Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Cobanen Iki

Cobanen Iki

Nggolèk Artikel sing Ana ing Halaman Utama

Akèh sedulur sing seneng nggunakké artikel sing ana ing halaman utama ing jw.org kanggo nginjil. Nèk arep ngirim link artikelé, ya gampang. Ing artikel-artikel kuwi dibahas soal ramalan ing Alkitab sing kelakon jaman saiki. Ana sedulur sing ngomong nèk artikel-artikel kuwi ”bener-bener cocog kanggo cara nginjil jaman saiki”.

Tapi, artikel-artikel sing ana ing halaman utama kuwi gonta-ganti. Dadi, piyé carané nggolèk artikel-artikel sing tau metu ing halaman utama?

  • Ing halaman utama ing jw.org, klik ”Ndelok Artikel Liyané”. Terus bakal metu ”Artikel sing Lagi Waé Metu ing Halaman Utama”. Ing kono, njenengan isa nggolèk artikel-artikel sing tau metu ing halaman utama.

  • Ing jw.org utawa JW Library®, klik ”Perpustakaan”, ”Kumpulan Artikel”, terus ”Topik Liyané”. Bagéan kuwi isiné artikel-artikel sing tau metu ing halaman utama.