Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 8

Carané Bèn Naséhaté Njenengan Gampang Ditampa

Carané Bèn Naséhaté Njenengan Gampang Ditampa

”Kanca sing tulus mènèhi naséhat kuwi kaya minyak lan dupa sing nggawé ati seneng.”​—WB. 27:9.

LAGU 102 Nguwatké sing Susah

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1-2. Critakna pengalamané siji pinituwa sing carané salah wektu mènèhi naséhat.

 BEBERAPA taun sing lalu, ana loro pinituwa sing marani sedulur wédok sing ora teka ing pertemuan ibadah. Salah siji pinituwa kuwi langsung mbukakké beberapa ayat sing nduduhké nèk pertemuan ibadah kuwi penting banget. Pinituwa kuwi ngira nèk ayat-ayat kuwi bakal nyemangati sedulur wédok kuwi. Tapi pas loro pinituwa kuwi mèh balik, sedulur wédok kuwi ngomong, ”Njenengan kuwi ora ngerti apa sing tak alami.” Para pinituwa kuwi langsung mènèhi naséhat padahal durung ngerti apa sing dialami sedulur wédok kuwi. Akibaté, sedulur wédok kuwi malah tambah ora semangat.

2 Pas ngéling-éling peristiwa kuwi, pinituwa sing mbukakké ayat mau ngomong, ”Awalé, aku ngrasa nèk sedulur wédok kuwi ora sopan. Tapi sakwisé tak pikir-pikir, aku sadhar nèk aku ora mikirké perasaané sedulur wédok kuwi. Aku ora takon sik piyé kabaré utawa aku isa mbantu apa. Aku malah langsung mbukakké ayat-ayat.” Pinituwa kuwi belajar saka kesalahané. Saiki, dhèwèké ngupaya bèn isa dadi pinituwa sing luwih memahami perasaané sedulur-sedulur.

3. Sapa waé sing isa mènèhi naséhat?

 3 Para pinituwa dilantik dadi gembala kanggo domba-dombané Yéhuwah. Dadi, para pinituwa nduwé tanggung jawab mènèhi naséhat kanggo sedulur-sedulur nèk pas dibutuhké. Tapi, sing isa mènèhi naséhat kuwi ora mung para pinituwa thok. Misalé, awaké dhéwé mungkin kudu mènèhi naséhat sing dhasaré Alkitab kanggo kancané awaké dhéwé. (Mzm. 141:5; WB. 25:12) Sedulur-sedulur wédok sing luwih tuwa ya isa ”mènèhi naséhat marang wong-wong wédok sing luwih enom”, kaya sing disebutké ing Titus 2:3-5. Wong tuwa mesthi ya kudu mènèhi naséhat lan ndhidhik anak-anaké. Nèk naséhaté awaké dhéwé kuwi isa nyemangati lan gampang ditampa, kuwi kaya ”minyak lan dupa sing nggawé ati seneng”. (WB. 27:9) Dadi meskipun artikel iki khususé kanggo para pinituwa, tapi kabèh sing ing jemaat isa éntuk manfaaté.

4. Pitakonan apa waé sing kudu dipikirké sakdurungé mènèhi naséhat?

4 Sakdurungé mènèhi naséhat, awaké dhéwé isa mikirké papat pitakonan iki: (1) Kenapa kok aku arep mènèhi naséhat? (2) Apa wongé mémang kudu dinaséhati? (3) Sapa sing kuduné nyampèkké naséhat iki? (4) Piyé carané bèn naséhaté luwih gampang ditampa? Ayo ngrembug kuwi siji-siji.

KENAPA KOK AKU AREP MÈNÈHI NASÉHAT?

5. Apa sing kudu dipikirké para pinituwa sakdurungé mènèhi naséhat, lan apa sebabé? (1 Korintus 13:4, 7)

5 Para pinituwa sayang karo sedulur-sedulur ing jemaat. Mula, para pinituwa bakal mènèhi naséhat nèk ana sedulur sing mulai nyrèmpèt-nyrèmpèt bahaya. (Gal. 6:1) Tapi sakdurungé mènèhi naséhat, para pinituwa isa mikirké kata-katané Paulus sing dicathet ing 1 Korintus 13:4, 7. (Wacanen.) Ing kono disebutké nèk ”wong sing nduwé katresnan kuwi sabar lan apikan. . . . Wong kuwi ya percaya karo apa waé, terus nduwé harapan, lan sabar ngadhepi apa waé”. Pas ngrenungké ayat-ayat kuwi, para pinituwa isa mikir, ’Apa mémang aku mènèhi naséhat kuwi merga sayang karo sedulur kuwi? Piyé carané bèn sedulur kuwi isa luwih gampang nampa naséhatku?’ Sedulur-sedulur sing dinaséhati isa luwih gampang nampa naséhat nèk para pinituwa bener-bener perduli karo dhèwèké.​—Rm. 12:10.

6. Paulus mènèhi conto apa soal mènèhi naséhat?

6 Rasul Paulus dadi conto sing apik kanggo para pinituwa. Misalé, dhèwèké ora ragu-ragu mènèhi naséhat kanggo para sedulur ing Tésalonika. Tapi sakdurungé mènèhi naséhat, Paulus muji sedulur-sedulur kuwi sing wis nyambut nggawé tenanan merga nduwé iman lan katresnan. Paulus ya ngomong nèk bangga merga sedulur-sedulur kuwi tetep sabar lan nduwé iman wektu dianiaya lan ngalami kesusahan. (1 Tés. 1:3; 2  Tés. 1:4) Malah, Paulus ya ngomong nèk sedulur-sedulur ing Tésalonika wis dadi conto sing apik kanggo sedulur-sedulur ing jemaat liya. (1 Tés. 1:8, 9) Merga pujiané Paulus sing tulus, sedulur-sedulur ing Tésalonika mesthi seneng banget. Kata-katané Paulus kuwi nduduhké nèk Paulus bener-bener sayang karo sedulur-sedulur ing Tésalonika. Kuwi sebabé, naséhaté Paulus sing disampèkké léwat loro suraté mesthi luwih gampang ditampa lan isa nyemangati sedulur-sedulur ing Tésalonika.​—1 Tés. 4:1, 3-5, 11; 2 Tés. 3:11, 12.

7. Kenapa ana sing tersinggung pas dinaséhati?

7 Apa akibaté nèk carané mènèhi naséhat klèru? Ana siji pinituwa sing ngomong, ”Sakjané naséhaté ora klèru. Tapi merga cara nyampèkkéné kurang pas, malah ana sing dadi tersinggung.” Apa pelajarané? Nèk njenengan mènèhi naséhat merga sayang, dudu merga jèngkèl, naséhat kuwi isa luwih gampang ditampa.

APA WONGÉ MÉMANG KUDU DINASÉHATI?

8. Apa manèh sing isa dipikirké para pinituwa sakdurungé mènèhi naséhat?

8 Para pinituwa ora éntuk kesusu mènèhi naséhat. Sakdurungé mènèhi naséhat, para pinituwa ya isa mikirké iki, ’Apa sedulur kuwi mémang kudu tak naséhati? Apa dhèwèké mémang salah? Apa dhèwèké mémang nglanggar pathokané Alkitab utawa mung nggawé pilihan sing béda karo aku?’ Pinituwa sing apik mesthiné ora péngin ”ngomong tanpa dipikir” dhisik. (WB. 29:20) Nèk ora yakin, dhèwèké isa takon pinituwa liyané kanggo mastèkké apa sedulur kuwi mémang nglanggar pathokané Alkitab lan kudu dinaséhati.​—2 Tim. 3:16, 17.

9. Kenapa sakdurungé mènèhi naséhat soal pakaian lan dandanan, para pinituwa kudu nggatèkké kata-katané Paulus ing 1 Timotius 2:9, 10?

9 Misalé ngéné, mungkin ana pinituwa sing ngrasa nèk pakaian utawa dandanané salah siji sedulur kurang pantes. Pinituwa kuwi isa mikir, ’Apa dhèwèké mémang nglanggar pathokané Alkitab? Sakliyané aku, apa ana sedulur liya sing ngrasa nèk pakaiané sedulur kuwi ora pantes?’ Bèn luwih yakin, pinituwa kuwi isa njaluk pendapaté pinituwa liyané utawa sedulur liya sing luwih pengalaman. Sakdurungé mutuské arep mènèhi naséhat apa ora, sedulur-sedulur kuwi mungkin isa ngrembug naséhaté Paulus ing 1 Timotius 2:9, 10. (Wacanen.) Ing ayat kuwi, Paulus nduduhké nèk pakaiané wong Kristen kudu sopan lan aja nganti nggawé jenengé Yéhuwah dièlèk-èlèk. Tapi, Paulus ora nggawé aturan sing kaku soal apa sing éntuk utawa sing ora éntuk dienggo. Paulus ngerti nèk sedulur-sedulur éntuk milih pakaian apa sing éntuk dienggo, sing penting ora nglanggar pathokané Alkitab. Dadi nèk pilihané sedulur kuwi isih pantes lan nduduhké nèk nduwé pertimbangan sing apik, isa waé dhèwèké ora perlu dinaséhati.

10. Awaké dhéwé ora éntuk piyé karo sedulur-sedulur, lan kenapa?

10 Awaké dhéwé kudu éling nèk ana loro sedulur sing nggawé pilihan sing béda, kuwi ora berarti sing siji bener lan sing siji salah. Awaké dhéwé ora éntuk meksa sedulur-sedulur bèn nggawé pilihan sing padha karo awaké dhéwé.​—Rm. 14:10.

SAPA SING KUDUNÉ NYAMPÈKKÉ NASÉHAT IKI?

11-12. Apa sing isa dipikirké para pinituwa nèk ana sedulur sing butuh dinaséhati, lan kenapa?

11 Nèk mémang ana sedulur sing kudu dinaséhati, pinituwa sing mèh mènèhi naséhat isa mikir, ’Sapa ya sing luwih cocog naséhati sedulur kuwi?’ Misalé, nèk sing kudu dinaséhati kuwi sedulur wédok sing wis nikah utawa cah enom sing ana ing jemaat, pinituwa kuwi isa nemoni sik bojoné sedulur wédok kuwi utawa bapaké cah enom kuwi. Sedulur kuwi mungkin ngrasa nèk luwih apik dhèwèké dhéwé sing naséhati bojoné utawa anaké. * Tapi, isa waé sedulur kuwi njaluk bèn pinituwa kuwi sing mènèhi naséhat. Nèk ngono, pinituwa kuwi isa dikancani karo sedulur kuwi. Terus, nèk sing kudu dinaséhati kuwi sedulur wédok sing isih enom kaya pengalaman sing dicritakké ing  paragraf 3, pinituwa kuwi isa njaluk bantuané sedulur wédok sing luwih tuwa.

12 Ana manèh sing kudu dipikirké. Pinituwa sing arep mènèhi naséhat ya isa mikir, ’Nèk dudu aku, apa ana pinituwa liya sing luwih cocog kanggo naséhati sedulur kuwi?’ Misalé ngéné, piyé nèk sing butuh naséhat kuwi sedulur sing rendah diri? Mungkin sedulur kuwi isa luwih gampang nampa naséhat saka pinituwa sing mbiyèn ya tau ngrasa rendah diri. Pinituwa kuwi mesthi isa luwih memahami lan isa mènèhi saran sing sesuai karo keadaané. Tapi sakjané, kabèh pinituwa nduwé tanggung jawab kanggo mbantu sedulur-sedulur bèn manut karo pathokané Alkitab. Dadi meskipun ora selalu nduwé pengalaman sing padha, para pinituwa kudu tetep mènèhi naséhat nèk pas dibutuhké.

PIYÉ BÈN NASÉHATÉ LUWIH GAMPANG DITAMPA?

Kenapa para pinituwa kudu ”cepet ngrungokké”? (Deloken paragraf 13-14)

13-14. Sakdurungé mènèhi naséhat, kenapa para pinituwa kudu ngerti sik apa sing sakjané kelakon?

13 Siap ngrungokké. Pinituwa sing arep mènèhi naséhat isa mikirké iki, ’Apa sakjané sing dialami sedulur kuwi? Apa dhèwèké nduwé masalah sing aku durung ngerti? Kira-kira bantuan apa sing dhèwèké butuhké?’

14 Kabèh sing mèh mènèhi naséhat isa mikirké Yakobus 1:19. Ing kono, Rasul Yakobus ngomong, ”Saben wong kudu cepet ngrungokké, ora kesusu ngomong, lan ora gampang nesu.” Pinituwa sing arep mènèhi naséhat mungkin rumangsa wis ngerti kabèh. Tapi apa mémang ngono? Ing Wulang Bebasan 18:13 disebutké ngéné, ”Wong sing njawab sakdurungé ngrungokké sing saktenané kuwi wong sing bodho lan ngisin-isini.” Bèn isa ngerti sing sakjané kelakon, pinituwa kuwi isa takon langsung karo sedulur kuwi. Nèk wongé wis gelem crita, ya kudu dirungokké tenanan. Gatèkna manèh pengalamané pinituwa sing disebutké ing awal artikel mau. Dhèwèké sadhar nèk sakdurungé mènèhi naséhat, dhèwèké kuduné takon sik piyé kabaré sedulur wédok kuwi lan bantuan apa sing dibutuhké. Nèk wis ngerti apa sing sakjané kelakon, para pinituwa lagi isa mènèhi bantuan sing pas lan naséhat sing isa nyemangati.

15. Piyé carané para pinituwa ngetrapké Wulang Bebasan 27:23?

15 Bener-bener kenal karo para sedulur. Kaya sing wis disebutké mau, bèn naséhaté luwih gampang ditampa kuwi ora cukup nèk mung macakké ayat utawa mènèhi saran. Sedulur-sedulur kudu isa ngrasakké nèk awaké dhéwé perduli karo dhèwèké, memahami perasaané, lan péngin mbantu. (Wacanen Wulang Bebasan 27:23.) Para pinituwa kudu ngupaya bèn isa cedhak karo para sedulur ing jemaat.

Para pinituwa kudu piyé bèn luwih gampang nèk misalé kudu mènèhi naséhat? (Deloken paragraf 16)

16. Para pinituwa kudu piyé bèn luwih gampang nèk misalé kudu mènèhi naséhat?

16 Aja nganti sedulur-sedulur ngrasa nèk para pinituwa ngejak omong nèk mung arep mènèhi naséhat thok. Para pinituwa kudu kerep omong-omongan karo sedulur-sedulur lan nduduhké nèk perduli karo sedulur-sedulur, khususé sing lagi ana masalah. Ana sedulur sing wis suwé dadi pinituwa sing ngomong ngéné, ”Nèk kerep ngobrol, para pinituwa isa cedhak karo sedulur-sedulur. Hasilé, para pinituwa isa luwih gampang nèk misalé arep mènèhi naséhat.” Terus, sing dinaséhati mesthi ya bakal gelem ngrungokké naséhat kuwi.

Kenapa para pinituwa kudu tetep sabar lan apikan pas mènèhi naséhat? (Deloken paragraf 17)

17. Para pinituwa kudu tetep sabar lan apikan khususé karo sapa?

17 Sabar lan apikan. Alkitab nyebutké ngéné soal Yésus, ”Suket sing layu ora bakal diidak-idak, lan sumbu sing geniné arep mati ora bakal dipatèni.” (Mat. 12:20) Kaya sing disebutké ing ayat kuwi, Yésus sabar karo wong-wong sing lagi ngadhepi masalah. Piyé carané para pinituwa niru Yésus? Mungkin, ana sedulur sing awalé ora gelem dinaséhati. Nèk ngono, pinituwa sing mènèhi naséhat sedulur kuwi kudu tetep sabar lan apikan. Dhèwèké isa ndongakké sedulur kuwi bèn sedulur kuwi ngerti kenapa kok kudu dinaséhati lan gelem ngetrapké naséhat kuwi. Sedulur kuwi mungkin butuh wektu kanggo mikirké naséhaté para pinituwa. Nèk para pinituwa tetep sabar lan apikan, sedulur kuwi isa luwih gampang nampa naséhaté. Tapi, para pinituwa ya kudu éling nèk naséhaté kudu saka Alkitab.

18. (a) Merga ora sampurna, awaké dhéwé isa piyé pas mènèhi naséhat? (b) Apa sing kudu dipikirké wong tuwa sakdurungé mènèhi naséhat? (Deloken gambar ing kothak ”Sing Isa Dipikirké Wong Tuwa Sakdurungé Mènèhi Naséhat”.)

18 Ngupaya bèn ora mbalèni kesalahan sing padha. Merga ora sampurna, awaké dhéwé isa waé nggawé salah. (Yak. 3:2) Pas mènèhi naséhat, mungkin awaké dhéwé malah nggawé sedulur sing dinaséhati tersinggung. Tapi aja nyerah. Ngupayaa bèn ora mbalèni kesalahan sing padha. Nèk sedulur-sedulur kuwi ngrasa disayangi, sedulur-sedulur bakal gelem ngapura awaké dhéwé.​—Deloken kothak ” Sing Isa Dipikirké Wong Tuwa Sakdurungé Mènèhi Naséhat”.

KESIMPULAN

19. Piyé carané bèn isa mènèhi naséhat sing isa nyemangati lan nguwatké sedulur-sedulur?

19 Kaya sing wis dirembug ing artikel iki, mènèhi naséhat sing isa nguwatké lan nyemangati kuwi ora gampang. Awaké dhéwé ora sampurna, lan sedulur-sedulur sing dinaséhati ya ora sampurna. Mula, awaké dhéwé kudu ngetrapké saran-saran sing wis dirembug ing artikel iki. Nèk mènèhi naséhat, alesané kuwi kudu merga sayang karo sing dinaséhati. Awaké dhéwé ya kudu mastèkké nèk wongé mémang kudu dinaséhati lan sapa sing luwih cocog kanggo mènèhi naséhat. Sakdurungé mènèhi naséhat, awaké dhéwé kudu ngerti apa sing sakjané dialami sedulur kuwi. Nèk dhèwèké lagi crita, rungokna tenanan. Ngupayaa bèn isa memahami perasaané. Bèn naséhaté luwih gampang ditampa, awaké dhéwé kudu cedhak karo sedulur-sedulur. Terus, awaké dhéwé ya kudu tetep sabar lan apikan. Élinga nèk awaké dhéwé ora mung mèh mènèhi naséhat sing dhasaré Alkitab ning ya naséhat sing ”nggawé ati seneng”.​—WB. 27:9.

LAGU 103 Gembala Kuwi Hadiah saka Yéhuwah

^ Mènèhi naséhat kuwi ora selalu gampang. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug piyé carané bèn naséhaté awaké dhéwé isa nyemangati lan luwih gampang ditampa. Artikel iki khususé bakal bermanfaat kanggo para pinituwa.

^ Deloken artikel ”Ngerti Pathokané Yéhuwah soal Wewenang ing Jemaat” ing Warta Penting Februari 2021.