Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 40

”Mbantu Akèh Wong Nindakké sing Bener”

”Mbantu Akèh Wong Nindakké sing Bener”

”Wong-wong sing mbantu akèh wong nindakké sing bener bakal bersinar saklawasé kaya bintang.”​—DAN. 12:3.

LAGU 151 Yéhuwah Ngundang Sing Mati

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Apa sing bakal kelakon pas Pamréntahan Sèwu Taun?

 PAS Pamréntahan Sèwu Taun, akèh wong sing mati bakal diuripké manèh. Awaké dhéwé mesthi péngin ketemu manèh karo keluarga utawa karo kancané awaké dhéwé sing wis mati. Yéhuwah mesthi ya kangen karo wong-wong kuwi. (Ayb. 14:15) Bayangna kaya apa rasané isa ketemu manèh karo wong-wong sing disayangi. Kaya sing dirembug ing artikel sakdurungé, ”wong-wong sing bener” sing jenengé ana ing buku kehidupan bakal diuripké kanggo ”urip saklawasé”. (Kis. 24:15; Yoh. 5:29) Mungkin, keluarga utawa kancané awaké dhéwé kuwi bakal diuripké ora suwé sakwisé Armagédon. * Terus, wong-wong ”sing ora bener”, contoné sing durung kenal Yéhuwah, bakal diuripké manèh kanggo ”diadili”.

2-3. (a) Kaya sing disebutké ing Yésaya 11:9, 10, wong-wong sing diuripké manèh kudu diwulang soal apa, lan kenapa? (b) Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

2 Kabèh wong sing diuripké manèh kudu diwulang. (Yés. 26:9; 61:11) Bayangna pas kuwi kelakon. Ing endi-endi ana wong sing lagi diwulang. (Wacanen Yésaya 11:9, 10.) Wong-wong sing ora bener kudu diwulang soal Yésus, tebusan, Kerajaané Gusti Allah, jenengé Yéhuwah, lan haké Yéhuwah kanggo mréntah. Terus, wong-wong sing bener kudu diwulang soal katrangan-katrangan sing disedhiakké Yéhuwah lan organisasiné selama akhir jaman. Ing antarané wong-wong sing bener kuwi malah ya ana sing mati sakdurungé Alkitab rampung ditulis. Dadi, ana akèh sing kudu dipelajari karo wong-wong sing bener lan sing ora bener sing sukmbèn diuripké manèh.

3 Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug: Sapa sing kudu diwulang soal Yéhuwah? Sapa sing bakal mulang wong-wong kuwi? Apa hasilé nèk wong-wong kuwi gelem diwulang? Terus, wong-wong sing ora gelem diwulang bakal diapakké? Awaké dhéwé isa ngerti jawabané nèk sinau saka ramalan ing buku Danièl lan Wahyu soal wong-wong sing diuripké manèh. Saiki ayo ngrembug dhisik ramalan ing Danièl 12:1, 2.

”AKÈH WONG SING WIS MATI BAKAL TANGI”

4-5. Nurut Danièl 12:1, apa sing bakal kelakon ing akhir jaman?

4 Wacanen Danièl 12:1. Ing buku Danièl dicritakké apa waé sing bakal kelakon pas akhir jaman. Misalé, ing Danièl 12:1 disebutké nèk Mikhaèl, yaiku Yésus Kristus, ”mbéla” umaté Gusti Allah. Kuwi kelakon taun 1914 pas Yésus dadi Raja ing Kerajaané Gusti Allah.

5 Tapi, Danièl ya dikandhani nèk Yésus bakal ”tumindak” ing ”wektu sing susah sing durung tau kelakon kèt anané bangsa-bangsa nganti tekan wektu kuwi”. ”Wektu sing susah kuwi” maksudé ”sengsara gedhé” sing disebutké ing Matius 24:21. Yésus bakal tumindak pas akhir wektu sing susah kuwi, maksudé pas Armagédon. Ing buku Wahyu disebutké nèk sing dimaksud umaté Gusti Allah kuwi ’kumpulan gedhé wong akèh sing slamet ngliwati sengsara gedhé’.​—Why. 7:9, 14.

6. Apa sing bakal kelakon sakwisé kumpulan gedhé slamet ngliwati sengsara gedhé? (Deloken ”“Pitakonané Sing Maca” ing majalah iki sing mbahas soal wong-wong sing bakal diuripké ing bumi.)

6 Wacanen Danièl 12:2. Apa sing bakal kelakon sakwisé kumpulan gedhé slamet ngliwati sengsara gedhé? Mbiyèn tau dijelaské nèk ayat kuwi maksudé diuripké manèh ing swarga utawa umaté Yéhuwah sing isa nginjil manèh pas taun 1919. * Tapi sakjané, ayat kuwi maksudé peristiwa wektu wong-wong mati diuripké manèh ing donya anyar. Kuwi bakal kelakon sakwisé perang Armagédon.

7. (a) Wong-wong sing diuripké manèh kudu piyé bèn isa ”urip saklawasé”? (b) Kenapa ing Alkitab disebutké nèk wong-wong kuwi ”diuripké manèh nganggo cara sing luwih apik”?

7 Ing Danièl 12:2 disebutké nèk wong sing diuripké manèh ana sing bakal ”urip saklawasé”. Selama Pamréntahan Sèwu Taun, wong-wong sing diuripké kuwi kudu kenal karo utawa terus nduwé pengetahuan soal Yéhuwah lan Yésus. Terus, wong-wong kuwi ya kudu manut karo Yéhuwah lan Yésus. Nèk wis ngono, wong-wong kuwi isa urip saklawasé. (Yoh. 17:3) Wong-wong kuwi ”diuripké manèh nganggo cara sing luwih apik” timbang wong-wong sing diuripké manèh jaman mbiyèn. (Ibr. 11:35) Kenapa? Soalé wong-wong sing diuripké manèh jaman mbiyèn isa mati manèh merga isih ora sampurna.

8. Apa maksudé wong-wong sing diuripké ana sing ”diisin-isinké lan dirèmèhké saklawasé”?

8 Tapi, ana wong-wong sing diuripké manèh sing ora gelem diwulang soal Yéhuwah. Ing Danièl 12:2 disebutké nèk bakal ana sing ”diisin-isinké lan dirèmèhké saklawasé”. Merga ora gelem manut karo Yéhuwah, jenengé wong-wong kuwi ora bakal ditulis ing buku kehidupan lan ora bakal urip saklawasé. Wong-wong kuwi bakal ”dirèmèhké saklawasé” utawa disingkirké saklawasé. Dadi, Danièl 12:2 njelaské nèk bakal ana wong-wong sing isa urip saklawasé lan ana sing ora. Kuwi bergantung karo perbuatané wong-wong kuwi sakwisé diuripké manèh. *Why. 20:12.

”MBANTU AKÈH WONG NINDAKKÉ SING BENER”

9-10. (a) Nurut Danièl 12:3, apa manèh sing bakal kelakon sakwisé sengsara gedhé? (b) Sapa wong-wong sing ”bakal bersinar kaya langit sing padhang”?

9 Wacanen Danièl 12:3. Apa manèh sing bakal kelakon sakwisé ”wektu sing susah”? Sakliyané Danièl 12:2, ayat 3 ya njelaské apa sing kelakon sakwisé sengsara gedhé.

10 Sapa wong-wong sing ”bakal bersinar kaya langit sing padhang”? Awaké dhéwé isa ngerti jawabané saka omongané Yésus ing Matius 13:43. Ing ayat kuwi, Yésus ngomong, ”Wektu kuwi, wong-wong sing bener bakal bersinar kaya matahari ing Kerajaané Bapaké.” Ing ayat-ayat sakdurungé, Yésus lagi ngomongké soal ”anak-anaké Kerajaan”, utawa wong-wong sing bakal mréntah bareng karo Yésus ing swarga. (Mat. 13:38, ctn.) Dadi, sing dimaksud Danièl 12:3 kuwi wong-wong sing bakal mréntah karo Yésus ing swarga. Terus, wong-wong kuwi bakal ngapa ing Pamréntahan Sèwu Taun?

Selama Pamréntahan Sèwu Taun, 144.000 bakal kerja sama bareng karo Yésus (Deloken paragraf 11)

11-12. Pas Pamréntahan Sèwu Taun, 144.000 bakal ngapa?

11 Piyé wong-wong sing bakal mréntah dadi raja bareng Yésus isa mbantu ”akèh wong nindakké sing bener”? Pas Pamréntahan Sèwu Taun, 144.000 kuwi bakal kerja sama karo Yésus bèn kabèh wong sing diuripké manèh isa diwulang soal Yéhuwah. Wong-wong kuwi ora mung dadi raja, tapi ya bakal dadi imam. (Why. 1:6; 5:10; 20:6) Wong-wong kuwi bakal mbantu ”nambani bangsa-bangsa”, sing maksudé mbantu kabèh wong bèn isa sampurna manèh. (Why. 22:1, 2; Yèh. 47:12) Wong-wong kuwi mesthi seneng banget merga isa kerja bareng karo Yésus ing Pamréntahan Sèwu Taun.

12 Terus, ”akèh wong” sing dibantu nindakké sing bener kuwi sapa? Kuwi maksudé wong-wong sing bakal diuripké manèh, sing slamet ngliwati Armagédon, lan bocah-bocah sing mungkin bakal lair ing donya anyar. Pas akhir Pamréntahan Sèwu Taun, kabèh wong bakal dadi sampurna. Tapi pas kuwi, apa jenengé wong-wong kuwi otomatis isa terus ana ing buku kehidupan kaya ditulis nganggo tinta?

GELEM NDHUKUNG YÉHUWAH APA ORA

13-14. Apa kabèh wong sing sampurna otomatis isa urip saklawasé? Jelasna.

13 Wong sing sampurna ora otomatis isa urip saklawasé. Misalé, Adam karo Hawa kuwi sampurna. Tapi, bèn isa urip saklawasé, Adam karo Hawa kudu manut karo Yéhuwah. Sayangé, wong loro kuwi ora manut karo Yéhuwah.​—Rm. 5:12.

14 Ing akhir Pamréntahan Sèwu Taun, kabèh wong bakal dadi sampurna. Tapi apa kabèh wong bakal terus manut lan ndhukung Yéhuwah? Utawa apa ana sing ora manut karo Yéhuwah, kaya Adam karo Hawa? Ayo ngrembug soal kuwi.

15-16. (a) Kabèh wong kudu mbuktèkké nèk manut karo Yéhuwah pas apa? (b) Wong-wong sing manut karo Yéhuwah bakal piyé, terus wong-wong sing ora manut bakal diapakké?

15 Sétan bakal dilebokké ing jurang sing jero banget selama 1.000 taun. Pas kuwi, dhèwèké ora isa mènèhi pengaruh sing èlèk kanggo manungsa. Tapi pas akhir 1.000 taun, Sétan bakal dibébaské manèh. Dhèwèké bakal ngojok-ojoki manungsa bèn ora manut karo Yéhuwah. Kabèh manungsa sing sampurna kudu mbuktèkké nèk ndhukung Yéhuwah lan Kerajaané. (Why. 20:7-10) Wong-wong sing gelem ndhukung Yéhuwah jenengé bakal terus ana ing buku kehidupan.

16 Tapi, ya ana wong-wong sing ora manut karo Yéhuwah kaya Adam karo Hawa. Wong-wong kuwi bakal diapakké? Ing Wahyu 20:15 disebutké, ”Sapa waé sing jenengé ora ditulis ing buku kehidupan ya bakal diuncalké ing danau geni.” Wong-wong kuwi bakal disingkirké saklawasé. Tapi, ana akèh wong sing bakal manut lan ndhukung Yéhuwah. Jenengé wong-wong kuwi bakal terus ana ing buku kehidupan.

SING BAKAL KELAKON SELAMA ”AKHIR JAMAN”

17. Danièl tau dikandhani apa soal akhir jaman? (Danièl 12:4, 8-10)

17 Awaké dhéwé mesthi berharap bèn ramalan-ramalan mau ndang kelakon. Danièl tau dikandhani karo malaékat soal apa sing bakal kelakon ing ”akhir jaman”, yaiku ing jamané awaké dhéwé. (Wacanen Danièl 12:4, 8-10; 2 Tim. 3:1-5) Malaékat kuwi ngomong nèk ”pengetahuan sing bener bakal saya akèh”. Umaté Gusti Allah saiki wis ngrasakké nèk ramalan kuwi kelakon. Terus, malaékat kuwi ya ngomong nèk selama akhir jaman, ”wong jahat bakal nindakké sing jahat, lan ora ana wong jahat sing bakal ngerti perkara-perkara iki”.

18. Wong sing jahat sukmbèn bakal diapakké?

18 Saiki, wong jahat kétoké uripé kepénak. (Mal. 3:14, 15) Tapi sedhéla manèh, Yésus bakal ngadili kabèh wong lan misahké wong jahat karo wong sing manut Yéhuwah. (Mat. 25:31-33) Wong sing jahat ora bakal isa slamet ngliwati sengsara gedhé lan ora bakal diuripké manèh ing donya anyar. Jenengé wong-wong kuwi ora bakal ana ing ”buku kanggo nyathet jenengé wong-wong sing diéling-éling” sing disebutké ing Maléakhi 3:16.

19. Awaké dhéwé saiki kudu apa, lan kenapa? (Maléakhi 3:16-18)

19 Ora kaya wong sing jahat, awaké dhéwé kudu terus manut karo Yéhuwah. (Wacanen Maléakhi 3:16-18.) Yéhuwah nganggep wong-wong sing manut kuwi ’duwèké sing istiméwa’. Dadi kanggoné Yéhuwah, wong-wong kuwi berharga banget. Awaké dhéwé mesthi péngin dianggep berharga karo Yéhuwah.

Mesthi nyenengké banget isa ketemu karo Danièl, wong-wong sing disayangi, lan akèh wong liyané pas wong-wong kuwi ”tangi” ing donya anyar (Deloken paragraf 20)

20. Yéhuwah janji apa karo Danièl, lan kenapa njenengan péngin janji kuwi ndang kelakon?

20 Akèh ramalan ing Alkitab sing wis kelakon jaman saiki. Tapi, isih ana manèh sing bakal kelakon sukmbèn. Ora suwé manèh, wong jahat disingkirké. Awaké dhéwé mesthi ya péngin janjiné Yéhuwah karo Danièl kelakon. Yéhuwah janji, ”Kowé bakal tangi kanggo nampa bagéanmu ing akhir jaman.” (Dan. 12:13) Apa njenengan péngin ketemu karo Danièl lan wong-wong sing njenengan sayangi pas wong-wong kuwi ”tangi”? Nèk iya, njenengan kudu ngupaya sak isa-isané terus setya bèn jenengé njenengan isa terus ana ing buku kehidupan.

LAGU 80 ”Deloken lan Rasakna Nèk Yéhuwah Kuwi Apikan”

^ Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug katrangan sing anyar saka Danièl 12:2, 3. Ing ayat kuwi dijelaské nèk akèh wong bakal dibantu utawa diwulang bèn isa nindakké sing bener. Kapan kuwi kelakon? Sapa sing diwulang lan sapa sing bakal mulang? Terus, apa hasilé nèk wong-wong sing wis diwulang kuwi ndhukung Yéhuwah pas akhir Pamréntahan Sèwu Taun?

^ Mungkin, wong-wong sing setya nglayani Yéhuwah pas akhir jaman bakal diuripké luwih dhisik. Bar kuwi, mundur ing generasi-generasi sakdurungé. Dadi, saben wong isa nyambut wong-wong sing dikenal sing urip sak jaman. Ing Alkitab disebutké nèk wong-wong sing diuripké ing swarga bakal diuripké manèh ”sesuai karo urutané”. (1 Kor. 15:23) Dadi, awaké dhéwé isa yakin nèk wong-wong sing diuripké manèh ing bumi mesthi ya bakal kaya ngono.​—1 Kor. 14:33.

^ Katrangan sing disebutké ing paragraf iki ngganti katrangan ing buku Perhatikanlah Nubuat Daniel! bab 17 lan Menara Pengawal taun 1987 sèri 38 halaman 17-21.

^ Kuwi béda karo ”wong-wong sing bener” lan ”sing ora bener” sing disebutké ing Kisah 24:15 lan ”wong-wong sing tumindaké apik” lan ”sing tumindaké èlèk” sing disebutké ing Yohanes 5:29. Sing disebutké ing ayat-ayat kuwi maksudé perbuatané sakdurungé mati.