Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 37

Percaya karo Sedulur-Sedulur

Percaya karo Sedulur-Sedulur

”Wong sing nduwé katresnan kuwi . . . percaya karo apa waé, terus nduwé harapan.”​—1 KOR. 13:7.

LAGU 124 Tetep Setya

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Kenapa awaké dhéwé ora nggumun nèk ana akèh wong sing ora percaya karo liyané?

 JAMAN saiki, akèh wong ora percaya karo liyané. Wong-wong kuwi kaya ngono mungkin merga akèh pemimpin agama, pengusaha, lan tokoh-tokoh politik sing ngapusi utawa ora nepati janjiné. Terus, akèh wong ya ora percaya karo tanggané, kancané, utawa malah keluargané. Awaké dhéwé mesthi ora nggumun merga ing Alkitab disebutké nèk ’ing akhir jaman, wong-wong bakal ora setya, seneng mitnah, lan seneng ngianati’. Sipaté wong-wong kuwi padha kaya Sétan, allahé donya iki, sing ora isa dipercaya.​—2 Tim. 3:1-4; 2 Kor. 4:4.

2. (a) Awaké dhéwé isa percaya karo sapa waé? (b) Tapi mungkin ana sing mikir piyé?

2 Merga dadi umaté Yéhuwah, awaké dhéwé isa percaya karo Yéhuwah. (Yér. 17:7, 8) Awaké dhéwé yakin nèk Yéhuwah sayang karo awaké dhéwé lan ”ora bakal ninggalké” wong-wong sing percaya karo Dhèwèké. (Mzm. 9:10) Awaké dhéwé ya isa percaya karo Yésus merga Yésus wis masrahké uripé kanggo awaké dhéwé. (1 Ptr. 3:18) Terus, awaké dhéwé isa percaya karo Alkitab merga wis ngrasakké dhéwé manfaaté nèk ngetrapké pathokané. (2 Tim. 3:16, 17) Dadi kesimpulané, awaké dhéwé bener-bener isa percaya karo Yéhuwah, Yésus, lan Alkitab. Tapi, mungkin ana sing mikir apa awaké dhéwé isa percaya karo sedulur-sedulur. Kenapa?

KUDU PERCAYA KARO SEDULUR-SEDULUR

Kabèh sedulur ing sak donya kuwi padha-padha sayang karo Yéhuwah. Mula, awaké dhéwé isa percaya karo sedulur-sedulur kuwi. (Deloken paragraf 3)

3. Kenapa isa nglayani Yéhuwah bareng karo sedulur-sedulur kuwi kesempatan sing istiméwa? (Markus 10:29, 30)

3 Isa nglayani Yéhuwah bareng karo kabèh sedulur ing sak donya kuwi kesempatan sing istiméwa banget. (Wacanen Markus 10:29, 30.) Awaké dhéwé lan kabèh sedulur kuwi padha-padha sayang karo Yéhuwah lan ngupaya manut karo pathokané Yéhuwah. Terus meskipun kebudayaan lan basané béda-béda, tapi awaké dhéwé isa saling menyayangi. Malah pas lagi pertama ketemu, awaké dhéwé ya isa langsung akrab. Terus, awaké dhéwé mesthi ya seneng isa bersatu lan muji Yéhuwah bareng karo sedulur-sedulur kuwi.​—Mzm. 133:1.

4. Kenapa awaké dhéwé kudu tetep bersatu karo sedulur-sedulur?

4 Tapi jaman saiki, awaké dhéwé kudu luwih bersatu karo sedulur-sedulur. Sedulur-sedulur kuwi isa mbantu awaké dhéwé pas ana masalah. (Rm. 15:1; Gal. 6:2) Terus, sedulur-sedulur kuwi ya isa nguwatké bèn awaké dhéwé tetep setya lan semangat nglayani Yéhuwah. (1 Tés. 5:11; Ibr. 10:23-25) Selama iki, umaté Yéhuwah wis ngadhepi akèh masalah merga diserang karo Sétan lan wong-wong sing ora seneng karo umaté Yéhuwah. Awaké dhéwé isa berhasil ngatasi masalah kuwi merga dibantu karo sedulur-sedulur. Terus sukmbèn, Sétan lan para pengikuté bakal nyerang umaté Yéhuwah. Pas kuwi kelakon, awaké dhéwé mesthi bersyukur banget merga nduwé sedulur-sedulur sing terus ndhukung awaké dhéwé.

5. Kenapa ana sedulur sing ora isa percaya karo sedulur liyané?

5 Tapi, mungkin ana sing ora isa percaya karo sedulur liyané. Isa waé merga tau digawé kecéwa utawa sedulur kuwi ora nepati janjiné. Sakliyané kuwi, mungkin ya ana sedulur-sedulur sing tau nglarani ati. Nèk ngalami kuwi, awaké dhéwé isa waé dadi ora percaya karo sedulur-sedulur. Terus, piyé carané bèn awaké dhéwé tetep percaya karo sedulur-sedulur?

BÈN ISA PERCAYA, KUDU NDUWÉ KATRESNAN

6. Kenapa kudu nduwé katresnan bèn isa percaya karo sedulur-sedulur? (1 Korintus 13:4-8)

6 Awaké dhéwé kudu nduwé katresnan bèn isa percaya karo sedulur-sedulur. Kaya sing disebutké ing 1 Korintus bab 13, nèk sayang karo sedulur-sedulur, awaké dhéwé bakal nduduhké sipat-sipat apik liyané. (Wacanen 1 Korintus 13:4-8.) Nèk nduduhké sipat-sipat kuwi, awaké dhéwé isa terus percaya karo sedulur-sedulur. Misalé, ing ayat 4 disebutké nèk wong sing nduwé katresnan kuwi ”sabar lan apikan”. Awaké dhéwé mesthi wis tau nggawé dosa. Tapi, Yéhuwah gelem sabar karo awaké dhéwé. Padha kaya ngono, nèk ana sedulur sing nglarani ati, awaké dhéwé ya kudu sabar karo sedulur kuwi. Terus, ing ayat 5 disebutké nèk wong sing nduwé katresnan kuwi ”ora gampang nesu . . . [lan] ora ngéling-éling salahé wong liya”. Nèk isih lara ati, kuwi berarti awaké dhéwé isih ngéling-éling salahé wong liya. Ing Pengkhotbah 7:9, awaké dhéwé ya ora éntuk ”gampang tersinggung”. Luwih apik awaké dhéwé ngetrapké naséhat ing Éfésus 4:26, ”Aja terus-terusan nesu nganti matahari terbenam.”

7. Nurut Matius 7:1-5, piyé carané awaké dhéwé isa percaya karo sedulur-sedulur?

7 Awaké dhéwé ya isa percaya karo sedulur-sedulur nèk niru Yéhuwah. Yéhuwah sayang banget karo sedulur-sedulur lan ora ngéling-éling kesalahané. Dadi, awaké dhéwé ya kudu kaya ngono. (Mzm. 130:3) Timbang nggatèkké kesalahané, luwih apik awaké dhéwé nggatèkké sipat-sipat apiké lan kelebihané sedulur-sedulur. (Wacanen Matius 7:1-5.) Terus, wong sing nduwé katresnan kuwi ya ”percaya karo apa waé”. (1 Kor. 13:7) Kuwi ora berarti awaké dhéwé asal percaya karo sedulur-sedulur. Tapi, kuwi artiné awaké dhéwé yakin nèk sedulur-sedulur ora bermaksud nglarani atiné awaké dhéwé. Awaké dhéwé bener-bener percaya karo sedulur-sedulur merga mémang sedulur-sedulur kuwi isa dipercaya. *

8. Piyé carané bèn awaké dhéwé isa percaya karo sedulur-sedulur?

8 Percaya karo sedulur-sedulur kuwi butuh upaya. Piyé carané bèn isa percaya karo sedulur-sedulur? Awaké dhéwé isa kerep ngobrol bèn luwih kenal karo sedulur-sedulur. Terus, awaké dhéwé ya isa nginjil bareng. Sakliyané kuwi, awaké dhéwé kudu sabar, merga butuh wektu bèn isa percaya karo sedulur-sedulur. Awalé, mungkin awaké dhéwé ora isa crita kabèh masalahé awaké dhéwé. Tapi nèk luwih akrab, awaké dhéwé mungkin dadi nyaman crita-crita soal apa waé. (Luk. 16:10) Tapi, piyé nèk ana sedulur sing nggawé awaké dhéwé kecéwa? Aja langsung ngrasa nèk awaké dhéwé ora bakal isa akrab manèh karo dhèwèké. Terus, aja nganti merga tau digawé kecéwa, awaké dhéwé dadi ora percaya manèh karo sedulur liyané. Ing paragraf-paragraf berikuté, awaké dhéwé bakal ngrembug contoné umaté Yéhuwah sing tetep percaya karo liyané meskipun tau digawé kecéwa.

CONTONÉ UMATÉ YÉHUWAH SING PERCAYA KARO LIYANÉ

Meskipun Imam Agung Èli tau nudhuh Hana mabuk, tapi Hana tetep gelem masrahké anaké kanggo nglayani Yéhuwah bareng karo Imam Èli (Deloken paragraf 9)

9. (a) Apa buktiné Hana tetep nglayani Yéhuwah meskipun Èli karo anak-anaké ora dadi conto sing apik? (b) Nèk tau digawé kecéwa karo sedulur-sedulur sing nduwé tanggung jawab ing jemaat, apa sing isa njenengan pelajari saka kisahé Hana? (Deloken gambar kanggo paragraf 9.)

9 Apa njenengan tau digawé kecéwa karo sedulur-sedulur sing nduwé tanggung jawab ing jemaat? Nèk iya, njenengan isa nggatèkké contoné Hana. Nèk ndelok keadaan pas jamané Hana, isa waé Hana dadi wegah nglayani Yéhuwah. Lha ngapa? Sing mimpin ibadahé wong Israèl wektu kuwi Imam Agung Èli. Tapi, dhèwèké karo anak-anaké ora dadi conto sing apik kanggo wong Israèl. Meskipun nglayani dadi imam, anak-anaké Èli kuwi bejat, lan Èli ora ngukum anak-anaké. Dhèwèké ya isih nglayani dadi imam agung. Terus pas Èli ndelok Hana lagi ndonga karo nangis, Èli malah nudhuh Hana lagi mabuk. (1 Sam. 1:12-16) Tapi Hana janji karo Yéhuwah nèk mengko dhèwèké nduwé anak, anaké kuwi bakal dipasrahké bèn nglayani Yéhuwah ing tabernakel, meskipun anaké Hana bakal diawasi karo Imam Èli. (1 Sam. 1:11) Kuwi akhiré kelakon tenan. Yéhuwah mènèhi Hana anak lanang lan dijenengi Samuèl. (1 Sam. 1:17-20) Terus, anak-anaké Èli sing bejat mau piyé? Akhiré, Yéhuwah ngukum wong-wong kuwi.​—1 Sam. 4:17.

10. Apa buktiné Daud tetep percaya karo wong liya meskipun dikhianati karo kancané?

10 Apa njenengan tau kecéwa merga dikhianati kancané njenengan? Nèk iya, gatèkna pengalamané Raja Daud. Daud nduwé kanca sing jenengé Ahitofèl. Wektu kuwi, Absalom, anaké Daud, mbrontak lan péngin dadi raja nggantèni Daud. Bukané mbantu Daud, Ahitofèl malah ndhukung Absalom. Daud mesthi lara ati banget merga kancané karo anaké saiki mungsuhi dhèwèké. Tapi, Daud tetep percaya karo wong liya. Dhèwèké percaya karo Husyai. Husyai ora gelem ndhukung Absalom. Husyai ya bener-bener kanca sing apik merga gelem berkorban kanggo Daud.​—2 Sam. 17:1-16.

11. Apa buktiné nèk salah siji pelayané Nabal percaya karo wong liya?

11 Saiki, ayo ngrembug soal salah siji pelayané Nabal. Daud karo anak buahé tau nglindhungi para pelayané Nabal pas wong-wong kuwi angon ternak ing padhang belantara. Daud berharap Nabal apikan karo dhèwèké. Dadi, dhèwèké njaluk panganan karo Nabal. Tapi, Nabal ora gelem mènèhi panganan kanggo Daud lan anak buahé. Daud dadi nesu banget lan arep matèni kabèh wong lanang ing omahé Nabal. Terus, pelayané mau ngandhani Abigail soal masalah iki. Pelayan kuwi percaya nèk Abigail ora bakal meneng waé. Nèk Abigail ora bertindak, kabèh wong lanang ing omahé Nabal bakal dipatèni. Abigail mesthi dikenal dadi wong wédok sing wicaksana. Mula, pelayané kuwi isa percaya karo dhèwèké. Terus, Abigail cepet-cepet marani Daud lan njaluk bèn Daud ora matèni kabèh wong lanang ing omahé Nabal. (1 Sam. 25:2-35) Abigail percaya nèk Daud bakal nggawé keputusan sing bener.

12. Apa buktiné nèk Yésus percaya karo murid-muridé?

12 Yésus tetep percaya karo murid-muridé meskipun wong-wong kuwi tau nggawé kesalahan. (Yoh. 15:15, 16) Misalé, Yakobus karo Yohanes tau njaluk karo Yésus bèn diwènèhi kedudukan istiméwa ing Kerajaané Gusti Allah. (Mrk. 10:35-40) Ning, Yésus ora nganggep nèk wong loro kuwi nglayani Yéhuwah merga péngin nduwé kedudukan sing istiméwa. Yésus ya ora nganggep nèk wong loro kuwi ora pantes dadi muridé. Terus pas Yésus ditangkep, kabèh muridé ninggalké dhèwèké. (Mat. 26:56) Meskipun ngono, Yésus tetep percaya karo murid-muridé. Dhèwèké ngerti nèk murid-muridé kuwi ora sampurna. Dadi, Yésus ”tetep nresnani” murid-muridé. (Yoh. 13:1) Sakwisé diuripké manèh, Yésus mènèhi tugas sing penting kanggo 11 rasulé. Yésus ngongkon wong-wong kuwi mimpin gawéan nginjil lan ngopèni murid-murid liyané. (Mat. 28:19, 20; Yoh. 21:15-17) Para rasulé kuwi setya nganti akhir. Mula, ora salah nèk Yésus percaya karo para rasulé kuwi. Dadi apa kesimpulané? Hana, Daud, pelayané Nabal, Abigail, lan Yésus dadi conto sing apik merga wong-wong kuwi percaya karo wong-wong sing ora sampurna.

TERUS PERCAYA KARO SEDULUR-SEDULUR

13. Kenapa awaké dhéwé isa waé dadi ora percaya karo wong liya?

13 Apa njenengan tau crita sesuatu karo sedulur liya terus sedulur kuwi malah crita karo liyané? Isa waé njenengan dadi kecéwa. Ana sedulur wédok sing tau ngalami kuwi. Dhèwèké nyritakké masalahé karo salah siji pinituwa. Terus sésuké, bojoné pinituwa kuwi nélpon sedulur wédok kuwi lan nguwatké dhèwèké. Kétok banget nèk bojoné pinituwa kuwi ngerti apa sing dialami sedulur wédok kuwi. Terus, sedulur wédok kuwi piyé? Wajar nèk dhèwèké kecéwa lan dadi ora percaya manèh karo pinituwa kuwi. Tapi untungé, sedulur wédok kuwi gelem crita karo pinituwa liyané. Terus, pinituwa kuwi mbantu sedulur wédok kuwi. Akhiré, sedulur wédok kuwi isa percaya manèh karo para pinituwa.

14. Piyé carané salah siji sedulur lanang isa percaya manèh karo para pinituwa?

14 Gatèkna pengalaman liyané. Ana sedulur lanang sing ora seneng karo loro pinituwa merga dhèwèké ngrasa nèk loro pinituwa kuwi ora isa dipercaya. Tapi ana sedulur sing wis pengalaman sing tau ngomong ngéné, ”Mungsuhé awaké dhéwé kuwi Sétan, dudu sedulur-sedulur.” Sedulur lanang mau mikirké tenanan kata-kata kuwi. Terus, dhèwèké ndonga lan akhiré isa nduwé hubungan sing apik manèh karo loro pinituwa kuwi.

15. Kenapa percaya manèh karo sedulur-sedulur kuwi butuh wektu? Wènèhana conto.

15 Apa njenengan tau ora éntuk tugas-tugas tambahan manèh ing jemaat? Nèk ngalami kuwi, njenengan mesthi sedhih banget. Gatèkna pengalamané Sedulur Grete. Pas jamané Nazi Jerman taun 1930-an, Sedulur Grete éntuk tugas ngetik majalah Warta Penting. Pas kuwi, kegiatané Seksi Yéhuwah isih dilarang. Terus, pas sedulur-sedulur ngerti nèk bapaké Grete ora seneng karo Seksi Yéhuwah, Grete ora éntuk ngetik Warta Penting manèh. Sedulur-sedulur wedi nèk bapaké Grete bakal mbocorké kegiatané organisasi. Sing luwih parah, sedulur-sedulur ora mènèhi Grete lan ibuné majalah Warta Penting. Sedulur-sedulur ya ora gelem omong-omongan karo wong loro kuwi. Sedulur Grete karo ibuné sedhih lan kecéwa banget. Malah, Sedulur Grete tau kandha nèk butuh wektu suwé bèn isa ngapura lan percaya manèh karo sedulur-sedulur kuwi. Tapi, Sedulur Grete ngerti nèk Yéhuwah mesthi wis ngapura sedulur-sedulur kuwi. Dadi, dhèwèké ya kudu gelem ngapura. *

”Mungsuhé awaké dhéwé kuwi Sétan, dudu sedulur-sedulur”

16. Kenapa awaké dhéwé kudu ngupaya bèn terus percaya karo sedulur-sedulur?

16 Apa njenengan tau nduwé pengalaman kaya Sedulur Grete mau? Nèk iya, njenengan mesthi kudu ngupaya bèn isa percaya manèh karo sedulur-sedulur. Kuwi isa waé butuh wektu, ning upayané njenengan mesthi ana hasilé. Umpamané ngéné. Nèk tau keracunan, njenengan mesthi bakal luwih ati-ati. Tapi, apa kuwi berarti njenengan ora bakal mangan manèh? Mesthiné ora, ta? Padha kaya ngono, merga kabèh umaté Yéhuwah ora sampurna, njenengan isa waé digawé kecéwa karo sedulur-sedulur. Tapi, njenengan kudu ngupaya bèn isa percaya manèh karo sedulur-sedulur. Hasilé, njenengan isa bahagia, lan sedulur-sedulur ing jemaat isa tetep bersatu.

17. Kenapa awaké dhéwé kudu percaya karo sedulur-sedulur, lan apa sing bakal dirembug ing artikel berikuté?

17 Akèh wong jaman saiki ora percaya karo wong liya. Tapi merga saling menyayangi, kabèh umaté Yéhuwah isa saling percaya. Nèk percaya karo sedulur-sedulur, awaké dhéwé isa bahagia lan tetep bersatu. Tapi, piyé nèk njenengan tau digawé kecéwa lan akhiré ora percaya manèh karo sedulur-sedulur? Njenengan kudu niru Yéhuwah, ngetrapké pathokan ing Alkitab, ngupaya bèn tambah sayang karo sedulur-sedulur, lan sinau saka conto-conto ing Alkitab. Hasilé, awaké dhéwé isa ngapura sedulur-sedulur lan isa percaya manèh karo sedulur-sedulur. Awaké dhéwé ya isa nduwé akèh ”kanca sing luwih akrab timbang sedulur kandhung”. (WB. 18:24) Ing artikel berikuté, awaké dhéwé bakal ngrembug piyé carané bèn sedulur-sedulur isa percaya karo awaké dhéwé.

LAGU 99 Akèh Banget Umaté Yah

^ Awaké dhéwé kudu percaya karo sedulur-sedulur. Mémang, kuwi ora gampang merga sedulur-sedulur isa waé nggawé awaké dhéwé kecéwa. Ing artikel iki bakal dirembug pathokan-pathokan ing Alkitab bèn isa terus percaya karo sedulur-sedulur lan contoné umaté Yéhuwah jaman mbiyèn. Saka kono, awaké dhéwé isa ngerti piyé carané bèn terus percaya karo sedulur-sedulur lan piyé carané isa percaya manèh karo sedulur-sedulur nèk tau digawé kecéwa.

^ Ing Alkitab disebutké nèk ana sedulur-sedulur sing ora isa dipercaya. (Yud.  4) Meskipun jarang banget, isa waé ana sedulur-sedulur sing mulangké ”ajaran sesat”. (Kis. 20:30) Awaké dhéwé mesthi ora bakal percaya karo wong-wong kuwi.

^ Pengalamané Sedulur Grete dicathet ing Yearbook of Jehovah’s Witnesses taun 1974 halaman 129-131.