Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 26

Aja Wedi, Merga Yéhuwah Sayang Njenengan

Aja Wedi, Merga Yéhuwah Sayang Njenengan

”Yéhuwah ndhukung aku. Aku ora bakal wedi.”​—MZM. 118:6.

LAGU 105 ”Gusti Allah Kuwi Katresnan”

ISINÉ ARTIKEL IKI a

1. Saka pengalamané sedulur-sedulur sing dicritakké ing paragraf 1, apa waé sing isa nggawé awaké dhéwé wedi?

 GATÈKNA pengalaman-pengalaman iki. Sedulur Nestor karo Maria, bojoné, péngin nglayani ing dhaérah sing mbutuhké luwih akèh penginjil. b Bèn isa pindhah, wong loro kuwi kudu nggawé penyesuaian. Tapi wong loro kuwi kuwatir mengko ora bakal bahagia nèk dhuwité mung sithik. Sedulur lanang sing jenengé Biniam manggon ing negara sing gawéan nginjilé dilarang. Dadi, dhèwèké wedi nèk mengko bakal dianiaya. Terus, dhèwèké ya wedi nèk mikirké piyé tanggepané keluargané merga dhèwèké dadi Seksi Yéhuwah. Sedulur Valérie dikandhani dokteré nèk lara kanker. Dadi, dhèwèké kudu nggolèk dokter sing gelem ngobati penyakité tanpa nggunakké getih. Terus, Sedulur Valérie ya wedi nèk bakal mati.

2. Apa akibaté nèk terlalu wedi?

2 Kadhang, awaké dhéwé ya isa ngrasa wedi. Tapi nèk terlalu wedi, awaké dhéwé mengko isa nggawé keputusan sing ora apik utawa dadi ora cedhak manèh karo Yéhuwah. Malah, isa waé awaké dhéwé dadi ora manut karo préntahé Yéhuwah, termasuk préntah kudu nginjil. (Why. 12:17) Kuwi sing dipénginké Sétan. Sétan kuwi kuwat banget. Tapi, dhèwèké ya jahat lan ora nduwé rasa mesakké. Terus, piyé carané bèn awaké dhéwé isa ngatasi perasaan wedi iki?

3. Bèn isa ngatasi perasaan wedi, awaké dhéwé kudu piyé?

3 Yéhuwah bakal selalu ndhukung lan sayang karo awaké dhéwé. Nèk yakin soal kuwi, awaké dhéwé mesthi isa ngatasi perasaan wedi. (Mzm. 118:6) Mbiyèn, sing nulis Mazmur 118 ya kaya ngono. Dhèwèké nduwé akèh masalah. Misalé, akèh sing ora seneng karo dhèwèké, termasuk para pemimpin (ayat 9, 10). Kadhang, dhèwèké ya ngrasa strès banget (ayat 13). Terus, sing nulis Mazmur 118 kuwi ngrasa kaya dihukum Yéhuwah (ayat 18). Tapi meskipun ngono, dhèwèké ngomong, ”Aku ora bakal wedi.” Kenapa dhèwèké isa ngrasa kaya ngono? Dhèwèké ngerti nèk Yéhuwah sayang banget karo dhèwèké. Dadi, sing nulis Mazmur kuwi yakin ora soal masalah apa sing diadhepi, Yéhuwah bakal selalu mbantu dhèwèké.​—Mzm. 118:29.

4. Nèk yakin Yéhuwah sayang karo awaké dhéwé, awaké dhéwé ora bakal wedi karo apa waé?

4 Awaké dhéwé isa waé wedi nèk ora isa nyukupi kebutuhan keluarga, wedi karo manungsa, utawa wedi mati. Tapi nèk yakin Yéhuwah sayang karo awaké dhéwé, awaké dhéwé mesthi isa ngatasi perasaan kuwi. Sedulur-sedulur sing disebutké ing paragraf 1 berhasil ngatasi perasaan wedi merga yakin Yéhuwah sayang karo umaté.

WEDI ORA ISA NYUKUPI KEBUTUHAN KELUARGA

Sedulur lanang karo anaké lagi nggolèk iwak kanggo mangan karo keluargané (Deloken paragraf 5)

5. Apa waé sing mungkin dikuwatirké kepala keluarga? (Deloken gambar ing halaman 1.)

5 Kepala keluarga nduwé tanggung jawab nyedhiakké kebutuhan keluargané. (1 Tim. 5:8) Nèk njenengan dadi kepala keluarga, njenengan mungkin ngrasa kuwatir. Misalé selama pandemi COVID-19, njenengan mungkin kuwatir nèk bakal di-PHK. Njenengan ya isa waé kuwatir nèk nganti ora isa mbayar kontrakan omah utawa nyedhiakké panganan kanggo keluarga. Njenengan mungkin ya kuwatir nèk mengko ora éntuk gawéan manèh. Terus, kaya Sedulur Nestor lan Maria sing disebutké mau, njenengan mungkin kuwatir nèk ora isa bahagia nèk dhuwité mung sithik. Perasaan kuwatir kaya ngono kuwi salah siji carané Sétan bèn awaké dhéwé ora nglayani Yéhuwah manèh.

6. Sétan péngin awaké dhéwé piyé?

6 Sétan péngin bèn awaké dhéwé mikir nèk Yéhuwah kuwi ora perduli lan ora gelem mbantu awaké dhéwé kanggo nyukupi kebutuhan keluarga. Nèk mikir kaya ngono, mungkin awaké dhéwé dadi ngorbanké apa waé demi gawéan nganti ora ngutamakké Yéhuwah manèh.

7. Yésus ngomong apa soal Yéhuwah?

7 Gatèkna kata-katané Yésus soal Yéhuwah. Yésus kuwi kenal tenan karo Bapaké. Dhèwèké ngomong nèk Yéhuwah ’ngerti apa sing [awaké dhéwé] butuhké, malah sakdurungé [awaké dhéwé] njaluk’. (Mat. 6:8) Yésus percaya nèk Yéhuwah bakal nyedhiakké kebutuhané awaké dhéwé. Kaya bapak sing bakal ngupaya nyukupi kebutuhan keluargané, Yéhuwah mesthi ya bakal terus mènèhi kabèh sing awaké dhéwé butuhké.​—1 Tim. 5:8.

Yéhuwah bakal nyukupi kabèh sing awaké dhéwé butuhké. Dhèwèké isa nggunakké sedulur-sedulur kanggo mbantu awaké dhéwé. (Deloken paragraf 8) d

8. (a) Nèk ngrasa kuwatir ora isa nyukupi kebutuhan keluarga, awaké dhéwé isa ngéling-éling apa? (Matius 6:31-33) (b) Kaya gambar kanggo paragraf 8, piyé carané awaké dhéwé niru suami istri ing gambar kuwi?

8 Yéhuwah sayang karo awaké dhéwé lan bakal nyukupi kabèh sing dibutuhké. Nèk yakin soal kuwi, awaké dhéwé ora bakal terlalu kuwatir soal kebutuhan saben dina. (Wacanen Matius 6:31-33.) Merga Yéhuwah apikan, Yéhuwah nyiptakké kabèh sing ana ing bumi bèn manungsa isa nyaman lan urip bahagia. (PD. 2:9) Nah, mungkin ana umaté Yéhuwah sing uripé pas-pasan, tapi tetep isa nyukupi kebutuhané. Kuwi mesthi merga Yéhuwah sing nyedhiakké. (Mat. 6:11) Apa waé sing awaké dhéwé korbanké bèn isa nglayani Yéhuwah kuwi ora ana apa-apané nèk dibandhingké karo berkah saka Yéhuwah. Malah ing masa depan, Yéhuwah ya bakal mènèhi urip saklawasé. Kuwi sing dirasakké karo Sedulur Nestor lan Maria.​—Yés. 65:21, 22.

9. Apa sing isa dipelajari saka pengalamané Sedulur Nestor karo Maria?

9 Pas isih manggon ing Kolombia, Sedulur Nestor karo Maria uripé wis nyaman, nduwé omah, lan gawéané ya mapan. Merga péngin nglayani ing dhaérah sing mbutuhké luwih akèh penginjil, wong loro kuwi nggawé penyesuaian. Tapi, wong loro kuwi kuwatir nèk mengko ora bakal bahagia nèk dhuwité mung sithik. Terus piyé? Wong loro kuwi ngéling-éling berkah apa waé sing wis ditampa selama nglayani Yéhuwah. Wong loro kuwi ya yakin nèk Yéhuwah mesthi bakal nyukupi kabèh sing dibutuhké. Akhiré, wong loro kuwi metu saka gawéané, ngedol omahé, lan pindhah ing dhaérah sing mbutuhké luwih akèh penginjil. Piyé perasaané wong loro kuwi sakwisé pindhah? Sedulur Nestor crita, ”Aku karo bojoku wis ngrasakké dhéwé nèk kata-kata ing Matius 6:33 pancèn bener. Aku ora tau kekurangan apa-apa. Uripku saiki ya luwih bahagia.”

WEDI KARO MANUNGSA

10. Kenapa ana sing ngrasa wedi karo manungsa?

10 Sakwisé Adam karo Hawa mbrontak, manungsa dadi saya jahat. (Pkh. 8:9) Misalé, ana sing nggunakké wewenangé sak senengé dhéwé, ana sing kejem karo wong liya, lan ana sing kasar karo keluargané. Sakliyané kuwi, ana bocah-bocah sing kerep ngécé lan nakali kanca sekolahé. Mulané, wajar nèk ana sing ngrasa wedi karo manungsa. Tapi nèk awaké dhéwé ya ngrasa kaya ngono, kuwi isa dimanfaatké Sétan. Kok isa?

11-12. Piyé carané Sétan nyerang awaké dhéwé?

11 Sétan ngerti nèk awaké dhéwé wedi karo manungsa, awaké dhéwé isa mandheg nginjil utawa ora manut karo préntahé Yéhuwah manèh. Mula, Sétan nggunakké pamréntah kanggo nglarang gawéan nginjil lan nganiaya umaté Yéhuwah. (Luk. 21:12; Why. 2:10) Terus merga dipengaruhi Sétan, ya ana wong-wong sing nyebarké berita sing ora bener soal Seksi Yéhuwah. Merga percaya karo berita kuwi, wong-wong dadi ngécé utawa nganiaya awaké dhéwé. (Mat. 10:36) Nèk ngalami kaya ngono, awaké dhéwé isa waé dadi wedi. Sakjané, cara iki wis tau digunakké Sétan kanggo nyerang murid-muridé Yésus jaman mbiyèn.​—Kis. 5:27, 28, 40.

Meskipun awaké dhéwé disengiti keluarga, Yéhuwah bakal tetep sayang awaké dhéwé (Deloken paragraf 11-13) e

12 Ana manèh cara liyané sing digunakké Sétan bèn awaké dhéwé wedi. Mungkin, ana sing kuwatir piyé tanggepané keluargané nèk dhèwèké dadi Seksi Yéhuwah. Wong-wong kuwi mungkin ngrasa nèk luwih mendhing dianiaya timbang disengiti karo keluargané. Wong-wong kuwi mesthi sayang banget karo keluargané lan péngin keluargané dadi Seksi Yéhuwah. Mula, wong-wong kuwi sedhih nèk keluargané malah ngèlèk-èlèk Yéhuwah lan umaté. Mémang, ana wong-wong sing awalé nglarang keluargané sinau Alkitab, tapi akhiré gelem dadi Seksi Yéhuwah. Tapi, piyé nèk njenengan nganti ora dianggep keluarga manèh merga sinau Alkitab karo Seksi Yéhuwah?

13. Meskipun disengiti keluarga, tapi awaké dhéwé bakal piyé nèk ngerti Yéhuwah sayang karo awaké dhéwé? (Mazmur 27:10)

13 Awaké dhéwé mesthi ngrasa dikuwatké nèk maca kata-kata ing Mazmur 27:10. (Wacanen.) Saka ayat kuwi, awaké dhéwé isa ngerti nèk Yéhuwah sayang banget karo awaké dhéwé. Nèk ngéling-éling soal kuwi, awaké dhéwé ora bakal ngrasa wedi manèh meskipun disengiti karo keluarga. Terus nèk awaké dhéwé tetep setya, Yéhuwah mesthi bakal mberkahi. Yéhuwah bakal nyukupi kabèh sing awaké dhéwé butuhké, mbantu awaké dhéwé tetep sabar, lan mbantu bèn awaké dhéwé tetep cedhak karo Dhèwèké. Iki sing dirasakké Sedulur Biniam sing disebutké mau.

14. Apa sing isa dipelajari saka pengalamané Sedulur Biniam?

14 Coba gatèkna piyé carané Sedulur Biniam isa ngatasi perasaan wedi. Sedulur Biniam manggon ing negara sing nglarang gawéan nginjil lan nganiaya umaté Yéhuwah. Meskipun wis ngerti soal kuwi, dhèwèké tetep dadi Seksi Yéhuwah. Dhèwèké crita, ”Aku ora nyangka nèk keadaané dadi tambah parah. Mémang, rasané wedi banget. Tapi, aku luwih wedi nggawé bapakku sing ora seiman kecéwa merga aku dadi Seksi Yéhuwah. Aku ya kuwatir piyé nèk keluargaku dadi ora menghargai aku.” Tapi, Sedulur Biniam yakin nèk Yéhuwah selalu perduli lan sayang karo umaté. Kuwi nggawé dhèwèké dadi ora wedi manèh. Sedulur Biniam ngomong, ”Aku ngrenungké piyé Yéhuwah mbantu umaté sing ngadhepi masalah ékonomi, sing dianiaya utawa sing disengiti karo wong liya, lan sing ngadhepi masalah-masalah liyané. Aku yakin nèk Yéhuwah mesthi bakal mberkahi umaté sing tetep setya. Pas aku ditangkep bola-bali lan dianiaya, aku ngrasakké dhéwé nèk Yéhuwah selalu nulungi umaté.” Sedulur Biniam ngrasa nèk Yéhuwah kuwi dadi kaya Bapaké lan sedulur-sedulur dadi kaya keluargané.

WEDI MATI

15. Kenapa wajar nèk awaké dhéwé wedi mati?

15 Nurut Alkitab, kematian kuwi kaya mungsuh. (1 Kor. 15:25, 26) Pas awaké dhéwé utawa keluarga lara parah, awaké dhéwé isa waé ngrasa wedi utawa kuwatir piyé mengko nèk mati. Sakjané wajar nèk awaké dhéwé wedi mati, merga Yéhuwah ngrancang manungsa péngin urip saklawasé. (Pkh. 3:11) Malah nèk nduwé perasaan kaya ngono, kuwi ana manfaaté. Misalé, awaké dhéwé dadi rajin olahraga, mangan sing séhat-séhat, berobat nèk pas lara, lan ngati-ati bèn ora cilaka.

16. Nèk awaké dhéwé terlalu wedi mati, Sétan bakal piyé, lan piyé carané?

16 Sétan ngerti nèk awaké dhéwé nganggep urip kuwi berharga. Tapi, Sétan ngira nèk awaké dhéwé bakal ngorbanké apa waé bèn isa tetep urip, termasuk hubungané awaké dhéwé karo Yéhuwah. (Ayb. 2:4, 5) Kuwi ora bener. Ing Alkitab disebutké nèk Sétan kuwi ”sing nyebabké kematian”. (Ibr. 2:14, 15) Sétan péngin awaké dhéwé terlalu wedi mati, lan dhèwèké manfaatké kuwi bèn awaké dhéwé ora setya karo Yéhuwah. Piyé carané? Isa waé, ana wong-wong sing ngancem arep matèni merga awaké dhéwé tetep setya karo Yéhuwah. Terus nèk awaké dhéwé mungkin lagi lara parah utawa arep mati, Sétan isa manfaatké kuwi bèn awaké dhéwé nglanggar pathokané Alkitab. Mungkin, ana dokter utawa anggota keluarga sing meksa awaké dhéwé nampa transfusi darah utawa pengobatan sing ora cocog karo pathokané Alkitab.

17. Nurut Roma 8:37-39, kenapa awaké dhéwé ora perlu wedi mati?

17 Mémang, awaké dhéwé ora péngin mati. Tapi, awaké dhéwé ya ngerti nèk ora ana sing isa nggawé Yéhuwah ora sayang manèh karo awaké dhéwé, termasuk kematian. (Wacanen Roma 8:37-39.) Yéhuwah bakal terus éling karo para abdiné sing wis mati lan péngin banget nguripké wong-wong kuwi. (Luk. 20:37, 38; Ayb. 14:15) Malah, Yéhuwah wis mènèhi tebusan bèn awaké dhéwé ”isa urip saklawasé”. (Yoh. 3:16) Kuwi bukti nèk Yéhuwah sayang lan perduli karo awaké dhéwé. Dadi meskipun lagi lara utawa arep mati, awaké dhéwé mesthi péngin tetep manut karo Yéhuwah. Awaké dhéwé mesthi ya péngin njaluk bantuan lan kekuwatan saka Yéhuwah. (Mzm. 41:3) Saiki, ayo nggatèkké pengalamané Sedulur Valérie.

18. Apa sing isa dipelajari saka pengalamané Sedulur Valérie?

18 Pas umur 35 taun, Sedulur Valérie dikandhani dokteré nèk lara kanker. Kuwi nggawé Sedulur Valérie wedi nèk bakal mati. Terus, piyé carané Sedulur Valérie ngatasi kuwi? Dhèwèké crita, ”Aku karo bojoku kagèt banget pas dikandhani nèk aku kena kanker. Bèn isa mari, aku kudu dioperasi. Tapi, ora ana dokter sing gelem ngoperasi tanpa nggunakké getih. Aku wedi banget. Tapi, aku ora gelem transfusi darah merga kuwi nglanggar pathokané Alkitab. Yéhuwah selalu sayang karo aku. Saiki, kesempatanku nduduhké nèk aku ya sayang karo Yéhuwah. Pas dikandhani dokter nèk penyakitku saya parah, tékadku dadi saya kuwat kanggo nyenengké Yéhuwah. Akhiré, aku berhasil dioperasi tanpa nggunakké getih. Meskipun aku durung mari tenan, tapi Yéhuwah selalu nyedhiakké sing tak butuhké. Misalé, sakdurungé ngerti nèk aku lara, ing pertemuan ibadah dibahas artikel ’Menghadapi Kesukaran dengan Tabah’. c Pas maca artikel kuwi, aku bener-bener dikuwatké. Artikel kuwi tak waca bola-bali. Merga maca artikel-artikel kaya ngono, tetep semangat nginjil, lan teka ing pertemuan ibadah, aku karo bojoku dadi ngrasa ayem lan akhiré isa nggawé keputusan sing apik.”

SUKMBÈN ORA BAKAL WEDI MANÈH

19. Apa sing sedhéla manèh bakal kelakon?

19 Mémang, saiki awaké dhéwé kudu terus berjuang ngatasi rasa wedi. Tapi nèk dibantu Yéhuwah, awaké dhéwé mesthi isa ngadhepi masalah apa waé lan isa berhasil nglawan Sétan. (1 Ptr. 5:8, 9) Sedhéla manèh, Yésus karo 144.000 sing wis ing swarga bakal ”nyingkirké kabèh tumindaké Iblis”. (1 Yoh. 3:8) Pas kuwi kelakon, kabèh wong sing nglayani Yéhuwah ”ora bakal wedi karo apa waé, lan ora ana sing bakal nggawé [wong-wong kuwi] wedi”.​—Yés. 54:14; Mi. 4:4.

20. Bèn ora wedi manèh, awaké dhéwé kudu piyé?

20 Awaké dhéwé kudu terus yakin nèk Yéhuwah sayang lan bakal terus nglindhungi awaké dhéwé. Mula, awaké dhéwé isa ngrenungké carané Yéhuwah nglindhungi para abdiné jaman mbiyèn. Awaké dhéwé ya isa ngéling-éling piyé Yéhuwah mbantu pas awaké dhéwé ana masalah. Nèk dibantu Yéhuwah, awaké dhéwé mesthi isa ngatasi rasa wedi.​—Mzm. 34:4.

LAGU 129 Terus Setya

a Nèk awaké dhéwé tau ngrasa wedi, kuwi wajar. Malah, kuwi isa nglindhungi awaké dhéwé bèn ora kena bahaya. Tapi nèk terus-terusan ngrasa wedi, kuwi isa dimanfaatké Sétan kanggo nyerang awaké dhéwé. Makané nèk nduwé perasaan wedi, kuwi kudu dilawan. Piyé carané? Nèk yakin Yéhuwah selalu ndhukung lan sayang karo awaké dhéwé, awaké dhéwé mesthi isa ngatasi perasaan wedi. Artikel iki bakal ngrembug soal kuwi.

b Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.

d GAMBAR: Suami istri iki mènèhi panganan kanggo sedulur wédok lan keluargané.

e GAMBAR: Sedulur lanang iki yakin nèk Yéhuwah bakal ndhukung dhèwèké meskipun wong tuwané ora seneng nèk dhèwèké nglayani Yéhuwah.