Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Pitakonané sing Maca

Pitakonané sing Maca

Apa maksudé wektu Paulus ngomong nèk dhèwèké kuwi kaya ”bayi sing lair sakdurungé wektuné”? (1 Korintus 15:8)

Ing 1 Korintus 15:8, Paulus ngomong, ”Akhiré, dhèwèké nemoni aku, kaya nemoni bayi sing lair sakdurungé wektuné.” Mbiyèn, tau dijelaské nèk kuwi maksudé pas Paulus ndelok Yésus sing munggah swarga. Kuwi seolah-olah Paulus wis nampa berkah bakal urip ing swarga dadi makhluk roh. Tapi bar ayat kuwi dipelajari tenanan, jebulé penjelasan mau kudu diubah.

Mémang, ing ayat kuwi Paulus lagi nyebutké soal Yésus sing nemoni dhèwèké. Tapi, apa maksudé wektu Rasul Paulus ngomong nèk dhèwèké kuwi kaya ”bayi sing lair sakdurungé wektuné”? Ana beberapa kemungkinan.

Wektu mertobat lan dadi muridé Yésus, Paulus ngalami peristiwa sing luar biasa. Wong-wong biasané kagèt nèk ana bayi sing lair sakdurungé wektuné. Mbiyèn, wong-wong Kristen ing Damaskus ya kagèt pas ngerti nèk Paulus dadi muridé Yésus. Yésus nemoni Paulus (sing mbiyèn disebut Saul) pas Paulus lagi perjalanan ing Damaskus. Wektu kuwi, Paulus arep nganiaya murid-muridé Yésus. Tapi, dhèwèké ndelok Yésus sing wis diuripké manèh. Kèt kuwi, Paulus dadi muridé Yésus. Merga ngalami peristiwa sing luar biasa kuwi, dhèwèké dadi ora isa ndelok nganti telung dina.​—Kis. 9:1-9, 17-19.

Paulus dadi muridé Yésus ”ing wektu sing salah”. Kata Yunani sing diterjemahké dadi ”bayi sing lair sakdurungé wektuné” ya isa berarti ”bayi sing lair ing wektu sing salah”. Ing The Jerusalem Bible kata-kata kuwi diterjemahké ngéné, ”Aku seolah-olah lair ing wektu sing ora diharapké.” Pas Paulus mertobat lan dadi muridé Yésus, Yésus wis munggah swarga. Ing ayat-ayat sakdurungé, Paulus nyebutké murid-muridé Yésus liyané sing ndelok Yésus sing wis diuripké manèh sakdurungé munggah swarga. (1 Kor. 15:4-8) Merga Yésus dhéwé sing nemoni Paulus, Paulus dadi nduwé kesempatan ndelok Yésus meskipun seolah-olah kuwi ”ing wektu sing salah”.

Paulus ngrasa ora pantes disebut rasul. Menurut para ahli Alkitab, kata-kata sing digunakké Paulus kuwi nduduhké nèk Paulus mungkin nganggep nèk dhèwèké ora pantes ndelok Yésus. Seolah-olah Paulus mèh ngomong, ”Aku iki sing paling ora penting ing antarané para rasul. Malah, aku ora pantes disebut rasul merga mbiyèn aku nganiaya anggota jemaaté Gusti Allah. Ning, aku isa nindakké tugasku saiki merga Gusti Allah apikan banget marang aku.”​—1 Kor. 15:9, 10.

Dadi wektu Paulus ngomong nèk dhèwèké kuwi kaya bayi sing lair sakdurungé wektuné, mungkin maksudé dhèwèké éntuk pengalaman sing luar biasa wektu dadi muridé Yésus, utawa dhèwèké dadi muridé Yésus ing wektu sing ora disangka-sangka, utawa dhèwèké ngrasa ora pantes disebut rasul. Tapi ora soal apa maksudé, Paulus bener-bener menghargai kesempatan isa ndelok Yésus sing wis diuripké manèh. Paulus dadi yakin nèk Yésus wis diuripké. Mula wektu nginjil, Paulus kerep nyebutké soal kuwi.​—Kis. 22:6-11; 26:13-18.