Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 12

Tambah Kenal Yéhuwah Liwat Ciptaan

Tambah Kenal Yéhuwah Liwat Ciptaan

”Kèt donya iki diciptakké, manungsa isa ngerti nèk Gusti Allah nduwé kuwasa lan nèk Dhèwèké kuwi bener-bener Gusti Allah senajan Gusti Allah ora kétok, merga sipat-sipat kuwi isa dipahami saka kabèh ciptaané.”​—RM. 1:20.

LAGU 6 Langit Nyritakké Kemuliaané Gusti Allah

ISINÉ ARTIKEL IKI a

1. Piyé Ayub isa tambah kenal karo Yéhuwah?

 AYUB mesthi ora bakal lali pas omong-omongan karo Yéhuwah. Yéhuwah crita soal ciptaan karo Ayub bèn Ayub ngerti nèk Yéhuwah kuwi wicaksana lan isa dipercaya. Misalé, Yéhuwah isa ngopèni kéwan-kéwan. Dadi, Yéhuwah mesthi isa ngopèni Ayub. (Ayb. 38:39-41; 39:1, 5, 13-16) Merga nggatèkké ciptaané Yéhuwah, Ayub dadi tambah kenal karo Yéhuwah.

2. Kenapa ana sing ngrasa nèk nggatèkké ciptaan kuwi ora gampang?

2 Nèk nggatèkké ciptaan, awaké dhéwé ya dadi isa tambah kenal karo Yéhuwah. Tapi kuwi mungkin ora gampang. Misalé, sing manggon ing kutha mungkin ora isa kerep ndelok ciptaan. Bahkan sing manggon ing désa mungkin ngrasa ora nduwé wektu kanggo nggatèkké ciptaan. Dadi, ayo dibahas kenapa nggatèkké ciptaan kuwi akèh manfaaté lan piyé carané. Terus, ya bakal dibahas piyé Yéhuwah karo Yésus mulang awaké dhéwé liwat ciptaan.

KENAPA KUDU NGGATÈKKÉ CIPTAAN?

Yéhuwah péngin Adam menikmati ciptaan lan njenengi kéwan-kéwan (Deloken paragraf 3)

3. Apa buktiné nèk Yéhuwah péngin Adam menikmati ciptaan?

3 Yéhuwah péngin manungsa isa menikmati ciptaan. Makané pas diciptakké, Adam manggon ing taman sing indah. (PD. 2:8, 9, 15) Dhèwèké dikongkon ngurus taman kuwi nganti sak donya dadi taman sing indah. Bayangna pas Adam ndelok tanduran-tanduran padha thukul nganti metu godhong lan kembangé. (PD. 2:19, 20) Adam ya dikongkon njenengi kéwan-kéwan, meskipun sakjané Yéhuwah isa dhéwé. Sakdurungé njenengi, Adam mesthi nggatèkké tingkahé kéwan-kéwan kuwi. Kuwi mesthi nyenengké. Adam ya dadi ngerti nèk Yéhuwah wicaksana lan kabèh sing diciptakké indah.

4. (a) Kenapa kudu nggatèkké ciptaan? (b) Saka kabèh ciptaané Yéhuwah, njenengan paling seneng sing endi?

4 Awaké dhéwé kudu nggatèkké ciptaan, merga Yéhuwah dhéwé sing ngongkon. Yéhuwah ngomong, ”Deloken langit. Sapa sing nyiptakké?” (Yés. 40:26) Yéhuwah nyiptakké alam semesta sak isiné bèn awaké dhéwé isa tambah kenal karo Yéhuwah. (Mzm. 104:24, 25) Coba pikirna carané Yéhuwah ngrancang manungsa. Yéhuwah mènèhi awaké dhéwé panca indra lan kepénginan kanggo menikmati ciptaan. Awaké dhéwé isa ndelok pemandangan, ngrungokké swarané kéwan-kéwan, utawa ngambu lan ngrasakké panganan.

5. Menurut Roma 1:20, apa manfaaté nèk nggatèkké ciptaan?

5 Nèk nggatèkké ciptaan, awaké dhéwé isa ngerti sipat-sipaté Yéhuwah. (Wacanen Roma 1:20.) Misalé, kabèh sing diciptakké Yéhuwah kuwi rancangan sing luar biasa. Kuwi bukti nèk Yéhuwah wicaksana. Awaké dhéwé ya isa menikmati macem-macem panganan. Kuwi nduduhké nèk Yéhuwah sayang awaké dhéwé. Nèk nggatèkké ciptaan, awaké dhéwé isa tambah kenal Yéhuwah. Saiki, ayo mbahas piyé Yéhuwah mulang awaké dhéwé liwat ciptaan.

YÉHUWAH MULANG LIWAT CIPTAAN

6. Awaké dhéwé isa yakin soal apa wektu ndelok manuk migrasi?

6 Yéhuwah nduwé jadwal. Saben taun pas akhir Februari nganti pertengahan Mei, wong Israèl isa ndelok manuk bangau migrasi ing arah utara. Yéhuwah ngandhani wong Israèl, ’Manuk bangau ngerti kapan wektuné kudu pindhah panggonan.’ (Yér. 8:7) Wektu ndelok manuk migrasi nurut wektu sing wis ditentokké, awaké dhéwé isa yakin nèk wong jahat ya bakal diadili sesuai ”wektu sing wis ditentokké” Yéhuwah.​—Hab. 2:3.

7. Awaké dhéwé isa éling soal apa wektu ndelok manuk mabur dhuwur banget? (Yésaya 40:31)

7 Yéhuwah nguwatké umaté. Wektu ana kesusahan, Yéhuwah janji nèk umaté bakal kuwat manèh. Yéhuwah ngomong nèk umaté bakal ”kaya elang sing mabur dhuwur banget nganggo sayapé”. (Wacanen Yésaya 40:31.) Manuk elang isa mabur dhuwur padahal ora ngepakké sayapé merga ana aliran udara saka ngisor. Padha kaya ngono, Yéhuwah isa mènèhi umaté kekuwatan. Wektu njenengan ndelok ana manuk mabur dhuwur banget, élinga nèk Yéhuwah isa mbantu njenengan ngatasi masalah.

8. Ayub dadi piyé merga nggatèkké ciptaan, lan piyé carané niru Ayub?

8 Yéhuwah isa dipercaya. Yéhuwah ngyakinké Ayub nèk dhèwèké isa percaya karo Yéhuwah. (Ayb. 32:2; 40:6-8) Pas omong-omongan karo Ayub, Yéhuwah nyebutké soal ciptaan-ciptaané, termasuk bintang, awan, lan kilat. Yéhuwah ya ngomongké soal kéwan-kéwan, misalé sapi lanang liar lan jaran. (Ayb. 38:32-35; 39:9, 19, 20) Ciptaan-ciptaan kuwi nduduhké nèk Yéhuwah ora mung mahakuwasa, tapi ya sayang karo manungsa lan wicaksana. Merga omong-omongan karo Yéhuwah, Ayub dadi tambah percaya karo Yéhuwah. (Ayb. 42:1-6) Padha kaya ngono, nèk sinau saka ciptaan, awaké dhéwé isa ngerti nèk Yéhuwah paling wicaksana lan mahakuwasa. Yéhuwah sanggup lan bakal nyingkirké kabèh masalahé awaké dhéwé. Dadi, awaké dhéwé isa percaya karo Yéhuwah.

YÉSUS MULANG LIWAT CIPTAAN

9-10. Saka matahari lan udan, awaké dhéwé isa ngerti nèk Yéhuwah piyé?

9 Yésus ngerti akèh soal ciptaan. Dhèwèké ”tukang sing trampil” sing kerja bareng karo Yéhuwah nyiptakké alam semesta. (WB. 8:30) Pas ing bumi, Yésus mulang murid-muridé liwat ciptaan. Apa waé contoné?

10 Yéhuwah sayang karo kabèh wong. Pas Ceramah ing Gunung, Yésus nyebutké soal matahari lan udan. Mémang kétoké kuwi sepélé, tapi sakjané penting bèn awaké dhéwé isa tetep urip. Yéhuwah nggawé matahari lan udan kanggo kabèh wong. Kuwi bukti nèk Yéhuwah sayang karo kabèh wong. (Mat. 5:43-45) Yésus péngin awaké dhéwé niru Yéhuwah. Dadi, wektu ndelok matahari utawa udan, awaké dhéwé ngerti nèk Yéhuwah ora mbédak-mbédakké. Awaké dhéwé ya dadi péngin nginjil karo kabèh wong.

11. Nèk ndelok manuk ing langit, awaké dhéwé isa yakin soal apa?

11 Yéhuwah nyukupi kebutuhané umaté. Pas ceramah, Yésus ya ngomong, ”Coba deloken manuk-manuk ing langit. Manuk-manuk kuwi ora nyebar benih, ora manèn, lan ora nyimpen panganan. Ning, Bapakmu ing swarga makani manuk-manuk kuwi.” Wektu kuwi, sing ngrungokké Yésus ya isa ndelok manuk-manuk mabur ing langit. Terus Yésus takon, ”Kowé kan luwih berharga timbang manuk-manuk kuwi, ta?” (Mat. 6:26) Kuwi bukti nèk Yéhuwah bakal nyukupi kebutuhané awaké dhéwé. (Mat. 6:31, 32) Ana perintis wédok sing isih enom saka Spanyol sing durung nduwé omah. Dhèwèké wis nggolèk omah, tapi durung ana sing cocog. Dhèwèké bingung banget. Tapi sakwisé ndelok manuk-manuk lagi mangan, dhèwèké dadi ora kuwatir. Dhèwèké crita, ”Nèk manuk-manuk waé diopèni, Yéhuwah mesthi ya ngopèni aku.” Ora suwé bar kuwi, ana omah sing cocog lan dhèwèké mulai manggon ing kono.

12. Saka manuk emprit sing dicathet ing Matius 10:29-31, awaké dhéwé isa sinau apa soal Yéhuwah?

12 Yéhuwah nganggep umaté berharga. Wektu ngongkon murid-muridé nginjil, Yésus nyemangati murid-muridé bèn ora wedi. (Wacanen Matius 10:29-31.) Dhèwèké nyebutké soal manuk emprit. Mbiyèn manuk emprit dianggep ora berharga, soalé regané murah banget. Tapi Yésus ngomong, ”Ora ana manuk siji waé sing tiba ing lemah tanpa dingertèni Bapakmu. . . . Kowé luwih berharga timbang akèh manuk emprit.” Kuwi bukti nèk Yéhuwah nggatèkké awaké dhéwé siji-siji. Dadi, aja wedi nèk dianiaya. Pas lagi nginjil, murid-muridé Yésus mesthi kèlingan karo kata-katané Yésus nèk ndelok manuk emprit. Pas njenengan ndelok manuk mabur, élinga nèk njenengan ”luwih berharga timbang akèh manuk emprit”. Merga didhukung Yéhuwah, njenengan mesthi tetep isa setya meskipun dianiaya.​—Mzm. 118:6.

PIYÉ BÈN ISA NGERTI SIPAT-SIPATÉ YÉHUWAH LIWAT CIPTAAN?

13. Awaké dhéwé kudu piyé bèn isa sinau saka ciptaan?

13 Awaké dhéwé isa ngerti soal Yéhuwah liwat ciptaan. Piyé carané? Awaké dhéwé kudu nyisihké wektu kanggo nggatèkké ciptaan lan ngrenungké sipat-sipaté Yéhuwah. Kuwi ora selalu gampang. Géraldine, sedulur wédok saka Kamerun ngomong, ”Aku manggoné ing kutha. Dadi, aku kudu berupaya tenanan bèn isa nggatèkké ciptaan.” Pinituwa sing jenengé Alfonso ngomong, ”Aku kudu nyisihké wektu bèn isa nggatèkké ciptaan lan ngrenungké sipat-sipaté Yéhuwah.”

Merga ngrenungké ciptaan ing sekitaré, Daud isa ngerti sipat-sipaté Yéhuwah (Deloken paragraf 14)

14. Merga ngrenungké ciptaané Yéhuwah, Daud ngerti apa?

14 Daud mikirké tenanan soal ciptaané Yéhuwah. Dhèwèké ngomong, ”Wektu aku ndelok langit sing mbok gawé, bulan lan bintang sing mbok gawé, aku mikir, ’Manungsa kuwi apa ta, kok nganti Njenengan gelem éling karo dhèwèké?’” (Mzm. 8:3, 4) Daud ora mung kagum pas ndelok langit lan bintang-bintang. Dhèwèké ya ngrenungké soal sapa sing nggawé. Daud dadi ngerti nèk Yéhuwah bener-bener hébat. Daud ya ngrenungké pas dhèwèké isih ing wetengé ibuné. Merga ngrenungké kuwi kabèh, Daud dadi ngerti nèk Yéhuwah kuwi wicaksana banget.​—Mzm. 139:14-17.

15. Njenengan isa ngerti soal sipaté Yéhuwah saka ciptaan apa waé? Wènèhana conto. (Mazmur 148:7-10)

15 Njenengan ora perlu lunga adoh bèn isa nggatèkké ciptaan. Saka ciptaan ing sekitaré njenengan, njenengan isa ngerti akèh sipat-sipaté Yéhuwah. Misalé, nèk ngrasakké panasé matahari, njenengan isa ngerti nèk Yéhuwah mahakuwasa. (Yér. 31:35) Nèk ndelok manuk sing lagi nggawé sarang, njenengan isa ngerti nèk Yéhuwah kuwi wicaksana. Pas nggatèkké kirik sing dolanan buntuté, kétok nèk Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing bahagia. Terus, nèk ndelok ibu sing dolanan karo bayiné, njenengan isa ngerti nèk Yéhuwah sayang karo manungsa. Ana akèh sing isa dipelajari soal Yéhuwah saka ciptaan, merga kabèh ciptaan muji Yéhuwah.​—Wacanen Mazmur 148:7-10.   

16. Apa tékadé njenengan?

16 Yéhuwah kuwi wicaksana, mahakuwasa, sayang karo manungsa, lan kabèh sing diciptakké indah. Awaké dhéwé isa ngerti sipat-sipaté Yéhuwah kuwi nèk nggatèkké ciptaan ing sekitaré awaké dhéwé. Muga-muga awaké dhéwé terus nyisihké wektu kanggo nggatèkké ciptaan lan mikirké soal sipat-sipaté Yéhuwah. Awaké dhéwé bakal tambah cedhak karo Yéhuwah. (Yak. 4:8) Ing artikel berikuté, bakal dibahas piyé wong tuwa isa ngajari anak-anaké bèn isa ngerti soal Yéhuwah liwat ciptaan.

LAGU 5 Kuwasané Yéhuwah Luar Biasa

a Ciptaané Yéhuwah kuwi luar biasa. Ana sing gedhé banget, misalé matahari, lan ana sing cilik, misalé kembang. Nèk nggatèkké kabèh ciptaané Yéhuwah, awaké dhéwé isa ngerti sipat-sipaté Yéhuwah. Ing artikel iki bakal dibahas kenapa kuwi penting lan piyé carané.