Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 38

Piyé Carané Bèn Dadi Wong sing Isa Dipercaya?

Piyé Carané Bèn Dadi Wong sing Isa Dipercaya?

”Wong sing isa dipercaya bakal njaga rahasiané wong liya.”​—WB. 11:13.

LAGU 101 Rukun Dadi Umaté Yéhuwah

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Wong sing isa dipercaya kuwi kaya apa?

 WONG sing isa dipercaya kuwi mesthi nepati janjiné lan jujur. (Mzm. 15:4) Wong sing kaya ngono kuwi ya isa diendelké. Awaké dhéwé mesthi péngin bèn sedulur-sedulur nganggep awaké dhéwé kuwi wong sing isa dipercaya. Tapi piyé carané?

2. Bèn isa dipercaya karo wong liya, awaké dhéwé kudu piyé?

2 Awaké dhéwé ora isa meksa wong liya bèn percaya karo awaké dhéwé. Awaké dhéwé kudu mbuktèkké nèk isa dipercaya. Ana sing ngomong nèk rasa percaya kuwi kaya dhuwit. Éntuké angèl, tapi entèké cepet. Awaké dhéwé isa percaya karo Yéhuwah merga ”kabèh sing ditindakké isa dipercaya”. (Mzm. 33:4) Yéhuwah ya péngin awaké dhéwé niru Dhèwèké. (Éf. 5:1) Saiki, ayo ngrembug conto saka umaté Yéhuwah jaman mbiyèn sing niru Gusti Allah lan isa dipercaya. Terus, awaké dhéwé ya bakal ngrembug sipat apa waé sing kudu diupayakké bèn dadi wong sing isa dipercaya.

CONTO SAKA UMATÉ YÉHUWAH JAMAN MBIYÈN

3-4. Apa buktiné nèk Danièl kuwi wong sing isa dipercaya, terus apa manfaaté nèk awaké dhéwé dadi wong sing isa dipercaya?

3 Danièl kuwi salah siji tawanan sing manggon ing Babilon. Dhèwèké nduwé réputasi sing apik merga dibantu Yéhuwah. Danièl kuwi ya isa dipercaya. Pas kudu nyampèkké omongan saka Gusti Allah, dhèwèké gelem manut. Dhèwèké njelaské arti mimpiné Raja Nébukhadnézar. Terus, Danièl ya tau ngandhani Raja Nébukhadnézar nèk Yéhuwah ora seneng karo Raja Nébukhadnézar, padahal raja kuwi wongé gampang nesu. (Dan. 2:12; 4:20-22, 25) Danièl mesthi kudu kendel bèn isa nyampèkké kuwi. Pirang-pirang taun bar kuwi, Danièl njelaské soal arti tulisan tangan sing ana ing témbok istana Babilon. (Dan. 5:5, 25-29) Terus, pas jamané Raja Darius, Danièl dikenal ”nduwé kemampuan sing luar biasa”. Raja Darius lan para pejabaté nganggep nèk Danièl kuwi ”isa dipercaya, tenanan nyambut gawé, lan mesthi jujur”. (Dan. 6:3, 4) Dadi, para penguasa sing ora nyembah Yéhuwah waé ya nganggep nèk Danièl kuwi wong sing isa dipercaya.

4 Awaké dhéwé isa ngrenungké contoné Danièl. Terus, awaké dhéwé ya isa mikirké iki: ’Wong-wong sing dudu Seksi Yéhuwah kuwi nganggep aku iki wong sing kaya apa? Apa wong-wong kuwi nganggep aku wong sing bertanggung jawab lan isa dipercaya?’ Pertanyaan-pertanyaan kuwi kudu dipikirké tenanan, merga awaké dhéwé isa ngluhurké Yéhuwah nèk dadi wong sing isa dipercaya.

Gubernur Néhémia nggolèk wong-wong sing isa diendelké kanggo ngawasi kutha Yérusalèm (Deloken paragraf 5)

5. Kenapa Hanania kuwi wong sing isa dipercaya?

5 Pas taun 455 SM, témbok Yérusalèm rampung dibangun. Terus, Gubernur Néhémia nggolèk wong-wong sing isa diendelké kanggo ngawasi kutha Yérusalèm. Néhémia milih Hanania, yaiku pemimpiné Bèntèng. Ing Alkitab disebutké nèk Hanania kuwi ”wong sing isa dipercaya lan wedi marang Gusti Allah sing bener ngluwihi akèh wong liyané”. (Néh. 7:2) Sakliyané kuwi, Hanania mesthi ya sayang karo Yéhuwah. Dhèwèké wedi nggawé Yéhuwah kecéwa. Dadi, Hanania mesthi tenanan nglakoni tugasé. Awaké dhéwé ya ngono. Nèk sayang karo Yéhuwah lan wedi nggawé Dhèwèké kecéwa, awaké dhéwé mesthi bakal kerja keras wektu nglayani Yéhuwah.

6. Apa buktiné nèk Tikhikus kuwi dipercaya karo Rasul Paulus?

6 Conto liyané yaiku Tikhikus. Dhèwèké kuwi kancané Rasul Paulus lan sedulur ”sing setya ngabdi marang Gusti”. (Éf. 6:21, 22) Pas Paulus dadi tahanan omah, Paulus njaluk tulung Tikhikus bèn mbantu dhèwèké. Merga Tikhikus kuwi wong sing isa dipercaya, Paulus ngongkon dhèwèké ngeterké surat kanggo jemaat ing Éfésus lan Kolose. Tapi ora mung kuwi. Paulus ya ngongkon Tikhikus kanggo nguwatké lan menghibur sedulur-sedulur kuwi. Jaman saiki ya ana akèh sedulur-sedulur sing kaya Tikhikus. Awaké dhéwé mesthi menghargai banget kerja kerasé sedulur-sedulur kuwi.​—Kol. 4:7-9.

7. Apa sing isa ditiru saka para pinituwa lan abdiné jemaat?

7 Sedulur-sedulur sing nglayani dadi pinituwa lan abdiné jemaat kuwi kaya Danièl, Hanania, lan Tikhikus. Sedulur-sedulur kuwi tenanan wektu éntuk tugas. Misalé pas pertemuan ibadah tengah pekan, awaké dhéwé yakin nèk sedulur-sedulur sing éntuk tugas wis siap nyampèkké bagéané. Para pinituwa mesthi ya seneng nèk kabèh sing éntuk tugas isa teka lan nyampèkké tugasé. Terus, nèk ngundang sing sinau Alkitab teka ing pertemuan ibadah akhir pekan, awaké dhéwé mesthi ora kuwatir nèk mengko ora ana sing ceramah. Sakliyané kuwi, awaké dhéwé ya yakin nèk para pinituwa lan abdiné jemaat mesthi wis nyiapké buku lan majalah kanggo nginjil. Merga bener-bener digatèkké sedulur-sedulur kuwi, awaké dhéwé mesthi bersyukur karo Yéhuwah. Terus, piyé carané awaké dhéwé isa niru sedulur-sedulur kuwi?

DADI WONG SING ISA DIPERCAYA KARO WONG LIYA

8. Meskipun perduli karo sedulur-sedulur, tapi awaké dhéwé ora éntuk piyé? Jelasna. (Wulang Bebasan 11:13)

8 Awaké dhéwé sayang karo sedulur-sedulur lan perduli karo keadaané. Tapi, awaké dhéwé kudu ngati-ati bèn ora terlalu ikut campur karo urusané wong liya. Mbiyèn pas jamané para rasul, ana sedulur-sedulur sing ”dadi seneng nggosip, mèlu-mèlu ngurusi urusané wong liya, lan ngomongké sing ora pantes diomongké”. (1 Tim. 5:13) Awaké dhéwé mesthi ora péngin kaya ngono. Terus, piyé nèk ana sing crita sesuatu karo awaké dhéwé lan péngin bèn kuwi ora disebarké? Misalé ana sedulur sing crita soal penyakité utawa masalahé, terus njaluk bèn kuwi ora dicritakké karo wong liya. Awaké dhéwé ya aja nganti nyritakké kuwi karo wong liya. * (Wacanen Wulang Bebasan 11:13.) Saiki, ayo ngrembug piyé carané dadi wong sing isa dipercaya karo keluarga, kanca, lan sedulur-sedulur ing jemaat.

9. Piyé carané saben anggota keluarga dadi wong sing isa dipercaya?

9 Dadi wong sing isa dipercaya karo keluarga. Awaké dhéwé kudu ngati-ati bèn ora nyritakké sesuatu soal keluarga sing wong liya ora perlu ngerti. Misalé, ana sedulur lanang sing ngrasa nèk bojoné kuwi nduwé kebiasaan tertentu sing anèh. Mesthiné dhèwèké ora bakal nyritakké kuwi karo wong liya, soalé kuwi isa waé nggawé bojoné dadi isin. Sedulur lanang kuwi mesthiné sayang banget karo bojoné lan ora péngin nglarani atiné bojoné. (Éf. 5:33) Terus, nèk nduwé anak sing wis remaja, njenengan kudu menghargai anaké njenengan. Aja nyritak-nyritakké kesalahané anaké njenengan karo wong liya. (Kol. 3:21) Bocah-bocah ya kudu diajari bèn ngerti endi sing isa dicritakké karo wong liya lan endi sing ora. (PT. 5:16) Nèk saben anggota keluarga dadi wong sing isa dipercaya, mesthi keluarga kuwi isa dadi tambah akrab.

10. Kanca sejati kuwi kaya apa? (Wulang Bebasan 17:17)

10 Dadi wong sing isa dipercaya karo kanca-kanca. Crita karo wong liya soal perasaané awaké dhéwé kuwi ora gampang. Tapi kadhang, awaké dhéwé butuh kanca sing isa dijak crita. Terus, piyé nèk kancané awaké dhéwé malah nyritakké kuwi karo wong liya? Rasané mesthi sedhih lan kecéwa banget. Tapi nèk nduwé kanca sing isa dipercaya, mesthi seneng banget rasané. Wong sing kaya ngono kuwi bener-bener ”kanca sejati”.​—Wacanen Wulang Bebasan 17:17.

Pinituwa sing lagi mbantu sedulur ing jemaaté ora bakal nyritakké informasi soal sedulur kuwi ing keluargané (Deloken paragraf 11) *

11. (a) Apa buktiné nèk para pinituwa lan bojoné kuwi isa dipercaya? (b) Apa sing isa dipelajari saka pinituwa sing mbantu sedulur ing jemaaté? (Deloken gambar kanggo paragraf 11.)

11 Dadi wong sing isa dipercaya karo sedulur-sedulur ing jemaat. Para pinituwa kuwi sedulur-sedulur sing isa dipercaya. Ing Alkitab disebutké nèk wong-wong kuwi ”kaya panggonan berlindung pas ana angin gedhé” lan ”kaya panggonan berlindung pas ana badai”. (Yés. 32:2) Mula, awaké dhéwé isa crita apa waé karo para pinituwa. Awaké dhéwé yakin nèk para pinituwa ora bakal nyritakké kuwi karo wong liya. Awaké dhéwé ya ora bakal takon-takon karo para pinituwa soal sesuatu sing awaké dhéwé ora perlu ngerti. Sakliyané kuwi, awaké dhéwé mesthi menghargai istriné para pinituwa merga ora nggolèk-nggolèk informasi saka bojoné. Sakjané, ana manfaaté nèk para pinituwa ora crita karo bojoné soal sesuatu sing bojoné ora perlu ngerti. Ana istriné pinituwa sing ngomong ngéné, ”Bojoku ora tau crita soal sapa waé ing jemaat sing lagi dibantu para pinituwa. Malah nèk aku ngerti soal kuwi, aku ya bingung kudu ngapa. Merga aku ora dikandhani sesuatu sing aku ora perlu ngerti, aku dadi leluasa bergaul karo kabèh sedulur ing jemaat. Terus, nèk aku crita karo bojoku soal apa sing tak rasakké, aku yakin nèk bojoku ya ora mungkin nyritakké kuwi karo wong liya.” Tapi ora soal awaké dhéwé kuwi pinituwa utawa dudu, awaké dhéwé mesthi péngin dianggep dadi wong sing isa dipercaya. Saiki, ayo ngrembug sipat apa waé sing kudu diupayakké bèn awaké dhéwé dadi wong sing isa dipercaya.

SING KUDU DIUPAYAKKÉ BÈN ISA DIPERCAYA

12. Bèn dadi wong sing isa dipercaya, kenapa kudu nduwé katresnan? Wènèhana conto.

12 Nduwé katresnan. Yésus tau kandha nèk murid-muridé kudu nresnani Yéhuwah lan wong liya. (Mat. 22:37-39) Nèk nresnani Yéhuwah, awaké dhéwé mesthi péngin niru Yéhuwah sing isa dipercaya. Terus, awaké dhéwé ya kudu nresnani sedulur-sedulur. Contoné, awaké dhéwé ora bakal nyritakké informasi soal sedulur kuwi sing wong liya ora perlu ngerti. Awaké dhéwé mesthi ora péngin sedulur kuwi dadi isin, sedhih, utawa lara ati. Kuwi sebabé, awaké dhéwé bakal ngupaya bèn dadi wong sing isa dipercaya merga nresnani Yéhuwah.​—Yoh. 15:12.

13. Kenapa wong sing rendah hati kuwi isa dipercaya?

13 Rendah hati. Nèk rendah hati, awaké dhéwé bakal dadi wong sing isa dipercaya. Kok isa? Wong sing rendah hati mesthi ora péngin dadi sing pertama sing nyebarké informasi tertentu. (Flp. 2:3) Dhèwèké ora péngin wong liya nganggep nèk dhèwèké sing paling ngerti kabèh informasi. Terus, wong sing rendah hati ya ora péngin nggawé wong liya mikir nèk dhèwèké nduwé informasi penting sing ora isa dicritakké. Wong sing rendah hati ya ora bakal nyebarké pandhangané dhéwé, apa manèh nèk kuwi ora disebutké ing Alkitab utawa bacaan-bacaan saka organisasi.

14. Kenapa wong sing nduwé pertimbangan sing apik kuwi isa dipercaya?

14 Nduwé pertimbangan sing apik. Wong sing nduwé pertimbangan sing apik kuwi isa ngerti kapan ”wektu kanggo meneng lan wektu kanggo ngomong”. (Pkh. 3:7) Malah, ana peribahasa sing artiné nèk kadhang meneng kuwi luwih apik timbang ngomong. Terus ing Wulang Bebasan 11:12 disebutké, ”Wong sing nduwé pertimbangan sing apik tetep meneng.” Ana conto saka pinituwa sing kerep dijaluki tulung nangani masalah ing jemaat liyané. Pinituwa liya ngomong ngéné soal sedulur kuwi, ”Dhèwèké ora tau nyritakké masalah sing ana ing jemaat liyané.” Kuwi bukti nèk pinituwa mau nduwé pertimbangan sing apik. Mulané, dhèwèké diajèni karo para pinituwa ing jemaaté. Para pinituwa ing jemaaté ya yakin nèk sedulur kuwi ora bakal nyritakké informasi sing wong liya ora perlu ngerti.

15. Kenapa kok wong sing jujur isa dipercaya? Wènèhana conto.

15 Jujur. Awaké dhéwé mesthi percaya karo wong sing jujur, merga wong sing jujur mesthi ngomongké sing bener. (Éf. 4:25; Ibr. 13:18) Misalé ngéné. Nèk péngin luwih trampil mulang, njenengan bakal njaluk naséhat karo wong sing kaya apa? Apa karo wong sing ngomong sing apik-apik thok, utawa karo wong sing terus terang? Mesthiné njenengan bakal njaluk naséhat karo wong sing terus terang, ta? Isa waé njenengan bakal njaluk tulung wong kuwi ngrungokké ceramahé njenengan lan mènèhi saran-saran sing dibutuhké. Padha kaya ngono, awaké dhéwé isa dadi wong sing dipercaya nèk jujur. Ing Alkitab disebutké, ”Naséhat sing terus terang kuwi luwih apik timbang rasa sayang sing ora diduduhké. Kanca sing setya mènèhi naséhat senajan kuwi isa nggawé lara ati.” (WB. 27:5, 6) Mémang, éntuk naséhat kuwi isa waé ora énak dirungokké. Tapi, kuwi mesthi ana manfaaté.

16. Kenapa wong sing ngendhalèni dhiri kuwi isa dipercaya? (Wulang Bebasan 10:19)

16 Isa ngendhalèni dhiri. Sakliyané sipat-sipat sing disebutké mau, awaké dhéwé ya kudu isa ngendhalèni dhiri. Wong sing isa ngendhalèni dhiri ngerti nèk ora kabèh informasi isa dicritakké karo wong liya. (Wacanen Wulang Bebasan 10:19.) Tapi, kadhang ngendhalèni dhiri kuwi angèl. Misalé pas nggunakké média sosial. Nèk ora ati-ati, awaké dhéwé isa waé ora sengaja nyebarké informasi sing wong liya ora perlu ngerti. Terus, awaké dhéwé ora ngerti sapa waé sing éntuk informasi kuwi lan apa akibaté nèk kuwi kesebar ing média sosial. Awaké dhéwé ya kudu isa ngendhalèni dhiri pas ditakon-takoni karo wong-wong sing ora seneng karo umaté Yéhuwah. Nèk ngalami kuwi, awaké dhéwé mesthi ora bakal ngomong lan ora mènèhi informasi soal sedulur-sedulur. Kaya sing ditulis ing Mazmur 39:1, awaké dhéwé mesthi bakal ’nutupi cangkemé’ awaké dhéwé. Nèk péngin dipercaya karo keluarga, kanca-kanca, lan sedulur-sedulur, awaké dhéwé kudu isa ngendhalèni dhiri.

17. Piyé carané bèn isa dipercaya karo sedulur-sedulur?

17 Awaké dhéwé mesthi seneng merga nduwé sedulur-sedulur sak donya sing isa dipercaya. Terus, awaké dhéwé ya kudu ngupaya bèn isa dipercaya karo sedulur-sedulur. Carané, awaké dhéwé kudu nduwé katresnan, rendah hati, nduwé pertimbangan sing apik, jujur, lan isa ngendhalèni dhiri. Muga-muga awaké dhéwé terus niru Yéhuwah sing isa dipercaya.

LAGU 123 Manut Arahané Yéhuwah

^ Awaké dhéwé mesthi péngin dadi wong sing isa dipercaya. Tapi piyé carané? Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug kenapa umaté Yéhuwah kudu saling percaya. Terus, sipat apa waé sing kudu diupayakké bèn awaké dhéwé dadi wong sing isa dipercaya?

^ Nèk ngerti ana sedulur ing jemaat sing nggawé dosa, awaké dhéwé kudu ngandhani dhèwèké bèn njaluk bantuané pinituwa. Nèk dhèwèké ora gelem, ya awaké dhéwé sing lapor. Awaké dhéwé kaya ngono merga péngin tetep setya karo Yéhuwah lan sedulur-sedulur liyané.

^ GAMBAR: Pinituwa sing lagi mbantu sedulur ing jemaaté. Pas tekan omah, pinituwa kuwi ora nyritakké informasi soal sedulur kuwi karo keluargané.