Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 2

”Kowé Kudu Ngubah Pikiranmu”

”Kowé Kudu Ngubah Pikiranmu”

”Aja dipengaruhi karo donya iki manèh. Ning, kowé kudu ngubah pikiranmu bèn kowé isa ngerti dhéwé apa karepé Gusti Allah, yaiku apa waé sing apik, sing sampurna, lan sing nyenengké Dhèwèké.”​—RM. 12:2.

LAGU 88 Ajari Aku Préntah-Mu

ISINÉ ARTIKEL IKI a

1-2. Sakwisé dibaptis, awaké dhéwé kudu piyé?

 APA njenengan seneng resik-resik omah? Pas pertama kali pindhah, omahé mesthi diresiki kabèh. Tapi piyé nèk bar kuwi njenengan ora tau resik-resik? Ya mesthi omahé njenengan dadi reged. Bèn omahé isa tetep resik, njenengan kudu ngresiki kuwi saben dina.

2 Padha kaya resik-resik omah mau, awaké dhéwé ya kudu berusaha bèn pikiran tetep resik. Sakdurungé dibaptis, awaké dhéwé mesthi wis ”ngresiki uripé awaké dhéwé saka apa waé sing nggawé badan lan pikirané awaké dhéwé dadi najis”. (2 Kor. 7:1) Tapi, Rasul Paulus ya ngomong nèk awaké dhéwé ya kudu ”terus berubah”. (Éf. 4:23) Kenapa? Kaya omah sing isa reged manèh, pikirané awaké dhéwé ya isa dipengaruhi karo donya iki manèh. Mula bèn isa nyenengké Yéhuwah, pikiran, sipat-sipat, lan kepénginané awaké dhéwé kudu terus dipriksa apa wis sesuai karo kepénginané Yéhuwah.

”KOWE KUDU NGUBAH PIKIRANMU”

3. Apa maksudé ’ngubah pikiran’? (Roma 12:2)

3 Wacanen Roma 12:2. Apa maksudé ngubah pikiran? Kata Yunani saka ’ngubah pikiran’ isa diterjemahké dadi ”rénovasi”. Omah sing dirénovasi kuwi ora mung diwènèhi hiasan thok, tapi ya kudu dibongkar lan didandani. Pikirané awaké dhéwé ya kaya ngono. Perbuatané awaké dhéwé kétok apik thok kuwi ora cukup, tapi ya kudu saka njero. Mula, kudu dipikirké sakjané awaké dhéwé kuwi wongé piyé. Terus, awaké dhéwé ya kudu berubah bèn suwé-suwé sipat lan pikirané awaké dhéwé isa mirip karo Yéhuwah. Kuwi kudu diupayakké ora mung pisan thok, tapi kudu terus-terusan.

Nèk ngutamakké Kerajaané Gusti Allah, njenengan arep nggawé keputusan apa soal pendidikan tinggi lan gawéan? (Deloken paragraf 4-5) c

4. Piyé bèn pikirané awaké dhéwé ora dipengaruhi donya iki?

4 Nèk wis sampurna, nyenengké Yéhuwah kuwi gampang. Tapi nèk saiki, kuwi ora gampang. Ing Roma 12:2 disebutké nèk awaké dhéwé kudu ngubah pikiran bèn isa nyenengké Yéhuwah. Nèk mung meneng waé, awaké dhéwé isa dipengaruhi karo donya iki. Dadi coba dipikir, wektu nggawé keputusan, awaké dhéwé manut pikirané Yéhuwah apa malah manut pikirané donya?

5. Pertanyaan apa waé sing isa dipikirké, misalé soal dinané Yéhuwah? (Deloken gambar kanggo paragraf 4-5.)

5 Misalé, Yéhuwah péngin awaké dhéwé ”terus mikirké tekané dinané Yéhuwah”. (2 Ptr. 3:12) Coba pikirna iki: ’Apa aku yakin nèk dinané Yéhuwah mémang wis cedhak? Apa aku ngutamakké nglayani Yéhuwah? Apa aku malah kuliah utawa sibuk kerja? Apa aku percaya nèk Yéhuwah bakal nyukupi kebutuhanku? Piyé perasaané Yéhuwah nèk aku manut karo Dhèwèké?’​—Mat. 6:25-27, 33; Flp. 4:12, 13.

6. Apa sing kudu terus diupayakké?

6 Paulus ngomong, ”Kowé kudu terus mriksa apa uripmu wis cocog karo iman Kristen. Kowé kudu terus mriksa kaya apa kowé saktenané.” (2 Kor. 13:5) Bèn uripé awaké dhéwé cocog karo iman Kristen, ora cukup nèk mung teratur teka ngibadah lan mèlu nginjil. Pikiran, perasaan, lan kepénginané awaké dhéwé kudu sesuai karo sing dipénginké Yéhuwah. Dadi, kudu terus dipikirké apa awaké dhéwé wis nyenengké Yéhuwah apa durung. Piyé carané? Awaké dhéwé kudu maca Alkitab saben dina, berusaha ngerti piyé pandhangané Yéhuwah, terus nèk ana sesuatu sing kurang, ya kudu ndang diubah.​—1 Kor. 2:14-16.

”NGANGGO KEPRIBADIAN SING ANYAR”

7. Nurut Éfésus 4:31, 32, awaké dhéwé kudu piyé, lan kenapa kuwi ora gampang?

7 Wacanen Éfésus 4:31, 32. Sakliyané ngubah pikiran, awaké dhéwé ya kudu berusaha ”nganggo kepribadian sing anyar”. (Éf. 4:24) Tapi, kuwi mémang ora gampang. Lha ngapa? Soalé ana sipat-sipat sing wis dadi watak sing angèl diubah. Misalé, ing Alkitab disebutké ana wong sing ”gampang nesu” utawa ”cepet nesu”. (WB. 29:22) Sipat-sipat kaya ngono isa waé terus ana, malah sakwisé awaké dhéwé dibaptis. Gatèkna pengalaman berikut iki.

8-9. Apa sing isa dipelajari saka pengalamané Stephen?

8 Ana sedulur lanang sing jenengé Stephen. Dhèwèké kuwi wongé gampang nesu. Dhèwèké ngomong ngéné, ”Sakwisé dibaptis, aku isih kerep émosi. Misalé, pas nginjil ing omah-omah, mobilku dibobol, terus radioku dimaling. Bar kuwi, malingé tak oyak. Pas mèh kecekel, radioné ditibakké, terus maling kuwi mlayu. Aku crita karo sedulur-sedulur soal kuwi. Terus ana pinituwa sing takon, ’Lha mémangé nèk malingé kecekel, malingé mèh mbok apakké?’ Aku dadi mikir nèk aku kuduné ora gampang nesu.” b

9 Kaya pengalamané Stephen mau, sipat-sipat sing èlèk isa waé muncul manèh. Nèk misalé kuwi kelakon, aja nyerah. Aja ngrasa gagal. Bahkan Rasul Paulus waé ngomong, ”Wektu aku péngin nindakké apa sing bener, sing ana ing njero awakku malah kepénginan kanggo nindakké apa sing èlèk.” (Rm. 7:21-23) Merga isih ora sampurna, kabèh wong Kristen kudu terus berusaha nyingkirké sipat-sipat sing èlèk. Kuwi kaya resik-resik omah saben dina. Tapi piyé carané?

10. Piyé carané bèn isa nyingkirké sipat-sipat sing èlèk? (1 Yohanes 5:14, 15)

10 Bèn isa nyingkirké sipat-sipat sing èlèk, ndongaa karo Yéhuwah. Yéhuwah mesthi ngrungokké. (Wacanen 1 Yohanes 5:14, 15.) Mémang, sipat-sipat kuwi ora bakal langsung ilang. Tapi, Yéhuwah isa mbantu awaké dhéwé nduwé kekuwatan bèn ora nyerah. (1 Ptr. 5:10) Awaké dhéwé ya kudu berusaha bèn aja nganti sipat-sipat sing èlèk kuwi muncul manèh. Misalé, kudu ngati-ati wektu milih film, acara TV, utawa bacaan, merga kuwi ana pengaruhé kanggo sipat-sipaté awaké dhéwé. Bar kuwi kudu piyé manèh? Awaké dhéwé ya aja terus-terusan mikirké kepénginan sing èlèk.​—Flp. 4:8; Kol. 3:2.

11. Bèn nduwé sipat-sipat sing apik, awaké dhéwé kudu piyé?

11 Awaké dhéwé ora mung kudu nyingkirké sipat-sipat sing èlèk, tapi ya kudu nduwé sipat-sipat sing apik. Piyé carané? Awaké dhéwé kudu sinau soal Yéhuwah, terus kudu niru Dhèwèké. (Éf. 5:1, 2) Misalé, nèk pas lagi maca soal Yéhuwah sing seneng ngapura, coba pikirna, ’Apa aku seneng ngapura liyané?’ Terus nèk lagi maca soal Yéhuwah sing apikan karo abdiné sing lagi susah, coba pikirna, ’Apa aku ya perduli lan gelem mbantu sedulur-sedulur sing lagi susah?’ Awaké dhéwé kudu berusaha nduwé sipat-sipat sing apik. Meskipun alon-alon, awaké dhéwé mesthi isa dadi luwih apik.

12. Merga sinau Alkitab, Stephen piyé?

12 Sedulur Stephen, sing disebutké mau, akhiré isa nduwé sipat-sipat sing apik. Dhèwèké crita, ”Kèt dibaptis, kerep ana situasi sing nggawé aku dadi péngin nesu. Tapi bèn ora kepancing, aku lunga waé. Aku ya tetep sabar. Bojoku, sedulur-sedulur, lan wong-wong liyané muji aku merga aku saiki ora gampang nesu. Aku ngerti nèk kuwi kabèh ora merga upayaku dhéwé, tapi merga aku sinau Alkitab.”

ORA NURUTI KEPÉNGINAN SING SALAH

13. Piyé carané bèn ora nuruti kepénginan sing salah? (Galatia 5:16)

13 Wacanen Galatia 5:16. Bèn isa nolak kepénginan sing salah, Yéhuwah mbantu awaké dhéwé liwat roh suciné. Awaké dhéwé isa dituntun roh suciné Yéhuwah nèk sinau Alkitab lan teka ngibadah. Pas teka ngibadah, awaké dhéwé isa kumpul karo sedulur-sedulur sing padha-padha berjuang bèn ora nuruti kepénginan sing salah. (Ibr. 10:24, 25; 13:7) Terus, awaké dhéwé ya kudu ndonga njaluk roh suciné Yéhuwah. Mémang, kepénginan sing salah kuwi ora ujug-ujug ilang. Tapi, roh suci isa mènèhi awaké dhéwé kekuwatan bèn ora nuruti kepénginan sing salah kuwi. Kaya sing disebutké ing Galatia 5:16, nèk gelem dituntun roh suci, awaké dhéwé ora bakal ”nuruti kepénginan sing salah”.

14. Kenapa kudu terus ngupaya bèn ora nuruti kepénginan sing salah?

14 Nèk wis teratur ngibadah, sinau Alkitab, nginjil, lan ndonga, kuwi mémang apik. Tapi, awaké dhéwé kudu terus berupaya bèn ora nuruti kepénginan sing salah. Kenapa? Soalé kepénginan sing salah kuwi isa waé muncul manèh. Bahkan sakwisé dibaptis, awaké dhéwé isa waé nduwé kepénginan sing salah, misalé judhi, mabuk-mabukan, utawa seneng nonton sing saru-saru. (Éf. 5:3, 4) Ana sedulur lanang enom sing crita ngéné, ”Aku isih seneng karo wong lanang. Sakjané, aku wis nglawan kepénginan sing salah kuwi. Tak kira kuwi isa ilang dhéwé, tapi jebulé ora.” Nèk rumangsa isih nduwé kepénginan salah, njenengan kudu piyé?

Nèk nduwé kepénginan sing salah, njenengan kudu terus berjuang nglawan kuwi, merga sing liyané wis berhasil ngatasi (Deloken paragraf 15-16)

15. Kenapa awaké dhéwé isa ngrasa dikuwatké wektu ngerti nèk kepénginan sing salah kuwi ”godhaan sing biasa diadhepi karo wong-wong”? (Deloken gambar kanggo paragraf 15-16.)

15 Wektu nglawan kepénginan sing salah, aja nyerah. Ing Alkitab disebutké nèk kuwi ”godhaan sing biasa diadhepi karo wong-wong”. (1 Kor. 10:13a) Kata-kata kuwi awalé kanggo wong Kristen ing Korintus sing mbiyèné laku jina, homo, lan seneng mabuk. (1 Kor. 6:9-11) Nurut njenengan, apa bar dibaptis wong-wong kuwi ora bakal nduwé kepénginan sing salah? Ora ngono. Wong-wong kuwi mémang akhiré munggah swarga. Tapi awalé, wong-wong kuwi isih durung sampurna. Kuwi mesthi nguwatké awaké dhéwé. Kok isa? Merga kuwi bukti nèk ana wong-wong sing isa berhasil nglawan kepénginan sing salah. Kuwi cocog karo sing disebutké ing 1 Pétrus 5:9 nèk ”kabèh sedulur seimanmu ing donya iki ya ngalami kesengsaraan sing padha”.

16. Njenengan aja mikir piyé, lan kenapa?

16 Aja mikir nèk ora ana sing memahami keadaané njenengan. Nèk terus mikir kaya ngono, njenengan isa dadi ora semangat. Ing 1 Korintus 10:13 bagéan b disebutké, ”Gusti Allah mesthi bakal nepati janjiné. Dhèwèké ora bakal meneng waé pas kowé digodha ngluwihi apa sing isa mbok tanggung. Malah, Dhèwèké bakal mbantu kowé bèn kowé isa sabar ngadhepi godhaan kuwi.” Dadi nèk nduwé kepénginan sing salah, njenengan mesthi isa nglawan kuwi. Nèk dibantu karo Yéhuwah, njenengan isa berhasil.

17. Nèk kepénginan sing salah muncul manèh, awaké dhéwé kudu piyé?

17 Merga durung sampurna, isa waé kepénginan sing salah muncul manèh. Nèk ngono, kuwi kudu langsung dilawan, kaya Yusuf sing langsung mlayu saka bojoné Potifar. (PD. 39:12) Dadi nèk nduwé kepénginan sing salah, aja dituruti.

TERUS BERUSAHA

18-19. Pertanyaan apa waé sing kudu dipikirké?

18 Bèn isa nduwé pikiran sing padha karo Yéhuwah, awaké dhéwé kudu terus berusaha. Mula coba pikirna iki, ’Apa aku yakin nèk sedhéla manèh Armagédon? Apa aku terus nganggo kepribadian sing anyar? Apa aku gelem manut tuntunané roh suci bèn isa nglawan kepénginan sing salah?’

19 Sakwisé mikirké kuwi, mungkin njenengan ngrasa nèk isih akèh kurangé. Tapi, mesthi ana sing wis berhasil diupayakké. Manuta karo naséhat ing Filipi 3:16, ”Sing penting, awaké dhéwé terus maju kaya sing wis awaké dhéwé tindakké nganti saiki.” Nèk kuwi diupayakké, Yéhuwah bakal mberkahi njenengan.

LAGU 36 Ayo Terus Njaga Ati

a Rasul Paulus ngandhani awaké dhéwé bèn ora terpengaruh karo donya iki. Dadi nèk ana pikiran sing salah, kuwi kudu ndang disingkirké. Piyé carané? Kuwi bakal dirembug ing artikel iki.

b Kisahé Sedulur Stephen dicritakké ing Menara Pengawal 1 Juli 2015 sing judhulé ”Hidup Saya Jadi Makin Kacau”.

c GAMBAR: Sedulur lanang enom sing lagi mikir arep kuliah apa merintis.