Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 11

Terus Nganggo ”Kepribadian sing Anyar” Sakwisé Dibaptis

Terus Nganggo ”Kepribadian sing Anyar” Sakwisé Dibaptis

”Kowé kudu nganggo kepribadian sing anyar, kaya nganggo klambi sing anyar.”​—KOL. 3:10.

LAGU 49 Nyenengké Atiné Yéhuwah

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Perbuatané awaké dhéwé dipengaruhi karo apa?

 ORA soal lagi waé utawa wis suwé dibaptis, awaké dhéwé mesthi péngin dadi wong sing nyenengké Yéhuwah. Bèn isa kaya ngono, awaké dhéwé kudu njaga pikiran. Kenapa? Merga apa sing dipikirké kuwi isa mempengaruhi perbuatané awaké dhéwé. Nèk terus mikirké sing èlèk-èlèk, suwé-suwé omongan lan perbuatané awaké dhéwé isa nggawé Yéhuwah sedhih. (Éf. 4:17-19) Tapi nèk terus mikirké sing apik, awaké dhéwé mesthi isa nyenengké Yéhuwah.​—Gal. 5:16.

2. Pitakonan apa waé sing bakal dirembug ing artikel iki?

2 Kaya sing wis dirembug ing artikel sakdurungé, awaké dhéwé kudu nyingkirké kepribadian sing lawas sakdurungé dibaptis. Kuwi maksudé, awaké dhéwé kudu ngupaya bèn omongan lan tingkah lakuné awaké dhéwé aja nganti nggawé Yéhuwah sedhih. Tapi merga ora sampurna, awaké dhéwé tetep isa mikir sing salah. Meskipun ngono, awaké dhéwé péngin tetep ngupaya bèn ora nggawé dosa. Bèn isa bener-bener nyenengké Yéhuwah, awaké dhéwé ”kudu nganggo kepribadian sing anyar, kaya nganggo klambi sing anyar”. (Kol. 3:10) Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug: ”Kepribadian sing anyar” kuwi apa? Piyé carané nganggo kepribadian sing anyar? Piyé carané bèn isa terus nganggo kepribadian sing anyar sakwisé dibaptis?

”KEPRIBADIAN SING ANYAR” KUWI APA?

3. Nurut Galatia 5:22, 23, wong sing nganggo ”kepribadian sing anyar” kuwi kaya apa?

3 Wong sing nganggo ”kepribadian sing anyar” bakal ngupaya bèn isa niru Yéhuwah. Merga gelem dituntun roh suci, dhèwèké bakal ngupaya bèn isa nduwé sipat-sipat sing disebutké ing Galatia 5:22, 23. (Wacanen) Misalé, dhèwèké nresnani Yéhuwah lan sedulur-sedulur seimané. (Mat. 22:36-39) Dhèwèké tetep bahagia meskipun ngadhepi masalah. (Yak. 1:2-4) Dhèwèké seneng rukun, sabar, lan apikan karo wong liya. (Mat. 5:9; Kol. 3:13) Dhèwèké seneng karo apa sing bener lan nindakké kuwi. (Luk. 6:35) Dhèwèké nduduhké nèk nduwé iman sing kuwat karo Yéhuwah. (Yak. 2:18) Terus pas ana sing nesu utawa sengaja nggolèk-nggolèk masalah, dhèwèké tetep alus. Dhèwèké ya isa ngendhalèni dhiri.​—1 Kor. 9:25, 27; Tit. 3:2.

4. Bèn isa nganggo kepribadian sing anyar, kenapa awaké dhéwé kudu ngupayakké kabèh sipat sing disebutké ing Galatia 5:22, 23 lan sipat-sipat apik liyané sing disebutké ing Alkitab?

4 Bèn isa nganggo kepribadian sing anyar, awaké dhéwé ora isa nèk mung ngupayakké siji utawa beberapa sipat sing disebutké ing Galatia 5:22, 23. Awaké dhéwé kudu ngupayakké kabèh sipat-sipat kuwi lan sipat-sipat apik liyané sing disebutké ing Alkitab. * Kenapa kok kuwi kudu diupayakké kabèh? Salah siji alesané merga meskipun béda-béda, sipat-sipat kuwi ana hubungané. Misalé bèn isa sabar lan apikan karo wong liya, awaké dhéwé kudu sayang karo dhèwèké. Terus bèn isa nindakké apa sing bener, awaké dhéwé kudu dadi wong sing alus lan isa ngendhalèni dhiri.

CARANÉ NGANGGO KEPRIBADIAN SING ANYAR

Bèn isa terus nganggo kepribadian sing anyar, awaké dhéwé kudu sinau soal Yésus lan ngupaya bèn nduwé sipat-sipat sing padha karo dhèwèké (Deloken paragraf 5, 8, 10, 12, 14)

5. Apa maksudé ”nduwé pikirané Kristus”, lan kenapa awaké dhéwé kudu sinau saka Yésus? (1 Korintus 2:16)

5 Wacanen 1 Korintus 2:16. Bèn isa nganggo kepribadian sing anyar, awaké dhéwé kudu ”nduwé pikirané Kristus”. Kuwi berarti awaké dhéwé kudu sinau soal Yésus lan ngupaya niru dhèwèké. Kenapa awaké dhéwé kudu sinau saka Yésus? Yésus nduwé kabèh sipat sing disebutké ing Galatia 5:22, 23. Terus, Yésus ya nduwé kepribadian sing padha persis karo Gusti Allah. (Ibr. 1:3) Dadi nèk sinau saka Yésus, awaké dhéwé isa nduwé sipat-sipat sing padha karo Yésus. Nèk wis ngupayakké kuwi, berarti awaké dhéwé wis nganggo kepribadian sing anyar.​—Flp. 2:5.

6. Apa awaké dhéwé isa niru Yésus? Jelasna.

6 Tapi mungkin awaké dhéwé mikir, ’Yésus kan sampurna, apa aku isa bener-bener niru dhèwèké?’ Nèk njenengan ngrasa kaya ngono, coba pikirna iki. Pertama, awaké dhéwé kan digawé mirip kaya Yéhuwah lan Yésus. Dadi nèk gelem ngupaya, awaké dhéwé isa nduwé sipat-sipat sing mèh padha kaya Yéhuwah lan Yésus. (PD. 1:26) Keloro, roh suciné Yéhuwah kuwi kekuwatan sing paling hébat ing alam semesta. Dadi, roh suci isa mbantu awaké dhéwé bèn isa niru Yésus. Ketelu, Yéhuwah paham nèk awaké dhéwé kuwi ora sampurna lan isih isa nggawé kesalahan. Malah sukmbèn ing Firdaus, Yéhuwah bakal mènèhi wektu nganti 1.000 taun nganti awaké dhéwé sampurna. (Why. 20:1-3) Dadi sing penting kuwi, saiki njenengan ngupaya sak isa-isané niru Yésus lan terus ngendelké Yéhuwah.

7. Awaké dhéwé bakal ngrembug apa?

7 Saiki, ayo ngrembug piyé carané Yésus nduduhké sipat-sipat sing disebutké ing Galatia 5:22, 23. Tapi, awaké dhéwé mung arep ngrembug papat sipat thok. Pas ngrembug kuwi, bakal ana pitakonan-pitakonan sing isa mbantu awaké dhéwé bèn ngerti piyé carané niru Yésus.

8. Apa buktiné nèk Yésus sayang karo Yéhuwah lan wong liya?

8 Yésus sayang banget karo Yéhuwah. Kuwi sebabé, dhèwèké gelem manut karo Yéhuwah. (Yoh. 14:31) Pas ing bumi, Yésus ya nduduhké nèk dhèwèké sayang karo wong liya. Misalé, Yésus apikan lan sabar karo wong liya, termasuk karo wong-wong sing ora seneng karo dhèwèké. Terus, Yésus ya mulangké kabar apik soal Kerajaané Gusti Allah. (Luk. 4:43, 44) Merga sayang karo Yéhuwah lan wong liya, Yésus gelem disiksa nganti mati lan ngorbanké nyawané dadi tebusan. (Yoh. 15:13) Hasilé, awaké dhéwé isa nduwé harapan urip saklawasé.

9. Piyé carané nduduhké nèk sayang karo wong liya?

9 Merga sayang karo Yéhuwah, awaké dhéwé gelem nglayani Dhèwèké lan dibaptis. Sakliyané kuwi, Rasul Yohanes ya tau ngomong ngéné, ”Wong sing ora nresnani seduluré sing isa didelok ora isa nresnani Gusti Allah sing ora isa didelok.” (1 Yoh. 4:20) Dadi nèk sayang karo Gusti Allah, awaké dhéwé ya kudu sayang karo wong liya. Mula awaké dhéwé isa mikirké iki, ’Apa aku bener-bener sayang karo wong liya? Apa aku apikan karo wong liya, termasuk karo wong-wong sing kasar karo aku? Apa aku gelem mbantu wong liya sinau Alkitab? Apa aku tetep gelem nginjil meskipun akèh sing ora menghargai utawa ora seneng karo aku? Apa aku gelem berkorban bèn isa nduwé luwih akèh wektu kanggo nginjil?’—Éf. 5:15, 16.

10. Apa buktiné nèk Yésus seneng rukun karo wong liya?

10 Yésus kuwi wong sing seneng rukun. Buktiné pas dijahati wong liya, dhèwèké ora mbales. Yésus ya mbantu murid-muridé bèn isa rukun karo wong liya. Misalé, Yésus ngajari murid-muridé nèk péngin ibadahé ditampa Yéhuwah ya kudu rukun dhisik karo seduluré. (Mat. 5:9, 23, 24) Terus, pas para rasul padu soal sapa sing dianggep paling penting, Yésus ya mbantu para rasul kuwi bèn ora padu manèh.​—Luk. 9:46-48; 22:24-27.

11. Piyé carané nduduhké nèk awaké dhéwé seneng rukun karo wong liya?

11 Awaké dhéwé mesthiné ora péngin nggolèk-nggolèk masalah karo wong liya. Tapi nèk ana sing lara ati karo awaké dhéwé, awaké dhéwé péngin ngupaya bèn isa rukun manèh karo wong kuwi. Terus nèk ana sedulur-sedulur sing lagi ora rukun, ya kudu dikandhani bèn cepet-cepet ngrampungké masalahé. (Flp. 4:2, 3; Yak. 3:17, 18) Awaké dhéwé isa mikirké iki, ’Apa aku gelem berkorban bèn isa rukun karo wong liya? Nèk ana sedulur sing nggawé lara ati utawa tersinggung, apa aku terus-terusan nesu karo dhèwèké? Nèk lagi ana masalah karo sedulur liya, apa aku gelem ngupaya bèn isa rukun manèh karo dhèwèké? Apa aku tetep gelem kaya ngono meskipun kétoké sing salah kuwi dhèwèké? Nèk situasiné cocog, apa aku wani ngandhani sedulur-sedulur sing lagi ora rukun bèn ngrampungi masalahé?’

12. Apa buktiné nèk Yésus apikan?

12 Yésus kuwi wongé apikan. (Mat. 11:28-30) Yésus ya ora kaku lan ora kasar karo wong liya. Misalé, wektu kuwi ana wong wédok Fénisia sing njaluk bèn Yésus marèkké anaké. Awalé, Yésus mémang ora gelem. Tapi, Yésus ora kasar karo wong wédok kuwi. Malah, pas wong wédok kuwi nduduhké iman, Yésus gelem marèkké anaké. (Mat. 15:22-28) Tapi meskipun apikan, Yésus tetep mènèhi naséhat nèk pas kuwi dibutuhké. Kuwi sakjané bukti nèk Yésus apikan lan sayang karo wong kuwi. Misalé pas Pétrus ora ngutamakké kepénginané Yéhuwah, Yésus mènèhi naséhat sing tegas karo Pétrus ing ngarepé para rasul liyané. (Mrk. 8:32, 33) Yésus kaya ngono dudu merga péngin ngisin-isinké Pétrus, tapi merga péngin mbantu Pétrus lan rasul-rasul liyané bèn ora sak karepé dhéwé. Meskipun Pétrus isin pas dinaséhati, tapi naséhat kuwi mesthi ana manfaaté kanggo dhèwèké.

13. Piyé carané nduduhké nèk awaké dhéwé apikan?

13 Nèk ana kanca, keluarga, utawa sedulur-sedulur sing nggawé kesalahan, awaké dhéwé kudu wani mènèhi naséhat. Kuwi bukti nèk awaké dhéwé apikan. Tapi pas mènèhi naséhat, aja kasar lan naséhaté ya kudu saka Alkitab. Awaké dhéwé ya kudu yakin nèk wong-wong kuwi mesthiné wis ngupaya tenanan bèn isa manut karo Yéhuwah. Nèk wong-wong kuwi sayang karo awaké dhéwé lan sayang karo Yéhuwah, mesthiné wong-wong kuwi bakal gelem dinaséhati. Mula, awaké dhéwé isa mikirké iki, ’Nèk ana kanca, keluarga, utawa sedulur-sedulur sing nggawé kesalahan, apa aku wani ngandhani? Pas mènèhi naséhat, apa omonganku isa tetep alus utawa malah kasar? Nèk aku naséhati dhèwèké, apa kuwi merga aku jèngkèl utawa aku péngin mbantu dhèwèké?’

14. Apa buktiné nèk Yésus kuwi wong sing bener?

14 Yésus ngerti lan selalu nindakké sing bener. Dhèwèké gelem kaya ngono merga sayang karo Yéhuwah lan péngin nyenengké Bapaké. Wong sing bener bakal apikan karo wong liya. Tapi, Yéhuwah ora seneng nèk awaké dhéwé nindakké sing bener utawa apikan karo wong liya ning alesané klèru. Mémangé isa awaké dhéwé apikan tapi alesané klèru? Isa. Yésus tau ngomong nèk ana wong-wong sing mènèhi sedhekah, tapi sengaja dikétok-kétokké bèn dipuji karo wong liya. Yéhuwah ora seneng karo wong-wong sing kaya ngono. (Mat. 6:1-4) Dadi, nèk péngin dadi wong sing bener, awaké dhéwé kudu ngerti lan nindakké sing bener, terus alesané ya kudu bener.

15. Piyé carané bèn dadi wong sing bener?

15 Awaké dhéwé isa dadi wong sing bener nèk nindakké sing bener merga sayang karo Yéhuwah lan péngin nyenengké Dhèwèké. Mula, awaké dhéwé isa mikirké iki, ’Apa aku ora mung ngerti, tapi ya ngupaya nindakké sing bener? Kenapa aku gelem nindakké sing bener?’

BÈN ISA TERUS NGANGGO KEPRIBADIAN SING ANYAR

16. Apa sing kudu terus diupayakké, lan kenapa?

16 Aja ngrasa nèk sakwisé dibaptis awaké dhéwé ora perlu ngupaya manèh bèn isa nganggo kepribadian sing anyar. Kepribadian sing anyar kuwi kaya klambi anyar sing kudu dirawat bèn tetep apik. Salah siji cara bèn isa terus nganggo kepribadian sing anyar, saben dina awaké dhéwé kudu terus ngupayakké sipat-sipat sing disebutké ing Galatia 5:22, 23. Kenapa? Rasul Yakobus tau ngomong, ”Nèk awaké dhéwé nduwé iman ning ora nindakké apa sing apik, iman kuwi mati.” (Yak. 2:26) Padha kaya ngono, kabèh sipat sing disebutké ing Galatia 5:22, 23 ya kudu diduduhké liwat perbuatan. Nèk awaké dhéwé ngupaya nduduhké sipat-sipat kuwi, roh suci bakal mbantu. Terus nèk nduduhké sipat-sipat kuwi, wong-wong ya bakal ngerti nèk awaké dhéwé gelem dituntun roh suci.

17. Nèk gagal nduduhké sipat-sipat sing disebutké ing Galatia 5:22, 23, awaké dhéwé kudu piyé?

17 Meskipun wis suwé dibaptis, awaké dhéwé tetep isa gagal nduduhké sipat-sipat sing disebutké ing Galatia 5:22, 23. Tapi, sing penting aja nyerah. Kuwi isa diumpamakké kaya ngéné. Nèk klambi sing paling njenengan senengi jahitané ana sing dhèdhèl, apa klambi kuwi langsung dibuwang? Mesthiné ora, ta? Njenengan mesthi bakal ndandani jahitané bèn isa dienggo manèh. Terus, njenengan ya bakal ngati-ati pas nganggo klambi kuwi. Padha kaya ngono, kadhang njenengan isa waé nesu, kurang sabar, utawa kasar karo wong liya. Tapi aja nyerah. Njaluka ngapura bèn isa apikan manèh karo wong kuwi. Terus, ngupayaa bèn ora mbalèni kesalahan sing padha.

18. Nèk njenengan terus ngupaya, Yéhuwah bakal piyé?

18 Awaké dhéwé mesthi bersyukur merga Yésus wis mènèhi conto sing apik kanggo awaké dhéwé. Nèk ngupaya bèn isa nduwé sipat-sipat sing padha kaya Yésus, awaké dhéwé isa terus nganggo kepribadian sing anyar. Ing artikel iki, awaké dhéwé wis ngrembug papat sipat sing disebutké ing Galatia 5:22, 23. Njenengan isa éntuk manfaat nèk sinau sipat-sipat liyané lan mikirké carané nduduhké sipat-sipat kuwi. Njenengan isa maca artikel-artikel sing ngrembug soal kuwi ing Panduan Riset kanggo Seksi-Seksi Yéhuwah ing topik ”Uripé Wong Kristen” ing subjudhul ”Woh sing Dihasilké Roh Suci”. Nèk njenengan terus ngupaya, Yéhuwah bakal mbantu bèn njenengan isa terus nganggo kepribadian sing anyar.

LAGU 127 Bantu Aku Nyenengké Ati-Mu

^ par. 5 Ora soal apa latar belakangé, awaké dhéwé isa nganggo ”kepribadian sing anyar”. Piyé carané? Awaké dhéwé kudu nduwé pikirané Kristus. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug contoné Yésus lan piyé carané wong-wong sing wis dibaptis isa terus niru Yésus.

^ par. 4 Roh suci ya isa mbantu awaké dhéwé bèn isa nduwé sipat-sipat apik liyané sing ora disebutké ing Galatia 5:22, 23. Deloken artikel ”Pitakonané Sing Maca” ing Warta Penting Juni 2020.