Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 9

Niru Yésus sing Réla Berkorban

Niru Yésus sing Réla Berkorban

”Mènèhi kuwi luwih bahagia timbang diwènèhi.”​—KIS. 20:35.

LAGU 17 ”Aku Gelem”

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Apa buktiné nèk umaté Yéhuwah réla nglayani Yéhuwah lan mbantu sedulur-seduluré?

 ALKITAB ngramalké nèk bakal ana akèh wong sing ”réla” nglayani Yéhuwah. (Mzm. 110:3) Ramalan kuwi wis kelakon saiki. Saben taun, umaté Yéhuwah nggunakké milyaran jam kanggo nginjil. Wong-wong kuwi semangat banget martakké kabar apik meskipun ora dibayar. Terus, umaté Yéhuwah ya saling mbantu pas sedulur seimané ngalami masalah utawa butuh dikuwatké. Sakliyané kuwi, coba gatèkna para pinituwa lan abdiné jemaat. Sedulur-sedulur kuwi nggunakké akèh wektu kanggo persiapan nèk pas éntuk tugas ing pertemuan ibadah utawa sakdurungé kunjungan penggembalaan. Umaté Gusti Allah gelem nglayani Yéhuwah lan mbantu sedulur-seduluré merga sayang karo Yéhuwah lan wong liya.​—Mat. 22:37-39.

2. Yésus mènèhi conto apa? (Roma 15:1-3)

2 Yésus selalu mikirké kepentingané wong liya. Awaké dhéwé mesthi péngin niru Yésus. (Wacanen Roma 15:1-3.) Nèk ngupayakké kuwi, mesthi ana manfaaté. Apa kuwi? Yésus kandha nèk ”mènèhi kuwi luwih bahagia timbang diwènèhi”.​—Kis. 20:35.

3. Apa waé sing bakal dirembug ing artikel iki?

3 Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug beberapa conto sing nduduhké nèk Yésus réla berkorban. Terus, awaké dhéwé bakal ngrembug piyé carané niru Yésus lan apa waé sing kudu diupayakké bèn isa luwih akèh mbantu wong liya.

NIRU CONTONÉ YÉSUS

Meskipun kesel, tapi Yésus piyé pas ana akèh wong marani dhèwèké? (Deloken paragraf 4)

4. Apa buktiné nèk Yésus réla berkorban?

4 Yésus gelem mbantu wong liya meskipun kesel. Gatèkna apa sing kelakon wektu Yésus ing cedhak Kapernaum. Yésus bar ndonga sewengi muput ing gunung. Tapi pas mudhun, ana akèh wong sing miskin lan lara sing teka marani Yésus. Yésus mesthiné wis kesel banget. Tapi merga mesakké, Yésus gelem marèkké penyakité wong-wong kuwi. Malah, Yésus ya nyampèkké ceramah sing apik banget sing saiki disebut Ceramah ing Gunung.​—Luk. 6:12-20.

Piyé carané niru Yésus sing réla berkorban? (Deloken paragraf 5)

5. Piyé carané para kepala keluarga niru Yésus sing réla berkorban?

5 Carané para kepala keluarga niru Yésus. Bayangna ana kepala keluarga sing lagi tekan omah sakwisé kerja sedina muput. Dhèwèké mesthi kesel banget. Tapi, dina kuwi ana jadwal ibadah keluarga. Awalé, dhèwèké péngin mbatalké. Tapi, dhèwèké ndonga njaluk kekuwatan karo Yéhuwah. Yéhuwah njawab dongané, lan akhiré dhèwèké isa ibadah keluarga karo anak bojoné. Merga tetep ana ibadah keluarga, anaké dadi ngerti nèk wong tuwané nganggep ibadah kuwi penting. Kuwi pelajaran sing apik banget kanggo anak-anaké.

6. Apa bukti liyané nèk Yésus réla berkorban?

6 Yésus gelem mbantu wong liya meskipun péngin dhèwèkan. Bayangna piyé perasaané Yésus sakwisé Yohanes Pembaptis dipenggal. Yohanes kuwi sahabaté Yésus. Dadi, Yésus mesthi sedhih banget. Alkitab ngomong, ”Wektu krungu [nèk Yohanes wis mati], Yésus numpak prau lunga ing panggonan sing sepi merga péngin dhèwèkan.” (Mat. 14:10-13) Wong sing lagi sedhih merga bar ditinggal mati karo wong sing disayangi biasané ora péngin dikancani wong liya. Dadi wajar nèk Yésus péngin dhèwèkan. Tapi sakdurungé Yésus tekan, jebulé wis ana akèh wong sing ngentèni ing panggonan kuwi. Terus Yésus piyé? Pas ndelok nèk wong-wong kuwi akèh sing lara lan butuh dibantu bèn isa cedhak karo Yéhuwah, Yésus ”ngrasa mesakké”. Mula, Yésus gelem mbantu lan ”mulangké apa sing bener marang wong-wong kuwi”.​—Mrk. 6:31-34; Luk. 9:10, 11.

7-8. Wènèhana conto sing nduduhké nèk para pinituwa niru Yésus sing réla berkorban.

7 Carané para pinituwa niru Yésus. Awaké dhéwé mesthi bersyukur banget merga para pinituwa ing jemaat wis kerja keras kanggo awaké dhéwé. Tugasé pinituwa akèh sing ora kétok. Misalé pas ana keadaan sing darurat, pinituwa sing dadi anggota Panitia Penghubung Rumah Sakit langsung mbantu sedulur sing mbutuhké. Malah nèk keadaan daruraté kuwi pas tengah wengi, para pinituwa kuwi tetep gelem mbantu. Para pinituwa kuwi karo keluargané réla berkorban merga mesakké karo sedulur-sedulur sing lara.

8 Sakliyané kuwi, para pinituwa ya ana sing mèlu mbangun Balai Ibadah utawa bangunan liyané duwèké organisasi. Terus, para pinituwa kuwi ya mbantu pas sedulur-sedulur kena bencana alam. Awaké dhéwé ya ngerti nèk para pinituwa wis nggunakké akèh wektu kanggo mulang lan nguwatké awaké dhéwé. Merga réla berkorban, para pinituwa kuwi karo keluargané mémang pantes dipuji. Muga-muga Yéhuwah terus mberkahi sedulur-sedulur kuwi. Tapi, para pinituwa ya kudu masuk akal. Aja nganti dhèwèké terlalu sibuk ngurusi tugas-tugas ing jemaat nganti keluargané dhéwé ora digatèkké.

SING KUDU DIUPAYAKKÉ BÈN ISA LUWIH AKÈH MBANTU WONG LIYA

9. Nurut Filipi 2:4, 5, wong Kristen kudu piyé?

9 Wacanen Filipi 2:4, 5. Meskipun dudu pinituwa, awaké dhéwé tetep isa niru Yésus sing réla berkorban. Alkitab nyebutké nèk Yésus ”gelem dadi kaya budhak”. (Flp. 2:7) Coba renungna kata-kata kuwi. Budhak sing apik mesthi péngin nyenengké majikané. Kaya budhak sing tugasé nglayani majikané, awaké dhéwé mesthi ya seneng nèk isa nglayani Yéhuwah lan sedulur-sedulur. Mula bèn isa luwih akèh mbantu sedulur-sedulur, ayo ngrembug beberapa saran iki.

10. Pitakonan apa waé sing isa dipikirké?

10 Ngupayaa dadi wong sing réla berkorban. Coba pikirna iki: ’Apa aku gelem nggunakké wektu karo tenagaku kanggo mbantu wong liya? Misalé, nèk ana sing njaluk tulung kanggo ngunjungi sedulur lansia utawa methuk sedulur lansia kuwi ing pertemuan ibadah, aku piyé? Apa aku gelem mbantu resik-resik Balai Ibadah utawa gedhung sing dienggo pertemuan gabungan wilayah?’ Pas dibaptis, awaké dhéwé janji nèk bakal nglayani Yéhuwah. Mula, Yéhuwah mesthi seneng nèk awaké dhéwé nggunakké wektu, tenaga, lan kabèh sing diduwèni kanggo mbantu wong liya. Sakwisé mikirké pitakonan-pitakonan mau, piyé nèk jebulé awaké dhéwé dudu wong sing réla berkorban?

11. Kenapa kudu ndonga nèk isih kurang semangat mbantu wong liya?

11 Ndongaa tenanan karo Yéhuwah. Nèk jebulé awaké dhéwé dudu wong sing réla berkorban lan isih kurang semangat mbantu wong liya, awaké dhéwé isa ndonga tenanan karo Yéhuwah. Critakna karo Yéhuwah sing njenengan rasakké. Terus, njaluka ”kepénginan lan kekuwatan” bèn gelem mbantu wong liya.​—Flp. 2:13.

12. Kenapa organisasiné Yéhuwah butuh bantuané sedulur-sedulur sing isih enom?

12 Cah-cah enom, nèk kowé wis dibaptis, njaluka karo Yéhuwah kepénginan bèn gelem mbantu sedulur-sedulur. Saben taun, umaté Yéhuwah kuwi jumlahé tambah akèh. Tapi ing beberapa dhaérah, jumlahé abdiné jemaat luwih sithik timbang para pinituwa, lan abdiné jemaat kuwi ya akèh sing wis ora enom manèh. Mula, organisasiné Yéhuwah butuh bantuané sedulur-sedulur sing isih enom kanggo mbantu para pinituwa. Yéhuwah mesthi seneng nèk kowé gelem ndhukung gawéan apa waé ing organisasiné. Terus sedulur-sedulur isa ndelok nèk kowé réla berkorban, lan kowé dhéwé ya isa puas merga wis mbantu wong liya. Kuwi kabèh mesthi nggawé kowé bahagia.

Wong Kristen saka Yudéa kudu mlayu menyang kutha Pélla. Sedulur-sedulur sing wis teka luwih dhisik ing kono mènèhi panganan kanggo sedulur-sedulur sing lagi waé tekan (Deloken paragraf 13)

13-14. Sebutna beberapa cara kanggo mbantu sedulur-sedulur. (Deloken gambar ing halaman 1.)

13 Gatèkna kebutuhané wong liya. Rasul Paulus tau naséhati ngéné karo wong Kristen ing Yudéa, ”Aja lali nindakké apa sing apik lan murah hati karo wong liya. Tumindak kuwi kaya persembahan sing nggawé Gusti Allah seneng.” (Ibr. 13:16) Naséhat kuwi cocog banget kanggo wong Kristen ing Yudéa. Kenapa? Beberapa taun sakwisé nampa suraté Paulus, wong-wong kuwi kudu ”mlayu menyang pegunungan” bèn isa slamet. (Mat. 24:16) Kuwi berarti, wong-wong kuwi kudu ninggalké gawéané, omahé, lan keluargané sing ora seiman. Kuwi sebabé, wong-wong kuwi kudu saling mbantu. Nèk sakdurungé wis ngetrapké naséhaté Paulus, wong-wong kuwi ora bakal terlalu kuwatir ing panggonan sing anyar. Meskipun ora nduwé apa-apa, tapi wong-wong kuwi ngerti nèk sedulur-seduluré bakal siap mbantu.

14 Kadhang, ana sedulur-sedulur sing ora gelem ngomong nèk butuh bantuan. Misalé, mungkin ana sedulur lanang sing bar ditinggal mati bojoné. Sedulur kuwi mungkin butuh dimasakké, diterké blanja utawa ing dokter, lan butuh bantuan kanggo ngresiki omahé. Dhèwèké ora njaluk tulung merga ora péngin ngrépoti wong liya. Meskipun ora ngomong, tapi dhèwèké mesthi seneng nèk dibantu. Aja mikir nèk mesthi wis ana wong liya sing bakal mbantu dhèwèké utawa dhèwèké bakal ngandhani nèk butuh bantuan. Coba bayangna nèk njenengan dadi dhèwèké. Kira-kira bantuan apa sing njenengan butuhké?

15. Bèn isa mbantu wong liya, awaké dhéwé kudu dadi wong sing kaya piyé?

15 Ngupayaa bèn gampang dicedhaki. Ing jemaat, mesthi ana sedulur-sedulur sing dikenal seneng mbantu. Sedulur-sedulur kuwi ora tau ngrasa dirépoti. Mula, awaké dhéwé ora sungkan nèk arep njaluk tulung karo sedulur-sedulur kuwi. Awaké dhéwé mesthi ya péngin isa dadi wong sing kaya ngono. Pinituwa sing jenengé Alan, sing saiki umuré wis 45 taun, ya péngin dadi wong sing gampang dicedhaki. Alan ngomong, ”Yésus kuwi sibuk banget. Tapi, wong-wong isa ngrasakké nèk dhèwèké perduli karo wong liya. Dadi, akèh wong, termasuk sing enom utawa sing tuwa, seneng karo Yésus lan ora wedi nèk arep njaluk tulung. Aku bener-bener péngin isa kaya Yésus. Aku péngin dadi wong sing gampang dicedhaki, ramah, lan perduli karo wong liya.”

16. Nurut Mazmur 119:59, 60, piyé carané bèn isa dadi kaya Yésus sing réla berkorban?

16 Béda karo Yésus, awaké dhéwé kuwi ora sampurna. (Yak. 3:2) Kadhang, awaké dhéwé isih ngutamakké kepentingané dhéwé. Ning, aja nyerah. Misalé ngéné. Wong sing lagi ajar nglukis mesthi lukisané ora seapik pelukis sing wis ahli. Tapi nèk dhèwèké terus sinau saka pelukis sing wis ahli, lukisané mesthi dadi tambah apik. Padha kaya ngono, nèk awaké dhéwé terus sinau Alkitab, ngetrapké sing dipelajari, lan ngupaya kanggo mbantu wong liya, awaké dhéwé isa dadi kaya Yésus sing réla berkorban.​—Wacanen Mazmur 119:59, 60.

MANFAATÉ NÈK RÉLA BERKORBAN

Para pinituwa sing réla berkorban kaya Yésus dadi conto sing apik kanggo cah-cah enom ing jemaat (Deloken paragraf 17) *

17-18. Apa manfaaté nèk réla berkorban?

17 Nèk réla berkorban, awaké dhéwé isa dadi conto sing apik kanggo sedulur-sedulur liyané. Pinituwa sing jenengé Tim kandha, ”Ing jemaat ana cah-cah enom sing dadi abdiné jemaat. Malah, ana sing wis dadi abdiné jemaat pas isih enom banget. Sedulur-sedulur kuwi gelem nglayani merga ndelok contoné sedulur-sedulur sing réla berkorban. Bantuané para abdiné jemaat kuwi berharga kanggo para pinituwa lan sedulur-sedulur.”

18 Ing donya iki, akèh wong mung mikirké kepentingané dhéwé. Tapi, umaté Yéhuwah ora kaya ngono. Yésus wis mènèhi conto sing apik soal réla berkorban. Awaké dhéwé mémang ora sampurna. Tapi, awaké dhéwé isa ’bener-bener niru’ Yésus. (1 Ptr. 2:21) Nèk ngupaya sak isa-isané niru Yésus sing réla berkorban, awaké dhéwé bakal bahagia lan nggawé Yéhuwah seneng.

LAGU 13 Ayo Niru Yésus

^ Yésus selalu mikirké kepentingané wong liya. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug piyé carané niru Yésus sing réla berkorban lan apa manfaaté nèk ngupayakké kuwi.

^ GAMBAR: Daniel nggatèkké pas ana loro pinituwa niliki bapaké ing rumah sakit. Daniel péngin niru contoné para pinituwa kuwi. Dadi pas ana sedulur wédok sing wis tuwa sing butuh bantuan, dhèwèké langsung mbantu. Benny nggatèkké nèk Daniel perduli karo wong liya. Merga ndelok contoné Daniel, Benny dadi gelem mbantu sedulur-sedulur. Mula, dhèwèké semangat pas mèlu resik-resik ing Balai Ibadah.