Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 35

Terusa Sabar

Terusa Sabar

”Awaké dhéwé kudu . . . sabar.”​—KOL. 3:12.

LAGU 114 ”Kudu Sabar”

ISINÉ ARTIKEL IKI a

1. Kenapa awaké dhéwé seneng karo wong sing sabar?

 AWAKÉ DHÉWÉ mesthi seneng karo wong sing sabar. Misalé, awaké dhéwé mesthi seneng karo wong sing ora sambat meskipun kudu ngentèni suwé. Awaké dhéwé ya seneng nèk wong liya tetep sabar meskipun awaké dhéwé nggawé salah. Awaké dhéwé mesthi bersyukur merga sing mulang Alkitab gelem sabar mbantu awaké dhéwé sinau Alkitab lan ngetrapké sing wis dipelajari. Awaké dhéwé ya mesthi seneng banget merga Yéhuwah sabar karo awaké dhéwé.​—Rm. 2:4.

2. Kapan sabar kuwi ora gampang?

2 Tapi, sabar ora mesthi gampang. Misalé, nèk wis macet terus telat, biasané angèl kanggo tetep sabar. Nèk ana sing nggawé jèngkèl, mungkin dadi péngin nesu. Kadhang rasané angèl kanggo ngentèni janjiné Yéhuwah soal donya anyar kelakon. Apa njenengan péngin isa luwih sabar? Ing artikel iki bakal dirembug: Wong sing sabar kuwi piyé? Kenapa kuwi penting? Piyé carané bèn isa luwih sabar?

WONG SING SABAR KUWI PIYÉ?

3. Wong sing sabar bakal piyé nèk ana sing njèngkèlké?

3 Wong sing sabar kuwi piyé? Pertama, ora gampang nesu. Nèk ana sing njèngkèlké, dhèwèké bakal tetep tenang lan ora mbales. Nèk ana masalah, kuwi ora bakal dilampiaské karo wong liya. Ing Alkitab disebutké Yéhuwah kuwi ”Gusti Allah sing apikan, gampang mesakké, ora gampang nesu, nduwé katresnan sing gedhé banget, lan setya”.​—Mzm. 86:15.

4. Wong sing sabar bakal piyé nèk kudu ngentèni?

4 Keloro, tetep tenang wektu ngentèni. Nèk sing dientèni ora teka-teka, wongé sabar apa ora kétok saka sikapé isa tenang apa ora. (Pkh. 7:8) Kapan awaké dhéwé perlu tenang pas ngentèni? Misalé, nèk ana sing ngomong aja nyela. (Ayb. 36:2) Mungkin awaké dhéwé ya kudu sabar mbantu sing sinau Alkitab paham sing dipelajari lan mandheg saka kebiasaan sing salah.

5. Apa bukti liyané nèk sabar?

5 Ketelu, ora grusa-grusu. Mémang, ana beberapa hal sing kudu cepet diputuské. Tapi nèk éntuk tugas sing penting, wong sing sabar ora bakal kesusu mulainé. Dhèwèké bakal nggawé rencana sik. Pas ngerjakké, dhèwèké ora bakal kesusu mung merga péngin cepet rampung. Tapi, bakal ngerjakké sesuai rencanané bèn hasilé isa apik.   

6. Wong sing sabar bakal piyé wektu ngalami masalah?

6 Kepapat, berusaha ora sambat meskipun ana masalah. Mémang, ora salah nèk curhat karo kanca soal masalah sing diadhepi. Tapi, wong sing sabar bakal berusaha bahagia nglayani Yéhuwah meskipun ngadhepi masalah. (Kol. 1:11) Umaté Yéhuwah kudu tetep sabar liwat papat cara mau. Lha kenapa?

KENAPA SABAR KUWI PENTING?

Kaya petani sing sabar lan yakin nèk tandurané bakal thukul, awaké dhéwé ya isa sabar lan yakin nèk Yéhuwah bakal nepati janjiné pas wektuné (Deloken paragraf 7)

7. Menurut Yakobus 5:7, 8, kenapa sabar kuwi penting? (Deloken gambar kanggo paragraf 7.)

7 Awaké dhéwé kudu sabar bèn isa slamet. Kaya umaté Yéhuwah jaman mbiyèn, awaké dhéwé kudu sabar ngentèni janjiné Yéhuwah kelakon. (Ibr. 6:11, 12) Ing Alkitab, awaké dhéwé dipadhakké kaya petani. (Wacanen Yakobus 5:7, 8.) Petani kerja keras kanggo nandur lan nyirami meskipun ora ngerti kapan bakal thukul. Petani kuwi sabar lan yakin nèk mesthi bakal ana hasilé. Padha kaya ngono, awaké dhéwé terus sibuk nglayani Yéhuwah meskipun ora ngerti ’kapan Gusti teka’. (Mat. 24:42) Awaké dhéwé terus sabar, yakin nèk Yéhuwah bakal nepati janjiné pas wektuné. Nèk ora sabar, awaké dhéwé mungkin dadi males lan suwé-suwé ngedoh saka Yéhuwah. Isa waé awaké dhéwé dadi nggolèki hal-hal sing kétoké isa nggawé bahagia saiki. Tapi nèk sabar, awaké dhéwé isa tetep setya lan dislametké.​—Mi. 7:7; Mat. 24:13.

8. Apa manfaaté nèk sabar wektu urusan karo wong liya? (Kolose 3:12, 13)

8 Pas urusan karo wong liya, sabar akèh manfaaté. Wektu ana sing ngomong, awaké dhéwé bakal ngrungokké tenanan. (Yak. 1:19) Nèk sabar, isa tetep rukun karo liyané. Awaké dhéwé ora bakal langsung ngomèl lan ngomong sing nylekit pas ana masalah. Nèk sabar, ora gampang nesu wektu ana sing nglarani ati. Ketimbang mbales, awaké dhéwé péngin ”terus sabar lan tulus ngapura liyané”.​—Wacanen Kolose 3:12, 13.

9. Apa manfaaté nèk sabar sakdurungé nggawé keputusan? (Wulang Bebasan 21:5)

9 Nèk sabar, awaké dhéwé isa nggawé keputusan sing apik. Awaké dhéwé ora bakal kesusu, tapi mikir-mikir sik apa manfaaté utawa akibaté nèk nggawé keputusan kuwi. (Wacanen Wulang Bebasan 21:5.) Misalé, pas lagi nggolèk gawéan. Pas ana tawaran, mungkin gawéan kuwi langsung ditampa meskipun dadi angèl ngibadah lan nginjil. Tapi nèk sabar, awaké dhéwé bakal mikir sik, adoh apa ora, pirang jam kerjané, isih ana wektu kanggo keluarga lan ngibadah apa ora. Nèk sabar, awaké dhéwé ora bakal nyesel merga nggawé keputusan sing salah.

CARANÉ BÈN LUWIH SABAR

10. Piyé carané bèn isa luwih sabar?

10 Ndonga. Wong sing dituntun roh suci bakal sabar. (Gal. 5:22, 23) Dadi, ndongaa njaluk roh suci lan bantuané Yéhuwah bèn luwih sabar. Nèk terpancing arep nesu, ”terusa njaluk” roh suci bèn isa sabar. (Luk. 11:9, 13) Awaké dhéwé ya isa ndonga bèn nduwé pandhangan sing padha kaya Yéhuwah. Sakwisé ndonga, awaké dhéwé isa terus berusaha bèn sabar saben dina. Nèk terus ndonga lan berupaya bèn sabar, Yéhuwah bakal mbantu bèn luwih sabar meskipun awaké dhéwé dudu wong sing sabar.

11-12. Apa buktiné Yéhuwah sabar?

11 Mikirké kisah-kisah ing Alkitab. Ing Alkitab ana akèh conto wong sing sabar. Nèk mikirké kuwi, awaké dhéwé isa luwih paham sing dimaksud sabar kuwi piyé. Mengko bakal dibahas beberapa conto wong sing sabar. Tapi ayo mbahas sik contoné Yéhuwah.

12 Ing Taman Èden, Sétan ngèlèk-èlèk jenengé Yéhuwah lan nudhuh nèk Dhèwèké ora adil lan ora sayang karo manungsa. Sakjané Yéhuwah isa waé langsung nyingkirké Sétan, tapi Dhèwèké tetep sabar. Yéhuwah ngerti nèk butuh wektu kanggo mbuktèkké nèk Dhèwèké sing pantes mréntah. Yéhuwah tetep sabar meskipun jenengé dièlèk-èlèk terus. Yéhuwah ya sabar bèn akèh wong nduwé kesempatan kanggo urip saklawasé. (2 Ptr. 3:9, 15) Hasilé, ana jutaan wong sing kenal karo Yéhuwah. Nèk mikirké manfaaté merga Yéhuwah sabar, awaké dhéwé ya dadi luwih gampang sabar ngentèni akhir kuwi teka.   

Nèk sabar, awaké dhéwé ora gampang nesu wektu dijahati (Deloken paragraf 13)

13. Apa buktiné Yésus niru Yéhuwah sing sabar? (Deloken gambar kanggo paragraf 13.)

13 Kaya Yéhuwah, Yésus ya sabar. Kuwi dibuktèkké pas dhèwèké ing bumi. Mémang ora selalu gampang kanggo sabar, apa manèh nèk urusan karo ahli Taurat lan wong Farisi. (Yoh. 8:25-27) Kaya Yéhuwah, Yésus ya ora gampang nesu. Dhèwèké ora péngin mbales meskipun diécé lan dijahati. (1 Ptr. 2:23) Wektu ngadhepi masalah, Yésus tetep sabar lan ora sambat. Kuwi sebabé ing Alkitab disebutké nèk awaké dhéwé ”kudu mikirké tenanan soal dhèwèké. . . . Dhèwèké sabar ngadhepi wong-wong dosa sing ngomong kasar karo dhèwèké”. (Ibr. 12:2, 3) Merga dibantu Yéhuwah, awaké dhéwé ya isa tetep sabar ngadhepi masalah apa waé.

Nèk niru Abraham sing sabar, awaké dhéwé isa yakin nèk bakal diberkahi Yéhuwah saiki lan sukmbèn ing donya anyar (Deloken paragraf 14)

14. Piyé carané niru Abraham? (Ibrani 6:15) (Deloken gambar kanggo paragraf 14.)

14 Piyé nèk njenengan wis suwé ngentèni akhir kuwi teka? Mungkin njenengan wis tuwa lan mikir nèk ora bakal isa ndelok kuwi kelakon. Piyé carané bèn isa sabar? Gatèkna contoné Abraham. Nganti umur 75 taun, Abraham durung nduwé anak. Wektu kuwi Yéhuwah janji, ”Aku bakal nggawé keturunanmu dadi bangsa sing gedhé.” (PD. 12:1-4) Apa Abraham ndelok janji kuwi kelakon? Ora kabèh. Sakwisé ngentèni 25 taun lan nyabrangi Kali Éfrat, mémang Abraham ndelok Ishak, anaké, lair, lan 60 taun bar kuwi dhèwèké ndelok putuné, yaiku Ésau karo Yakub, lair. (Wacanen Ibrani 6:15.) Sayangé, Abraham ora sempat ndelok keturunané dadi bangsa sing gedhé lan mlebu Tanah Perjanjian. Tapi Abraham bahagia merga isa dadi sahabaté Yéhuwah. (Yak. 2:23) Sukmbèn pas diuripké manèh, Abraham mesthi seneng pas ndelok kabèh bangsa isa éntuk berkah merga dhèwèké tetep nduwé iman lan sabar. (PD. 22:18) Apa pelajarané? Mungkin awaké dhéwé ora isa ndelok kabèh janjiné Yéhuwah kelakon saiki. Tapi, nèk sabar kaya Abraham, awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah bakal mberkahi saiki lan sukmbèn ing donya anyar.​—Mrk. 10:29, 30.

15. Apa sing isa dipelajari pas pelajaran pribadi?

15 Ing Alkitab ana akèh conto liyané soal wong-wong sing sabar. (Yak. 5:10) Apa wis nyoba sinau soal kuwi? b Misalé, Daud dipilih dadi raja pas isih enom. Tapi, dhèwèké kudu ngentèni bertaun-taun sakdurungé dadi raja. Siméon karo Hana tetep setya nglayani Yéhuwah karo ngentèni Mésias teka. (Luk. 2:25, 36-38) Pas sinau soal kuwi coba pikirna, ’Kok isa wong-wong kuwi sabar? Apa manfaaté merga sabar? Piyé carané niru?’ Njenengan ya isa sinau saka wong-wong sing ora sabar. (1 Sam. 13:8-14) Coba pikirna, ’Ngapa ya wong-wong kuwi ora sabar? Apa akibaté?’

16. Apa waé manfaaté nèk sabar?

16 Mikirké manfaaté nèk sabar. Nèk sabar, awaké dhéwé luwih bahagia lan ayem. Awaké dhéwé ora gampang lara lan ora strès. Nèk sabar, awaké dhéwé isa nduwé hubungan sing apik karo wong liya. Jemaat ya dadi luwih rukun. Nèk ana sing njèngkèlké, keadaané ora bakal luwih parah merga awaké dhéwé ora gampang nesu. (Mzm. 37:8; WB. 14:29) Sing paling penting, nèk sabar, awaké dhéwé niru Yéhuwah lan tambah cedhak karo Dhèwèké.

17. Apa tékadé awaké dhéwé?

17 Sabar akèh manfaaté. Mémang kuwi ora selalu gampang. Tapi nèk dibantu Yéhuwah, awaké dhéwé isa terus sabar. Karo ”sabar ngentèni” donya anyar teka, awaké dhéwé yakin nèk Yéhuwah bakal mbantu lan nglindhungi. (Mi. 7:7) Muga-muga awaké dhéwé isa terus sabar.

LAGU 41 Rungokna Aku

a Akèh wong saiki ora sabar. Tapi, menurut Alkitab awaké dhéwé kudu sabar. Apa manfaaté nèk sabar, lan piyé carané bèn isa luwih sabar?

b Nèk péngin ngerti conto liyané, bukaken subjudhul ”Sabar” ing Indeks Publikasi Menara Pengawal.