Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 27

Terus ”Berharap marang Yéhuwah”

Terus ”Berharap marang Yéhuwah”

”Ayo padha berharap marang Yéhuwah. Awaké dhéwé kudu kendel lan kuwat.”​—MZM. 27:14.

LAGU 128 Setya Nganti Akhir

ISINÉ ARTIKEL IKI a

1. (a) Yéhuwah mènèhi harapan apa waé? (b)  Apa maksudé ”berharap marang Yéhuwah”? (Deloken ”Katrangan”.)

 ANA harapan sing luar biasa sing Yéhuwah wènèhké kanggo umaté. Yéhuwah janji nèk sukmbèn bakal nyingkirké kesusahan, penyakit, lan kematian. (Why. 21:3, 4) Yéhuwah ya bakal nggawé bumi iki dadi Firdaus, lan wong-wong sing ”wataké alus” bakal manggon ing kono. (Mzm. 37:9-11) Sakliyané kuwi, kabèh umaté bakal isa tetep cedhak karo Yéhuwah. Merga Yéhuwah selalu nepati kabèh janjiné, awaké dhéwé isa yakin nèk kabèh sing Yéhuwah janjèkké mesthi kelakon. Dadi, awaké dhéwé isa ”berharap marang Yéhuwah” lan sabar ngentèni nganti Yéhuwah nepati janji-janjiné. bMzm. 27:14; Yés. 55:10, 11.

2. Sing disebutké ing buku Wahyu soal kumpulan gedhé wong akèh mbuktèkké nèk Yéhuwah piyé? Jelasna.

2 Yéhuwah mémang selalu nepati janjiné. Misalé, gatèkna apa sing disebutké ing buku Wahyu soal kumpulan gedhé. Yéhuwah janji nèk ing jaman saiki wong-wong saka bangsa sing béda-béda padha bersatu nyembah Yéhuwah. Wong-wong kuwi disebut ”kumpulan gedhé wong akèh”. (Why. 7:9, 10) Meskipun latar belakangé, asalé, lan basané béda-béda, wong-wong kuwi padha rukun lan saling menyayangi. (Mzm. 133:1; Yoh. 10:16) Wong-wong kuwi ya semangat ngandhani wong liya soal harapan sing luar biasa ing masa depan. (Mat. 28:19, 20; Why. 14:6, 7; 22:17) Nèk njenengan dadi bagéan kumpulan gedhé wong akèh kuwi, njenengan mesthi seneng nduwé harapan kaya ngono lan péngin banget bèn kuwi ndang kelakon.

3. Apa sing dipénginké Sétan?

3 Sétan ora péngin awaké dhéwé urip saklawasé. Dhèwèké péngin awaké dhéwé percaya nèk Yéhuwah ora perduli karo awaké dhéwé lan ora bakal nepati janjiné. Sétan ngerti nèk awaké dhéwé ora nduwé harapan, awaké dhéwé isa dadi ora semangat lan akhiré ora nglayani Yéhuwah manèh. Kaya sing bakal dibahas mengko, Sétan nggunakké akèh cara bèn Ayub ora nglayani Yéhuwah manèh.

4. Apa sing bakal dirembug ing artikel iki? (Ayub 1:9-12)

4 Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug piyé carané Sétan nggawé Ayub bèn ora setya karo Yéhuwah. (Wacanen Ayub 1:9-12.) Terus, awaké dhéwé ya bakal ngrembug apa sing isa dipelajari saka kisahé Ayub lan kenapa awaké dhéwé kudu yakin nèk Yéhuwah sayang karo awaké dhéwé lan bakal nepati janjiné.

CARA-CARA SING DIGUNAKKÉ SÉTAN

5-6. Ayub ngalami apa waé?

5 Awalé, uripé Ayub bahagia. Dhèwèké cedhak karo Yéhuwah. Ayub kuwi sugih banget lan nduwé anak akèh. (Ayb. 1:1-5) Tapi, ujug-ujug Ayub kélangan kabèh sing diduwèni. Kabèh hartané entèk. (Ayb. 1:13-17) Bar kuwi, kabèh anaké ya mati. Coba bayangna perasaané Ayub karo bojoné pas ngerti kabèh anaké mati. Wong tuwa sing anaké akèh waé mesthi sedhih banget pas siji anaké mati, apa manèh Ayub. Malah saking sedhihé, Ayub nganti nyuwèk klambiné lan sujud ing lemah—Ayb. 1:18-20.

6 Bar kuwi, Sétan nggawé Ayub kena bisul sing parah saka tlapak sikil tekan sirahé. (Ayb. 2:6-8; 7:5) Terus Ayub kuwi sakjané wong sing diajèni banget. (Ayb. 31:18) Tapi merga penyakité kuwi, akèh wong, termasuk sedulur-seduluré, kanca-kancané, lan para pembantuné, padha ngedohi Ayub.​—Ayb. 19:13, 14, 16.

Akèh umaté Yéhuwah sing ngalami masalah sing abot kaya Ayub (Deloken paragraf 7) d

7. (a) Ayub nganggep nèk kabèh sing dialami asalé saka sapa, tapi dhèwèké piyé? (b) Nurut njenengan, masalah apa waé sing diadhepi umaté Yéhuwah jaman saiki sing mèh padha kaya Ayub? (Deloken gambar kanggo paragraf 7.)

7 Sétan péngin Ayub percaya nèk dhèwèké lagi dihukum Yéhuwah. Misalé, pas anak-anaké Ayub lagi mangan, Sétan nggawé ana angin gedhé. Terus, omah sing dienggo ngumpul anak-anaké Ayub kuwi ambruk. (Ayb. 1:18, 19) Bar kuwi, Sétan nggawé geni mudhun saka langit, terus nyamber lan ngobong ternak-ternaké lan pembantu-pembantuné Ayub nganti ludhes. (Ayb. 1:16) Merga sakdurungé ora tau ana kejadian kaya ngéné, Ayub mungkin nganggep nèk kuwi saka Yéhuwah. Ayub ya mikir nèk dhèwèké wis nggawé Yéhuwah nesu. Tapi, Ayub tetep ora gelem ngomong sing ora bener soal Yéhuwah. Dhèwèké ngomong nèk Gusti Allah kuwi isa mènèhi sing apik lan sing èlèk lan awaké dhéwé kudu gelem nampa kuwi kabèh. Dadi Ayub ngomong, ”Muga-muga jenengé Yéhuwah terus dimulyakké.” (Ayb. 1:20, 21; 2:10) Meskipun Ayub kélangan hartané, anak-anaké padha mati, lan dhèwèké ya kena penyakit sing njijiki, tapi Ayub tetep setya karo Yéhuwah. Ning Sétan ora nyerah.

8. Sétan nggunakké cara apa manèh bèn Ayub ora setya karo Yéhuwah?

8 Sétan nggunakké cara liya bèn Ayub ora setya karo Yéhuwah. Ana telu kancané Ayub sing nggawé Ayub ngrasa ora berharga. Wong-wong kuwi kandha nèk Ayub mesthi dihukum Gusti Allah merga dosané akèh. (Ayb. 22:5-9) Terus, wong-wong kuwi ya kandha meskipun Ayub wis dadi wong apik tapi tetep ora isa nyenengké Gusti Allah. (Ayb. 4:18; 22:2, 3; 25:4) Wong-wong kuwi péngin Ayub mikir nèk Gusti Allah ora sayang karo dhèwèké lan ora ana gunané nglayani Gusti Allah. Pas krungu omongané kanca-kancané kuwi, isa waé Ayub dadi ngrasa semakin putus asa.

9. Kenapa Ayub isa tetep setya karo Yéhuwah meskipun masalahé abot?

9 Coba bayangna keadaané Ayub. Awaké lara kabèh, lan dhèwèké lungguh ing awu. (Ayb. 2:8) Bukané menghibur, kanca-kancané Ayub malah nggawé Ayub tambah sedhih lan nambah-nambahi masalahé Ayub. Dhèwèké mesthi ya isih sedhih banget merga anak-anaké mati kabèh. Awalé, Ayub meneng waé. (Ayb. 2:13–3:1) Kanca-kancané mungkin mikir nèk Ayub bakal ora nglayani Yéhuwah manèh. Tapi, wong-wong kuwi klèru. Ayub malah ngomong, ”Nganti aku mati, ora mungkin nèk aku ora setya marang Gusti Allah.” (Ayb. 27:5) ) Kenapa Ayub isa nduwé tékad sing kuwat kaya ngono? Dhèwèké terus berharap karo Yéhuwah lan bener-bener yakin nèk Yéhuwah bakal ngrampungké kabèh masalahé. Ayub ya ngerti nèk Yéhuwah bakal nguripké manèh nèk misalé dhèwèké mati.​—Ayb. 14:13-15.

APA SING ISA DIPELAJARI SAKA KISAHÉ AYUB?

10. Saka kisahé Ayub, awaké dhéwé isa ngerti apa?

10 Saka kisahé Ayub, awaké dhéwé ngerti nèk Sétan ora isa meksa awaké dhéwé bèn ora nglayani Yéhuwah manèh. Awaké dhéwé ya ngerti nèk Yéhuwah ngerti kabèh sing awaké dhéwé alami. Tapi, ana manèh sing isa dipelajari saka kisahé Ayub. Ayo ngrembug soal kuwi.

11. Apa hasilé nèk terus percaya karo Yéhuwah? (Yakobus 4:7)

11 Saka kisahé Ayub, awaké dhéwé ya ngerti nèk terus percaya karo Yéhuwah awaké dhéwé isa ngatasi kabèh masalah lan isa berhasil nglawan Sétan. Terus Sétan piyé? Ing Alkitab disebutké nèk Sétan ora bakal isa mengaruhi awaké dhéwé manèh.​—Wacanen Yakobus 4:7.

12. Apa manfaaté merga Ayub ngerti nèk wong mati bakal diuripké manèh?

12 Awaké dhéwé kudu yakin nèk sukmbèn wong-wong sing mati bakal diuripké manèh. Kaya sing disebutké ing artikel sakdurungé, nèk awaké dhéwé wedi mati, kuwi isa dimanfaatké karo Sétan bèn awaké dhéwé ora setya karo Yéhuwah. Mbiyèn, Sétan nudhuh Ayub nèk dhèwèké bakal ngorbanké apa waé bèn isa tetep urip. Tapi, Ayub ora kaya ngono. Meskipun mèh mati, Ayub tetep setya karo Yéhuwah. Ayub yakin nèk Yéhuwah bakal mbantu dhèwèké bèn tetep setya. Ayub ya yakin nèk misalé Yéhuwah ora ngrampungké masalahé pas dhèwèké isih urip, sukmbèn Yéhuwah bakal nguripké dhèwèké manèh. Nèk awaké dhéwé ya yakin karo harapan kuwi, awaké dhéwé bakal tetep setya karo Yéhuwah meskipun awaké dhéwé isa waé mati.

13. Apa manfaaté nèk ngrenungké kisahé Ayub?

13 Nèk ngrenungké kisahé Ayub, awaké dhéwé isa ngerti nèk Sétan isih nggunakké cara sing padha bèn awaké dhéwé ora setya karo Yéhuwah. Dhèwèké kandha, ”Nèk wong wis arep mati [ora mung Ayub] dhèwèké bakal mènèhké apa waé bèn isa tetep urip.” (Ayb. 2:4, 5) Dadi menurut Sétan, awaké dhéwé kuwi ora sayang karo Yéhuwah lan ora bakal setya karo Yéhuwah wektu ngadhepi masalah sing abot. Sétan ya ngomong nèk Yéhuwah ora sayang lan ora perduli karo awaké dhéwé. Merga wis ngerti siasat-siasaté Sétan, awaké dhéwé ora bakal kapusan.

14. Pas ngadhepi masalah, awaké dhéwé dadi isa ngerti apa?

14 Pas ngadhepi masalah, awaké dhéwé dadi ngerti apa kelemahané awaké dhéwé. Ayub mbiyèn ya kaya ngono. Ayub ngerti nèk jebulé kudu luwih rendah hati. (Ayb. 42:3) Sedulur Nikolay, c sing tau dipenjara padahal nduwé masalah keséhatan, crita ngéné, ”Pas dipenjara, aku dadi ngerti apa waé kelemahanku.” Nèk wis ngerti kelemahané awaké dhéwé, awaké dhéwé mesthi isa ngatasi kuwi.

15. Awaké dhéwé kudu ngrungokké sapa, lan kenapa?

15 Terus, awaké dhéwé kudu ngrungokké Yéhuwah. Mbiyèn, Ayub nggatèkké tenanan pas Yéhuwah ngomong. Wektu kuwi, seolah-olah Yéhuwah ngomong karo Ayub, ’Apa kowé wis ndelok kabèh sing Tak ciptakké? Aku ngerti kabèh sing mbok alami. Apa menurutmu Aku ora isa mbantu kowé?’ Terus Ayub ngomong, ”Mbiyèn aku mung krungu soal Njenengan, ning saiki aku ndelok dhéwé.” (Ayb. 42:5) Pas ngomong kaya ngono, kétoké Ayub isih lungguh ing awu lan awaké isih lara kabèh merga bisul sing parah. Ayub ya isih sedhih merga ditinggal mati karo anak-anaké. Tapi merga Ayub ngrungokké Yéhuwah, Ayub yakin nèk Yéhuwah isih sayang karo dhèwèké lan bakal mbantu dhèwèké.​—Ayb. 42:7, 8.

16. Nèk ngadhepi masalah, awaké dhéwé isa yakin soal apa? (Yésaya 49:15, 16)

16 Jaman saiki, mungkin ana akèh wong sing ngécé awaké dhéwé lan ngomongké sing ora bener soal Yéhuwah lan organisasiné. Wong-wong kuwi mungkin ’mitnah [awaké dhéwé] nganggo tudhuhan-tudhuhan palsu’. (Mat. 5:11) Tapi saka kisahé Ayub, awaké dhéwé ngerti nèk Yéhuwah percaya nèk awaké dhéwé bakal tetep setya meskipun ana masalah. Yéhuwah sayang karo awaké dhéwé lan ora bakal ninggalké awaké dhéwé. (Wacanen Yésaya 49:15, 16.) Dadi, aja ngrungokké omongané wong-wong sing ora sayang karo Yéhuwah. Sedulur James saka Turki sing keluargané tau ngalami masalah sing abot ngomong ngéné, ”Nèk ngrungokké omongané wong-wong sing sengit karo umaté Yéhuwah, aku karo keluargaku dadi ora semangat. Mulané, aku karo keluargaku fokus karo harapan masa depan lan tetep sibuk nglayani Yéhuwah. Kuwi sing nggawé bahagia.” Dadi kaya Ayub, awaké dhéwé kudu ngrungokké Yéhuwah. Nèk terus ngrungokké Yéhuwah, awaké dhéwé ora bakal terpengaruh karo omongané wong-wong sing ora seneng karo umaté Yéhuwah.

TERUSA BERHARAP MARANG YÉHUWAH

Merga tetep setya, Ayub karo bojoné diberkahi Yéhuwah (Deloken paragraf 17) e

17. Apa manfaaté nèk sinau saka abdiné Yéhuwah liyané sing tetep setya meskipun ngadhepi masalah sing abot?

17 Abdiné Yéhuwah sing tetep tabah lan tetep setya karo Yéhuwah meskipun ngadhepi akèh masalah sing abot kuwi ora mung Ayub. Ing Ibrani 12:1, Paulus nyebut nèk wong-wong kuwi ”seksi sing akèh banget kaya méga”. Wong-wong kuwi bener-bener setya karo Yéhuwah nganti akhir. (Ibr. 11:36-40) Tapi, apa kuwi ana gunané? Mémang, wong-wong kuwi ora ndelok dhéwé janjiné Yéhuwah kelakon. Tapi, wong-wong kuwi terus berharap karo Yéhuwah. Merga yakin nèk wis nyenengké Yéhuwah, sukmbèn wong-wong kuwi bakal ndelok janjiné Yéhuwah kelakon. (Ibr. 11:4, 5) Nèk sinau saka contoné wong-wong kuwi, awaké dhéwé bakal isa terus berharap karo Yéhuwah.

18. Apa tékadé njenengan? (Ibrani 11:6)

18 Keadaan saiki bakal tambah susah. (2 Tim. 3:13) Sétan ya bakal terus mempengaruhi awaké dhéwé bèn ora setya karo Yéhuwah. Tapi ora soal apa masalahé, awaké dhéwé kudu terus ”berharap marang Gusti Allah sing urip”. (1 Tim. 4:10) Mbiyèn, Yéhuwah ngrampungké masalahé Ayub. Kuwi bukti nèk Yéhuwah ”gampang mesakké lan nduwé rasa sayang”. (Yak. 5:11) Kaya Ayub, ayo awaké dhéwé ngupaya terus setya karo Yéhuwah merga Yéhuwah mberkahi ”wong-wong sing tenanan nggolèki Dhèwèké”.​—Wacanen Ibrani 11:6.

LAGU 150 Bèn Dislametké Yéhuwah

a Pas ngrenungké abdiné Yéhuwah sing nduwé masalah sing abot, awaké dhéwé mungkin langsung kèlingan karo Ayub. Saka kisahé Ayub, awaké dhéwé ngerti nèk Sétan ora isa meksa awaké dhéwé bèn ora nglayani Yéhuwah manèh. Awaké dhéwé ya ngerti nèk Yéhuwah ngerti kabèh sing awaké dhéwé alami. Mbiyèn, Yéhuwah ngrampungké masalahé Ayub. Sukmbèn, Yéhuwah ya bakal nyingkirké kabèh masalahé awaké dhéwé. Nèk percaya soal kuwi, artiné awaké dhéwé bener-bener ”berharap marang Yéhuwah”.

b KATRANGAN: Kata Ibrani sing diterjemahké dadi ”berharap” berarti ”ngentèni” apa sing diharapké kelakon. Kuwi ya isa berarti percaya lan ngendelké wong liya.​—Mzm. 25:2, 3; 62:5.

c Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.

d GAMBAR: Pas ngerti anak-anaké mati, Ayub karo bojoné mesthi kagèt banget.

e GAMBAR: Ayub tetep setya nganti akhir. Dhèwèké karo bojoné akhiré diberkahi Yéhuwah.