Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 3

Yéhuwah Mbantu Njenengan Berhasil

Yéhuwah Mbantu Njenengan Berhasil

”Yéhuwah ndhukung Yusuf lan Yéhuwah nggawé kabèh sing dilakoni Yusuf berhasil.”​—PD. 39:23.

LAGU 30 Bapakku, Allahku, lan Kancaku

ISINÉ ARTIKEL IKI a

1-2. (a) Kenapa umaté Yéhuwah ngadhepi akèh masalah? (b) Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

 UMATÉ Yéhuwah ngadhepi akèh masalah. Malah menurut Kisah 14:22, ”Bèn isa mlebu ing Kerajaané Gusti Allah, awaké dhéwé kudu ngalami akèh kesengsaraan.” Terus ya ana masalah-masalah sing mung isa rampung ing donya anyar. Sukmbèn, ”ora bakal ana manèh kesusahan, tangisan, lan rasa lara”. Terus, ”kematian ya ora bakal ana manèh”.​—Why. 21:4.

2 Yéhuwah mémang ora nyingkirké kabèh masalahé awaké dhéwé. Tapi, Yéhuwah mbantu bèn awaké dhéwé kuwat ngadhepi kuwi. Rasul Paulus karo kanca-kancané ngrasakké dhéwé bantuané Yéhuwah. Meskipun ngadhepi akèh masalah, Paulus ngomong, ”Merga dibantu Kristus sing sayang karo awaké dhéwé, awaké dhéwé isa berhasil ngadhepi kuwi kabèh.” (Rm. 8:35-37) Yéhuwah isa mbantu awaké dhéwé berhasil meskipun masalahé isih ana. Kuwi sing dialami Yusuf. Ayo awaké dhéwé ngrembug piyé carané Yéhuwah mbantu Yusuf lan piyé carané Yéhuwah mbantu njenengan.

PAS NGERTI-NGERTI ANA MASALAH

3. Yusuf ngerti-ngerti ngadhepi masalah apa?

3 Yakub luwih sayang karo Yusuf timbang karo anak-anaké sing liyané. (PD. 37:3, 4) Kakang-kakangé Yusuf dadi mèri, terus Yusuf diedol karo para pedagang Midian. Yusuf digawa lunga adoh ing Mesir. Ing kana, dhèwèké diedol manèh karo Potifar, yaiku kepala penjaga ing istanané Firaun. Bayangna, Yusuf sing biasané disayang karo bapaké, saiki kudu dadi budhak ing Mesir.​—PD. 39:1.

4. Awaké dhéwé ngadhepi masalah apa waé?

4 Menurut Alkitab, masalah isa ”dialami kabèh wong”. (Pkh. 9:11) Kadhang, awaké dhéwé ngadhepi masalah sing ”biasa diadhepi karo wong-wong”. (1 Kor. 10:13) Tapi kadhang, merga nglayani Yéhuwah, awaké dhéwé isa diécé lan dianiaya. (2 Tim. 3:12) Ora soal apa masalahé, Yéhuwah isa mbantu awaké dhéwé bèn berhasil. Nèk mbiyèn, piyé carané Yéhuwah mbantu Yusuf?

Yéhuwah mbantu Yusuf wektu Yusuf diedol dadi budhaké Potifar ing Mesir (Deloken paragraf 5)

5. Menurut Potifar, kenapa Yusuf isa berhasil? (Purwaning Dumadi 39:2-6)

5 Wacanen Purwaning Dumadi 39:2-6. Potifar weruh dhéwé nèk Yusuf kuwi trampil lan rajin. Dhèwèké ngerti nèk Yusuf isa kaya ngono merga ”Yéhuwah nggawé kabèh sing dilakoni Yusuf berhasil”. b Terus, Potifar ndadèkké Yusuf pembantu sing dipercaya. Yusuf ditugasi ngurusi kabèh hartané Potifar. Hasilé, Potifar tambah sugih.

6. Kira-kira piyé perasaané Yusuf?

6 Kira-kira piyé perasaané Yusuf? Sakjané Yusuf pénginé piyé? Apa Yusuf péngin disenengi karo Potifar? Kemungkinan ora. Meskipun dadi pembantu sing dipercaya, tapi tetep waé Yusuf dadi budhaké wong sing ora nyembah Yéhuwah. Yusuf mesthi péngin dibébaské lan ketemu manèh karo bapaké. Tapi nyatané, Yéhuwah ora mbantu Yusuf bèn bébas. Malah, keadaané Yusuf bakal dadi tambah parah.

PAS KEADAANÉ TAMBAH PARAH

7. Kok isa masalahé Yusuf dadi tambah parah? (Purwaning Dumadi 39:14, 15)

7 Ing Purwaning Dumadi 39 dicritakké nèk bojoné Potifar seneng karo Yusuf, terus bola-bali ngejak Yusuf turu bareng. Tapi Yusuf blas ora gelem. Bojoné Potifar nesu banget, terus nudhuh Yusuf arep memperkosa dhèwèké. (Wacanen Purwaning Dumadi 39:14, 15.) Pas Potifar ngerti soal kuwi, dhèwèké nglebokké Yusuf ing penjara. Terus, Yusuf dipenjara selama beberapa taun. (PD. 39:19, 20) Penjarané kaya apa? Kata Ibrani ”penjara” ya isa diterjemahké dadi sumur utawa lubang. (PD. 40:15) Kuwi maksudé panggonan sing peteng, terus kétoké ora ana sing isa nulungi Yusuf. Ing Alkitab ya disebutké nèk ’sikil lan guluné Yusuf diranté’. (Mzm. 105:17, 18) Masalahé Yusuf dadi tambah parah. Mauné, dhèwèké pembantu sing dipercaya, tapi saiki dhèwèké dadi tahanan sing blas ora dihargai.

8. Meskipun masalahé njenengan tambah abot, tapi Yéhuwah bakal piyé?

8 Apa njenengan tau mikir ngapa masalahé njenengan tambah abot, padahal wis bola-bali ndonga? Merga donya iki dikuwasani Sétan, Yéhuwah ora nyingkirké kabèh masalahé njenengan. (1 Yoh. 5:19) Tapi sing pasti, Yéhuwah ngerti kabèh masalahé njenengan, lan Dhèwèké perduli karo njenengan. (Mat. 10:29-31; 1 Ptr. 5:6, 7) Yéhuwah janji, ”Aku mesthi bakal mbantu kowé lan ora bakal ninggalké kowé.” (Ibr. 13:5) Malah meskipun kétoké ora ana sing isa nulungi, ning Yéhuwah mesthi bakal mbantu njenengan bèn tetep kuwat. Nèk mbiyèn, piyé carané Yéhuwah mbantu Yusuf?

Yéhuwah ndhukung Yusuf pas dipenjara. Terus, Yusuf dipercaya kanggo ngawasi tahanan-tahanan liyané. (Deloken paragraf 9)

9. Apa buktiné nèk Yéhuwah ndhukung Yusuf selama Yusuf dipenjara? (Purwaning Dumadi 39:21-23)

9 Wacanen Purwaning Dumadi 39:21-23. Meskipun ing penjara kuwi keadaané abot banget. Tapi, Yéhuwah mbantu Yusuf bèn berhasil. Yusuf dipercaya karo kepala penjara, terus kepala penjara mènèhi tugas kanggo ngawasi tahanan liyané. Ing Alkitab disebutké, ”Kepala penjara ora perlu ngawasi kabèh sing wis dipasrahké marang Yusuf.” Saiki keadaané Yusuf berubah manèh. Mauné, dhèwèké tahanan sing ditudhuh memperkosa bojoné kepala penjaga istana. Tapi saiki, dhèwèké malah dipercaya karo kepala penjara. Kuwi mesthi ora merga upayané Yusuf dhéwé. Ing Purwaning Dumadi 39:23 disebutké, ”Yéhuwah ndhukung Yusuf lan Yéhuwah nggawé kabèh sing dilakoni Yusuf berhasil.”

10. Kira-kira, apa Yusuf ngrasa nèk kabèh sing dilakoni berhasil?

10 Coba pikirna manèh piyé perasaané Yusuf. Bar ditudhuh arep memperkosa terus dipenjara, apa mungkin Yusuf ngrasa nèk kabèh sing dilakoni berhasil? Sakjané Yusuf pénginé piyé? Apa dhèwèké péngin disenengi karo kepala penjara? Yusuf mesthiné mung péngin dibébaské. Buktiné, dhèwèké njaluk tulung tahanan liyané bèn ngomong karo Firaun soal dhèwèké. (PD. 40:14) Sayangé, tahanan kuwi lali. Dadi, Yusuf isih kudu ngentèni rong taun manèh. (PD. 40:23; 41:1, 14) Tapi, Yéhuwah terus nggawé Yusuf berhasil.

11. Yéhuwah mbantu Yusuf bèn isa apa, lan apa manfaaté?

11 Pas Yusuf dipenjara, Yéhuwah mènèhi loro mimpi kanggo Firaun. Firaun bingung arti mimpiné kuwi. Pas ngerti nèk Yusuf isa njelaské arti mimpi, dhèwèké ngundang Yusuf. Terus, Yéhuwah mbantu Yusuf bèn isa njelaské arti mimpiné Firaun lan mènèhi saran sing apik kanggo Firaun. Dadi, Firaun isa nyimpulké nèk Yéhuwah ndhukung Yusuf. Kuwi sebabé, Yusuf ditugasi kanggo ngurus bahan pangan ing Mesir. (PD. 41:38, 41-44) Bar kuwi, ana kelaparan ing Mesir nganti tekan Kanaan. Nah, ing Kanaan ana keluargané Yusuf. Saiki, Yusuf isa mbantu lan nyedhiakké panganan kanggo keluargané sing sukmbèné dadi nènèk moyangé Mésias.

12. Piyé Yéhuwah nggawé kabèh sing dilakoni Yusuf berhasil?

12 Coba dipikir: Kok isa Potifar percaya karo Yusuf? Kok isa kepala penjara percaya karo Yusuf lan mènèhi Yusuf tugas-tugas? Sapa sing mènèhi Firaun mimpi? Sapa sing mbantu Yusuf isa ngartèkké mimpiné Firaun? Kok isa Yusuf dikongkon ngurus bahan pangan ing Mesir? (PD. 45:5) Wis jelas nèk Yéhuwah sing nggawé kabèh sing dilakoni Yusuf berhasil. Meskipun masalahé Yusuf abot banget, tapi Yéhuwah mbantu Yusuf bèn tujuané Yéhuwah isa kelakon.

YÉHUWAH ISA NGGAWÉ NJENENGAN BERHASIL

13. Apa Yéhuwah bakal nyingkirké kabèh masalahé awaké dhéwé? Jelasna.

13 Dadi, apa kesimpulané? Apa Yéhuwah bakal nyingkirké kabèh masalahé awaké dhéwé? Apa nèk ana masalah kuwi artiné Yéhuwah nduwé tujuan sing apik kanggo awaké dhéwé? Ya ora mesthi ngono. Kuwi ora sesuai karo Alkitab. (Pkh. 8:9; 9:11) Tapi sing jelas, nèk ana masalah, Yéhuwah ngerti tenan lan bakal ngrungokké dongané awaké dhéwé. (Mzm. 34:15; 55:22; Yés. 59:1) Terus, Yéhuwah bakal mbantu awaké dhéwé berhasil ngadhepi masalah kuwi. Piyé carané?

14. Piyé carané Yéhuwah mbantu awaké dhéwé pas ana masalah?

14 Salah siji carané Yéhuwah mbantu, yaiku menghibur awaké dhéwé. (2 Kor. 1:3, 4) Kuwi sing dialami Sedulur Eziz saka Turkmenistan. Dhèwèké dipenjara rong taun merga dadi Seksi Yéhuwah. Dhèwèké crita ngéné, ”Ésuk-ésuk sakdurungé aku digawa ing pengadilan, kancaku nduduhi Yésaya 30:15. Ing ayat kuwi disebutké, ’Nèk kowé tetep tenang lan percaya karo Aku, kowé bakal dadi kuwat.’ Merga terus mikirké ayat kuwi, aku isa tetep setya karo Yéhuwah selama dipenjara.” Nèk njenengan piyé? Kapan terakhir kali njenengan ngrasakké nèk dihibur karo Yéhuwah?

15-16. Apa sing isa dipelajari saka pengalamané Sedulur Tori?

15 Biasané, pas masalahé wis rampung, awaké dhéwé lagi ngerti piyé carané Yéhuwah mbantu awaké dhéwé. Kuwi sing dialami sedulur wédok sing jenengé Tori. Anaké sing jenengé Mason berjuang selama enem taun merga lara kanker. Tori sedhih banget pas Mason akhiré mati. Dhèwèké kandha, ”Remuk rasané atiku. Ora ana wong tuwa sing tegel ndelok anaké menderita. Nèk isa, bèn aku waé sing lara.”

16 Meskipun masalahé abot banget, tapi Sedulur Tori mikirké piyé carané Yéhuwah mbantu dhèwèké. Dhèwèké crita ngéné, ”Nèk tak pikir-pikir manèh, Yéhuwah kuwi selalu mbantu aku. Misalé Mason tau mlebu rumah sakit. Kondisiné lemah banget, nganti ora isa nemoni sedulur-sedulur sing teka. Meskipun ngono, tetep ana akèh sedulur sing teka kanggo niliki Mason. Malah, ana sing numpak mobil rong jam ing rumah sakit. Terus, ing ruang tunggu selalu ana sedulur-sedulur sing mbantu aku. Sedulur-sedulur kuwi ya nyedhiakké kebutuhanku. Aku babar blas ora tau kekurangan.” Yéhuwah mbantu Tori bèn kuwat ngadhepi masalahé. Yéhuwah ya mbantu Mason bèn isa berjuang nganti akhir.​—Deloken kothak ” Yéhuwah Mènèhi Kabèh sing Tak Butuhké.”

MIKIRKÉ BERKAH-BERKAHÉ YÉHUWAH

17-18. Pas ngadhepi masalah, piyé carané bèn ora lali karo bantuané Yéhuwah? (Mazmur 40:5)

17 Wacanen Mazmur 40:5. Pas munggah gunung, awaké dhéwé mesthi péngin tekan puncak. Tapi karo mlaku, sakjané ya isa mandheg-mandheg kanggo menikmati pemandangané. Padha kaya ngono, pas ngadhepi masalah, awaké dhéwé perlu mandheg sedhéla. Terus, pikirna piyé carané Yéhuwah mbantu awaké dhéwé ngadhepi masalah kuwi. Saben dina njenengan isa mikir, ’Dina iki, Yéhuwah mènèhi aku berkah apa waé? Meskipun masalahé isih ana, tapi piyé ya carané Yéhuwah mbantu aku?’ Coba njenengan pikirké paling ora siji berkahé Yéhuwah kanggo njenengan.

18 Njenengan mungkin bola-bali ndonga bèn masalahé rampung. Ya ora apa-apa, kuwi apik. (Flp. 4:6) Tapi aja lali karo berkah-berkahé Yéhuwah. Yéhuwah mesthi wis mbantu njenengan bèn isa kuwat ngadhepi masalahé njenengan. Yéhuwah isa nggawé njenengan berhasil, kaya Yusuf mbiyèn.​—PD. 41:51, 52.

LAGU 32 Mèlua Yéhuwah

a Apa njenengan saiki lagi berusaha ngatasi masalah sing abot? Nèk iya, mungkin njenengan mikir nèk masalahé wis rampung, kuwi lagi berhasil. Tapi saka pengalamané Yusuf, awaké dhéwé isa ngerti nèk isa ”berhasil” meskipun masalahé durung rampung. Kok isa? Kuwi sing bakal dirembug ing artikel iki.

b Mémang, critané Yusuf dadi budhak kuwi mung disebutké ing beberapa ayat. Tapi, isa waé kuwi kelakon selama bertahun-tahun.