Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 25

Yéhuwah Mberkahi Wong-Wong sing Seneng Ngapura

Yéhuwah Mberkahi Wong-Wong sing Seneng Ngapura

”Kowé kudu tulus ngapura wong liya, kaya Yéhuwah tulus ngapura kowé.”​—KOL. 3:13.

LAGU 130 Kudu Seneng Ngampuni

ISINÉ ARTIKEL IKI a

1. Nèk ana sing nggawé dosa lan tenanan mertobat, Yéhuwah bakal piyé?

 YÉHUWAH kuwi Penciptané awaké dhéwé, Sing Mènèhi Hukum, lan Hakimé awaké dhéwé. (Mzm. 100:3; Yés. 33:22) Tapi, Yéhuwah kuwi ya Bapak sing sayang karo awaké dhéwé. Nèk awaké dhéwé nggawé dosa lan tenanan mertobat, Yéhuwah mesthi gelem ngapura awaké dhéwé. (Mzm. 86:5) Kuwi sesuai karo sing disebutké ing Yésaya 1:18. Ing ayat kuwi Yéhuwah ngomong, ”Senajan dosamu abang banget kaya getih, kuwi bakal dadi putih kaya salju.” Kata-katané Yéhuwah kuwi mesthi nentremké ati.

2. Bèn tetep isa nduwé hubungan sing apik karo wong liya, awaké dhéwé kudu piyé?

2 Kabèh wong mémang ora sampurna. Dadi, kadhang awaké dhéwé isa nggawé wong liya lara ati utawa wong liya sing nglarani atiné awaké dhéwé. (Yak. 3:2) Meskipun ngono, awaké dhéwé tetep isa nduwé hubungan sing apik karo wong liya nèk seneng ngapura. (WB. 17:9; 19:11; Mat. 18:21, 22) Nèk awaké dhéwé nggawé dosa, Yéhuwah bakal ”bener-bener ngapura” awaké dhéwé. (Yés. 55:7) Dadi, Yéhuwah péngin awaké dhéwé ya seneng ngapura wong liya.​—Kol. 3:13.

3. Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

3 Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug nèk awaké dhéwé ya isa niru Yéhuwah sing seneng ngapura. Terus, awaké dhéwé ya bakal ngrembug pitakonan-pitakonan iki: Dosa apa waé sing kudu ditangani para pinituwa? Kenapa awaké dhéwé kudu seneng ngapura? Apa sing isa dipelajari saka pengalamané sedulur-sedulur sing gelem ngapura meskipun wis digawé susah wong liya?

NÈK ANA SING NGGAWÉ DOSA SING GEDHÉ

4. (a) Nèk ana sing nggawé dosa sing gedhé, wong kuwi kudu piyé? (b) Apa waé sing kudu dipikirké para pinituwa sing dadi panitia pengadilan?

4 Nèk ana sing nggawé dosa sing gedhé, kuwi kudu ditangani para pinituwa. Wong sing nggawé dosa sing gedhé kuwi bener-bener nglanggar hukumé Yéhuwah, misalé sing disebutké ing 1 Korintus 6:9, 10. Nèk ana sing nggawé dosa kaya sing disebutké ing ayat mau, dhèwèké kudu ndonga karo Yéhuwah lan njaluk bantuané para pinituwa ing jemaat. (Mzm. 32:5; Yak. 5:14) Terus para pinituwa bakal ngapa? Sakjané, mung Yéhuwah sing isa bener-bener ngapura dosa merga ana korban tebusané Yésus. b Tapi, para pinituwa nduwé tanggung jawab kanggo nggawé keputusan apa wong kuwi perlu ditokké saka jemaat apa ora. (1 Kor. 5:12) Sakdurungé nggawé keputusan, para pinituwa sing dadi panitia pengadilan isa mikirké iki: Apa wong kuwi sengaja nggawé dosa? Apa dhèwèké ngakoni kesalahané? Apa wong kuwi nggawé dosané mung ping pisan utawa wis ping bola bali? Apa ana bukti sing jelas nèk wong kuwi bener-bener menyesal lan wis berubah? Apa ana bukti sing jelas nèk Yéhuwah wis ngapura wong kuwi?​—Kis. 3:19.

5. Apa manfaaté nèk wong sing nggawé dosa lan ora mertobat ditokké saka jemaat?

5 Pas ana sing nggawé dosa, para pinituwa sing nangani kasus kuwi mesthi péngin nggawé keputusan sing padha karo Yéhuwah. Para pinituwa kuwi kudu ndonga karo Yéhuwah, terus ya kudu bener-bener manut kabèh pathokané Alkitab lan kabèh arahan saka organisasiné Yéhuwah soal carané nangani kasus kuwi. (Mat. 18:18) Terus, nèk wongé kudu ditokké saka jemaat, apa kuwi ana manfaaté? Ana. Kuwi isa nglindhungi sedulur-sedulur liyané saka pengaruh sing èlèk. (1 Kor. 5:6, 7, 11-13; Tit. 3:10, 11) Wong sing ditokké saka jemaat kuwi ya isa waé dadi sadhar karo kesalahané lan diapura Yéhuwah. (Luk. 5:32) Nèk wongé wis mertobat, para pinituwa bakal ndonga bèn Yéhuwah mbantu wong kuwi cedhak manèh karo Yéhuwah.​—Yak. 5:15.

6. Apa wong-wong sing ditokké saka jemaat tetep isa diapura karo Yéhuwah? Jelasna.

6 Pancèn, wong sing nggawé dosa lan ora mertobat bakal ditokké saka jemaat. Terus nèk wongé ya nglanggar hukumé pamréntah, para pinituwa ora bakal nglindhungi dhèwèké. Yéhuwah wis mènèhi pamréntah wewenang kanggo ngukum kabèh wong sing nglanggar hukumé pamréntah, ora soal wong kuwi mertobat apa ora. (Rm. 13:4) Tapi meskipun dosané gedhé banget, wong kuwi isa diapura Yéhuwah nèk sadhar karo kesalahané, tenanan mertobat, lan gelem berubah.​—Luk. 15:17-24; 2 Bb. 33:9, 12, 13; 1 Tim. 1:15.

7. Apa maksudé awaké dhéwé ngapura wong sing nggawé salah karo awaké dhéwé?

7 Kaya sing wis disebutké mau, sing isa ngapura dosa kuwi mung Yéhuwah, dudu awaké dhéwé. Kuwi mesthi nggawé lega. Tapi, mungkin ana sing berbuat salah lan awaké dhéwé kena akibaté. Nèk kaya ngono, awaké dhéwé kudu piyé? Ora soal wong kuwi njaluk ngapura apa ora, awaké dhéwé tetep isa ngapura wong kuwi. Kuwi maksudé awaké dhéwé ora terus-terusan jèngkèl karo dhèwèké. Mémang, kuwi ora gampang. Apa manèh, nèk perbuatané marahi lara ati. Ing Menara Pengawal 15 September 1994 disebutké ngéné, ”Nèk awaké dhéwé ngapura wong, kuwi dudu berarti awaké dhéwé ngilangi dosané wong kuwi. Kanggoné wong Kristen, ngapura kuwi maksudé percaya tenan nèk Yéhuwah bakal adil wektu ngadili wong. Yéhuwah kuwi Hakim sing paling adil. Dadi, Dhèwèké bakal nggawé keputusan sing adil ing wektu sing pas.” Kenapa Yéhuwah ngongkon awaké dhéwé ngapura wong liya lan percaya nèk Yéhuwah kuwi adil?

KENAPA YÉHUWAH NGONGKON AWAKÉ DHÉWÉ NGAPURA WONG LIYA?

8. Kenapa ngapura wong liya kuwi bukti nèk awaké dhéwé bersyukur karo Yéhuwah?

8 Kuwi bukti nèk awaké dhéwé bersyukur karo Yéhuwah. Yésus tau nyritakké perumpamaan soal budhak sing nduwé utang karo raja. Budhak kuwi utangé akèh banget nganti ora isa mbayar. Meskipun ngono, raja nganggep utangé budhak kuwi lunas. Tapi, budhak kuwi ora gelem apikan karo kancané sing utang karo dhèwèké. Padahal, utangé kancané kuwi luwih sithik timbang utangé dhèwèké karo raja. (Mat. 18:23-35) Apa pelajarané? Yéhuwah kuwi kaya raja sing apikan mau. Nèk awaké dhéwé bersyukur merga Yéhuwah wis apikan, awaké dhéwé ya bakal gelem ngapura wong liya. (Mzm. 103:9) Mbiyèn, ing majalah The Watchtower tau disebutké ngéné, ”Awaké dhéwé mungkin wis bola-bali ngapura wong liya. Tapi, kuwi ora ana apa-apané nèk dibandhingké karo Yéhuwah sing wis kerep ngapura awaké dhéwé merga korban tebusané Yésus.”

9. Yéhuwah ngrasa mesakké karo sapa? (Matius 6:14, 15)

9 Awaké dhéwé bakal diapura karo Yéhuwah. Yéhuwah ngrasa mesakké karo wong sing mesakké karo wong liya. (Mat. 5:7; Yak. 2:13) Awaké dhéwé isa ngerti soal kuwi saka kisahé Ayub. Ayub lara ati banget merga omongané kanca-kancané. Bar kuwi, Yéhuwah ngongkon Ayub ndongakké kanca-kancané kuwi. Merga Ayub gelem mesakké kanca-kancané, Yéhuwah ngrasa mesakké lan mènèhi Ayub berkah sing akèh. (Ayb. 42:8-10) Mbiyèn pas ngajari murid-muridé ndonga, Yésus ya ngomong nèk Yéhuwah bakal ngapura awaké dhéwé nèk awaké dhéwé ngapura wong liya.​—Wacanen Matius 6:14, 15.

10. Apa akibaté nèk terus-terusan jèngkèl? (Éfésus 4:31, 32)

10 Terus-terusan jèngkèl kuwi ora ana manfaaté. Nèk terus-terusan jèngkèl, awaké dhéwé ora bakal tenang uripé. Yéhuwah ora péngin awaké dhéwé kaya ngono. (Wacanen Éfésus 4:31, 32.) Mulané Yéhuwah ngomong, ”Aja nesu, lan aja ngamuk.” (Mzm. 37:8) Lha mémangé, apa akibaté nèk awaké dhéwé terus-terusan jèngkèl? Nèk terus-terusan jèngkèl, awaké dhéwé bakal lara lan ora bahagia. (WB. 14:30) Kuwi ya ora ana gunané kanggo wong sing nggawé awaké dhéwé jèngkèl. Terus-terusan jèngkèl kuwi kaya ngombé racun. Nèk awaké dhéwé sing ngombé racun, ora mungkin wong liya sing keracunan, ta? Tapi nèk gelem ngapura wong liya, kuwi manfaaté ya kanggo awaké dhéwé. (WB. 11:17) Awaké dhéwé isa ngrasa ayem lan terus semangat nglayani Yéhuwah.

11. Nurut Roma 12:19-21, apa awaké dhéwé éntuk balas dendam? Jelasna.

11 Mung Yéhuwah sing nduwé hak kanggo mbales. Yéhuwah ora mènèhi awaké dhéwé wewenang kanggo mbales wong liya. (Wacanen Roma 12:19-21.) Apa manèh, awaké dhéwé kuwi ora sampurna. Dadi, awaké dhéwé ora ngerti sak kabèhé. (Ibr. 4:13) Terus nèk lagi jèngkèl karo wong, awaké dhéwé biasané nduwé pandhangan sing èlèk karo wong kuwi. Akibaté, perbuatané awaké dhéwé ora sesuai karo karepé Gusti Allah. Kuwi kaya sing disebutké Yakobus, ”Wong sing nesu kuwi tumindaké ora cocog karo apa sing bener kanggoné Gusti Allah.” (Yak. 1:20) Tapi, Yéhuwah ora kaya ngono. Awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah kuwi selalu berbuat sing bener lan sing adil.

Aja terus-terusan jèngkèl. Percayaa karo Yéhuwah. Yéhuwah bakal nyingkirké kabèh sing nggawé susah. (Deloken paragraf 12)

12. Kok isa ngapura kuwi bukti nèk awaké dhéwé percaya karo Yéhuwah?

12 Ngapura kuwi bukti nèk awaké dhéwé percaya karo Yéhuwah. Kok isa? Yéhuwah ngerti nèk awaké dhéwé isa waé dadi susah utawa lara ati merga perbuatané wong liya. Sukmbèn, Yéhuwah janji nèk perasaan-perasaan kaya ngono kuwi bakal disingkirké. Ing Alkitab disebutké nèk kabèh sing marahi awaké dhéwé susah ”ora bakal diéling-éling manèh”. Terus, ”kuwi ora bakal ana manèh ing ati”. (Yés. 65:17) Tapi, saiki awaké dhéwé tetep isa lara ati. Piyé carané awaké dhéwé ngatasi perasaan kuwi? Coba gatèkna pengalamané sedulur-sedulur sing wis berhasil ngatasi perasaan kuwi.

BERKAHÉ NÈK GELEM NGAPURA

13-14. Apa sing isa dipelajari saka pengalamané Sedulur Tony karo José?

13 Awaké dhéwé bakal ngrembug pengalamané sedulur-sedulur sing dadi susah merga perbuatané wong liya. Tapi, sedulur-sedulur kuwi gelem ngapura. Apa berkahé merga sedulur-sedulur kuwi gelem ngapura?

14 Gatèkna pengalamané Sedulur Tony c saka Filipina. Masé Sedulur Tony dipatèni karo wong lanang sing jenengé José. Kuwi kelakon sakdurungé Sedulur Tony dadi Seksi Yéhuwah. Pas kuwi, dhèwèké nesu banget lan péngin balas dendam. Akhiré, José ditangkap lan dipenjara. Sakwisé José ditokké saka penjara, Tony nggolèki lan péngin matèni José. Malah, dhèwèké nganti tuku senjata kanggo matèni José. Tapi, akhiré Tony sinau Alkitab karo Seksi Yéhuwah. Merga sinau Alkitab, dhèwèké dadi ngerti nèk kudu berubah lan ora éntuk balas dendam. Terus, Tony dibaptis lan akhiré dadi pinituwa. Nah, jebulé José ya wis dadi Seksi Yéhuwah. Coba bayangna perasaané Sedulur Tony pas ngerti soal kuwi. Pas ketemu, Sedulur Tony ngrangkul José lan ngomong nèk dhèwèké wis ngapura José. Sedulur Tony kandha nèk saiki dhèwèké ngrasa bahagia banget merga wis ngapura José. Kuwi bukti nèk Yéhuwah mberkahi upayané Sedulur Tony.

Meskipun dadi susah merga perbuatané wong liya, Sedulur Peter karo Sue ora terus-terusan jèngkèl. Awaké dhéwé ya isa niru Sedulur Peter karo Sue. (Deloken paragraf 15-16)

15-16. Apa sing isa dipelajari saka pengalamané Sedulur Peter karo Sue?

15 Gatèkna pengalaman liyané, yaiku Sedulur Peter karo Sue, bojoné. Taun 1985, pas Sedulur Peter karo Sue lagi ngibadah, ana bom sing meledak ing njero Balai Ibadah. Gara-gara kuwi, Sedulur Sue dadi ora isa ndelok jelas, kupingé mbengung terus, lan ora isa ngambu apa-apa. d Kadhang Sue karo Peter mikir, ’Kok ya ana wong sing téga masang bom ing kéné.’ Bertahun-tahun bar kuwi, sing masang bom mau ditangkep lan dipenjara seumur hidup. Sedulur Peter karo Sue tau ditakoni apa isa ngapura wong sing masang bom kuwi. Sedulur Peter karo Sue ngomong, ”Yéhuwah wis ngandhani umaté apa akibaté nèk terus-terusan jèngkèl. Kuwi isa marahi dadi lara, strès, lan ora bahagia. Makané, aku karo bojoku njaluk karo Yéhuwah bèn isa ngapura wong sing masang bom kuwi. Hasilé, aku karo Sue isa ngrasa ayem.”

16 Mémang, ngapura wong kuwi ora selalu gampang. Sedulur Peter karo Sue crita, ”Nèk pas larané Sue kumat, kadhang ya isa jèngkèl. Tapi kuwi ora tak pikirké terus. Nèk wis ngono, dadi ora jèngkèl manèh.” Sedulur Peter karo Sue ya ngomong nèk misalé sukmbèn sing ngebom kuwi dadi Seksi Yéhuwah, dhèwèké karo bojoné bakal seneng lan nyambut wong kuwi. Sedulur Peter karo Sue bener-bener ngetrapké pathokané Alkitab. Hasilé, Yéhuwah mbantu wong loro kuwi bèn ora terus-terusan jèngkèl. Sedulur Peter karo Sue ngarep-arep janjiné Yéhuwah nèk sukmbèn kabèh sing marahi susah ora ana manèh.

17. Apa sing isa dipelajari saka pengalamané Sedulur Myra?

17 Gatèkna pengalamané Sedulur Myra. Pas wis nduwé anak loro, dhèwèké lagi sinau Alkitab. Tapi sayangé, bojoné ora gelem mèlu sinau. Terus, bojoné selingkuh lan minggat saka omah. Sedulur Myra ngomong, ”Pas bojoku minggat, aku dadi sedhih, jèngkèl, ngrasa bersalah, lan lara ati banget.” Mémang, akhiré Sedulur Myra pegatan karo bojoné. Dhèwèké crita, ”Perasaan-perasaan kuwi tetep isih ana nganti pirang-pirang sasi. Merga ngrasa kaya ngono, hubunganku karo Yéhuwah lan sedulur-sedulur dadi adoh.” Tapi, saiki Sedulur Myra wis ora jèngkèl manèh, lan dhèwèké fokus karo harapan ing masa depan. Malah, dhèwèké berharap mantan bojoné gelem dadi Seksi Yéhuwah. Myra berhasil ndhidhik anaké lanang loro dadi umaté Yéhuwah. Dhèwèké bahagia merga isa nglayani Yéhuwah bareng karo anak-anaké lan mantu-mantuné.

PERCAYA KARO YÉHUWAH HAKIM SING ADIL

18. Merga Yéhuwah kuwi Hakim sing paling agung, awaké dhéwé isa yakin soal apa?

18 Awaké dhéwé mémang ora nduwé hak kanggo nentokké apa sedulur-sedulur sing nggawé salah bakal diapura apa ora. Yéhuwah kuwi Hakim sing paling agung. Dadi, Yéhuwah sing bakal ngadili wong-wong nganggo cara sing adil. (Rm. 14:10-12) Yéhuwah selalu berbuat sing bener lan sing adil. Terus, awaké dhéwé isa bener-bener percaya karo Yéhuwah, merga Yéhuwah sing paling ngerti endi sing bener lan sing salah.​—PD. 18:25; 1 Raj. 8:32

19. Apa sing bakal kelakon sukmbèn?

19 Sukmbèn, kabèh sing marahi awaké dhéwé susah bakal disingkirké Yéhuwah. Awaké dhéwé ora bakal lara, sedhih, utawa ngrasa lara ati manèh. (Mzm. 72:12-14; Why. 21:3, 4) Kabèh kenangan sing èlèk ya ora bakal diéling-éling manèh. Tapi karo ngentèni kuwi kelakon, awaké dhéwé mesthi bersyukur merga Yéhuwah mulang awaké dhéwé bèn isa terus sabar lan ngapura wong liya.

LAGU 18 Maturnuwun kanggo Tebusan

a Yéhuwah seneng ngapura wong-wong sing mertobat. Kaya Yéhuwah, awaké dhéwé mesthi ya péngin ngapura wong sing nggawé lara ati. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug kesalahan apa sing isa langsung diapura lan endi sing kudu ditangani para pinituwa. Terus, ing artikel iki ya bakal dirembug kenapa Yéhuwah péngin awaké dhéwé ngapura wong liya lan apa berkahé nèk ngupayakké kuwi.

b Deloken ”Pertanyaan Pembaca” ing Menara Pengawal 15 April 1996.

c Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.

d Kisahé Sedulur Peter karo Sue dicritakké ing majalah Sedarlah! 8 Januari 1992 halaman 22-26 lan vidéo JW Broadcasting® sing judhulé Peter dan Sue Schulz: Trauma Dapat Diatasi.