Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 17

Éunike Dadi Conto sing Apik kanggo Para Ibu

Éunike Dadi Conto sing Apik kanggo Para Ibu

”Aja nolak apa sing diwulangké ibumu. Kuwi kaya mahkota sing apik ing sirahmu lan kaya kalung sing apik ing gulumu.”​—WB. 1:8, 9.

LAGU 137 Wong-Wong Wédok sing Kuwat Imané

ISINÉ ARTIKEL IKI a

Éunike, ibuné Timotius, karo Lois, mbahé Timotius, seneng banget pas ndelok Timotius dibaptis (Deloken paragraf 1)

1-2. (a) Éunike kuwi sapa, lan kenapa Éunike kudu berjuang bèn isa mbantu Timotius dadi abdiné Yéhuwah? (b) Critakna gambar ing halaman 1.

 MÉMANG, ing Alkitab ora dicritakké pas Timotius dibaptis. Tapi, coba bayangna pas kuwi kelakon. Éunike, ibuné, karo Lois, mbahé, ngadeg ing pinggir kali pas Timotius dibaptis. Éunike mesthi seneng banget merga anaké lanang gelem nglayani Yéhuwah. (WB. 23:25) Dhèwèké mungkin ya terharu pas éling perjuangané ngajari anaké soal Yéhuwah lan Yésus. Kenapa kok Éunike kudu berjuang bèn isa mbantu Timotius dadi abdiné Yéhuwah?

2 Bapaké Timotius kuwi wong Yunani. Ibu lan mbahé Timotius kuwi wong Yahudi. (Kis. 16:1) Terus mungkin pas Timotius isih remaja, Éunike karo Lois dadi wong Kristen. Tapi bapaké ora. Dadi Timotius kudu milih arep mèlu sapa. Apa Timotius bakal kaya bapaké sing ora nyembah Yéhuwah? Apa dhèwèké bakal tetep manut tradhisiné wong Yahudi sing wis diajarké kèt cilik? Utawa, apa Timotius gelem dadi muridé Yésus?

3. Nurut Wulang Bebasan 1:8, 9, piyé perasaané Yéhuwah soal upayané sedulur-sedulur wédok sing ngajari anak-anaké bèn sayang karo Dhèwèké?

3 Sedulur-sedulur wédok sing wis nduwé anak mesthi ya péngin mbantu anak-anaké bèn sayang karo Yéhuwah. Yéhuwah mesthi menghargai upayané sedulur-sedulur kuwi. (Wacanen Wulang Bebasan 1:8, 9.) Malah, Yéhuwah wis mbantu akèh sedulur wédok ngajari anak-anaké bèn kenal lan sayang karo Yéhuwah.

4. Isa waé para ibu kuwatir soal apa, lan kenapa?

4 Kadhang, sedulur-sedulur wédok sing wis nduwé anak kuwatir apa anaké bakal nglayani Yéhuwah kaya Timotius. Apa manèh, saiki ana akèh pengaruh èlèk saka donyané Sétan. (1 Ptr. 5:8) Terus, ya ana sedulur-sedulur wédok sing kudu ndhidhik anaké dhèwèkan merga bojoné wis mati utawa bojoné dudu Seksi Yéhuwah. Misalé, gatèkna pengalamané sedulur wédok sing jenengé Christine. b Dhèwèké crita, ”Bojoku kuwi sakjané kepala keluarga sing apik. Dhèwèké ya sayang karo anak-anak. Tapi, dhèwèké nglarang aku ngajari anak-anak soal Yéhuwah. Aku kerep nangis nèk mikirké apa sukmbèn anak-anakku bakal nglayani Yéhuwah apa ora.”

5. Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

5 Sedulur-sedulur wédok, njenengan mesthi isa niru Éunike. Nèk wis nduwé anak, njenengan mesthi isa mbantu anak-anaké njenengan bèn nyembah Yéhuwah. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug piyé carané para ibu isa niru Éunike sing ngajari lan dadi conto sing apik kanggo anaké. Terus, awaké dhéwé ya bakal ngrembug piyé Yéhuwah isa mbantu njenengan.

NGAJARI ANAK-ANAK SOAL YÉHUWAH

6. Nurut 2 Timotius 3:14, 15, kok isa Timotius gelem dadi wong Kristen?

6 Kèt Timotius isih cilik, Éunike wis ngajari Timotius soal ”Kitab Suci”. Mémang, pengetahuané Éunike mungkin terbatas merga dhèwèké durung ngerti soal Yésus. Meskipun ngono, apa sing dipelajari Timotius sakjané wis isa nggawé dhèwèké gelem dadi wong Kristen. Tapi, Timotius ngerti soal Yésus kan pas wis remaja. Dadi wektu kuwi, Timotius wis isa nggawé keputusan dhéwé. Apa Timotius bakal gelem dadi wong Kristen? Ing Alkitab disebutké nèk Timotius isa ”diyakinké bèn percaya” karo ajaran soal Yésus. Salah siji alesané, mesthi merga Éunike wis mbantu Timotius. (Wacanen 2 Timotius 3:14, 15.) Éunike mesthi seneng banget merga ora nyerah ngajari Timotius soal Yéhuwah meskipun kuwi ora gampang. Sakjané, kuwi cocog karo arti jenengé Éunike yaiku ”ngalahké”. Éunike wis ngalahké utawa isa ngatasi masalah-masalah sing diadhepi wektu ndhidhik Timotius.

7. Piyé carané Éunike mbantu Timotius bèn isa nggawé keputusan sing bener?

7 Mémang, Éunike seneng banget pas Timotius dibaptis. Tapi, Éunike tetep isih kuwatir. Éunike mungkin mikir, ’Apa Timotius bakal terus ngutamakké Yéhuwah? Apa dhèwèké isa milih kanca sing apik? Apa Timotius bakal milih nglanjutké sekolah ing Athéna lan akhiré terpengaruh karo ajarané wong-wong pinter ing kono? Apa Timotius bakal ngutamakké harta?’ Mémang, sing kudu nggawé keputusan kuwi Timotius dhéwé. Ning, Éunike isa mbantu Timotius bèn isa nggawé keputusan sing bener. Piyé carané? Éunike kudu terus mbantu Timotius bèn tambah sayang karo Yéhuwah lan gelem berkorban kanggo Yéhuwah. Pancèn, ndhidhik anak-anak kuwi ora gampang. Sedulur-sedulur sing kudu nggedhèkké anak dhèwèkan utawa wong tuwa sing loro-loroné nyembah Yéhuwah ya tetep butuh upaya kanggo mbantu anak-anaké bèn sayang karo Yéhuwah. Terus, apa sing isa dipelajari para wong tuwa saka Éunike?

8. Piyé carané sedulur-sedulur wédok sing bojoné seiman ndhukung bojoné wektu mulang anak-anak?

8 Sinau Alkitab bareng. Yéhuwah péngin sedulur-sedulur wédok sing bojoné seiman ndhukung bojoné wektu mulang anak-anak bèn manut Yéhuwah. Salah siji carané, njenengan kudu mèlu ibadah keluarga. Njenengan isa mbantu anak-anak bèn tetep semangat wektu mèlu ibadah keluarga lan nggawé suasanané nyenengké. Terus, njenengan isa mbantu bojoné njenengan nggawé rencana kanggo ibadah keluarga minggu-minggu berikuté. Nèk anak-anaké njenengan wis cukup umur, njenengan ya isa mbantu bojoné njenengan mulang anak-anak nganggo buku Bahagia Saklawasé.

9. Piyé carané bèn sedulur-sedulur wédok sing bojoné ora seiman tetep isa mulang anak-anaké?

9 Ana sedulur-sedulur wédok sing kudu ndhidhik anaké dhèwèkan, mungkin merga bojoné wis mati utawa bojoné ora seiman. Nèk kuwi sing njenengan alami, aja terlalu kuwatir. Yéhuwah mesthi bakal mbantu njenengan. Organisasiné Yéhuwah wis nyedhiakké bacaan-bacaan lan vidéo sing isa digunakké kanggo mulang anak-anak. Terus, ing jemaaté njenengan mesthi ya ana wong tuwa sing pengalaman ndhidhik anak-anaké. Njenengan isa takon sedulur-sedulur kuwi bèn isa éntuk saran-saran sing cocog kanggo ibadah keluarga. c (WB. 11:14) Njenengan ya isa ndonga bèn Yéhuwah mbantu njenengan ngerti pikiran lan perasaané anak-anak. (WB. 20:5) Malah, sakjané njenengan isa nggunakké pitakonan-pitakonan sing sederhana. Misalé, njenengan mungkin isa takon karo anak-anak, ”Piyé sekolahmu iki mau?”

10. Apa manèh sing isa diupayakké sedulur-sedulur wédok sing bojoné ora seiman?

10 Nggolèk kesempatan bèn isa mulang anak-anak. Nèk ora isa teratur sinau Alkitab karo anak-anak, njenengan isa nggolèk kesempatan liya bèn isa nyritakké soal Yéhuwah lan berkah-berkah sing wis njenengan tampa. (PT. 6:6, 7; Yés. 63:7) Sedulur Christine, sing disebutké mau, crita ngéné, ”Aku selalu nggolèk kesempatan bèn isa nyritakké soal Yéhuwah karo anak-anak. Kadhang, aku ngejak anak-anakku jalan-jalan utawa numpak prau. Terus, aku karo anak-anak ngobrol soal ciptaané Yéhuwah lan piyé carané bèn isa akrab karo Dhèwèké. Pas anak-anakku wis saya gedhé, aku ngandhani bèn sinau Alkitab pribadi.” Terus, njenengan ya isa nyritakké sing apik-apik soal organisasiné Yéhuwah lan sedulur-sedulur. Njenengan ya aja ngèlèk-èlèk para pinituwa. Hasilé, anak-anaké njenengan ora bakal ragu-ragu njaluk bantuané para pinituwa nèk pas ana masalah.

11. Nurut Yakobus 3:18, apa hasilé nèk tetep apikan?

11 Kudu tetep apikan. Njenengan kudu kerep nduduhké nèk sayang karo bojo lan anak-anaké njenengan. Terus, njenengan kudu ngupaya bèn anak-anak tetep ngajèni bapaké. Hasilé, anak-anaké njenengan bakal luwih seneng sinau soal Yéhuwah. (Wacanen Yakobus 3:18.) Gatèkna pengalamané Yosef sing nglayani dadi perintis istiméwa ing Romania. Mbiyèn bapaké ora seneng nèk Yosef, ibuné, mbakyuné, karo adhi-adhiné nglayani Yéhuwah. Yosef kandha, ”Ibuku berjuang bèn tetep apikan. Nèk bapakku saya kasar, ibuku malah saya apikan. Ibuku ya ngerti nèk anak-anak angèl ngajèni Bapak merga Bapak kasar. Nèk wis ngono, ibuku mbahas Éfésus 6:1-3. Terus, ibuku nyritakké sipat-sipat apiké Bapak lan kenapa kudu tetep sayang lan ngajèni Bapak. Merga ibuku tetep apikan, suasana ing omah dadi tetep nyaman.”

DADI CONTO SING APIK KANGGO ANAK-ANAK

12. Nurut 2 Timotius 1:5, apa pengaruhé kanggo Timotius merga Éunike mènèhi conto sing apik?

12 Wacanen 2 Timotius 1:5. Éunike mesthi dadi conto sing apik kanggo Timotius. Éunike mesthi ya ngajari Timotius bèn nduduhké imané liwat perbuatan. (Yak. 2:26) Timotius ngerti nèk ibuné bener-bener sayang karo Yéhuwah. Dhèwèké ya ndelok nèk ibuné bahagia merga nglayani Yéhuwah. Terus, apa pengaruhé kanggo Timotius? Kaya sing disebutké Paulus, Timotius nduwé iman sing kuwat kaya ibuné. Tapi kuwi ora otomatis. Timotius mesthi nggatèkké contoné ibuné, terus péngin niru ibuné. Kaya Éunike, jaman saiki ya ana akèh ibu-ibu sing berhasil mbantu keluargané kenal Yéhuwah meskipun ’ora ngomong apa-apa’. (1 Ptr. 3:1, 2) Njenengan ya isa kaya ngono. Piyé carané?

13. Kenapa para ibu kudu ngutamakké Yéhuwah?

13 Ngutamakké Yéhuwah. (PT. 6:5, 6) Para ibu mesthiné wis akèh berkorban bèn isa ngrawat lan ngopèni anak-anak. Njenengan mesthi ya padha. Bèn isa ngrawat lan ngopèni anak-anak, mesthi butuh wektu lan biaya. Njenengan mungkin ya dadi kurang turu. Tapi aja nganti njenengan terlalu sibuk nganti ora nduwé wektu kanggo Yéhuwah. Njenengan kudu nyedhiakké wektu kanggo ndonga, pelajaran Alkitab pribadi, lan teka ing pertemuan ibadah. Nèk kuwi diupayakké, njenengan bakal tambah akrab karo Yéhuwah lan dadi conto sing apik kanggo keluarga lan sedulur-sedulur.

14-15. Apa sing isa dipelajari saka pengalamané Lina, Maria, lan Juan?

14 Gatèkna pengalamané cah-cah enom sing gelem nglayani Yéhuwah merga ndelok contoné ibuné. Sedulur Lina, anaké wédok Sedulur Christine sing disebutké mau, ngomong ngéné, ”Mbiyèn, aku karo adhi-adhiku ora isa sinau Alkitab nèk pas Bapak ing omah. Dadi, pengetahuanku soal Alkitab ora akèh. Tapi aku nggatèkké nèk Ibu selalu teka ing pertemuan ibadah. Mémang, aku dhéwé durung tau mèlu ing pertemuan ibadahé Seksi Yéhuwah. Tapi merga ndelok contoné ibuku, aku yakin nèk sing diajarké Seksi Yéhuwah kuwi bener.”

15 Gatèkna conto liyané. Sedulur Maria tau diunèk-unèkké lan digebugi bapaké merga teka ngibadah. Dhèwèké crita ngéné, ”Pas isih cilik, aku wedi disenèni Bapak nèk arep teka ing pertemuan ibadah. Tapi, aku ndelok ibuku sing terus ngutamakké Yéhuwah. Dhèwèké kendel banget. Merga ndelok contoné ibuku kuwi, aku dadi ora wedi manèh.” Sedulur Juan ya tau ngalami sing mèh padha. Bapaké ora seneng nèk anak-anak utawa ibuné Juan ngomongké soal Alkitab ing omah. Juan ngomong, ”Ibuku mènèhi conto sing apik kanggo anak-anak. Bèn Bapak ora nesu, kabèh sing dijaluk Bapak dituruti karo Ibu, sing penting kuwi ora nglanggar pathokané Yéhuwah. Ibuku bener-bener sayang karo Yéhuwah. Kuwi sing nggawé aku dadi gelem nglayani Yéhuwah.”

16. Apa pengaruhé contoné njenengan kanggo sedulur-sedulur?

16 Njenengan isa dadi conto sing apik ora mung kanggo anak-anak tapi ya kanggo sedulur-sedulur. Mbiyèn, Éunike ya dadi conto kanggo Paulus. Paulus ngomong nèk Timotius isa nduwé iman sing ora munafik merga ”awalé . . . Éunike sing nduduhké iman kaya ngono”. (2 Tim. 1:5) Tapi, kok isa Paulus ngerti nèk Éunike kuwi sedulur wédok sing nduwé iman? Mungkin pas perjalanan utusan injilé sing pertama, Paulus ketemu karo Éunike lan Lois ing kutha Listra. Malah, kétoké Paulus sing mbantu wong loro kuwi dadi wong Kristen. (Kis. 14:4-18) Nah, kata-katané Paulus ing 2 Timotius 1:5 mau ditulis kira-kira 15 taun bar kuwi. Meskipun wis suwé, Paulus isih kèlingan karo contoné Éunike lan nggunakké kuwi kanggo mulang wong liya. Éunike mesthi bener-bener dadi conto sing apik kanggo Paulus lan sedulur-sedulur liyané wektu kuwi. Dadi meskipun kudu nggedhèkké anak dhèwèkan, ning njenengan tetep isa dadi conto sing apik kanggo sedulur-sedulur liyané. Malah, mungkin ana sedulur-sedulur sing dikuwatké merga ndelok contoné njenengan.

Mbantu anak-anak bèn sayang karo Yéhuwah kuwi butuh wektu. Dadi, aja nyerah. (Deloken paragraf 17)

17. Piyé nèk anak-anaké njenengan kétoké kurang menghargai upayané njenengan?

17 Tapi, piyé nèk anak-anaké njenengan kétoké kurang menghargai upayané njenengan? Élinga, mbantu anak-anak bèn kenal lan sayang karo Yéhuwah kuwi butuh wektu. Kaya gambar ing halaman 20, kuwi isa dipadhakké kaya nandur benih. Njenengan mungkin ora yakin apa benihé kuwi bakal thukul lan ngasilké buah. Meskipun ngono, njenengan tetep nyirami lan berharap kuwi thukul. (Mrk. 4:26-29) Padha kaya ngono, isa waé njenengan ragu-ragu apa sukmbèn anak-anaké njenengan bakal nglayani Yéhuwah apa ora. Mémang, sing kudu mutuské arep nglayani Yéhuwah apa ora kuwi anaké njenengan dhéwé. Tapi kaya nyirami benih mau, sing penting njenengan wis ngupaya sak isa-isané ndhidhik anak-anak bèn manut karo Yéhuwah.​—WB. 22:6.

PERCAYA KARO YÉHUWAH

18. Piyé carané Yéhuwah mbantu anak-anaké njenengan bèn cedhak karo Dhèwèké?

18 Kèt mbiyèn, Yéhuwah wis mbantu cah-cah enom bèn cedhak karo Dhèwèké. (Mzm. 22:9, 10) Nèk anak-anaké njenengan péngin nglayani Yéhuwah, Yéhuwah mesthi ya bakal mbantu anak-anaké njenengan. (1 Kor. 3:6, 7) Malah, meskipun anak-anaké njenengan durung tenanan nglayani Yéhuwah, tapi Yéhuwah tetep bakal nggatèkké. (Mzm. 11:4) Terus, Yéhuwah mesthi bakal mbantu nèk anak-anaké njenengan ”nduwé sikap sing bener” kanggo nyenengké Dhèwèké. (Kis. 13:48; 2 Bb. 16:9) Tapi, piyé carané Yéhuwah mbantu anak-anaké njenengan? Anak-anaké njenengan mesthi isa ngrasa dikuwatké nèk omongané njenengan kuwi nyenengké lan nèk diomongké ing wektu sing cocog. (WB. 15:23) Nah bèn isa kaya ngono, Yéhuwah mesthi bakal mbantu njenengan. Yéhuwah ya isa nggunakké sedulur-sedulur ing jemaat kanggo mbantu anak-anaké njenengan. Terus, pas anak-anaké njenengan saya gedhé, Yéhuwah isa mbantu anaké njenengan bèn kèlingan karo sing wis njenengan ajarké mbiyèn. (Yoh. 14:26) Yéhuwah mesthi bakal mberkahi nèk njenengan terus ngajari lan mènèhi conto sing apik kanggo anak-anaké njenengan.

19. Kenapa njenengan isa yakin nèk Yéhuwah sayang karo njenengan lan wis nggawé Yéhuwah seneng?

19 Yéhuwah tetep sayang karo njenengan merga njenengan sayang karo Dhèwèké, ora soal anak-anaké njenengan nglayani Yéhuwah apa ora. Nèk njenengan kudu nggedhèkké anak dhèwèkan, Yéhuwah janji bakal dadi kaya Bapak kanggo anak-anaké njenengan lan nglindhungi njenengan. (Mzm. 68:5) Mémang, njenengan ora isa meksa anak-anak bèn nglayani Yéhuwah. Tapi nèk njenengan terus ngupaya sak isa-isané lan percaya karo Yéhuwah, Yéhuwah mesthi seneng.

LAGU 134 Anak-Anak Hadiah saka Yéhuwah

a Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug contoné Éunike, ibuné Timotius. Terus, awaké dhéwé ya bakal ngrembug piyé carané para ibu isa niru contoné Éunike wektu mbantu anak-anaké bèn kenal lan sayang karo Yéhuwah.

b Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.

c Misalé, deloken saran-saran saka buku Bahagia Saklawasé pelajaran 50 lan artikel sing judhulé ”Ide-Ide untuk Ibadat Keluarga dan Pelajaran Pribadi” ing Menara Pengawal 15 Agustus 2011 halaman 6 lan 7.