Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Piyé Carané Bèn Tetep Tabah Meskipun Lagi Kuwatir?

Piyé Carané Bèn Tetep Tabah Meskipun Lagi Kuwatir?

RASA kuwatir isa nggawé wong dadi ora semangat. (WB. 12:25) Apa njenengan tau ngalami kaya ngono nganti rasané wis ora kuwat manèh? Nèk iya, njenengan ora dhèwèkan. Akèh sing ngrasa kuwatir utawa strès merga kudu ngrawat keluargané sing lara, ditinggal mati wong sing disayangi, utawa kena bencana alam. Nèk ngono, piyé carané njenengan isa tetep tabah meskipun lagi kuwatir? a

Awaké dhéwé isa niru Raja Daud. Daud ngalami akèh masalah lan malah tau mèh dipatèni. (1 Sam. 17:34, 35; 18:10, 11) Kenapa kok Daud isa tetep tabah? Piyé carané niru Daud?

KENAPA DAUD ISA TETEP TABAH?

Daud ngalami keadaan sing nggawé dhèwèké kuwatir. Wektu kuwi, Daud lagi mlayu merga arep dipatèni Raja Saul. Terus, Daud karo anak buahé manggon ing kutha Ziklag. Pas Daud karo anak buahé lagi perang, wong Amalèk nyerang lan ngobong kutha Ziklag. Hartané Daud lan anak buahé dirampok lan keluargané digawa lunga dadi tawanan. Pas mulih, ’Daud lan anak buahé nangis banter banget nganti ora kuwat nangis manèh’. Ning ora mung kuwi. Anak buahé Daud ngomong nèk arep ”mbandhemi Daud nganggo watu”. (1 Sam. 30:1-6) Dadi, masalah sing siji durung rampung wis ana masalah liyané. Daud arep dipatèni Raja Saul, keluargané diculik, wis ngono arep dibandhemi watu karo anak buahé sisan. Daud mesthi kuwatir banget.

Terus piyé? Ing Alkitab disebutké nèk ”Daud éntuk kekuwatan merga njaluk bantuané Yéhuwah Gusti Allahé”. Piyé carané Daud éntuk kekuwatan? Pertama, Daud ndonga njaluk bantuané Yéhuwah. Daud ya ngéling-éling mbiyèn pas Yéhuwah mbantu dhèwèké. (1 Sam. 17:37; Mzm. 18:2, 6) Terus, Daud njaluk tuntunané Yéhuwah. Sakwisé ngerti kudu piyé, Daud manut arahané Yéhuwah. Hasilé, Yéhuwah mberkahi Daud. Daud karo anak buahé isa nggawa bali keluargané. Barang-barang sing dirampas ya isa digawa bali. (1 Sam. 30:7-9, 18, 19) Dadi, piyé carané Daud éntuk kekuwatan saka Yéhuwah? Dhèwèké ndonga njaluk bantuané Yéhuwah, ngéling-éling pas mbiyèn Yéhuwah mbantu dhèwèké, lan manut karo tuntunané Yéhuwah. Piyé carané niru Daud?

PIYÉ CARANÉ NIRU DAUD?

1. Ndonga. Daud tau ngomong, ”Yéhuwah kuwi tebing watuku lan bèntèngku, Dhèwèké sing nylametké aku. Gusti Allah kuwi gunung watuku, panggonanku nggolèk perlindungan.” (Mzm. 18:2) Kata-katané Daud kuwi nduduhké nèk dhèwèké percaya karo Yéhuwah. Kaya Daud, nèk ndonga, kuwi berarti awaké dhéwé percaya karo Yéhuwah. Pas ngrasa kuwatir, awaké dhéwé isa ndonga njaluk bantuan lan kawicaksanan saka Yéhuwah. Critakna kabèh sing njenengan rasakké karo Yéhuwah. Malah meskipun dongané singkat utawa mung dibatin, Yéhuwah bakal tetep ngrungokké. Apa donga kuwi pancèn ana manfaaté? Sedulur sing dadi perintis sing jenengé Kahlia ngomong ngéné, ”Sakwisé ndonga, aku dadi ngrasa luwih tenang. Aku dadi ngerti apa sing dipénginké Yéhuwah lan dadi semakin percaya karo Yéhuwah.” Dadi, awaké dhéwé isa ngrasa luwih pénak sakwisé ndonga. Donga kuwi pancèn hadiah saka Yéhuwah.

2. Ngéling-éling bantuané Yéhuwah. Coba diéling-éling pas mbiyèn Yéhuwah tau mbantu njenengan ngatasi masalah. Nèk ngrenungké soal kuwi lan pengalaman abdiné Yéhuwah jaman mbiyèn, awaké dhéwé mesthi dadi luwih tenang lan semakin percaya karo Yéhuwah. (Mzm. 18:17-19) Pinituwa sing jenengé Joshua ngomong, ”Pas ndonga, aku ngupaya bèn isa spésifik. Terus pas dongaku dijawab karo Yéhuwah, kuwi tak cathet. Cathetan kuwi isa mbantu aku terus ngéling-éling bantuané Yéhuwah.” Dadi, nèk ngéling-éling bantuané Yéhuwah mbiyèn, awaké dhéwé isa éntuk kekuwatan bèn terus semangat lan ora kuwatir.

3. Manut tuntunané Yéhuwah. Sakdurungé nggawé keputusan, awaké dhéwé isa nggolèk tuntunané Yéhuwah ing Alkitab. Tuntunané Yéhuwah kuwi isa dipercaya. (Mzm. 19:7, 11) Bèn isa ngerti carané ngetrapké pathokané Alkitab, awaké dhéwé isa nggolèk katrangan luwih akèh saka bacaan utawa vidéo sing disedhiakké organisasi. Pinituwa sing jenengé Jarrod ngomong, ”Merga nggolèk katrangan luwih akèh, aku dadi ngerti carané ngetrapké ayat sing lagi tak waca lan ngerti apa sing dipénginké Yéhuwah saka aku. Aku ya dadi semakin percaya nèk tuntunané Yéhuwah iki bener. Hasilé, aku dadi luwih gampang manut karo Yéhuwah.” Nèk nggolèk tuntunané Yéhuwah ing Alkitab lan manut karo kuwi, awaké dhéwé isa tetep tenang lan bahagia meskipun ana masalah sing nggawé kuwatir.

YÉHUWAH MESTHI BAKAL MBANTU

Daud ngerti nèk dhèwèké butuh bantuané Yéhuwah bèn isa ngatasi rasa kuwatir. Daud bener-bener bersyukur merga Yéhuwah mbantu dhèwèké. Dhèwèké ngomong, ”Aku isa nglumpati témbok nganggo kuwasané Gusti Allah. Gusti Allah sing bener nguwatké aku.” (Mzm. 18:29, 32) Awaké dhéwé mungkin ngadhepi masalah sing kétoké ora ana jalan keluaré. Kuwi isa dipadhakké kaya témbok sing dhuwur sing ora isa diliwati. Tapi, Yéhuwah isa mbantu bèn awaké dhéwé isa tetep tabah. Mula, awaké dhéwé kudu ndonga karo Yéhuwah, ngéling-éling pas mbiyèn Yéhuwah mbantu awaké dhéwé, lan manut karo tuntunané Yéhuwah. Hasilé, Yéhuwah isa mbantu awaké dhéwé nggawé keputusan sing bener lan mènèhi kekuwatan bèn awaké dhéwé isa tetep tabah meskipun ana masalah sing nggawé kuwatir.

a Wong sing ngrasa kuwatir berlebihan mungkin kudu ing dokter bèn éntuk perawatan keséhatan.