Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

1923 (Satus Taun Kepungkur)

1923 (Satus Taun Kepungkur)

ING The Watch Tower 1 Januari 1923 disebutké, ”Muga-muga taun 1923 iki dadi taun sing nyenengké. Awaké dhéwé seneng banget nduwé kesempatan martakké kabar apik . . . soal masa depan sing luwih apik kanggo wong-wong sing ora nduwé harapan.” Selama taun 1923, ana akèh perubahan ing acara pertemuan ibadah lan kegiatan nginjilé Siswa-Siswa Alkitab. Hasilé, meréka dadi tambah bersatu.

BERSATU MERGA ACARA IBADAHÉ PADHA

Kalènder sing ana ayat lan nomer lagu

Selama taun kuwi, ana beberapa perubahan ing organisasi sing marakké Siswa-Siswa Alkitab dadi tambah bersatu. Ing The Watch Tower mulai ana penjelasan kanggo ayat-ayat sing bakal dibahas ing Pertemuan kanggo Ndonga lan Muji Yéhuwah, sing acarané seminggu pisan. Terus, Siswa-Siswa Alkitab ya nggawé kalènder, sing ana ayat sing bakal dibahas ing pertemuan ibadah saben minggu. Ing kalènder kuwi ya ana lagu kanggo saben dina, sing isa dinyanyèkké pas pelajaran pribadi utawa ibadah keluarga.

Pas ngibadah, Siswa-Siswa Alkitab nyritakké pengalamané pas nginjil lan berkah-berkah sing ditampa saka Yéhuwah. Terus ya ana sing nyanyi lan ndonga. Sedulur Eva Barney dibaptis taun 1923 pas umuré 15. Dhèwèké ngomong, ”Nèk arep crita, kudu ngadeg terus ngomong, ’Aku péngin bersyukur karo Gusti merga Dhèwèké wis apikan karo aku.’” Ana beberapa sedulur sing seneng banget crita. Sedulur Barney ngomong manèh, ”Ana siji sedulur lansia sing jenengé Sedulur Godwin sing seneng banget crita soal berkah-berkah sing dhèwèké rasakké. Saking semangaté, critané nganti kesuwèn, terus sing mandhu acara dadi gelisah. Nèk wis ngono, bojoné narik-narik klambiné Sedulur Godwin. Bar kuwi dhèwèké mandheg, terus lungguh.”

Ana Pertemuan kanggo Ndonga lan Muji Yéhuwah ing saben jemaat sesasi pisan. Acarané kaya apa? Ing The Watch Tower 1 April 1923 disebutké, ”Separo acarané khusus dienggo crita pengalaman pas nginjil lan dienggo saling nyemangati. . . . Hasilé, sedulur-sedulur dadi tambah akrab lan bersatu.”

Charles Martin, penginjil sing umuré 19 saka Vancouver, Kanada, ngrasakké akèh manfaat saka pertemuan-pertemuan kuwi. Dhèwèké crita, ”Kuwi pertama kaliné aku belajar carané nginjil ing omah-omah. Merga sedulur-sedulur kerep crita pengalamané pas nginjil, aku dadi ngerti kudu ngomong apa, terus nèk ana sing takon njawabé kudu piyé.”

BERSATU MERGA KEGIATANÉ PADHA

Bulletin 1 Mei 1923

Para sedulur ya dadi tambah bersatu merga ana dina-dina sing dikhususké kanggo nginjil. Ing The Watch Tower 1 April 1923 diumumké, ”Bèn awaké dhéwé tambah bersatu . . . , mulai Selasa, 1 Mei 1923, dina Selasa pertama saben sasi kuwi khusus kanggo nginjil . . . Kabèh penginjil kudu mèlu.”

Siswa-Siswa Alkitab sing isih enom ya dikon mèlu nginjil. Misalé Hazel Burford sing umuré 16. Dhèwèké crita, ”Ing majalah Bulletin ana conto carané ngomong sing isa diapalké. a Aku karo mbahku semangat banget mèlu nginjil. Tapi ngerti-ngerti ana siji sedulur lanang sing ngomong nèk aku sakjané ora éntuk mèlu nginjil. Pas kuwi ana beberapa sing ora mudheng nèk sing kuduné mèlu ’muji jenengé Yéhuwah’ kuwi kabèh Siswa-Siswa Alkitab, termasuk ’cah lanang lan cah wédok’.” (Mzm. 148:​12, 13) Sedulur Burford tetep semangat nginjil. Dhèwèké ya mèlu Sekolah Giléad kelas keloro lan dadi utusan injil ing Panama. Akhiré, sedulur-sedulur ya ngerti nèk sing kudu nginjil kuwi kabèh, termasuk sing enom-enom.

BERSATU MERGA PERTEMUAN WILAYAH LAN GABUNGAN WILAYAH

Sedulur-sedulur ya dadi tambah bersatu merga ana pertemuan wilayah lan gabungan wilayah. Ing pertemuan-pertemuan kuwi biasané ana dina-dina sing dikhususké kanggo nginjil. Misalé pertemuan ing Winnipeg, Kanada. Pas kuwi ana ”Misi Khusus ing Winnipeg”. Kabèh sing teka ing pertemuan dikon mèlu nginjil ing kutha Winnipeg tanggal 31 Maret. Hasilé, ana akèh sing dikabari lan akhiré berminat. Tanggal 5 Agustus, kira-kira ana 7.000 sing teka ing pertemuan ing Winnipeg. Kuwi jumlah hadirin pertemuan sing paling akèh ing Kanada.

Ana pertemuan sing istiméwa banget tanggal 18-26 Agustus 1923 ing Los Angeles, Kalifornia. Beberapa minggu sakdurungé pertemuan, acarané kuwi diiklanké ing koran. Siswa-Siswa Alkitab ya mbagèkké luwih saka 500.000 selebaran. Terus, iklané ya dipasang ing mobil-mobil lan kendaraan umum.

Pertemuan gabungan wilayahé Siswa-Siswa Alkitab taun 1923 ing Los Angeles

Dina Setu, 25 Agustus, Sedulur Rutherford nyampèkké ceramah sing judhulé ”Domba lan Kambing”. Dhèwèké njelaské nèk ”domba” kuwi maksudé wong-wong sing bener sing bakal urip ing firdaus. Dhèwèké ya macakké pengumuman sing judhulé ”Peringatan”. Ing kono, dhèwèké ngumumké nèk gréja-gréja Kristen kuwi ora bener lan wong-wong sing gabung ing kono kudu ndang metu, soalé kuwi ”Babilon Gedhé”. (Why. 18:​2, 4) Bar kuwi, Siswa-Siswa Alkitab sak donya semangat banget mbagèkké selebaran sing isiné pengumuman kuwi.

”Sedulur-sedulur dadi tambah akrab lan bersatu”

Ing dina terakhir pertemuan, Sedulur Rutherford nyampèkké ceramah sing judhulé ”Kabèh Bangsa Baris menyang Armagédon, Tapi Jutaan Wong sing Saiki Urip Ora Bakal Mati”. Pas kuwi, sing ngrungokké ana luwih saka 30.000. Merga sing teka bakalé akèh banget, Siswa-Siswa Alkitab nyéwa stadion Los Angeles Coliseum, sing lagi waé dibangun. Bèn kabèh sing teka isa krungu jelas ceramahé, ing acara iki nganggo sound system sing wis ana ing stadion kuwi. Iki tèknologi sing anyar pas jaman kuwi. Terus, acarané ya disiarké liwat radio.

PERKEMBANGAN INTERNASIONAL

Taun 1923, ana perkembangan sing apik banget ing kegiatan nginjil ing Afrika, Amerika Selatan, Eropa, lan India. Ing India, ana sedulur sing jenengé A. J. Joseph. Dhèwèké nduwé anak enem. Dhèwèké mèlu nggawé bacaan ing basa Hindi, Tamil, Telugu, lan Urdu.

William R. Brown karo keluargané

Ing Sierra Leone, Sedulur Alfred Joseph lan Leonard Blackman nulis surat ing kantor pusat ing Brooklyn, New York, njaluk bèn ana sedulur sing dikirim mrono. Alfred crita, ”Dina Setu bengi, tanggal 14 April 1923, ngerti-ngerti aku éntuk télpon. Ternyata sing nélpon kuwi jenengé William R. Brown.” William ngomong, ”Apa njenengan sing nulis surat ing kantor pusat lan njaluk bèn ana wong sing dikirim ing Sierra Leone?” Alfred njawab, ”Iya.” Terus William ngomong, ”Aku sing dikirim.” Dina kuwi, William sak keluarga lagi waé tekan ing Sierra Leone saka Karibia. Bojoné jenengé Antonia lan anak-anaké jenengé Louise karo Lucy. Ora suwé bar kuwi, meréka ketemu.

Alfred crita, ”Minggu ésuk, pas aku karo Leonard lagi ngrembug isiné Alkitab, ngerti-ngerti ana wong sing teka. Wongé gedhé dhuwur. Ternyata kuwi Sedulur Brown. Saking semangaté, Sedulur Brown langsung péngin ceramah sésuké.” Ora nganti sesasi, kabèh bacaan sing digawa Sedulur Brown wis entèk dibagèkké ing wong-wong. Ora suwé bar kuwi, bacaané teka manèh 5.000. Tapi kuwi ya langsung entèk. Meskipun ngono, Sedulur Brown ora dikenal dadi wong sing dodolan buku. Merga pas ceramah dhèwèké selalu ngutip saka Alkitab, dhèwèké disebut Bible Brown (Brown si Alkitab).

Bètel Magdeburg kira-kira taun 1923

Pas kuwi, kantor cabang ing Barmen, Jerman, wis ora cukup merga anggota keluarga Bètel tambah akèh. Terus, kutha Barmen ya arep diserang pasukan Prancis. Akhiré, Siswa-Siswa Alkitab nggolèk bangunan ing kutha Magdeburg sing ya isa dienggo percétakan. Tanggal 19 Juni, kabèh barangé wis dipindhah ing Bètel sing anyar ing Magdeburg. Bar kantor pusat dikandhani nèk pindhahané wis rampung, sedina bar kuwi ana berita nèk Prancis wis nguwasani kutha Barmen. Para sedulur bersyukur banget merga Yéhuwah nuntun lan nglindhungi meréka.

George Young karo Sarah Ferguson (sing kanan) lan mbakyuné Sarah

George Young, sing kerep nginjil ing akèh negara, lunga ing Brasil. Ing kono, dhèwèké ngedegké kantor cabang sing anyar lan ngatur penerjemahan The Watch Tower ing basa Portugis. Mung beberapa bulan waé, Sedulur Young isa mbagèkké luwih saka 7.000 bacaan. Sedulur Young ya nemoni keluargané Sarah Ferguson. Sarah seneng banget. Dhèwèké wis maca The Watch Tower kèt taun 1899, tapi dhèwèké durung dibaptis. Beberapa bulan bar Sedulur Young teka, Sarah lan anaké papat akhiré dibaptis.

”BAHAGIA NGLAYANI GUSTI ALLAH”

Ing The Watch Tower 15 Desember 1923 disebutké apa waé manfaaté merga ana perubahan-perubahan ing kegiatan nginjil lan acara pertemuan ibadah. Ing kono disebutké, ”Sedulur-sedulur dadi tambah kuwat imané . . . Ing taun 1924, ayo awaké dhéwé tambah semangat lan bahagia nglayani Gusti Allah.”

Taun 1924 ya dadi taun sing nyenengké banget kanggo Siswa-Siswa Alkitab. Ana proyèk pembangunan ing Staten Island, cedhaké kantor pusat Brooklyn, sing wis dikerjakké sedulur-sedulur ing Bètel selama berbulan-bulan. Fasilitas ing kono rampung dibangun awal taun 1924. Merga ana fasilitas kuwi, sedulur-sedulur dadi tambah bersatu lan saya akèh wong krungu kabar apik.   

Sedulur-sedulur sing mbangun ing Staten Island

a Saiki disebut Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé Wong Kristen.