Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Pitakonané Sing Maca

Pitakonané Sing Maca

Sapa sing bakal diuripké manèh ing bumi, lan apa wong-wong kuwi bakal urip saklawasé?

Gatèkna apa sing disebutké ing Alkitab soal kuwi.

Ing Kisah 24:15 disebutké nèk Gusti Allah bakal ”nguripké manèh wong-wong sing bener lan sing ora bener”. Wong-wong sing bener kuwi maksudé sing manut karo Yéhuwah. Dadi, jenengé ana ing buku kehidupan. (Mal. 3:16) Wong-wong sing ora bener kuwi termasuk sing durung kenal karo Yéhuwah. Dadi, jenengé ora ana ing buku kehidupan.

Ing Yohanes 5:28, 29 ya disebutké soal wong-wong sing bener lan sing ora bener. Yésus ngomong nèk ”wong-wong sing tumindaké apik” bakal diuripké kanggo ”urip saklawasé”, ning ”wong-wong sing tumindaké èlèk” bakal diuripké kanggo ”diadili”. Merga perbuatané sing apik, wong-wong sing bener jenengé ditulis ing buku kehidupan. Dadi, wong-wong kuwi bakal diuripké manèh kanggo urip saklawasé. Tapi, wong-wong sing ora bener perbuatané èlèk. Dadi, jenengé ora ditulis ing buku kehidupan. Mula, wong-wong kuwi diuripké manèh kanggo diadili. Sakwisé diuripké manèh, wong-wong kuwi bakal diwènèhi kesempatan sinau soal Yéhuwah bèn jenengé isa ditulis ing buku kehidupan.

Terus ing Wahyu 20:12, 13 disebutké nèk kabèh wong sing diuripké manèh kudu manut karo apa sing ”ditulis ing gulungan”, yaiku tuntunan-tuntunan sing anyar saka Yéhuwah. Nèk ora manut, wong-wong kuwi bakal disingkirké saklawasé.​—Yés. 65:20.

Ing Danièl 12:2 ya disebutké nèk ana wong-wong sing diuripké manèh sing ”bakal urip saklawasé, ning ya ana sing bakal diisin-isinké lan dirèmèhké saklawasé”. Kuwi bakal kelakon pas akhir Pamréntahan Sèwu Taun. Wektu kuwi, ana wong-wong sing bakal ”urip saklawasé” lan ana sing bakal ”dirèmèhké saklawasé”, maksudé bakal disingkirké saklawasé.​—Why. 20:15; 21:3, 4.

Wong-wong sing diuripké manèh kuwi, kaya wong asing sing péngin manggon ing negara tertentu. Wong asing kuwi isa éntuk ijin tinggal tetap lan ijin tinggal sementara. Wong sing bener kuwi kaya wong asing sing éntuk ijin tinggal tetap. Terus wong sing ora bener kaya wong asing sing éntuk ijin tinggal sementara. Tapi ora soal éntuk ijin tinggal sing endi, loro-loroné kudu manut karo hukum ing negara kuwi. Nèk ora manut, wong kuwi isa diusir. Padha kaya ngono, bèn isa urip saklawasé ing Firdaus, kabèh wong sing diuripké manèh kudu manut hukumé Yéhuwah lan nduwé iman karo Dhèwèké.

Yéhuwah ora mung Gusti Allah sing apikan, tapi Dhèwèké ya adil. (PT. 32:4; Mzm. 33:5) Buktiné, Yéhuwah gelem nguripké manèh wong-wong sing bener lan sing ora bener. Dhèwèké péngin kabèh wong manut pathokané. Mung wong-wong sing sayang karo Yéhuwah lan manut karo pathokané sing isa urip saklawasé ing donya sing anyar.