Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 1

Yakin Nèk Kabèh Omongané Gusti Allah ”Kuwi Bener”

Yakin Nèk Kabèh Omongané Gusti Allah ”Kuwi Bener”

AYAT TAUNAN 2023: ”Kabèh omongan-Mu kuwi bener.”​—MZM. 119:160.

LAGU 96 Kitab Suci Harta saka Yéhuwah

ISINÉ ARTIKEL IKI a

1. Ngapa kok akèh wong ora percaya karo Alkitab?

 SAIKI percaya karo wong liya ora gampang. Soalé, akèh wong ora isa dipercaya. Wong-wong ora percaya karo pemimpin politik, ilmuwan, lan pengusaha merga ora ngerti apa niaté mémang apik. Wong-wong saiki ya nyepèlèkké pemimpin agama. Dadi, wektu ngomongké soal Alkitab, wong-wong ora langsung percaya.

2. Menurut Mazmur 119:160, awaké dhéwé kudu percaya soal apa?

2 Gusti Allah kuwi isa dipercaya merga Dhèwèké ”ora isa ngapusi”. (Ibr. 6:18) Kabèh sing diajarké Yéhuwah kuwi ya bermanfaat kanggo awaké dhéwé. (Yés. 48:17) Kuwi sebabé, awaké dhéwé isa percaya nèk kabèh omongané Gusti Allah sing ditulis ing Alkitab ”kuwi bener”. (Wacanen Mazmur 119:160.) Ana ahli Alkitab sing ngomong, ”Isiné Alkitab ora ana sing salah. Kabèh mesthi bakal kelakon. Umaté Gusti Allah percaya karo Alkitab merga percaya karo Gusti Allah.”

3. Apa sing dibahas ing artikel iki?

3 Piyé carané mbantu wong liya bèn isa percaya karo Alkitab? Ayo mbahas telu bukti nèk Alkitab isa dipercaya, yaiku isiné ora tau berubah, ramalané kabèh kelakon, lan nèk wong mraktèkké naséhaté, dhèwèké isa dadi luwih apik.

ISINÉ ALKITAB ORA BERUBAH

4. Ngapa kok ana sing mikir nèk isiné Alkitab wis ora padha karo asliné?

4 Yéhuwah nuntun kira-kira wong lanang 40 kanggo nulis isiné Alkitab. Tapi, tulisan asliné saiki wis ora ana. Sing ana mung salinané. Dadi, ana sing mikir nèk isiné Alkitab saiki wis ora padha karo asliné. Apa njenengan ya tau mikir ngono?

Penyalin Kitab-Kitab Ibrani tliti banget pas nyalin (Deloken artikel paragraf 5)

5. Sapa waé sing nyalin Kitab-Kitab Ibrani, lan nyaliné piyé? (Deloken gambar halaman 1.)

5 Yéhuwah péngin omongané tetep ana. Mula, Dhèwèké ngongkon wong-wong nyalin isiné Kitab Suci. Misalé, para raja ing Israèl kudu nulis manèh isiné Hukum Musa. (PT. 17:18) Yéhuwah ya ngongkon wong Lèwi ngajarké isiné Hukum Musa karo wong Israèl. (PT. 31:24-26; Néh. 8:7) Bar wong Israèl bali saka Babilon, ana beberapa penyalin sing nulis manèh isiné Kitab-Kitab Ibrani. (Ézr. 7:6) Wong-wong kuwi tliti banget. Wektu nyalin, sing diétung ora mung jumlah katané, tapi ya jumlah hurufé. Sayangé merga sing nyalin ora sampurna, tetep ana sing salah. Tapi merga salinané ana akèh, dadi isa ngerti endi sing salah. Piyé carané?

6. Piyé bèn isa ngerti nèk ing salinan Kitab-Kitab Ibrani ana bagéan sing salah?

6 Piyé carané para ahli isa ngerti nèk ing salinan Kitab-Kitab Ibrani ana sing salah? Umpamané ngéné, ana wong 100 dikongkon nyalin tulisan. Ana siji sing nggawé salah. Bèn isa ngerti salahé ing endi, gari dibandhingké karo salinan-salinan liyané. Padha kaya ngono, merga salinan Kitab-Kitab Ibrani ana akèh, para ahli isa mbandhingké salinan-salinan kuwi bèn isa ngerti bagéan endi sing salah.

7. Apa buktiné nèk penyalin Kitab-Kitab Ibrani tliti?

7 Para penyalin kuwi tliti banget. Apa buktiné? Salinan Kitab-Kitab Ibrani sing paling tuwa lan sing paling lengkap kuwi Kodeks Leningrad. Kuwi ditulis taun 1008 utawa 1009 M. Tapi, saiki wis ditemokké potongan-potongan karo gulungan-gulungan sing 1.000 taun luwih tuwa timbang Kodeks Leningrad. Ana sing mikir merga wis disalin bola-bali selama 1.000 taun, isiné mesthi béda banget. Tapi kenyataané piyé? Meskipun kata-katané ana sing béda sithik, tapi isiné tetep padha.

8. Apa bédané Kitab-Kitab Yunani Kristen karo buku-buku liyané?

8 Wong Kristen mbiyèn ya nyalin Kitab-Kitab Yunani sing jumlahé 27, merga kuwi dienggo ngibadah lan nginjil. Ana ahli Alkitab sing mbandhingké salinan Kitab-Kitab Yunani karo buku-buku liyané jaman kuwi. Terus dhèwèké ngomong, ”Nèk dibandhingké karo buku-buku liyané pas jaman kuwi, Kitab-Kitab Yunani salinané luwih akèh lan komplit.” Menurut buku Anatomy of the New Testament, ”Kitab-Kitab Yunani sing ana saiki isiné padha karo asliné mbiyèn.”

9. Menurut Yésaya 40:8, kenapa isiné Alkitab ora berubah?

9 Meskipun disalin selama éwonan taun, isiné Alkitab ora berubah merga sing nyalin tliti. b Sing pasti, Yéhuwah sing nuntun bèn kuwi isa kelakon. (Wacanen Yésaya 40:8.) Tapi ana sing ngomong ngéné, ”Mung merga isiné Alkitab ora berubah, kuwi dudu bukti nèk Alkitab saka Gusti Allah.” Dadi, ayo mbahas bukti liyané nèk Alkitab asalé saka Gusti Allah.

RAMALANÉ MESTHI KELAKON

Left: C. Sappa/​DeAgostini/​Getty Images; right: Image © Homo Cosmicos/​Shutterstock

Ramalan ing Alkitab mesthi kelakon (Deloken paragraf 10-11) d

10. Kaya sing ditulis ing 2 Pétrus 1:21, wènèhana conto ramalan ing Alkitab sing kelakon tenan. (Deloken gambar kanggo paragraf 10-11.)

10 Akèh ramalané Alkitab sing kelakon. Malah, ana sing ditulis atusan taun sakdurungé kelakon. Ramalan-ramalan kuwi ora mlèsèt merga asalé saka Yéhuwah. (Wacanen 2 Pétrus 1:21.) Misalé ramalan soal Babilon. Antara taun 778 lan 732 SM, Nabi Yésaya ngramalké nèk kutha Babilon bakal dikalahké. Sing ngalahké yaiku Korès. Piyé persisé kutha kuwi bakal dikalahké ya wis diramalké. (Yés. 44:27–45:2) Taun 539 SM, Babilon dikalahké Média lan Pèrsia, persis kaya sing diramalké. Yésaya ya ngramalké nèk kutha Babilon ora bakal dienggoni manèh. (Yés. 13:19, 20) Kuwi kelakon tenan. Babilon sing mbiyèn megah, saiki mung reruntuhan.​—Deloken vidéo Ramalan soal Babilon sing Dihancurké ing buku Bahagia Saklawasé vèrsi èlèktronik, pelajaran 3 nomer 5.

11. Apa buktiné nèk Danièl 2:41-43 wis kelakon?

11 Akèh ramalan ing Alkitab sing wis kelakon mbiyèn. Tapi ya ana ramalan sing kelakon jaman saiki. Misalé soal pamréntahan sing paling kuwat sak donya yaiku Inggris karo Amerika. (Wacanen Danièl 2:41-43.) Menurut ramalané Danièl, pamréntahan kuwi bakal ”kuwat sebagian” lan ”rapuh sebagian”, kaya wesi campur tanah liat. Kuwi terbukti bener. Inggris karo Amerika nduwé pasukan sing akèh lan senjatané canggih. Kuwi sebabé, Inggris-Amerika karo balané isa menang Perang Donya I lan II. Tapi, pamréntahan kuwi ya rapuh merga rakyaté. Rakyaté kerep démo nuntut hak-haké lan ora gelem diatur. Ana ahli sing ngomong, ”Ora ana negara démokratis sakliyané Amerika sing politiké semrawut lan ora isa bersatu.” Inggris ya kaya ngono. Anggota pamréntahané ora isa sepakat arep kerja sama karo negara-negara sing nggabung Uni Eropa apa ora. Kuwi sebabé Inggris karo Amerika ora tegas lan ora isa ngatur rakyaté.

12. Apa manfaaté ngerti ramalané Alkitab wis kelakon?

12 Ing Mazmur 119:81 disebutké, ”Aku péngin banget mbok slametké merga aku percaya karo omongan-Mu.” Kaya sing nulis Mazmur kuwi, awaké dhéwé percaya karo omongané Yéhuwah. Akèh ramalan ing Alkitab sing wis kelakon mbiyèn. Dadi awaké dhéwé isa yakin nèk ramalan-ramalan liyané ya bakal kelakon sukmbèn. Ing Alkitab, Yéhuwah ya mènèhi ”masa depan lan harapan”. (Yér. 29:11) Dadi awaké dhéwé berharap karo Yéhuwah, dudu karo manungsa. Tapi bèn tambah percaya karo Alkitab, awaké dhéwé kudu mempelajari ramalan-ramalan ing Alkitab.

DADI WONG SING LUWIH APIK

13. Menurut Mazmur 119:66, 138, apa buktiné nèk Alkitab isa dipercaya?

13 Nèk wong mraktèkké naséhat ing Alkitab, dhèwèké isa dadi luwih apik. (Wacanen Mazmur 119:66, 138) Kuwi bukti liyané nèk Alkitab isa dipercaya. Misalé, merga mraktèkké naséhat ing Alkitab, ana suami istri sing ora sida pegatan. Suami istri kuwi malah dadi tambah saling menyayangi. Anak-anaké ya bahagia merga nduwé keluarga sing akrab.—Éf. 5:22-29.

14. Critakna pengalaman sing mbuktèkké nèk mraktèkké naséhat ing Alkitab isa dadi wong sing apik.

14 Merga mraktèkké naséhat ing Alkitab, bahkan penjahat isa dadi wong sing apik. Kuwi sing dialami karo Jack. c Dhèwèké penjahat berbahaya sing éntuk hukuman mati. Ing penjara dhèwèké mèlu ngrungokké pas ana sing sinau Alkitab. Dhèwèké seneng merga sing ngajari apikan. Dadi, dhèwèké ya sinau Alkitab. Suwé-suwé, Jack dadi wong sing luwih apik. Akhiré, dhèwèké isa dadi penginjil lan dibaptis. Dhèwèké semangat nginjil karo tahanan liyané lan mbantu wong papat kenal karo Yéhuwah. Tapi akhiré, Jack tetep dihukum mati. Pas Jack dihukum mati, ana pengacarané sing ngomong, ”Wis 20 taun kèt pertama kali aku ketemu Jack. Saiki dhèwèké bener-bener berubah. Merga sinau Alkitab karo Seksi-Seksi Yéhuwah, dhèwèké dadi wong sing apik”. Kuwi bukti sing jelas nèk wong mraktèkké naséhat ing Alkitab, dhèwèké isa dadi luwih apik.​—Yés. 11:6-9.

Wong-wong saka latar belakang sing béda-béda isa dadi luwih apik merga manut karo Alkitab (Deloken paragraf 15) e

15. Apa manfaaté merga umaté Yéhuwah manut karo Alkitab? (Deloken gambar kanggo paragraf 15.)

15 Wong-wong saiki ora bersatu merga politik, perbedaan suku, lan latar belakang. Tapi, Seksi-Seksi Yéhuwah bersatu merga manut karo Alkitab. (Yoh. 13:35; 1 Kor. 1:10) Sedulur lanang sing jenengé Jean isa ngrasakké dhéwé nèk kuwi bener. Dhèwèké saka salah siji negara ing Afrika. Mbiyèn pas ana perang, dhèwèké mèlu dadi tentara. Tapi bar kuwi, dhèwèké mlayu ing negara liya. Ing kana, dhèwèké ketemu karo Seksi-Seksi Yéhuwah. Dhèwèké ngomong, ”Aku dadi ngerti nèk agama sing bener kuwi anggotané ora mèlu perang, tapi kuduné saling menyayangi. Mbiyèn, aku péngin mbéla negaraku. Tapi sakwisé sinau Alkitab, aku péngin nglayani Yéhuwah.” Saiki Jean dadi wong sing luwih apik. Dhèwèké nginjil karo sapa waé ora soal latar belakangé. Naséhaté Alkitab bermanfaat kanggo kabèh wong, ora soal asalé saka endi. Kuwi bukti nèk Alkitab isa dipercaya.

TETEP YAKIN NÈK ALKITAB KUWI BENER

16. Ngapa kudu percaya Alkitab?

16 Keadaan saya suwé bakal saya kacau. Bakal ana wong-wong sing mengaruhi awaké dhéwé bèn ragu-ragu nèk Alkitab kuwi bener. Wong-wong kuwi ya péngin awaké dhéwé ragu-ragu nèk Yéhuwah wis milih budhak sing setya lan wicaksana kanggo nuntun umaté. Tapi nèk percaya karo Alkitab mulai saiki, awaké dhéwé ora bakal terpengaruh. Awaké dhéwé bakal ’nduwé tékad terus manut karo peraturané Yéhuwah sakjegé urip nganti mati’. (Mzm. 119:112) Awaké dhéwé ”ora bakal ngrasa isin” nyritakké kabar apik. (Mzm. 119:46) Awaké dhéwé ya bakal ”terus sabar lan bahagia” wektu ngadhepi apa waé, termasuk penganiayaan.​—Kol. 1:11; Mzm. 119:143, 157.

17. Sesuai ayat taunan 2023, apa tékadé awaké dhéwé?

17 Awaké dhéwé bersyukur merga Yéhuwah wis ngandhani awaké dhéwé apa sing bener. Awaké dhéwé isa tenang, meskipun donya saya kacau. Awaké dhéwé ngerti nèk sukmbèn keadaan bakal dadi luwih apik wektu Kerajaané Gusti Allah mréntah. Mula kaya ayat taunan 2023, muga-muga awaké dhéwé terus yakin nèk kabèh omongané Gusti Allah kuwi bener.​—Mzm. 119:160.

LAGU 94 Maturnuwun kanggo Kitab Suci

a Ayat taunan 2023 yaiku, ”Kabèh omongan-Mu kuwi bener.” (Mzm. 119:160) Awaké dhéwé yakin nèk isiné Alkitab bener. Tapi, akèh wong ora percaya lan nganggep nèk isiné Alkitab kuwi ora bermanfaat. Ing artikel iki awaké dhéwé mèh mbahas telu bukti nèk isiné Alkitab isa dipercaya. Dadi, awaké dhéwé isa mbantu wong liya bèn percaya karo Alkitab.

b Bèn isa ngerti kenapa Alkitab isih ana nganti saiki, bukaken jw.org lan ketiken ”Sejarah lan Alkitab” ing kothak pencarian.

c Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.

d GAMBAR: Gusti Allah ngramalké nèk kutha Babilon bakal dihancurké.

e GAMBAR: Sedulur sing meragakké wong sing ora mèlu perang manèh merga sinau Alkitab. Saiki, dhèwèké isa ayem merga nresnani wong liya. Dhèwèké seneng nginjil lan mbantu wong liya.