Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 9

Urip Kuwi Hadiah sing Berharga saka Yéhuwah

Urip Kuwi Hadiah sing Berharga saka Yéhuwah

”Awaké dhéwé isa urip, obah, lan ana kuwi merga Dhèwèké.”​—KIS. 17:28.

LAGU 141 Urip Kuwi Hadiahé Gusti

ISINÉ ARTIKEL IKI a

1. Piyé pandhangané Yéhuwah soal uripé manungsa?

 BAYANGNA njenengan diwènèhi lukisan karo kancané njenengan. Kuwi lukisan kuna sing regané larang banget. Meskipun wernané ana sing luntur lan ana regedané sithik, tapi njenengan mesthi nganggep kuwi hadiah sing berharga banget. Yéhuwah ya mènèhi awaké dhéwé hadiah sing berharga, yaiku urip. Malah kanggoné Yéhuwah, uripé manungsa kuwi berharga banget nganti gelem masrahké Anaké dadi tebusan.​—Yoh. 3:16.

2. Menurut 2 Korintus 7:1, Yéhuwah péngin awaké dhéwé piyé?

2 Yéhuwah kuwi sing mènèhi urip. (Mzm. 36:9) Rasul Paulus ngomong, ”Awaké dhéwé isa urip, obah, lan ana kuwi merga Dhèwèké.” (Kis. 17:25, 28) Dadi, urip kuwi hadiah sing berharga saka Gusti Allah. Dhèwèké mènèhi kabèh kebutuhané awaké dhéwé bèn awaké dhéwé isa tetep urip. (Kis. 14:15-17) Tapi saiki Yéhuwah ora bakal nggawé mukjijat kanggo njaga awaké dhéwé. Yéhuwah péngin awaké dhéwé berusaha bèn isa tetep séhat lan nglayani Dhèwèké. (Wacanen 2 Korintus 7:1.) Kenapa awaké dhéwé kudu berusaha bèn tetep séhat, lan piyé carané?

NGANGGEP URIP BERHARGA

3. Apa salah siji alesané awaké dhéwé berusaha bèn tetep séhat?

3 Salah siji alesané awaké dhéwé berusaha tetep séhat kuwi bèn isa mènèhi sing paling apik kanggo Yéhuwah. (Mrk. 12:30) Awaké dhéwé mesthi péngin ’mènèhké badan lan uripé awaké dhéwé marang Gusti Allah kaya mènèhké korban sing suci lan sing pantes ditampa Gusti Allah.’ (Rm. 12:1) Mula, awaké dhéwé ora péngin sengaja nggawé badané awaké dhéwé dadi lara. Tapi meskipun wis berusaha, awaké dhéwé isa tetep lara. Nèk berusaha bèn tetep séhat, kuwi bukti nèk awaké dhéwé menghargai hadiah saka Yéhuwah.

4. Daud nduwé tékad apa?

4 Raja Daud nganggep uripé berharga. Dhèwèké nulis, ”Apa gunané nèk aku mati? Apa gunané nèk aku mlebu ing kuburan? Apa debu isa muji Njenengan utawa nyritakké nèk Njenengan setya?” (Mzm. 30:9) Mungkin Daud nulis kuwi pas dhèwèké wis mèh mati. Dhèwèké péngin isa terus urip bèn isa muji Yéhuwah. Awaké dhéwé mesthi nduwé tékad sing padha.

5. Meskipun wis tuwa lan lara-laranen, awaké dhéwé isih isa apa?

5 Merga wis tuwa lan lara-laranen, awaké dhéwé mungkin ora isa nglayani Yéhuwah kaya mbiyèn pas isih séhat. Mungkin awaké dhéwé dadi sedhih. Tapi aja putus asa lan ora njaga keséhatan manèh. Meskipun wis tuwa lan lara-laranen, awaké dhéwé tetep isa muji Yéhuwah kaya Daud. Kanggoné Yéhuwah, awaké dhéwé tetep berharga. (Mat. 10:29-31) Bahkan nèk awaké dhéwé mati, Yéhuwah péngin nguripké awaké dhéwé manèh. (Ayb. 14:14, 15) Dadi selama isih urip, awaké dhéwé mesthi péngin berusaha bèn isa tetep séhat.

NDUWÉ KEBIASAAN SING APIK

6. Yéhuwah péngin awaké dhéwé piyé wektu mangan lan ngombé?

6 Alkitab mémang dudu buku keséhatan. Tapi, saka Alkitab awaké dhéwé isa ngerti pikirané Yéhuwah. Misalé, Yéhuwah ngongkon, ”Edohana sing bahaya kanggo awakmu.” (Pkh. 11:10) Menurut Alkitab, awaké dhéwé ora éntuk kakèhan mangan utawa kakèhan ngombé alkohol. (WB. 23:20) Kebiasaan kuwi isa marahi awaké dhéwé lara lan cepet mati. Yéhuwah péngin awaké dhéwé ngendhalèni dhiri wektu mangan lan ngombé.​—1 Kor. 6:12; 9:25.

7. Piyé carané ngetrapké Wulang Bebasan 2:11?

7 Awaké dhéwé isa mbuktèkké nèk menghargai hadiah saka Yéhuwah nèk nduwé pertimbangan sing apik. (Mzm. 119:99, 100; wacanen Wulang Bebasan 2:11.) Misalé, awaké dhéwé bakal mikir sakdurungé mangan. Nèk awaké dhéwé seneng panganan tertentu tapi ngerti nèk kuwi marahi lara, ya aja dipangan. Nèk nduwé pertimbangan sing apik, awaké dhéwé ya bakal cukup istirahat, olahraga teratur, lan resikan.

KUDU NGATI-ATI

8. Saka endi awaké dhéwé ngerti nèk Yéhuwah péngin awaké dhéwé ngati-ati lan tetep aman?

8 Yéhuwah mènèhi hukum kanggo wong Israèl bèn isa tetep aman wektu ing omah utawa pas kerja. (Pa. 21:28, 29; PT. 22:8) Bahkan nèk ana sing ora sengaja matèni wong liya, kuwi ana akibaté. (PT. 19:4, 5) Nèk ana sing nyilakani wong wédok sing lagi meteng lan bayiné, wong kuwi ya bakal dihukum. (Pa. 21:22, 23) Dadi jelas, Yéhuwah péngin awaké dhéwé ngati-ati.

Nèk nganggep urip berharga, kuduné piyé? (Deloken paragraf 9)

9. Piyé carané bèn ora cilaka? (Deloken gambar kanggo paragraf 9.)

9 Awaké dhéwé menghargai hadiah saka Yéhuwah nèk ngati-ati pas ing omah utawa pas kerja. Misalé, nèk ana benda tajam, cairan kimia, utawa obat-obatan, awaké dhéwé bakal mikirké piyé cara mbuwangé bèn ora nyilakani wong liya. Kuwi ya kudu didèlèh ing panggonan sing aman bèn ora dienggo dolanan bocah. Wektu nganggo kompor, nggodhog banyu, utawa nganggo peralatan listrik, awaké dhéwé ya kudu ngati-ati. Aja nganti kuwi ditinggal. Awaké dhéwé ya ora bakal nyetir sakwisé ngombé obat, ngombé alkohol, utawa kurang turu. Terus ya aja nyetir karo dolanan HP.

PAS ANA BENCANA ALAM UTAWA WABAH PENYAKIT

10. Sakdurungé lan selama ana bencana, awaké dhéwé kudu piyé?

10 Ing dhaérahé njenengan isa waé ujug-ujug ana bencana alam, wabah penyakit, utawa kerusuhan. Tapi, njenengan isa tetep aman nèk manut arahan pamréntah lan gelem dikon ngungsi. (Rm. 13:1, 5-7) Sakdurungé ana bencana, njenengan ya isa siap-siap sesuai arahan pamréntah ing dhaérahé njenengan. Misalé, kudu nduwé stok banyu ombé, panganan sing ora gampang bosok, kothak P3K, lan obat-obatan.

11. Nèk ana wabah penyakit, awaké dhéwé kudu piyé?

11 Piyé nèk ana wabah penyakit ing dhaérahé njenengan? Kudu manut karo arahan pamréntah, misalé kerep cuci tangan, jaga jarak, nganggo masker, lan karantina. Nèk manut, kuwi bukti awaké dhéwé menghargai hadiah saka Yéhuwah.

12. Sesuai Wulang Bebasan 14:15, awaké dhéwé kudu piyé nèk éntuk informasi?

12 Wektu keadaané kacau, isa waé ana wong-wong sing nyebarké berita sing ora bener. Daripada ”percaya karo kabèh omongané wong”, mendhing awaké dhéwé nggolèk informasi saka pamréntah utawa wong-wong sing kerja ing bidang keséhatan, misalé dokter. (Wacanen Wulang Bebasan 14:15.) Pengurus Pusat lan kantor cabang ya bakal nggolèk informasi sing bener sakdurungé mènèhi arahan, misalé soal pertemuan ibadah utawa nginjil. (Ibr. 13:17) Nèk gelem diarahké, awaké dhéwé lan wong liya bakal tetep aman. Wong liya ya ora bakal mikir èlèk soal Seksi-Seksi Yéhuwah.​—1 Ptr. 2:12.

NGANGGEP GETIH KUWI SUCI

13. Piyé carané mbuktèkké nèk nganggep urip berharga?

13 Akèh wong ngerti nèk Seksi-Seksi Yéhuwah ora gelem ditransfusi. Seksi-Seksi Yéhuwah nganggep getih kuwi suci. Meskipun ana keadaan darurat mèdis, awaké dhéwé tetep ora gelem ditransfusi merga manut karo Yéhuwah. (Kis. 15:28, 29) Tapi kuwi ora berarti awaké dhéwé péngin mati. Kuwi justru bukti nèk awaké dhéwé nganggep urip berharga. Mulané, awaké dhéwé nggolèk dokter sing apik sing gelem nambani tanpa transfusi darah.

14. Kemungkinan awaké dhéwé ora bakal ngalami keadaan darurat mèdis nèk piyé?

14 Nèk mraktèkké saran-saran sing disebutké ing awal artikel iki, kemungkinan awaké dhéwé ora bakal ngalami keadaan darurat mèdis. Bahkan nèk nganti kudu dioperasi, awaké dhéwé isa luwih kuwat merga badané séhat. Mariné ya isa luwih cepet. Awaké dhéwé ya ora bakal ngalami keadaan darurat mèdis nèk tetep ngati-ati pas ing omah utawa pas kerja, lan manut peraturan lalu lintas.

Merga nganggep urip berharga, awaké dhéwé ngisi kartu DPA lan kuwi digawa ing endi-endi (Deloken paragraf 15) d

15. (a) Ngapa awaké dhéwé kudu nduwé lan nggawa kartu DPA sing paling anyar? (Deloken gambar kanggo paragraf 15.) (b) Kaya sing disebutké ing vidéo, piyé carané nggawé keputusan perawatan keséhatan sing ora nganggo getih?

15 Merga nganggep urip berharga, awaké dhéwé bakal ngisi Surat Kuasa Khusus Perawatan Keséhatan. b Kartu kuwi kudu digawa kapan waé. Kartu DPA isiné keputusané awaké dhéwé soal transfusi darah lan perawatan keséhatan liyané. Apa kartu DPA-né njenengan wis sing paling anyar? Nèk durung nduwé utawa durung nggawé sing paling anyar, aja ditunda-tunda. Wektu ana keadaan darurat mèdis, njenengan bakal cepet ditangani dokter nèk nduwé kartu DPA. Dokteré ora bakal bingung lan ora bakal mènèhi njenengan obat sing ora cocog karo badané njenengan. c

16. Piyé nèk njenengan bingung pas ngisi kartu DPA?

16 Ora soal isih enom utawa wis tuwa, kabèh isa lara utawa kecelakaan. (Pkh. 9:11) Dadi, luwih apik nèk njenengan nduwé kartu DPA. Nèk njenengan bingung pas ngisi kartu DPA, coba takon karo pinituwa ing jemaaté njenengan. Para pinituwa ngerti carané ngisi kartu kuwi lan isa mbantu njenengan ngerti keputusan apa sing kudu digawé. Tapi, para pinituwa ora bakal nggawèkké keputusan. Kuwi tanggung jawabé njenengan.​—Gal. 6:4, 5.

MASUK AKAL

17. Piyé carané mbuktèkké nèk awaké dhéwé masuk akal?

17 Saben wong kudu nggawé keputusan soal perawatan keséhatan sesuai karo hati nuraniné dhéwé-dhéwé. (Kis. 24:16; 1 Tim. 3:9) Dadi wektu nggawé keputusan soal perawatan keséhatan lan ngrembug soal kuwi karo wong liya, awaké dhéwé kudu ”masuk akal”. (Flp. 4:5, cathetan ngisor) Wong sing masuk akal ora bakal terlalu kuwatir soal keséhatan. Dhèwèké ya ora bakal meksa wong liya bèn nduwé pendapat sing padha. Bahkan nèk sedulur-sedulur nggawé keputusan sing béda karo awaké dhéwé, awaké dhéwé bakal tetep menghargai lan sayang karo sedulur-sedulur kuwi.​—Rm. 14:10-12.

18. Piyé carané mbuktèkké nèk menghargai hadiah saka Yéhuwah?

18 Mémang saiki awaké dhéwé isih isa lara lan ngalami bencana. Tapi, kuwi dudu kepénginané Yéhuwah. Sukmbèn awaké dhéwé ora bakal lara lan mati. (Why. 21:4) Karo ngentèni kuwi kelakon, awaké dhéwé mesthi péngin terus mbuktèkké nèk menghargai hadiah saka Yéhuwah, yaiku urip, lan terus mènèhi sing paling apik kanggo Yéhuwah.​—Why. 4:11.

LAGU 140 Urip Saklawasé

a Urip kuwi berharga merga kuwi hadiah saka Yéhuwah. Ing artikel iki bakal dibahas cara-carané bèn awaké dhéwé isa tetep séhat. Terus piyé carané bèn isa tetep aman pas ana bencana alam utawa wabah penyakit. Mengko ya bakal dibahas kudu piyé sakdurungé ana keadaan darurat mèdis.

b Biasané disebut kartu DPA.

d GAMBAR: Sedulur lanang enom ngisi kartu DPA, lan kuwi digawa ing endi-endi.