Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 14

Para Pinituwa, Tirunen Paulus

Para Pinituwa, Tirunen Paulus

”Tirunen aku.”​—1 KOR. 11:1.

LAGU 99 Akèh Banget Umaté Yah

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1-2. Kenapa Paulus dadi conto sing apik kanggo para pinituwa?

 RASUL PAULUS sayang banget karo sedulur-sedulur lan kerja keras kanggo mbantu sedulur-sedulur kuwi. (Kis. 20:31) Kuwi sebabé, para sedulur ya sayang banget karo Paulus. Salah siji buktiné, pas ngerti nèk ora isa ketemu karo Paulus manèh, para pinituwa saka Éfésus ”nangis sesenggukan” merga sedhih banget. (Kis. 20:37) Para pinituwa ing jemaat ya sayang banget karo sedulur-sedulur lan ngupaya sak isa-isané kanggo mbantu sedulur-sedulur. (Flp. 2:16, 17) Tapi, tugasé para pinituwa kuwi ora selalu gampang. Piyé carané bèn para pinituwa isa luwih menikmati tugasé?

2 Para pinituwa isa niru Paulus. (1 Kor. 11:1) Kenapa? Kaya para pinituwa liyané, Paulus kuwi dudu malaékat. Dhèwèké kuwi manungsa sing ora sampurna sing kadhang angèl nindakké sing bener. (Rm. 7:18-20) Terus, dhèwèké ya ngadhepi masalah-masalah liyané. Ning, Paulus ora nyerah lan tetep bahagia nglayani Yéhuwah. Nèk niru Paulus, para pinituwa ya tetep isa bahagia meskipun tugasé ora gampang.

3. Apa waé sing bakal dirembug ing artikel iki?

3 Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug papat kesulitan sing kerep diadhepi para pinituwa. Pertama, para pinituwa kudu tetep nginjil meskipun tugasé akèh. Keloro, para pinituwa kudu dadi gembala sing apik. Ketelu, merga isih durung sampurna, para pinituwa nduwé kelemahan lan keterbatasan. Kepapat, para pinituwa kudu tetep sabar karo sedulur-sedulur sing ora sampurna. Terus, awaké dhéwé ya bakal ngrembug contoné Paulus lan piyé carané para pinituwa isa niru Paulus.

TETEP NGINJIL MESKIPUN TUGASÉ AKÈH

4. Kenapa ngutamakké gawéan nginjil isa waé ora gampang kanggo para pinituwa?

4 Kenapa ora gampang. Sakliyané nginjil, para pinituwa ya nduwé tugas-tugas tambahan. Misalé, para pinituwa kudu nyampèkké ceramah, dadi ketua pas pertemuan ibadah tengah pekan, lan mandhu Sinau Alkitab Jemaat. Para pinituwa ya kudu nglatih para abdiné jemaat lan nguwatké sedulur-sedulur. (1 Ptr. 5:2) Sakliyané kuwi, mungkin ya ana pinituwa sing mèlu mbangun utawa ngrawat Balai Ibadah lan bangunan liyané duwèké organisasi. Tapi kaya sedulur-sedulur liyané, nginjil kudu tetep dadi tugas sing utama kanggo para pinituwa meskipun ana tugas-tugas tambahan liyané.​—Mat. 28:19, 20.

5. Apa buktiné nèk Paulus ngutamakké gawéan nginjil?

5 Contoné Paulus. Paulus isa ngutamakké gawéan nginjil merga ”mastèkké endi sing luwih penting”. (Flp. 1:10) Paulus nganggep nèk tugasé dadi penginjil kuwi sing paling penting. Mula selama puluhan taun, Paulus terus semangat martakké kabar apik. Paulus nginjil ”ing ngarepé wong akèh lan saka omah menyang omah”. (Kis. 20:20) Paulus ya ora mung nginjil pas dina-dina tertentu utawa seminggu pisan thok. Dhèwèké selalu nggolèk kesempatan bèn isa martakké kabar apik karo wong liya. Misalé, pas ngentèni Timotius karo Silas ing Athéna, Paulus martakké kabar apik karo wong-wong sing isa ditemoni, lan hasilé ana sing dadi wong percaya. (Kis. 17:16, 17, 34) Malah pas ”dipenjara”, Paulus tetep nginjil karo wong-wong sing ana ing kono.​—Flp. 1:13, 14; Kis. 28:16-24.

6. Paulus nglatih liyané bèn isa apa?

6 Pas nginjil, Paulus tetep nyedhiakké wektu kanggo nglatih liyané. Misalé, pas perjalanan utusan injilé sing pertama, Paulus dikancani karo Yohanes Markus. (Kis. 12:25) Terus pas perjalanan utusan injilé sing keloro, dhèwèké dikancani karo Timotius. (Kis. 16:1-4) Paulus mesthi nglatih wong loro kuwi bèn isa ngurusi tugas-tugas ing jemaat, nguwatké sedulur-sedulur, lan dadi guru sing trampil.​—1 Kor. 4:17.

Niru Paulus sing nggunakké saben kesempatan kanggo nginjil (Deloken paragraf 7) *

7. Piyé carané para pinituwa ngetrapké naséhaté Paulus ing Éfésus 6:14, 15?

7 Carané niru Paulus. Sakliyané nginjil ing omah-omah, pinituwa ya isa nggunakké saben kesempatan kanggo martakké kabar apik. (Wacanen Éfésus 6:14, 15.) Misalé, dhèwèké isa nginjil karo kanca-kanca kerjané utawa wong-wong sing ditemoni pas blanja. Nèk pinituwa kuwi mèlu proyèk pembangunan, dhèwèké ya isa nginjil karo wong-wong sing manggon ing sekitaré proyèk utawa wong-wong sing ngedol barang-barang sing dibutuhké kanggo proyèk kuwi. Terus pas nginjil, para pinituwa ya isa karo nglatih liyané, termasuk para abdiné jemaat.

8. Kadhang para pinituwa kudu piyé bèn isa ngutamakké sing luwih penting?

8 Para pinituwa aja nganti terlalu sibuk karo tugas-tugas ing jemaat utawa wilayah nganti ora nduwé wektu kanggo nginjil. Sakdurungé nampa tugas, para pinituwa isa ndonga sik. Terus, para pinituwa isa mikirké apa tugas kuwi malah isa nggawé dhèwèké ora isa ngutamakké sing luwih penting, misalé ibadah keluarga, nginjil, utawa nglatih anak-anaké bèn isa mèlu martakké kabar apik. Nèk akibaté isa kaya ngono, mungkin luwih apik nèk tugasé ora ditampa. Meskipun ngono, isa waé ana sing ngrasa ora pénak nèk nolak tugas. Tapi, Yéhuwah sakjané ngerti keterbatasané para pinituwa lan ora bakal nesu nèk ana pinituwa sing nolak tugas merga péngin ngutamakké sing luwih penting.

DADI GEMBALA SING APIK

9. Kenapa tugasé para pinituwa dadi gembala kuwi ora gampang?

9 Kenapa ora gampang. Umaté Yéhuwah ngadhepi akèh masalah. Ing akhir jaman iki, akèh sedulur sing butuh dikuwatké lan dihibur. Kadhang, ya ana sing kudu dibantu bèn ora nganti nggawé dosa. (1 Tés. 5:14) Mémang, para pinituwa ora isa nyingkirké kabèh masalahé sedulur-sedulur. Tapi, Yéhuwah péngin para pinituwa ngupaya sak isa-isané kanggo ngopèni lan ngrawat domba-dombané Yéhuwah. Piyé carané para pinituwa isa dadi gembala sing apik?

Muji lan nguwatké sedulur-sedulur (Deloken paragraf 10, 12) *

10. Nurut 1 Tésalonika 2:7, kenapa Paulus dadi gembala sing apik kanggo sedulur-seduluré?

10 Contoné Paulus. Mesthi apik nèk para pinituwa gelem niru Paulus sing apikan lan sayang karo sedulur-sedulur. (Wacanen 1 Tésalonika 2:7.) Paulus selalu muji lan nguwatké sedulur-seduluré. Paulus ya ngandhani nèk Yéhuwah karo dhèwèké sayang banget karo sedulur-sedulur kuwi. (2 Kor. 2:4; Éf. 2:4, 5) Paulus nganggep sedulur-sedulur kaya kancané dhéwé lan gelem nyedhiakké wektu kanggo sedulur-sedulur. Dhèwèké ya nduduhké nèk percaya karo sedulur-sedulur merga gelem nyritakké kelemahané lan apa sing dikuwatirké. (2 Kor. 7:5; 1 Tim. 1:15) Tapi, Paulus ora terus-terusan sambat soal masalahé. Dhèwèké malah péngin mbantu sedulur-sedulur sing mbutuhké.

11. Nèk Paulus naséhati sedulur-sedulur, kuwi alesané merga apa?

11 Kadhang, Paulus kudu naséhati sedulur-sedulur. Tapi, Paulus mènèhi naséhat merga perduli lan péngin nglindhungi sedulur-sedulur, dudu merga jèngkèl. Paulus ngupaya bèn naséhaté gampang dipahami. Dhèwèké ya péngin bèn sedulur-sedulur isa ngetrapké naséhaté. Misalé liwat suraté, Paulus mènèhi naséhat sing tegas karo sedulur-sedulur ing Korintus. Sakwisé nulis surat kuwi, Paulus ngutus Titus kanggo mastèkké piyé tanggepané sedulur-sedulur ing kono. Paulus seneng banget pas ngerti nèk sedulur-sedulur ing Korintus manut naséhaté.​—2 Kor. 7:6, 7.

12. Piyé carané para pinituwa isa nguwatké sedulur-sedulur?

12 Carané niru Paulus. Para pinituwa isa niru Paulus nèk gelem nyedhiakké wektu kanggo sedulur-sedulur. Salah siji carané, para pinituwa isa teka gasik pas pertemuan ibadah bèn isa omong-omongan utawa nyemangati sedulur-sedulur, lan kuwi biasané ora butuh wektu sing suwé. (Rm. 1:12; Éf. 5:16) Para pinituwa ya isa nggunakké Alkitab kanggo nguwatké imané sedulur-sedulur lan nduduhké nèk Yéhuwah sayang karo sedulur-sedulur kuwi. Terus, para pinituwa kudu nduduhké nèk sayang karo sedulur-sedulur. Dhèwèké kudu kerep muji lan ngejak ngobrol sedulur-sedulur. Terus pas mènèhi naséhat, kuwi dhasaré kudu saka Alkitab. Bèn sedulur-sedulur luwih gampang ngetrapké naséhaté, para pinituwa ora éntuk kasar lan naséhaté kudu jelas.​—Gal. 6:1.

ISIH DURUNG SAMPURNA

13. Merga ora sampurna, para pinituwa isa waé nduwé pandhangan sing klèru apa?

13 Kenapa ora gampang. Merga ora sampurna, para pinituwa isa nggawé salah kaya liyané. (Rm. 3:23) Kadhang, para pinituwa ya isa nduwé pandhangan sing klèru. Misalé, mungkin ana sing terlalu fokus karo kelemahané dhéwé lan akhiré ngrasa nèk dhèwèké dudu pinituwa sing apik. Sing liyané mungkin malah nganggep ènthèng kelemahané lan ngrasa nèk ora perlu berubah.

14. Nurut Filipi 4:13, apa buktiné nèk Paulus rendah hati?

14 Contoné Paulus. Merga rendah hati, Paulus sadhar nèk butuh bantuané Gusti Allah bèn isa berubah. Mbiyèn, Paulus semangat banget nganiaya murid-muridé Yésus. Tapi, akhiré dhèwèké sadhar nèk kuwi salah lan gelem berubah. (1 Tim. 1:12-16) Merga gelem dibantu Yéhuwah, Paulus isa dadi pinituwa sing rendah hati, apikan, lan sayang karo sedulur-sedulur. Meskipun ngerti nèk nduwé akèh kelemahan, Paulus ora terus-terusan mikirké kuwi lan yakin nèk Yéhuwah bakal ngapura dhèwèké. (Rm. 7:21-25) Tapi, Paulus ya ora ngrasa nèk dhèwèké sing paling bener. Dhèwèké terus ngupaya bèn isa nduwé sipat-sipat sing apik lan njaluk bantuané Yéhuwah bèn tugasé isa berhasil.​—1 Kor. 9:27; wacanen Filipi 4:13.

Terus ngupaya bèn nduwé sipat-sipat sing apik (Deloken paragraf 14-15) *

15. Apa para pinituwa dilantik merga ora tau nggawé salah? Jelasna.

15 Carané niru Paulus. Para pinituwa kuwi dilantik dudu merga ora tau nggawé salah. Nèk para pinituwa salah, Yéhuwah péngin bèn para pinituwa kuwi ngakoni kesalahané lan ngupaya bèn nduwé sipat-sipat sing luwih apik. (Éf. 4:23, 24) Pas sinau Alkitab, para pinituwa isa mikirké sipat-sipat apa sing kudu diubah lan ngupayakké kuwi. Hasilé, Yéhuwah bakal mbantu bèn dhèwèké isa bahagia lan dadi pinituwa sing apik.​—Yak. 1:25.

SEDULUR-SEDULUR ORA SAMPURNA

16. Apa akibaté nèk para pinituwa terus nggatèkké kesalahané sedulur-sedulur?

16 Kenapa ora gampang. Merga kerep bergaul karo sedulur-sedulur, para pinituwa isa gampang ndelok kesalahan lan kelemahané sedulur-sedulur. Nèk ora ngati-ati, para pinituwa isa jèngkèl, kasar, utawa gampang ngecap sedulur-sedulur. Tapi, Paulus ngomong nèk kuwi sakjané sing dipénginké Sétan.​—2 Kor. 2:10, 11.

17. Meskipun sedulur-sedulur ora sampurna, tapi Paulus piyé?

17 Contoné Paulus. Paulus ora tau mikir sing èlèk soal sedulur-sedulur. Mémang, Paulus ngerti nèk sedulur-sedulur ora sampurna lan ya ana sing tau salah karo dhèwèké. Tapi, Paulus ya ngerti nèk wong sing tau nggawé salah kuwi ora berarti dhèwèké wong sing jahat. Paulus sayang karo sedulur-sedulur lan nggatèkké sipat-sipat apiké sedulur-sedulur kuwi. Nèk ana sedulur-sedulur sing durung isa manut karo apa sing bener, Paulus tetep yakin nèk sedulur-sedulur kuwi niaté apik lan mung butuh bantuan bèn isa berubah.

18. Piyé tanggepané Paulus pas ana masalah antarané Éuodia karo Sintikhé, lan apa sing isa dipelajari saka kisah kuwi? (Filipi 4:1-3)

18 Misalé, gatèkna piyé tanggepané Paulus pas ana masalah antarané Éuodia karo Sintikhé nganti wong loro kuwi mungsuhan. (Wacanen Filipi 4:1-3.) Paulus ora kasar utawa langsung nyalahké wong loro kuwi. Dhèwèké nggatèkké sipat-sipat apiké Éuodia karo Sintikhé. Wong loro kuwi wis suwé nglayani Yéhuwah. Dadi, Paulus ngerti nèk Yéhuwah sayang karo Éuodia lan Sintikhé. Paulus ya yakin nèk sakjané Éuodia karo Sintikhé kuwi wong sing apik. Mula, Paulus mènèhi naséhat bèn wong loro kuwi rukun manèh. Merga nggatèkké sipat-sipat apiké sedulur-sedulur, Paulus isa bahagia lan cedhak karo sedulur-sedulur.

Aja langsung nesu utawa mung nggatèkké kesalahané sedulur-sedulur (Deloken paragraf 19) *

19. (a) Piyé carané para pinituwa niru Paulus? (b) Apa sing isa dipelajari saka gambar ing halaman 30?

19 Carané niru Paulus. Para pinituwa kudu nggatèkké sipat-sipat apiké sedulur-sedulur. Mémang, sedulur-sedulur kuwi ora sampurna. Tapi, sedulur-sedulur kuwi mesthi nduwé sipat-sipat sing apik. (Flp. 2:3) Kadhang, para pinituwa ya kudu mènèhi naséhat. Tapi kaya Paulus, aja mung nggatèkké kesalahané sedulur-sedulur thok. Sedulur-sedulur kuwi mesthiné sayang karo Yéhuwah, wis ngupaya bèn isa tetep setya, lan bakal gelem diarahké. Nèk para pinituwa nggatèkké sipat-sipat apiké sedulur-sedulur, kabèh sing ing jemaat bakal ngrasa disayangi.

TERUS NIRU PAULUS

20. Piyé carané bèn para pinituwa isa éntuk manfaat saka contoné Rasul Paulus?

20 Para pinituwa isa éntuk manfaat nèk terus sinau saka Rasul Paulus. Misalé, para pinituwa isa maca ing Indeks Publikasi Menara Pengawal ing bagéan ”“Paulus (Saul)” ing subjudhul ”teladan bagi penatua”. Pas maca artikel-artikel ing kono, para pinituwa isa mikir, ’Apa sing isa tak tiru saka Rasul Paulus bèn aku isa luwih menikmati tugasku dadi pinituwa?’

21. Para pinituwa isa yakin soal apa?

21 Para pinituwa, élinga nèk Yéhuwah péngin njenengan dadi pinituwa sing setya, dudu pinituwa sing sampurna. (1 Kor. 4:2) Mbiyèn, Yéhuwah seneng merga Paulus wis kerja keras lan setya. Mula, njenengan isa yakin nèk Yéhuwah mesthi ya seneng merga njenengan wis kerja keras kanggo sedulur-sedulur ing jemaat. Yéhuwah ”ora bakal lali karo apa sing wis [njenengan] tindakké lan karo katresnan sing [njenengan] duduhké kanggo Dhèwèké lan jenengé . . . wektu [njenengan] terus nglayani wong-wong suci.”​—Ibr. 6:10.

LAGU 87 Acara Ibadah Kuwi Nguwatké

^ par. 5 Awaké dhéwé mesthi bersyukur merga para pinituwa wis kerja keras mbantu awaké dhéwé. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug beberapa kesulitan sing diadhepi para pinituwa. Awaké dhéwé ya bakal ngrembug piyé carané para pinituwa isa niru Rasul Paulus pas ngadhepi kuwi. Sakwisé ngrembug artikel iki, awaké dhéwé mesthi bakal luwih menghargai lan péngin terus ndhukung para pinituwa.

^ par. 61 GAMBAR: Sedulur lanang sing nginjil karo kanca kerjané pas bali kerja.

^ par. 63 GAMBAR: Pinituwa sing lagi omong-omongan lan nyemangati sedulur lanang sing senengé dhèwèkan.

^ par. 65 GAMBAR: Sedulur lanang sing lagi naséhati sedulur liya sing lagi jèngkèl.

^ par. 67 GAMBAR: Pinituwa iki ora langsung nesu pas ana sedulur sing lagi asik dolanan HP pas resik-resik.