Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 12

Wahyu sing Ditampa Zakharia Isa Nguwatké Njenengan

Wahyu sing Ditampa Zakharia Isa Nguwatké Njenengan

”Yéhuwah pemimpiné pasukan kandha, ’Kabèh iki bakal kelakon dudu nganggo kekuwatan militèr utawa kekuwatané manungsa, ning nganggo kuwasa-Ku.’”​—ZA. 4:6.

LAGU 73 Bantu Aku Kendel

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Wong Israèl mesthi seneng banget merga apa?

 WONG Israèl wis puluhan taun ana ing Babilon. Tapi, akhiré Yéhuwah ”ngarahké Korès raja Pèrsia” bèn mbébaské wong-wong kuwi. Raja Korès nggawé pengumuman bèn wong Israèl bali ing Yérusalèm lan ”mbangun manèh omahé Yéhuwah Gusti Allahé Israèl”. (Ézr. 1:1, 3) Wong-wong kuwi mesthi seneng banget. Kuwi artiné wong Israèl isa ngibadah manèh marang Yéhuwah ing Yérusalèm yaiku tanah sing diwènèhké Yéhuwah kanggo wong-wong kuwi.

2. Ora suwé sakwisé tekan Yérusalèm, wong Israèl berhasil mbangun apa?

2 Taun 537 SM, wong Israèl tekan ing Yérusalèm sing mbiyèn dadi ibu kotané kerajaan Yéhuda. Ora suwé sakwisé kuwi, wong-wong kuwi langsung mbangun baité Yéhuwah. Akhiré taun 536 SM, pondhasiné wis rampung dibangun.

3. Apa sing dialami wong Israèl wektu mbangun manèh baité Gusti Allah?

3 Pas wong Israèl mulai mbangun manèh bait, akèh sing ora seneng. Wong-wong sing manggon ing sekitaré bola-bali ”nggawé wong Yéhuda dadi ora semangat lan medèn-medèni bèn wong Yéhuda mandheg mbangun”. (Ézr. 4:4) Tapi ora mung kuwi. Taun 522 SM, ana raja Pèrsia sing anyar yaiku Raja Artahsasta. * Terus pengaruhé apa? Wong-wong sing ora seneng ”nggunakké hukum kanggo nggawé masalah”. (Mzm. 94:20) Wong-wong kuwi kandha karo raja nèk wong Israèl arep mbrontak nglawan raja. (Ézr. 4:11-16) Sayangé, Raja Artahsasta percaya lan wong Israèl ora éntuk manèh mbangun bait. (Ézr. 4:17-23) Merga dilarang, akhiré pembangunan bait kuwi ora dilanjutké.—Ézr. 4:24.

4. Wektu ana wong-wong sing péngin baité Yéhuwah ora dibangun manèh, Yéhuwah piyé? (Yésaya 55:11)

4 Para pejabat Pèrsia lan wong-wong liyané sing ora nyembah Yéhuwah ora péngin baité Gusti Allah dibangun manèh. Tapi, Yéhuwah tetep péngin umaté ngrampungké pembangunan kuwi. Kepénginané Yéhuwah mesthi kelakon. (Wacanen Yésaya 55:11.) Kuwi sebabé, Yéhuwah ngutus Nabi Zakharia lan mènèhi dhèwèké wahyu kanggo nguwatké umaté. Yéhuwah péngin umaté ora wedi lan terus mbangun bait nganti rampung. Ana wolu wahyu sing ditampa Zakharia. Ning, saiki awaké dhéwé bakal mbahas wahyu sing kelima yaiku wahyu soal wadhah lampu lan wit zaitun loro.

5. Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

5 Kadhang, ana masalah sing nggawé awaké dhéwé ora semangat. Kaya sing wis disebutké mau, ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug wahyu soal wadhah lampu lan wit zaitun loro. Nèk ngerti apa sing isa dipelajari saka wahyu kuwi, awaké dhéwé bakal tetep semangat nglayani Yéhuwah meskipun ana sing ora seneng karo umaté Yéhuwah, keadaané berubah, utawa nampa arahan sing kétoké ora masuk akal. Ayo ngrembug kuwi siji-siji.

NÈK ANA SING ORA SENENG KARO UMATÉ YÉHUWAH

Zakharia ndelok wahyu soal wadhah lampu sing ana lampuné pitu lan wit zaitun loro (Deloken artikel paragraf 6)

6. Critakna wahyu sing dicathet ing Zakharia 4:1-3, lan apa pengaruhé kanggo wong Israèl sakwisé krungu wahyu kuwi? (Deloken gambar ing halaman 1.)

6 Wacanen Zakharia 4:1-3. Zakharia ndelok ana wadhah lampu lan wit zaitun loro. Ing bagéan ndhuwuré wadhah lampu kuwi, ana lampu pitu, lan lampuné ora tau mati. Ing sebelah kiwa lan tengené wadhah lampu kuwi, ana wit zaitun. Minyak sing dihasilké wit zaitun kuwi nggawé lampu mau tetep murub. Carané piyé? Ing bagéan ndhuwuré wadhah lampu kuwi, ana mangkok sing ngalirké minyak saka wit zaitun ing lampu-lampu kuwi. Dadi, lampuné isa murub terus. Bar kuwi, Zakharia takon karo malaékat sing ngomong karo dhèwèké, ”Kabèh kuwi maksudé apa?” Terus malaékat kuwi njawab, ”Yéhuwah pemimpiné pasukan kandha, ’Kabèh iki bakal kelakon dudu nganggo kekuwatan militèr utawa kekuwatané manungsa, ning nganggo kuwasa-Ku.’” (Za. 4:4, 6) Apa maksudé wahyu kuwi? Minyak saka wit zaitun kuwi nggambarké roh suciné Yéhuwah sing ora ana entèké. Roh suciné Yéhuwah luwih hébat timbang pasukan militèr Pèrsia. Dadi sakjané, wong Israèl ora perlu wedi. Nèk dibantu Yéhuwah, wong Israèl mesthi berhasil mbangun bait manèh. Sing penting, wong-wong kuwi kudu percaya karo Yéhuwah. Terus apa hasilé? Wong Israèl dadi semangat lan mulai mbangun manèh bait meskipun isih dilarang.

7. Apa manèh sing nggawé wong Israèl dadi semangat mbangun baité Gusti Allah?

7 Ana manèh sing nggawé wong Israèl dadi semangat mbangun baité Gusti Allah. Taun 520 SM, Raja Darius I mréntah Pèrsia. Pas taun keloro pamréntahané, Raja Darius ngerti nèk kuduné wong Israèl ora dilarang mbangun manèh baité Gusti Allah. Dadi, Raja Darius ngongkon bèn pembangunan kuwi dirampungké. (Ézr. 6:1-3) Tapi, ora mung kuwi. Raja ngongkon wong sing manggon ing negara sekitaré Israèl bèn aja ngalang-ngalangi pembangunan kuwi. Raja Darius ya mènèhi dhuwit lan kabèh sing dibutuhké wong Israèl. (Ézr. 6:7-12) Hasilé, mung kira-kira patang taun, omahé Gusti Allah rampung dibangun pas taun 515 SM.—Ézr. 6:15.

Terusa ngendelké Yéhuwah wektu dimungsuhi karo wong-wong sing ora seneng karo umaté Yéhuwah (Deloken paragraf 8)

8. Nèk ana sing ora seneng merga njenengan nglayani Yéhuwah, kenapa ora perlu wedi?

8 Jaman saiki ya ana akèh sing ora seneng karo umaté Gusti Allah. Misalé, ana sedulur-sedulur sing ora isa bébas ngibadah merga dilarang karo pamréntah. Sedulur-sedulur kuwi ana sing dipenjara lan ”digawa ing ngarepé gubernur lan raja” bèn isa mènèhi kesaksian soal Yéhuwah. (Mat. 10:17, 18) Ning isa waé, merga para pemimpin ing negarané ganti utawa ana hakim sing mènèhi keputusan sing apik, sedulur-sedulur kuwi akhiré isa bébas ngibadah manèh. Ing beberapa dhaérah, sedulur-sedulur mémang isa bébas ngibadah. Tapi, mungkin keluargané ora seneng nèk sedulur-sedulur kuwi nglayani Yéhuwah. (Mat. 10:32-36) Meskipun ngono, akèh pengalaman sing nduduhké nèk sedulur-sedulur kuwi terus setya, akhiré keluargané ora nglarang manèh. Malah, ana sing mbiyèn benci banget karo Seksi Yéhuwah, ning saiki dadi Seksi Yéhuwah sing semangat. Dadi apa pelajarané? Nèk ana sing ora seneng merga njenengan nglayani Yéhuwah, aja nyerah. Njenengan kudu tetep kendel. Yéhuwah mesthi bakal mbantu liwat roh suciné. Dadi, njenengan ora perlu wedi.

NÈK KEADAANÉ BERUBAH

9. Pas ndelok pondhasi baité Gusti Allah rampung dibangun, kenapa wong Israèl sing wis tuwa padha nangis?

9 Pas ndelok pondhasi baité Gusti Allah rampung dibangun, wong-wong Israèl sing wis tuwa padha nangis. (Ézr. 3:12) Kenapa? Wong-wong kuwi wis ndelok bait sing mbiyèn dibangun Salomo. Wong-wong kuwi ngrasa nèk bait sing iki ”ora ana apa-apané” nèk dibandhingké karo sing mbiyèn. (Hag. 2:2, 3) Tapi, sing disebutké Yéhuwah ing wahyu sing ditampa Zakharia mau isa nguwatké wong Israèl. Ayo ngrembug soal kuwi.

10. Kenapa kata-katané malaékat sing dicathet ing Zakharia 4:8-10 isa nguwatké wong Israèl sing kecéwa?

10 Wacanen Zakharia 4:8-10. Ana malaékat sing kandha nèk wong Israèl ”bakal seneng lan ndelok Zérubabèl nyekel unting-unting”. Apa maksudé? Unting-unting kuwi alat sing bentuké tali sing ana bandhulé. Kuwi gunané kanggo nentokké apa témbok sing dibangun wis lurus apa durung. Malaékat kuwi péngin nduduhké nèk meskipun bait sing dibangun kuwi sederhana, tapi kuwi wis sesuai karo kepénginané Yéhuwah. Nèk Yéhuwah waé seneng karo bait kuwi, kuduné wong Israèl ya seneng, ta? Sing penting kuwi, wong Israèl manut karo aturané Yéhuwah soal ngibadah ing bait. Nèk manut, wong-wong kuwi mesthi bakal bahagia.

Tetepa semangat meskipun keadaané berubah (Deloken paragraf 11-12) *

11. Awaké dhéwé isa waé sedhih merga apa?

11 Nèk keadaané berubah, awaké dhéwé isa sedhih. Misalé, ana sedulur-sedulur sing wis suwé nglayani dadi utusan injil, mbantu ing proyèk pembangunan, nglayani ing Bètel, utawa liyané, ning akhiré éntuk tugas sing anyar. Sing liyané mungkin tugasé berubah merga wis tuwa. Nèk ngalami kaya ngono, wajar nèk awaké dhéwé sedhih, apa manèh nèk kuwi tugas sing disenengi. Awalé mungkin awaké dhéwé ora ngerti kenapa kok tugasé berubah. Terus, awaké dhéwé mungkin ya péngin kaya mbiyèn manèh. Merga saiki keadaané wis berubah, awaké dhéwé isa waé dadi ngrasa ora berharga. (WB. 24:10) Nèk ngrenungké omongané malaékat sing nemoni Zakharia mau, awaké dhéwé isa tetep semangat nglayani Yéhuwah meskipun keadaané berubah. Kok isa?

12. Nèk keadaané berubah, kenapa njenengan isa éntuk manfaat nèk ngrenungké omongané malaékat sing nemoni Zakharia mau?

12 Nganti saiki, Yéhuwah isih terus ngarahké organisasiné. Awaké dhéwé nduwé tugas istiméwa dadi kanca nyambut gawéné Gusti Allah. (1 Kor. 3:9) Nèk mikirké kuwi, awaké dhéwé isa tetep semangat nglayani Yéhuwah. Tugasé awaké dhéwé mungkin berubah. Tapi, Yéhuwah isih tetep sayang karo awaké dhéwé. Dadi, aja terus-terusan mikirké kenapa kok tugasé njenengan berubah. Timbang mung terus mikirké ”jaman mbiyèn”, njenengan isa ndonga bèn tetep semangat nglayani Yéhuwah. (Pkh. 7:10) Mungkin, saiki njenengan nduwé keterbatasan. Tapi, mesthi isih ana akèh sing isa njenengan upayakké kanggo Yéhuwah. Saka wahyu sing ditampa Zakharia, Yéhuwah nduduhké nèk sing penting kuwi njenengan tetep setya lan manut préntahé Yéhuwah. Dadi meskipun keadaané berubah, njenengan mesthi isa tetep bahagia.

NÈK NAMPA ARAHAN SING KÉTOKÉ ORA MASUK AKAL

13. Kenapa ana wong Israèl sing mikir nèk mbangun manèh omahé Gusti Allah kuwi ora masuk akal?

13 Wong Israèl wektu kuwi ora éntuk mbangun manèh baité Gusti Allah. Tapi, Yéhuwah wis milih Imam Agung Yésyua (Yosua) lan Gubernur Zérubabèl kanggo mimpin umaté. Wong loro kuwi ”mulai mbangun manèh omahé Gusti Allah”. (Ézr. 5:1, 2) Mungkin, ana wong Yahudi sing mikir nèk kuwi ora masuk akal. Nèk mbangun manèh baité Gusti Allah, mesthiné kan mungsuh-mungsuhé wong Israèl bakal ngerti, ta? Wong-wong kuwi mesthi bakal nggolèk-nggolèk masalah bèn baité Gusti Allah ora isa dirampungké. Ning, Yéhuwah nggawé Yosua lan Zérubabèl yakin nèk Yéhuwah ndhukung wong loro kuwi. Piyé carané Yéhuwah nduduhké nèk ndhukung wong loro kuwi?

14. Nurut Zakharia 4:12, 14, piyé carané Yéhuwah nduduhké nèk ndhukung Yosua karo Zérubabèl?

14 Ing Zakharia 4:12, 14, malaékaté Yéhuwah kandha nèk wit zaitun loro nggambarké ”wong loro sing dilantik”, yaiku Yosua lan Zérubabèl. (Wacanen.) Malaékat kuwi ya kandha nèk wong loro kuwi ”ngadeg ing sampingé Gusti sing nguwasani bumi”. Gambaran kuwi luar biasa banget. Iki bukti nèk Yéhuwah percaya karo Yosua lan Zérubabèl. Yéhuwah wis nglantik wong loro kuwi kanggo mimpin umaté. Kuwi sebabé, kuduné wong Israèl ya percaya karo Yosua lan Zérubabèl.

15. Piyé carané awaké dhéwé nduduhké nèk nganggep Alkitab berharga?

15 Saiki, Yéhuwah ngarahké umaté liwat Alkitab. Ing Alkitab, Yéhuwah ngandhani piyé carané bèn ibadahé umaté isa nyenengké Dhèwèké. Terus, piyé carané awaké dhéwé nduduhké nèk nganggep Alkitab berharga? Awaké dhéwé kudu maca lan mempelajari Alkitab. Coba pikirna pitakonan-pitakonan iki, ’Sakwisé maca Alkitab utawa bacaan saka organisasi, apa aku ya ngrenungké kuwi? Utawa, apa aku mung maca thok? Nèk ana sing ”angèl dipahami”, apa aku gelem nggolèk keterangan luwih akèh soal kuwi?’ (2 Ptr. 3:16) Nèk mikirké tenanan kabèh sing diajarké Yéhuwah ing Alkitab, awaké dhéwé isa manut karo Yéhuwah lan tetep semangat nginjil.​—1 Tim. 4:15, 16.

Terusa manut arahan saka ”budhak sing setya lan wicaksana” (Deloken paragraf 16) *

16. Nèk ”budhak sing setya lan wicaksana” mènèhi arahan sing kétoké ora masuk akal, awaké dhéwé kudu piyé bèn isa manut?

16 Yéhuwah ya ngarahké umaté liwat ”budhak sing setya lan wicaksana”. (Mat. 24:45) Kadhang, awaké dhéwé mungkin ngrasa nèk arahané ora masuk akal. Misalé, awaké dhéwé éntuk arahan nèk wis kudu siap sakdurungé ana bencana. Tapi, awaké dhéwé mungkin ngrasa nèk ora perlu manut karo arahan kuwi merga dhaérahé awaké dhéwé aman-aman waé. Utawa, mungkin awaké dhéwé ngrasa nèk budhak sing setya terlalu berlebihan pas ngekèki arahan selama pandemi. Nèk ngrasa kaya ngono, awaké dhéwé kudu piyé? Coba pikirna berkah sing ditampa wong Israèl merga manut Yosua lan Zérubabèl. Terus, awaké dhéwé ya isa mikirké kisah-kisah liyané ing Alkitab sing nduduhké nèk manut karo Yéhuwah kuwi mesthi ana berkahé meskipun arahané kétoké ora masuk akal.​—PH. 7:7; 8:10.

MANFAATÉ WAHYU SING DITAMPA ZAKHARIA

17. Apa manfaaté wahyu sing ditampa Zakharia kanggo wong Israèl?

17 Wahyu sing ditampa Zakharia kétoké mung sederhana. Tapi nèk ngerti sing isa dipelajari saka wahyu kuwi, wong Israèl dadi semangat manèh mbangun baité Gusti Allah. Wong Israèl ya dadi ngerti nèk sing penting kuwi ibadahé sesuai karo kepénginané Yéhuwah. Terus merga gelem manut, wong Israèl isa ngrasakké dhukungané Yéhuwah. Liwat roh suciné, Yéhuwah mbantu wong Israèl bèn isa tetep bahagia lan ngrampungké pembangunan baité Gusti Allah.—Ézr. 6:16.

18. Apa manfaaté wahyu sing ditampa Zakharia kanggo njenengan?

18 Apa manfaaté wahyu sing ditampa Zakharia kanggo njenengan? Kaya sing wis dirembug mau, njenengan ora bakal nyerah meskipun dimungsuhi merga nglayani Yéhuwah. Njenengan isa tetep bahagia meskipun keadaané berubah. Njenengan bakal tetep manut arahan sing kétoké ora masuk akal merga percaya karo Yéhuwah. Dadi, nèk ngalami masalah sing nggawé ora semangat nglayani Yéhuwah, njenengan kudu piyé? Élinga sing isa dipelajari saka wahyu sing ditampa Zakharia, yaiku nèk Yéhuwah perduli banget karo umaté. Terus, duduhna nèk njenengan percaya karo Yéhuwah lan semangat nglayani Dhèwèké saktulusé ati. (Mat. 22:37) Hasilé, Yéhuwah mesthi bakal nguwatké bèn njenengan isa terus bahagia nglayani Yéhuwah nganti saklawasé.​—Kol. 1:10, 11.

LAGU 7 Yéhuwah Gunung Watuku

^ par. 5 Wong Israèl sing wis dibébaské saka Babilon péngin isa ngibadah marang Yéhuwah manèh. Tapi, akèh sing ora seneng. Dadi, Yéhuwah mènèhi Zakharia beberapa wahyu. Kuwi isa nguwatké wong Israèl. Tapi sakjané, awaké dhéwé saiki ya isa dikuwatké nèk sinau soal wahyu sing ditampa Zakharia. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug wahyu soal wadhah lampu lan wit zaitun loro, lan apa sing isa dipelajari saka wahyu kuwi.

^ par. 3 Bertahun-tahun bar kuwi, pas jamané Néhémia, ing Pèrsia ana raja liyané sing jenengé ya Artahsasta. Tapi dhèwèké apikan karo wong Israèl.

^ par. 60 GAMBAR: Merga wis tuwa lan lara, sedulur lanang iki kudu ngupaya bèn tetep semangat.

^ par. 62 GAMBAR: Sedulur wédok iki lagi mikirké nèk Yéhuwah ndhukung ”budhak sing setya lan wicaksana”, kaya Yéhuwah ndhukung Yosua lan Zérubabèl.