Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 29

Terus Ndhukung Yésus, Pemimpiné Awaké Dhéwé

Terus Ndhukung Yésus, Pemimpiné Awaké Dhéwé

”Gusti Allah wis mènèhké kabèh wewenang ing swarga lan ing bumi marang aku.”​—MAT. 28:18.

LAGU 13 Ayo Niru Yésus

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Apa sing dipénginké Yéhuwah?

 YÉHUWAH péngin bèn kabar apik soal Kerajaané Gusti Allah diwartakké ing sak donya. (Mrk. 13:10; 1 Tim. 2:3, 4) Yéhuwah nganggep gawéan iki penting. Mulané, Dhèwèké nglantik Yésus bèn ngarahké gawéan iki. Dadi, awaké dhéwé isa yakin nèk sakdurungé akhir donya iki, gawéan nginjil bakal rampung kaya sing dipénginké Yéhuwah.​—Mat. 24:14.

2. Apa sing bakal dibahas ing artikel iki?

2 Ing artikel iki bakal dibahas carané Yésus mènèhi tuntunan sing dhasaré Alkitab kanggo murid-muridé jaman saiki liwat ”budhak sing setya lan wicaksana”. (Mat. 24:45) Terus, awaké dhéwé ya bakal ngrembug carané Yésus ngarahké gawéan nginjil sak donya ing jaman saiki. Sakliyané kuwi, ya bakal dibahas piyé carané ndhukung Yésus lan budhak sing setya lan wicaksana.

YÉSUS NGARAHKÉ GAWÉAN NGINJIL

3. Yésus diwènèhi wewenang apa?

3 Yésus kuwi sing mimpin gawéan nginjil. Saka ngendi awaké dhéwé ngerti kuwi? Sakdurungé munggah swarga, Yésus nemoni murid-muridé ing salah siji gunung ing Galiléa. Yésus ngomong, ”Gusti Allah wis mènèhké kabèh wewenang ing swarga lan ing bumi marang aku.” Terus dhèwèké ya ngomong, ”Mula lungaa, lan dadèkna wong-wong saka kabèh bangsa dadi muridku.” (Mat. 28:18, 19) Ayat kuwi bukti nèk Yésus mémang éntuk wewenang kanggo ngarahké gawéan nginjil.

4. Saka ngendi awaké dhéwé ngerti nèk Yésus isih ngarahké gawéan nginjil nganti saiki?

4 Yésus ngomong nèk kabar apik bakal diwartakké ing ”kabèh bangsa”. Terus, dhèwèké ya ngomong nèk bakal ngancani murid-muridé ”nganti akhir jaman”. (Mat. 28:20) Saka kata-katané Yésus kuwi, awaké dhéwé isa ngerti nèk Yésus isih ngarahké gawéan nginjil nganti saiki.

5. Piyé ramalan ing Mazmur 110:3 kelakon ing jaman saiki?

5 Yésus yakin nèk bakal ana wong-wong sing gelem martakké kabar apik nganti akhir jaman. Terus, dhèwèké ya ngerti nèk ramalan sing dicathet ing Mazmur 110:3 mesthi bakal kelakon. Ing ramalan kuwi disebutké, ”Wektu kowé mimpin pasukanmu kanggo perang, rakyatmu bakal réla dadi prajuritmu.” Nèk mèlu nginjil, kuwi berarti njenengan ndhukung Yésus lan budhak sing setya. Terus, merga njenengan réla nggunakké wektu lan tenaga kanggo nginjil, kuwi ya bukti nèk ramalan ing Mazmur 110:3 kelakon. Tapi, martakké kabar apik kuwi ora selalu gampang. Kenapa?

6. Merga nginjil, awaké dhéwé isa waé ngalami apa?

6 Merga martakké kabar apik, awaké dhéwé isa waé disengiti wong liya. Wong-wong murtad, para pemimpin agama, lan para pemimpin politik isa waé nyebarké berita sing ora bener soal Seksi Yéhuwah. Malah, isa waé ana keluarga utawa kanca kerjané awaké dhéwé sing percaya karo berita kuwi. Akibaté, wong-wong kuwi mungkin meksa awaké dhéwé bèn ora nglayani Yéhuwah manèh lan mandheg nginjil. Ing beberapa negara, umaté Yéhuwah ana sing diancam, ditangkep, utawa dipenjara wektu nginjil. Awaké dhéwé ora nggumun merga Yésus wis tau ngomong, ”Kowé bakal disengiti kabèh bangsa merga kowé muridku.” (Mat. 24:9) Dadi, nèk awaké dhéwé ngalami sing wis disebutké mau, kuwi dadi bukti nèk awaké dhéwé wis nyenengké Yéhuwah. (Mat. 5:11, 12) Tapi, Sétan ora seneng nèk kabar apik diwartakké sak donya. Mula, dhèwèké nggolèk-nggolèk cara bèn awaké dhéwé mandheg nginjil. Tapi, Yésus luwih kuwat timbang Sétan. Merga didhukung karo Yésus, kabar apik mesthi isa diwartakké kanggo wong-wong sak donya.

7. Apa buktiné nèk ramalan sing dicathet ing Wahyu 14:6, 7 kelakon ing jaman saiki?

7 Wektu martakké kabar apik, umaté Yéhuwah ngadhepi masalah liyané, yaiku soal basa. Tapi ing Wahyu 14:6, 7, Yésus nduduhké karo Rasul Yohanes nèk kabar apik bakal diwartakké kanggo kabèh wong ing sak donya. (Wacanen.) Terus piyé carané? Umaté Yéhuwah mesthi péngin sak akèh-akèhé wong krungu kabar apik. Ing jw.org, ana akèh bacaan sing dhasaré Alkitab sing wis diterjemahké ing luwih saka 1.000 basa. Terus, buku Bahagia Saklawasé ya wis diterjemahké ing luwih saka 700 basa. Wong-wong sing tunarungu ya isa éntuk manfaat merga ana vidéo-vidéo basa isyarat. Wong-wong sing wuta ya isa kenal karo Yéhuwah merga ana bacaan-bacaan sing nganggo huruf braille. Kuwi bukti nèk ramalan ing Alkitab soal ”wong-wong saka kabèh bangsa” sing ngomong nganggo ”basa sing murni” bener-bener kelakon ing jaman saiki. (Za. 8:23; Zéf. 3:9) Yésus bener-bener isa ngarahké gawéan nginjil.

8. Apa hasilé merga kabar apik terus diwartakké?

8 Saiki, ana luwih saka 8.000.000 wong ing 240 negara sing dadi umaté Yéhuwah. Saben taun ya ana luwih saka 100.000 sing dibaptis. Tapi ora mung jumlahé sing tambah akèh, sipaté wong-wong kuwi ya tambah apik merga ”nganggo kepribadian sing anyar”. (Kol. 3:8-10) Wong-wong kuwi ora mbédak-mbédakké, ora kasar manèh, ora mbanggak-mbanggakké negarané, lan péngin manut pathokané Alkitab soal sèks. Terus, ramalan ing Yésaya 2:4 ya kelakon merga wong-wong kuwi ’ora ajar perang manèh’. Merga umaté Yéhuwah nduwé sipat-sipat sing apik, wong-wong isa waé dadi péngin kenal Yéhuwah. Kuwi ya berarti awaké dhéwé manut arahané Yésus. (Yoh. 13:35; 1 Ptr. 2:12) Kuwi kabèh isa kelakon merga Yésus sing mbantu awaké dhéwé.

YÉSUS MILIH BUDHAK SING SETYA LAN WICAKSANA

9. Ramalan apa sing dicathet ing Matius 24:45-47 sing kelakon pas akhir jaman?

9 Wacanen Matius 24:45-47. Yésus ngramalké nèk pas akhir jaman bakal ana wong-wong sing dipilih kanggo nyedhiakké tuntunan sing dhasaré Alkitab. Wong-wong kuwi disebut ”budhak sing setya lan wicaksana”. Wong-wong kuwi wis kerja keras kanggo ngopèni umaté Yéhuwah. Tapi ora mung kuwi thok. Budhak sing setya ya nyedhiakké bacaan-bacaan ”ing wektu sing pas” kanggo wong-wong sing péngin kenal Yéhuwah. Meskipun ngono, wong-wong kuwi ora ngrasa luwih unggul timbang umaté Yéhuwah sing liyané. (2 Kor. 1:24) Wong-wong kuwi ngerti nèk Yésus kuwi ”pemimpiné” umaté Yéhuwah.​—Yés. 55:4.

10. Njenengan pertama kali sinau Alkitab nganggo buku apa? (Deloken gambar halaman 10 lan 11.)

10 Kèt taun 1919, budhak sing setya wis nyedhiakké bacaan-bacaan kanggo wong-wong sing péngin kenal karo Yéhuwah. Taun 1921, budhak sing setya nyedhiakké buku The Harp of God. Terus ing taun-taun berikuté, ana buku-buku liyané sing disedhiakké. Misalé, ana buku ”Karena Allah Itu Benar Adanya”, Kebenaran yang Membimbing kepada Hidup yang Kekal, Saudara Dapat Hidup Kekal dalam Firdaus di Bumi, Pengetahuan yang Membimbing kepada Kehidupan Abadi, Apa yang Sebenarnya Alkitab Ajarkan?, Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan?, lan buku sing paling anyar, yaiku Bahagia Saklawasé. Pas dirilis, buku-buku kuwi mémang cocog karo kebutuhané wong sing sinau Alkitab lan mbantu wong-wong kuwi bèn kenal karo Yéhuwah. Njenengan sinau Alkitab nganggo buku sing endi?

11. Kenapa wong sing wis dibaptis kudu terus sinau Alkitab?

11 Tapi sakwisé dibaptis, umaté Yéhuwah ya kudu terus sinau Alkitab. Kuwi kaya mangan panganan sing atos. Rasul Paulus ngomong nèk panganan kuwi ’kanggo wong sing wis déwasa bèn isa mbédakké sing bener lan sing salah’. (Ibr. 5:14) Kenapa kuwi penting? Wong-wong ing donya iki moralé bobrok. Dadi, kadhang angèl nèk kudu manut karo pathokané Yéhuwah. Yésus ngerti soal kuwi. Mulané liwat budhak sing setya, dhèwèké nyedhiakké bacaan-bacaan bèn imané awaké dhéwé tambah kuwat lan isa tetep manut karo Yéhuwah meskipun angèl. Bacaan-bacaan kuwi dhasaré saka Alkitab.

12. Apa buktiné umaté Yéhuwah ngluhurké jenengé Gusti Allah?

12 Kaya Yésus, umaté Yéhuwah ya péngin ngluhurké Gusti Allah. (Yoh. 17:6, 26) Misalé ing taun 1931, wong-wong sing nyembah Yéhuwah mulai disebut Seksi Yéhuwah. Kuwi jeneng sing dijupuk saka Alkitab, lan kuwi bukti nèk awaké dhéwé nganggep jenengé Gusti Allah kuwi penting. (Yés. 43:10-12) Terus mulai sasi Oktober taun kuwi, jenengé Gusti Allah ya ana ing halaman ngarep majalah The Watchtower. Ing Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar, jenengé Gusti Allah ya ana ing ayat-ayat sing padha karo naskah asliné. Umaté Yéhuwah béda karo wong-wong Kristen umumé sing ora gelem nggunakké jenengé Gusti Allah.

YÉSUS NGARAHKÉ UMATÉ YÉHUWAH JAMAN SAIKI

13. Apa buktiné Yésus nggunakké ”budhak sing setya lan wicaksana” kanggo ngarahké murid-muridé jaman saiki? (Yohanes 6:68)

13 Yésus nduwé organisasi ing bumi sing mbantu umaté Yéhuwah bèn isa tetep setya. Yésus ngarahké organisasi kuwi liwat ”budhak sing setya lan wicaksana”. Liwat organisasi kuwi, Yésus nyedhiakké apa waé sing awaké dhéwé butuhké bèn isa tetep cedhak karo Gusti Allah. Yésus ya ngajari awaké dhéwé bèn isa trampil nginjil. Sakliyané kuwi, Yésus ya mbantu awaké dhéwé nganggo ”kepribadian sing anyar” bèn isa nyenengké Gusti Allah. (Éf. 4:24) Njenengan mungkin ora mbayangké piyé uripé njenengan nèk ora dadi umaté Yéhuwah. Njenengan isa waé nduwé perasaan sing padha karo Rasul Pétrus. Mbiyèn Rasul Pétrus tau ngomong karo Yésus, ”Gusti, aku arep mèlu sapa? Mung omongané njenengan sing isa mènèhi aku urip saklawasé.”​—Yoh. 6:68.

14. Selama pandemi COVID-19, apa manfaaté merga manut arahan saka organisasiné Yéhuwah?

14 Pas keadaané susah, Yésus ya terus mènèhi arahan. Misalé, pas pandemi COVID-19, akèh wong mungkin ora ngerti kudu piyé. Tapi, Yésus terus mènèhi arahan bèn awaké dhéwé tetep aman lan séhat. Organisasiné Yéhuwah mènèhi arahan bèn awaké dhéwé nganggo masker pas lunga-lunga lan jaga jarak. Para pinituwa ya diélingké bèn teratur ngubungi sedulur-sedulur ing jemaat. Tujuané bèn para pinituwa isa ngerti kabaré lan apa sing dibutuhké sedulur-sedulur kuwi. (Yés. 32:1, 2) Sakliyané kuwi, ya ana arahan-arahan liyané ing vidéo Laporan Pengurus Pusat.

15. Awaké dhéwé nampa arahan apa waé soal teka ngibadah lan nginjil selama pandemi, lan apa hasilé?

15 Selama pandemi iki, organisasiné Yéhuwah ya mènèhi arahan-arahan soal teka ngibadah lan nginjil. Wektu awal-awal pandemi, awaké dhéwé tetep isa ngibadah lan teka ing pertemuan wilayah utawa gabungan wilayah liwat konferénsi vidéo. Terus, awaké dhéwé ya mulai nginjil liwat surat lan télépon. Yéhuwah bener-bener mberkahi upayané umaté. Ing beberapa cabang, ana laporan nèk jumlah penginjilé tambah akèh. Terus, ya ana akèh pengalaman-pengalaman sing isa nguwatké selama pandemi iki.​—Deloken kothak ” Yéhuwah Mberkahi Gawéan Nginjil”.

16. Nèk ngrenungké carané Yésus ngarahké murid-muridé jaman saiki, awaké dhéwé isa yakin soal apa?

16 Ana sing mungkin mikir nèk arahan saka organisasi selama pandemi kuwi berlebihan. Tapi, arahan-arahan kuwi sakjané wis dipikirké tenanan lan mesthi ana manfaaté kanggo awaké dhéwé. (Mat. 11:19) Nèk ngrenungké carané Yésus ngarahké murid-muridé jaman saiki, awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah lan Yésus ora bakal ninggalké awaké dhéwé.​—Wacanen Ibrani 13:5, 6.

17. Piyé perasaané njenengan merga ngerti nèk Yésus sing mimpin awaké dhéwé?

17 Awaké dhéwé mesthi seneng merga Yésus sing ngarahké umaté Yéhuwah jaman saiki. Ing organisasiné Yéhuwah, kabèh isa bersatu meskipun latar belakang, basa, lan budayané béda-béda. Awaké dhéwé ya isa dibantu bèn tetep kuwat imané lan trampil nginjil. Sakliyané kuwi, awaké dhéwé ya dibantu bèn isa nduwé sipat-sipat sing apik lan isa saling menyayangi. Mula, ayo terus manut karo Yésus pemimpiné awaké dhéwé.

LAGU 16 Pujinen Huwah lan Anaké

^ Jaman saiki, ana jutaan wong sing martakké kabar apik ing sak donya. Kabèh wong kuwi semangat martakké kabar apik merga diarahké karo Yésus. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal mbahas apa buktiné nèk Yésus sing ngarahké gawéan nginjil. Nèk ngerti soal kuwi, awaké dhéwé bakal luwih semangat nglayani Yéhuwah lan mbantu wong-wong bèn kenal Dhèwèké.