Dadi, Yakub ”kuwatir lan wedi banget” nèk Ésau isih nesu karo dhèwèké. (PD. 32:7) Terus, Yakub piyé bèn isa rukun manèh karo Ésau? Pertama, dhèwèké ndonga tenanan. Bar kuwi, Yakub ngirim hadiah sing akèh kanggo Ésau. (PD. 32:9-15) Terus pas akhiré wong loro kuwi ketemu, Yakub sujud ora mung ping pisan, ning nganti ping pitu. Merga rendah hati lan wis ngupaya tenanan, Yakub akhiré isa rukun manèh karo Ésau.​—PD. 33:3, 4.

12. Apa sing isa dipelajari saka contoné Yakub?

12 Apa sing isa dipelajari saka contoné Yakub? Yakub ndonga njaluk bantuané Yéhuwah lan bertindak sesuai karo dongané. Buktiné, dhèwèké ngupaya bèn Ésau ora nesu manèh lan ngrasa dihargai. Terus pas wis ketemu karo Ésau, dhèwèké ya ora nggolèki sapa sing bener utawa sapa sing salah. Yakub mung péngin rukun manèh karo Ésau. Terus, piyé carané niru Yakub?

BÈN ISA RUKUN MANÈH

13-14. Awaké dhéwé kudu piyé nèk ana sedulur sing tersinggung karo awaké dhéwé?

13 Nèk péngin terus mlaku ing dalan sing ngarah ing urip, awaké dhéwé kudu terus rukun karo sedulur-sedulur. (Rm. 12:18) Terus, piyé nèk jebulé ana sedulur sing tersinggung karo awaké dhéwé? Kaya Yakub, ndongaa karo Yéhuwah. Njaluka bèn Yéhuwah mbantu upayané awaké dhéwé bèn isa rukun manèh karo sedulur kuwi.

14 Awaké dhéwé ya isa mikirké pitakonan-pitakonan iki: ’Apa aku gelem ngakoni nèk aku sing salah? Apa aku gelem njaluk ngapura lan ngupaya bèn isa rukun manèh karo sedulur kuwi? Piyé perasaané Yéhuwah lan Yésus nèk aku ngupaya bèn isa rukun manèh karo sedulur kuwi?’ Nèk ngrenungké pitakonan-pitakonan kuwi, awaké dhéwé mesthi bakal gelem ngupaya bèn isa nduwé hubungan sing apik manèh karo sedulur sing tersinggung karo awaké dhéwé. Kuwi bukti nèk awaké dhéwé manut karo Yésus. Terus, apa manèh sing isa ditiru saka Yakub?

15. Nurut Éfésus 4:2, 3, piyé carané bèn isa rukun manèh karo sedulur sing tersinggung karo awaké dhéwé?

15 Bayangna nèk pas ketemu Ésau, Yakub malah nggolèki sapa sing bener lan sapa sing salah. Wong loro kuwi mesthi ora bakal isa rukun manèh, ta? Padha kaya ngono, awaké dhéwé ya kudu rendah hati nèk péngin rukun manèh karo seduluré awaké dhéwé. (Wacanen Éfésus 4:2, 3.) Wulang Bebasan 18:19 kandha, ”Nggawé tenang sedulur sing lagi tersinggung kuwi luwih angèl timbang ngalahké kutha sing ana bèntèngé. Wong sing padu isa ora rukun manèh, kaya gerbang sing dipalangi.” Apikan manèh karo sedulur sing tersinggung kuwi mungkin angèl, kaya mlebu ”gerbang sing dipalangi”. Tapi, nèk awaké dhéwé rendah hati lan gelem njaluk ngapura, sedulur kuwi isa waé gelem rukun manèh karo awaké dhéwé.

16. Sakdurungé nemoni sedulur sing tersinggung karo awaké dhéwé, apa sing kudu dipikirké, lan apa sebabé?

16 Sakdurungé nemoni sedulur kuwi, awaké dhéwé kudu mikirké dhisik apa sing arep diomongké lan piyé cara nyampèkkéné. Pas ketemu, awaké dhéwé kudu éling nèk tujuané kuwi bèn dhèwèké ora tersinggung manèh karo awaké dhéwé. Isa waé omongané ora pénak dirungokké. Tapi, coba pikirna apa akibaté nèk awaké dhéwé nesu lan malah nyalahké dhèwèké. Apa awaké dhéwé isa rukun manèh karo dhèwèké? Mesthiné ora, ta? Rukun manèh karo seduluré awaké dhéwé kuwi luwih penting timbang nggolèki sapa sing bener utawa sapa sing salah.​—1 Kor. 6:7.

17. Apa sing isa dipelajari saka pengalamané Gilbert?

17 Gatèkna pengalamané Sedulur Gilbert. Dhèwèké crita, ”Mbiyèn, aku ora akur karo anakku wédok. Selama rong taun, aku ngupaya ngrembug masalahé apik-apik.” Gilbert ya ngomong, ”Sakdurungé ngrembug masalahé karo anakku, aku selalu ndonga sik. Aku ya ngupaya ora nesu lan tetep sabar nèk omongané ora pénak. Sing penting, aku isa apikan manèh karo anakku lan ora perlu nggolèki sapa sing bener sapa sing salah.” Terus, apa hasilé? Gilbert kandha, ”Aku seneng merga saiki isa cedhak manèh karo anakku wédok.”

18-19. Apa waé sing kudu diupayakké nèk ana sedulur sing tersinggung karo awaké dhéwé, lan kenapa?

18 Dadi, apa waé sing kudu diupayakké nèk ana sedulur sing tersinggung karo awaké dhéwé? Yésus ngomong nèk awaké dhéwé kudu rukun manèh karo sedulur kuwi. Manuta karo omongané Yésus. Ndongaa karo Yéhuwah lan njaluka roh suciné. Nèk ngupaya bèn isa rukun manèh karo sedulur kuwi, njenengan bakal bahagia lan kuwi bukti nèk njenengan manut karo ajarané Yésus.​—Mat. 5:9.

19 Awaké dhéwé mesthi seneng merga Yéhuwah mènèhi arahan liwat ”kepalané jemaat” yaiku Yésus Kristus. (Éf. 5:23) Kaya Rasul Pétrus, Yakobus, lan Yohanes, awaké dhéwé kudu terus ’ngrungokké’ Yésus. (Mat. 17:5) Awaké dhéwé kudu terus ngupaya bèn isa mlaku ing dalan sing sempit sing ngarah ing urip. Terus, awaké dhéwé ya kudu ngupaya bèn isa rukun manèh karo sedulur sing tersinggung karo awaké dhéwé. Nèk ngupayakké kuwi, awaké dhéwé bakal nampa akèh berkah lan isa urip bahagia saklawasé ing donya anyar.

LAGU 130 Kudu Seneng Ngampuni

^ Yésus ngongkon awaké dhéwé mlebu gerbang sing sempit lan mlaku ing dalan sing ngarah ing urip. Terus, Yésus ya ngongkon awaké dhéwé bèn rukun karo sedulur-sedulur. Ning, kuwi ora gampang. Piyé carané bèn isa manut karo ajarané Yésus kuwi?

^ Deloken buku Jawaban saka 10 Pitakonané Cah Enom Pitakonan 6: ”Piyé Carané Aku Isa Nolak Nèk Digodha?” lan vidéo animasi papan tulis sing judhulé Aja Gelem Dijak Nakal sing ana ing www.pr418.com. (Deloken ing bagéan PERPUSTAKAAN > VIDÉO > CAH ENOM > ANIMASI PAPAN TULIS.)

^ Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.

^ GAMBAR: Pathokané Alkitab kuwi kaya pagar pembatas sing isa nglindhungi awaké dhéwé. Merga péngin manut Alkitab, awaké dhéwé ora bakal nonton sing saru-saru, hubungan sèks sing ora pantes, utawa nganggep nèk pendidikan tinggi kuwi sing isa nggawé suksès.

^ GAMBAR: Yakub sujud nganti ping pitu merga péngin rukun manèh karo Ésau kakangé.