Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 2

Niru Yakobus, Adhiné Yésus

Niru Yakobus, Adhiné Yésus

”Yakobus sing dadi budhaké Gusti Allah lan budhaké Gusti Yésus Kristus.”​—YAK. 1:1.

LAGU 88 Ajari Aku Préntah-Mu

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Kaya apa keluargané Yakobus kuwi?

 WONG TUWANÉ Yakobus, yaiku Yusuf lan Maria, sayang karo Yéhuwah. Mesthiné, wong loro kuwi ndhidhik anak-anaké bèn nglayani Yéhuwah. Sakliyané kuwi, kakangé Yakobus, yaiku Yésus, bakal dadi Mésias. Dadi, sakjané Yakobus kuwi beruntung banget merga nduwé keluarga sing kaya ngono.

Merga kèt cilik manggon bareng karo Yésus, Yakobus mesthi kenal tenan karo Yésus (Deloken paragraf 2)

2. Kenapa kuduné Yakobus ngajèni lan bangga karo Yésus?

2 Yakobus kuduné bangga lan ngajèni Yésus. (Mat. 13:55) Pas umur 12 taun, Yésus tau nggawé kagum guru-guru ing Yérusalèm merga wis ngerti akèh soal Kitab Suci. (Luk. 2:46, 47) Terus, Yakobus mungkin ya mbantu Yésus pas kerja dadi tukang kayu. Mula, dhèwèké mesthiné kenal tenan karo Yésus. Sedulur Nathan H. Knorr tau ngomong, ”Awaké dhéwé isa kenal tenan karo wong liya nèk kerja bareng karo wong kuwi.” * Sakliyané kuwi, Yakobus mesthi ya ngerti pas Yésus ”saya gedhé”, Yésus dadi wong sing ”saya wicaksana” lan ”disayangi Gusti Allah lan manungsa”. (Luk. 2:52) Awaké dhéwé mungkin ngira nèk Yakobus bakal dadi murid-muridé Yésus sing pertama. Ning, nyatané ora ngono.

3. Apa awalé Yakobus gelem dadi muridé Yésus? Jelasna.

3 Selama Yésus ing bumi, Yakobus ora gelem dadi muridé Yésus. (Yoh. 7:3-5) Malah, Yakobus kétoké ya termasuk adhi-adhiné Yésus sing ngunèkké Yésus ”édan”. (Mrk. 3:21) Ing Alkitab ya ora disebutké nèk Yakobus ngancani Maria ibuné pas Yésus dipaku ing cagak.​—Yoh. 19:25-27.

4. Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

4 Tapi akhiré, Yakobus gelem dadi muridé Yésus. Yakobus ya dadi pinituwa sing diajèni ing jemaat Kristen. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug contoné Yakobus. Saka kono, awaké dhéwé isa ngerti kenapa kok kudu rendah hati lan piyé carané bèn isa trampil mulang.

RENDAH HATI KAYA YAKOBUS

Sakwisé diuripké manèh, Yésus nemoni Yakobus. Terus, Yakobus percaya nèk Yésus kuwi Mésias lan gelem dadi muridé Yésus (Deloken paragraf 5-7)

5. Sakwisé ketemu karo Yésus sing wis diuripké manèh, Yakobus piyé?

5 Kapan Yakobus dadi muridé Yésus? Sakwisé diuripké manèh, ”[Yésus] nemoni Yakobus, lan bar kuwi nemoni kabèh rasul liyané”. (1 Kor. 15:7) Sakwisé kuwi, Yakobus dadi muridé Yésus. Yakobus teka pas murid-murid padha ngumpul ing kamar ndhuwur ing Yérusalèm kanggo ndonga. (Kis. 1:13, 14) Terus, Yakobus ya dadi anggota pengurus pusat ing jamané para rasul. (Kis. 15:6, 13-22; Gal. 2:9) Sekitar taun 62 M, Yéhuwah ngarahké Yakobus bèn nulis surat kanggo wong-wong sing nduwé harapan munggah swarga. Suraté kuwi ya ana manfaaté kanggo awaké dhéwé saiki, termasuk sing harapané urip ing bumi. (Yak. 1:1) Nurut ahli sejarah Yosefus, Imam Agung Ananias anaké Hanas mréntahké bèn Yakobus dihukum mati. Nganti mati, Yakobus tetep setya karo Yéhuwah.

6. Apa bédané Yakobus karo pemimpin agama ing jamané Yésus?

6 Yakobus rendah hati. Yakobus béda karo pemimpin agama ing jamané Yésus. Pas ndelok bukti nyata nèk Yésus kuwi Anaké Gusti Allah, Yakobus langsung dadi muridé Yésus. Tapi, para imam kepala ing Yérusalèm ora kaya ngono. Misalé meskipun ngerti nèk Lazarus diuripké manèh, wong-wong kuwi tetep ora percaya karo Yésus lan malah arep matèni Yésus lan Lazarus. (Yoh. 11:53; 12:9-11) Terus sakwisé Yésus diuripké manèh, wong-wong kuwi ya nyebarké berita palsu nèk mayaté Yésus wis dicolong. (Mat. 28:11-15) Merga sombong, para pemimpin agama kuwi ora gelem ngakoni nèk Yésus kuwi Mésias.

7. Kenapa awaké dhéwé ora éntuk sombong?

7 Carané niru Yakobus: Aja sombong lan kudu gelem manut arahané Yéhuwah. Wong sing sombong kuwi kaya tanah liat sing wis dadi atos sing ora isa dibentuk apa-apa. Padha kaya ngono, nèk sombong, awaké dhéwé ora bakal gelem manut tuntunané Yéhuwah. Merga sombong, wong Farisi ora gelem ngakoni nèk Yésus kuwi Anaké Gusti Allah lan nèk Yésus kuwi dituntun roh suciné Gusti Allah. (Yoh. 12:37-40) Akibaté, wong-wong kuwi ora bakal isa urip saklawasé. (Mat. 23:13, 33) Tapi nèk rendah hati, awaké dhéwé bakal gelem manut karo Alkitab lan tuntunané roh suci. (Yak. 3:17) Merga rendah hati, Yakobus gelem diwulang Yéhuwah. Hasilé, dhèwèké dadi guru sing trampil mulang. Terus, piyé carané bèn trampil mulang kaya Yakobus?

TRAMPIL MULANG KAYA YAKOBUS

8. Awaké dhéwé isa trampil mulang nèk piyé?

8 Yakobus sekolahé ora dhuwur. Dadi, para pemimpin agama wektu kuwi mesthiné nganggep Yakobus kuwi ”wong biasa” kaya Pétrus lan Yohanes. (Kis. 4:13) Tapi nèk maca suraté Yakobus, awaké dhéwé isa ngerti nèk Yakobus kuwi trampil mulang. Kaya Yakobus, awaké dhéwé mungkin sekolahé ya ora dhuwur. Ning, awaké dhéwé isa trampil mulang nèk dibantu roh suciné Gusti Allah lan gelem dilatih organisasiné Yéhuwah. Saiki, ayo ngrembug piyé carané bèn isa trampil mulang kaya Yakobus.

9. Apa Yakobus nggunakké kata-kata sing angèl dipahami? Jelasna.

9 Yakobus nggunakké kata-kata sing gampang dipahami. Hasilé, wong sing maca suraté isa ngerti piyé carané ngetrapké naséhaté Yakobus. Misalé, Yakobus tau ngandhani nèk wong Kristen kudu sabar meskipun ngadhepi masalah. Dhèwèké nulis, ”Awaké dhéwé nganggep wong-wong sing sabar kuwi wong-wong sing bahagia. Kowé wis krungu soal Ayub sing sabar lan akhiré diberkahi Yéhuwah. Kuwi mbuktèkké nèk Yéhuwah kuwi gampang mesakké lan nduwé rasa sayang.” (Yak. 5:11) Gatèkna nèk Yakobus nggunakké Kitab Suci wektu mènèhi naséhat. Liwat Kitab Suci, Yakobus ngélingké nèk Yéhuwah mberkahi wong sing sabar kaya Ayub. Penjelasané Yakobus kuwi masuk akal lan gampang dipahami. Saka kono, Yakobus nduduhké nèk sing diajarké kuwi saka Gusti Allah, dudu saka dhèwèké dhéwé.

10. Piyé carané niru Yakobus?

10 Carané niru Yakobus: Nggunakké Alkitab lan kata-kata sing gampang dipahami. Pas mulang, tujuané awaké dhéwé kuwi nggawé wong liya kagum karo pengetahuané Yéhuwah, dudu pengetahuané awaké dhéwé. (Rm. 11:33) Awaké dhéwé péngin nduduhké nèk Yéhuwah perduli banget karo manungsa. Mula, gunakna Alkitab wektu njelaské. Contoné, nèk sing sinau takon kudu piyé wektu ngadhepi masalah, awaké dhéwé mungkin péngin njawab, ”Nèk aku dadi kowé, ya aku bakal ngéné.” Tapi timbang kaya ngono, luwih apik nèk nggunakké conto-conto ing Alkitab kanggo mbantu dhèwèké bèn ngerti apa karepé Yéhuwah. Nèk wis ngono, dhèwèké bakal gelem ngetrapké sing dipelajari merga péngin nyenengké Yéhuwah, dudu awaké dhéwé.

11. Wong Kristen ing jamané Yakobus wis nggawé kesalahan apa, lan Yakobus mènèhi naséhat apa? (Yakobus 5:13-15)

11 Yakobus sabar lan ora nyerah mbantu wong liya. Saka suraté, kétok nèk Yakobus ngerti nèk sedulur-sedulur wis nggawé kesalahan. Yakobus ya mènèhi naséhat bèn sedulur-sedulur kuwi isa berubah. Misalé, ana sing ora langsung manut omongané Gusti Allah. (Yak. 1:22) Terus, ya ana sing pilih kasih karo wong sugih. (Yak. 2:1-3) Sing liyané, nèk ngomong ora dipikir dhisik. (Yak. 3:8-10) Yakobus péngin terus mbantu sedulur-sedulur kuwi lan yakin nèk sedulur-sedulur kuwi isa berubah. Yakobus mènèhi naséhat sing jelas, tapi kata-katané ora kasar. Yakobus ya ngongkon wong-wong sing ngrasa angèl kanggo manut karo Gusti Allah bèn njaluk bantuané para pinituwa.​—Wacanen Yakobus 5:13-15.

12. Piyé carané niru Yakobus pas mbantu wong liya sinau Alkitab?

12 Carané niru Yakobus: Kudu sabar lan yakin nèk sing sinau isa berubah. Wong sing sinau karo awaké dhéwé mungkin ora isa langsung ngetrapké ajarané Alkitab. (Yak. 4:1-4) Wong kuwi mungkin butuh wektu bèn isa mandheg saka kebiasaan sing salah lan nduwé sipat-sipat sing apik. Kaya Yakobus, awaké dhéwé kudu wani ngandhani sing sinau apa waé sing kudu diupayakké. Awaké dhéwé ya kudu yakin nèk dhèwèké bakal isa berubah. Nèk wongé rendah hati, Yéhuwah mesthi bakal mbantu bèn wong kuwi isa berubah.​—Yak. 4:10.

13. Saka Yakobus 3:2, awaké dhéwé isa ngerti apa soal Yakobus?

13 Yakobus ora sombong. Meskipun Yakobus kuwi adhiné Yésus lan nduwé tugas-tugas sing penting, tapi dhèwèké ora ngrasa luwih unggul timbang wong Kristen liyané. Dhèwèké nyebut wong-wong kuwi ”sedulur-sedulurku sing tak tresnani”. (Yak. 1:16, 19; 2:5) Yakobus ya kandha, ”Awaké dhéwé kerep nggawé salah.” (Wacanen Yakobus 3:2.) Kata-kata ing ayat kuwi bukti nèk Yakobus sadhar nèk dhèwèké ya ora sampurna lan isa nggawé salah.

14. Apa manfaaté crita karo sing sinau nèk kadhang manut karo pathokané Alkitab kuwi ora gampang?

14 Carané niru Yakobus: Élinga nèk awaké dhéwé ya isa nggawé salah. Awaké dhéwé aja nggawé sing sinau Alkitab mikir nèk awaké dhéwé ora tau nggawé salah. Nèk nganti ngono, mengko sing sinau bakal ngrasa nèk ora isa manut pathokané Alkitab. Awaké dhéwé isa crita nèk kadhang ora gampang manut karo pathokané Alkitab lan piyé Yéhuwah wis mbantu awaké dhéwé. Nèk nyritakké kuwi, sing sinau Alkitab isa dadi tambah yakin nèk dhèwèké ya isa nglayani Yéhuwah.

Perumpamaané Yakobus kuwi cocog, jelas, lan gampang dipahami (Deloken paragraf 15-16) *

15. Yakobus nggunakké perumpamaan sing kaya apa? (Yakobus 3:2-6, 10-12)

15 Yakobus nggunakké perumpamaan sing cocog. Yakobus mesthi dibantu roh suci bèn isa trampil mulang. Tapi, dhèwèké mungkin ya sinau saka Yésus bèn isa nggunakké perumpamaan sing cocog wektu mulang. Perumpamaané Yakobus kuwi gampang dipahami lan pelajarané jelas.​—Wacanen Yakobus 3:2-6, 10-12.

16. Apa manfaaté nèk nggunakké perumpamaan sing cocog?

16 Carané niru Yakobus: Gunakna perumpamaan sing cocog. Nèk nggunakké perumpamaan sing cocog, sing sinau isa luwih paham karo apa sing dipelajari. Sing sinau ya isa terus kèlingan karo pelajarané. Mbiyèn, Yésus trampil banget nggunakké perumpamaan wektu mulang, lan Yakobus ya kaya ngono. Saiki, ayo dirembug salah siji perumpamaané Yakobus, lan kenapa kuwi cocog banget.

17. Kenapa perumpamaan ing Yakobus 1:22-25 kuwi cocog kanggo nduduhké nèk ajarané Alkitab kudu ditrapké?

17 Wacanen Yakobus 1:22-25. Yakobus péngin nduduhké nèk awaké dhéwé kudu ngetrapké ajarané Alkitab. Mula, Yakobus mènèhi perumpamaan soal wong sing lagi ngaca. Nèk pas lagi ngaca terus ngerti nèk ing pipi ana kotorané, apa awaké dhéwé bakal meneng waé? Mesthiné ora, ta? Padha kaya ngono, nèk pas maca Alkitab awaké dhéwé ngerti nèk ana sipat-sipat sing kudu diubah, awaké dhéwé mesthi ya gelem ngupayakké kuwi. Dadi, perumpamaané Yakobus kuwi cocog banget merga pelajarané jelas lan gampang dipahami.

18. Piyé carané niru Yakobus wektu nggunakké perumpamaan?

18 Piyé carané niru Yakobus wektu nggunakké perumpamaan? (1) Awaké dhéwé kudu nggunakké perumpamaan sing cocog karo topik sing lagi dirembug. (2) Perumpamaané kudu gampang dipahami. (3) Pelajarané kudu jelas. Nèk njenengan ora ngerti arep nggunakké perumpamaan apa, nggolèka ing Indeks Publikasi Menara Pengawal ing subjudhul ”Perumpamaan”. Ing kono ana akèh perumpamaan sing apik. Perumpamaan kuwi kaya mikrofon sing isa nggawé swara dadi luwih banter. Tapi nèk terlalu akèh nggunakké perumpamaan, mengko topik sing dibahas dadi ora jelas. Dadi, luwih apik perumpamaané dienggo wektu njelaské topik utamané waé. Tujuané nggunakké perumpamaan kuwi kanggo mbantu wong-wong bèn nglayani Yéhuwah, dudu bèn awaké dhéwé kétok pinter utawa péngin dipuji.

19. Piyé carané nduduhké nèk sayang karo sedulur-sedulur?

19 Awaké dhéwé mémang ora kaya Yakobus sing nduwé kakang sing sampurna. Tapi, awaké dhéwé nduwé sedulur-sedulur ing jemaat. Awaké dhéwé mesthi seneng isa nglayani Yéhuwah bareng karo sedulur-sedulur kuwi lan péngin nduduhké nèk sayang karo sedulur-sedulur kuwi. Piyé carané? Awaké dhéwé kudu bergaul karo sedulur-sedulur lan gelem kerja sama ing gawéan nginjil lan mulang. Terus, awaké dhéwé ya kudu gelem sinau saka sedulur-sedulur kuwi. Nèk awaké dhéwé niru Yakobus sing rendah hati lan trampil mulang, kuwi isa ngluhurké Yéhuwah lan mbantu wong-wong sing tulus bèn kenal karo Yéhuwah.

LAGU 114 ”Kudu Sabar”

^ Yakobus kuwi adhiné Yésus. Dadi, Yakobus kenal tenan karo Yésus. Sakwisé Yésus munggah swarga, Yakobus dadi salah siji sing mimpin jemaat Kristen ing jamané para rasul. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug apa waé sing isa ditiru saka Yakobus.

^ Sedulur Nathan H. Knorr tau nglayani dadi anggota Pengurus Pusat. Dhèwèké mati ing taun 1977.

^ GAMBAR: Yakobus nggunakké perumpamaan soal geni wektu ngandhani sedulur-sedulur nèk kudu ati-ati wektu ngomong. Perumpamaan kuwi gampang dipahami.