Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 15

Apa Omongané Njenengan Isa ”Dadi Conto” kanggo Wong Liya?

Apa Omongané Njenengan Isa ”Dadi Conto” kanggo Wong Liya?

”Kowé kudu dadi conto kanggo wong-wong sing setya liwat omonganmu.”​—1 TIM. 4:12.

LAGU 90 Nyemangati Liyané

ISINÉ ARTIKEL IKI a

1. Sapa sing mènèhi manungsa kemampuan kanggo ngomong?

 YÉHUWAH mènèhi manungsa kemampuan kanggo ngomong. Sakwisé diciptakké, Adam langsung isa omong-omongan karo Yéhuwah. Dhèwèké ya isa nggawé kata-kata sing anyar. Merga nduwé kemampuan kuwi, dhèwèké isa njenengi kéwan-kéwan sing ana ing bumi. (PD. 2:19) Adam mesthi ya seneng banget pas pertama kali isa omong-omongan karo wong liya, yaiku karo Hawa, bojoné.​—PD. 2:22, 23.

2. Apa buktiné nèk kèt mbiyèn nganti saiki akèh sing seneng ngapusi utawa omongané kasar?

2 Sakwisé Adam karo Hawa diciptakké, mulai ana sing omongané ora sesuai karo karepé Yéhuwah. Sétan si Iblis ngapusi Hawa, lan kuwi nyebabké manungsa dadi dosa lan ora sampurna. (PD. 3:1-4) Adam ora ngakoni kesalahané lan malah nyalahké Hawa karo Yéhuwah. (PD. 3:12) Sakliyané kuwi, Kain ngapusi Yéhuwah sakwisé matèni Habèl adhiné. (PD. 4:9) Terus, keturunané Kain sing jenengé Lamèkh nggawé puisi sakwisé matèni wong liya. Kata-katané Lamèkh kuwi nduduhké nèk wong-wong wektu kuwi akèh sing kejem lan kasar. (PD. 4:23, 24) Saiki, akèh wong sing omongané kasar. Misalé, ana pejabat sing wani misuh-misuh ing ngarepé wong akèh. Terus, awaké dhéwé ya kerep krungu kata-kata sing kasar ing film, sekolah, utawa panggonan kerja. Kuwi nduduhké nèk saiki tambah akèh wong sing jahat lan kasar.

3. Awaké dhéwé kudu ngati-ati bèn ora piyé, lan apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

3 Nèk ora ngati-ati, awaké dhéwé isa terbiasa karo kata-kata sing kasar lan malah mèlu-mèlu ngomong kasar. Awaké dhéwé mesthiné péngin nyenengké Yéhuwah. Dadi, awaké dhéwé ora péngin ngomong kasar. Terus, awaké dhéwé ya péngin bèn omongané awaké dhéwé isa ngluhurké Yéhuwah. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug piyé carané bèn omongané awaké dhéwé isa nyenengké Yéhuwah (1) pas nginjil, (2) pas ing pertemuan ibadah, lan (3) pas omong-omongan karo wong liya. Tapi saiki, awaké dhéwé arep mbahas dhisik kenapa omongané awaké dhéwé penting kanggo Yéhuwah.

OMONGANÉ AWAKÉ DHÉWÉ DIANGGEP PENTING KARO YÉHUWAH

Omongan kuwi isa nduduhké apa sing ana ing njero ati (Deloken paragraf 4-5) d

4. Kenapa kok omongané awaké dhéwé kuwi penting kanggo Yéhuwah?

4 Saka Maléakhi 3:16, awaké dhéwé isa ngerti kenapa kok omongané awaké dhéwé kuwi penting kanggo Yéhuwah. (Wacanen.) Ing ayat kuwi disebutké nèk Yéhuwah ’nyathet jenengé wong-wong sing wedi marang Yéhuwah lan sing mikirké jenengé’. Kenapa Yéhuwah nyathet jenengé wong-wong kuwi? Merga wong-wong kuwi nduduhké liwat omongané nèk sayang karo Yéhuwah. Yésus tau ngomong, ”Apa sing diomongké ing cangkem kuwi asalé saka ati.” (Mat. 12:34) Dadi, omongané awaké dhéwé isa nduduhké apa sing ana ing njero ati. Saka omongané awaké dhéwé, Yéhuwah isa ngerti awaké dhéwé sayang karo Dhèwèké apa ora. Nèk awaké dhéwé sayang karo Yéhuwah, Yéhuwah bakal nyathet jenengé awaké dhéwé lan sukmbèn bakal mènèhi urip saklawasé.

5. (a) Apa omongané awaké dhéwé kuwi ana pengaruhé kanggo ibadahé awaké dhéwé? Jelasna. (b) Nurut gambar ing halaman 5, omongané awaké dhéwé aja nganti piyé?

5 Apa sing awaké dhéwé omongké kuwi ana pengaruhé kanggo ibadahé awaké dhéwé. (Yak. 1:26) Wong-wong sing ora sayang karo Yéhuwah kuwi seneng nyombongké dhiri lan omongané kasar. (2 Tim. 3:1-5) Awaké dhéwé mesthi ora péngin kaya ngono. Awaké dhéwé péngin omongané awaké dhéwé kuwi nyenengké Yéhuwah. Mémang, biasané awaké dhéwé bakal alus lan apikan karo sedulur-sedulur lan wong-wong sing ditemoni pas nginjil. Tapi, piyé nèk ing omah? Apa Yéhuwah bakal seneng nèk awaké dhéwé ngomongé kasar karo keluarga? Mesthiné ora, ta?​—1 Ptr. 3:7.

6. Apa hasilé merga Kimberly ramah, ora seneng ngrasani, lan ora seneng misuh-misuh?

6 Liwat omongan, awaké dhéwé isa nduduhké nèk nyembah Yéhuwah. Hasilé, wong-wong isa ngerti ”bédané wong-wong sing nglayani lan sing ora nglayani Gusti Allah”. (Mal. 3:18) Gatèkna pengalamané sedulur wédok sing jenengé Kimberly. b Dhèwèké éntuk tugas kelompok karo kancané. Pas nggarap tugas, kancané nggatèkké nèk Kimberly béda karo murid liyané. Kancané ndelok nèk Kimberly kuwi wongé ramah, ora seneng ngrasani, lan ora seneng misuh-misuh. Merga kagum, kancané Kimberly kuwi akhiré gelem sinau Alkitab. Dadi, omongané awaké dhéwé kuwi isa nggawé wong liya dadi péngin sinau Alkitab. Yéhuwah mesthi seneng nèk awaké dhéwé ngupayakké kuwi.

7. Awaké dhéwé péngin omongané awaké dhéwé isa piyé?

7 Liwat omongan, awaké dhéwé isa ngluhurké Yéhuwah lan nyemangati sedulur-sedulur. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug piyé carané bèn omongané awaké dhéwé ”dadi conto” kanggo wong liya.

PAS NGINJIL

Yéhuwah seneng nèk awaké dhéwé tetep apikan meskipun ana sing kasar (Deloken paragraf 8-9)

8. Meskipun ditudhuh, Yésus piyé?

8 Tetep alus lan apikan pas ana sing nesu. Pas ing bumi, wong-wong nudhuh Yésus nggragas, seneng mabuk, pengikuté Sétan, ora manut aturan soal dina Sabat, lan ngrèmèhké Gusti Allah. (Mat. 11:19; 26:65; Luk. 11:15; Yoh. 9:16) Tapi, Yésus ora nesu utawa ngomong kasar karo wong-wong sing nudhuh dhèwèké. Piyé carané niru Yésus? Nèk ana sing omongané kasar, awaké dhéwé ora perlu mbales. (1 Ptr. 2:21-23) Mémang, kaya ngono kuwi ora gampang. (Yak. 3:2) Terus, piyé carané?

9. Piyé bèn awaké dhéwé ora nesu pas ana sing kasar?

9 Pas wong sing dikabari kasar, aja langsung nesu. Coba pikirna keadaané wong kuwi. Sedulur lanang sing jenengé Sam ngomong, ”Aku selalu mikir nèk wong sing tak ajak omong-omongan kuwi butuh kabar apik lan sukmbèn gelem nglayani Yéhuwah.” Terus kadhang, wong sing dikabari kuwi nesu merga awaké dhéwé tekané ora pas, misalé pas dhèwèké lagi sibuk utawa arep istirahat. Nah, awaké dhéwé isa niru sedulur wédok sing jenengé Lucia. Pas ana sing nesu, awaké dhéwé isa langsung ndonga bèn isa tetep tenang lan ora ngomong sing kasar.

10. Nurut 1 Timotius 4:13, apa sing kudu terus diupayakké?

10 Luwih trampil mulang. Meskipun wis nduwé akèh pengalaman, tapi Timotius kudu terus ngupaya bèn luwih trampil mulang. (Wacanen 1 Timotius 4:13.) Piyé carané awaké dhéwé isa luwih trampil mulang? Awaké dhéwé kudu persiapan. Awaké dhéwé isa nggatèkké saran-saran ing buku Carané Bèn Trampil Maca lan Mulang utawa ing bagéan ”Ditrapké Wektu Nginjil” sing ana ing Urip lan Nginjilé Wong Kristen—Jadwal Kagiyatan. Nèk njenengan dhéwé piyé? Apa njenengan wis éntuk manfaat merga ngetrapké saran-saran sing ana ing kono? Nèk wis persiapan, awaké dhéwé ora bakal terlalu grogi. Terus, awaké dhéwé ya bakal luwih yakin lan luwih trampil wektu mulang.

11. Apa sing diupayakké Sam karo Talia bén isa luwih trampil mulang?

11 Awaké dhéwé ya isa luwih trampil mulang nèk sinau saka sedulur-sedulur ing jemaat. Sam, sing mau disebutké, nggatèkké nèk ana sedulur-sedulur sing trampil mulang. Dhèwèké péngin ngerti piyé carané kok sedulur-sedulur kuwi isa kaya ngono. Dhèwèké ngrungokké tenanan pas sedulur-sedulur kuwi mulang lan niru sedulur-sedulur kuwi. Sedulur liya sing jenengé Talia nggatèkké sedulur-sedulur sing nyampèkké ceramah umum ing pertemuan ibadah. Saka kono, dhèwèké isa ngerti carané bèn isa omong-omongan lan njawab pitakonané wong sing ditemoni pas nginjil.

PAS ING PERTEMUAN IBADAH

Nyanyi muji Yéhuwah pas ing pertemuan ibadah (Deloken paragraf 12-13)

12. Ana sedulur-sedulur sing ngrasa piyé nèk arep nyanyi utawa mènèhi koméntar ing pertemuan ibadah?

12 Pas ing pertemuan ibadah, awaké dhéwé isa mèlu nyanyi nganggo swara sing banter lan mènèhi koméntar sing wis disiapké. (Mzm. 22:22) Tapi, ana sedulur-sedulur sing ngrasa wedi nèk arep mènèhi koméntar utawa nyanyi. Apa njenengan ya ngrasa kaya ngono? Nèk iya, pengalamané sedulur-sedulur sing dirembug ing paragraf-paragraf berikuté isa mbantu njenengan ngatasi perasaan kuwi.

13. Piyé carané bèn isa tetep semangat nyanyi pas ing pertemuan ibadah?

13 Nyanyi muji Yéhuwah. Pas nyanyi ing pertemuan ibadah, tujuan utamané awaké dhéwé kuwi ngluhurké Yéhuwah. Sedulur wédok sing jenengé Sara ngrasa nèk suarané kurang apik. Tapi, dhèwèké péngin tetep mèlu nyanyi muji Yéhuwah. Mula pas persiapan kanggo pertemuan ibadah, dhèwèké ya latihan nyanyi. Pas latihan kuwi, dhèwèké mikirké apa hubungané lagu kuwi karo sing bakal dirembug ing pertemuan ibadah. Sara ngomong, ”Merga aku ngerti nèk tujuané lagu kuwi kanggo ngluhurké Yéhuwah, aku péngin tetep semangat nyanyi meskipun ora pinter nyanyi.”

14. Nèk njenengan wongé groginan, piyé bèn njenengan wani mènèhi koméntar pas pertemuan ibadah?

14 Mènèhi koméntar pas pertemuan ibadah. Ana sedulur-sedulur sing ngrasa nèk mènèhi koméntar kuwi ora gampang. Misalé, Talia sing disebutké mau ngomong ngéné, ”Aku iki wongé grogi banget nèk kudu ngomong ing ngarepé akèh wong. Dadi, aku wedi nèk arep mènèhi koméntar.” Tapi, Talia tetep péngin mènèhi koméntar. Mula, dhèwèké persiapan. Talia ya ngerti nèk jawaban pertama saka pertanyaan tercétak kuduné singkat lan langsung njawab pertanyaan kuwi. Talia ngomong ngéné, ”Dadi sakjané, nèk jawabanku singkat, ora muter-muter, lan langsung ing intiné kuwi ora apa-apa. Malah, kuwi sing dipénginké sing mandhu.”

15. Soal mènèhi koméntar, Yéhuwah péngin awaké dhéwé piyé?

15 Tapi, ya ana sedulur-sedulur sing ora gelem mènèhi koméntar meskipun sakjané ora isinan. Misalé, sedulur wédok sing jenengé Juliet ngomong ngéné, ”Kadhang, aku ragu-ragu nèk arep mènèhi koméntar merga koméntarku terlalu singkat lan biasa-biasa waé.” Tapi kanggoné Yéhuwah, sing penting kuwi awaké dhéwé wis ngupaya mènèhké sing paling apik wektu koméntar. c Yéhuwah mesthi seneng banget nèk awaké dhéwé tetep ngupaya bèn isa mènèhi koméntar meskipun ngrasa wedi.

PAS OMONG-OMONGAN KARO WONG LIYA

16. Omongané awaké dhéwé aja nganti piyé?

16 Aja seneng ”ngrèmèhké”. (Éf. 4:31) Wong Kristen mémang ora éntuk misuh-misuh. Tapi, awaké dhéwé ya kudu ngati-ati bèn aja nganti omongané awaké dhéwé ngrèmèhké wong liya. Misalé, awaké dhéwé mungkin ngèlèk-èlèk wong-wong sing béda suku utawa budaya. Awaké dhéwé ya isa waé nglarani atiné wong liya merga omongané awaké dhéwé nylekit. Salah siji sedulur lanang ngomong ngéné, ”Sakjané aku mung guyonan, tapi jebulé omonganku nggawé wong liya tersinggung. Nganti saiki, bojoku kadhang ngélingké nèk pas omonganku nggawé dhèwèké utawa wong liya lara ati.”

17. Piyé carané awaké dhéwé nguwatké wong liya? (Éfésus 4:29)

17 Kudu nguwatké liyané. Bèn isa nguwatké wong liya, awaké dhéwé aja seneng ngeluh. (Wacanen Éfésus 4:29.) Wong Israèl sakjané wis nampa akèh berkah saka Yéhuwah, tapi wong Israèl malah seneng ngeluh. Nèk awaké dhéwé seneng ngeluh, wong liya ya isa mèlu-mèlu. Misalé, merga sepuluh mata-mata ngomongké sing èlèk-èlèk soal Tanah Perjanjian, akibaté ”kabèh wong Israèl protès marang Musa”. (Wi. 13:31–14:4) Timbang seneng ngeluh, luwih apik nèk awaké dhéwé muji wong liya. Nèk seneng muji, awaké dhéwé karo wong sing dipuji isa ngrasa dikuwatké lan bahagia. Misalé, ing Alkitab dicritakké nèk wong-wong wédok Israèl kerep muji anaké Yéfta sing nglayani ing tabernakel ing Syilo. (PH. 11:40) Kuwi mesthi nggawé anaké Yéfta isa terus semangat nglayani ing kono. Sara, sing disebutké mau, ngomong, ”Hasilé apik nèk awaké dhéwé muji sedulur-sedulur. Sedulur-sedulur kuwi isa ngrasa disayangi karo Yéhuwah lan sedulur-sedulur liyané.” Dadi kaya Sara, awaké dhéwé mesthi ya péngin muji wong liya.

18. Nurut Mazmur 15:1, 2, kenapa kudu jujur, lan awaké dhéwé aja nganti piyé?

18 Kudu jujur. Yéhuwah péngin awaké dhéwé jujur. Dhèwèké sengit karo wong sing ngapusi. (WB. 6:16, 17) Tapi, wong-wong saiki nganggep nèk ngapusi kuwi ora apa-apa. Awaké dhéwé aja nganti nduwé pandhangan kaya ngono. (Wacanen Mazmur 15:1, 2.) Mémang, awaké dhéwé ora bakal sengaja ngapusi wong liya. Ning, awaké dhéwé ya aja nganti ora nyampèkké informasi sing sakjané penting nganti marahi wong liya nggawé kesimpulan sing klèru.

Nèk ana sing nyritak-nyritakké èlèké wong liya, awaké dhéwé isa ngganti topik pembicaraan lan ngomongké liyané sing luwih apik (Deloken paragraf 19)

19. Awaké dhéwé kudu ngati-ati bèn ora apa?

19 Aja nyritak-nyritakké rahasiané utawa èlèké wong liya. (WB. 25:23; 2 Tés. 3:11) Juliet, sing mau disebutké, ngomong, ”Aku males nèk ana wong sing ngèlèk-èlèk wong liya. Wong kaya ngono kuwi ora isa dipercaya. Nèk dhèwèké waé senengé ngèlèk-èlèk wong liya ing ngarepku, dhèwèké mungkin ya ngèlèk-èlèk aku ing ngarepé wong liya.” Lha nèk pas omong-omongan terus ujug-ujug ngomongké sing èlèk-èlèk soal wong liya, awaké dhéwé isa ngganti topik pembicaraan lan ngomongké liyané sing luwih apik.​—Kol. 4:6.

20. Apa tékadé njenengan?

20 Merga saiki akèh wong sing omongané kasar lan seneng ngapusi, awaké dhéwé kudu ngupaya bèn ora kepengaruh. Awaké dhéwé mesthi péngin bèn omongané awaké dhéwé isa nyenengké Yéhuwah. Yéhuwah sing mènèhi awaké dhéwé kemampuan kanggo ngomong. Dhèwèké péngin awaké dhéwé nggunakké kemampuan kuwi nganggo cara sing bener. Yéhuwah mesthi seneng nèk omongané awaké dhéwé pas nginjil, pas ing pertemuan ibadah, lan pas omong-omongan karo wong liya isa ngluhurké Yéhuwah. Pas Yéhuwah nyingkirké donya sing jahat iki, mesthi bakal luwih gampang ngluhurké Yéhuwah liwat omongané awaké dhéwé. (Yud. 15) Mula, saiki awaké dhéwé kudu terus ngupaya bèn omongané awaké dhéwé ”nggawé [Yéhuwah] seneng”.​—Mzm. 19:14.

LAGU 121 Kudu Terus Ngendhalèni Dhiri

a Yéhuwah mènèhi manungsa hadiah sing luar biasa, yaiku kemampuan kanggo ngomong. Tapi sayangé, akèh wong saiki omongané kasar, seneng ngapusi, lan seneng ngrèmèhké wong liya. Yéhuwah ora seneng nèk awaké dhéwé kaya ngono. Piyé carané bèn omongané awaké dhéwé isa nguwatké wong liya lan nggawé Yéhuwah seneng? Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug piyé carané bèn omongané awaké dhéwé isa nyenengké Yéhuwah pas nginjil, pas ing pertemuan ibadah, lan pas omong-omongan karo wong liya.

b Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.

c Bèn isa ngerti carané bèn wani mènèhi koméntar, deloken artikel ”“Muji Yéhuwah ing Jemaat” ing Warta Penting Januari 2019.

d GAMBAR: Sedulur lanang iki mèlu ngamuk pas sing dikabari omongané kasar. Sedulur lanang iki ora mèlu nyanyi pas ing pertemuan ibadah. Pas ngobrol, sedulur wédok iki mèlu ngèlèk-èlèk sedulur liya.