Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 43

”Dhèwèké Bakal Nggawé Kowé Kuwat”

”Dhèwèké Bakal Nggawé Kowé Kuwat”

”[Yéhuwah] bakal nggawé kowé kuwat. Dhèwèké bakal mbantu kowé bèn tetep setya. Dhèwèké bakal ndhukung kowé.”—1 PTR. 5:10.

LAGU 38 Yéhuwah Bakal Nggawé Kowé Kuwat

ISINÉ ARTIKEL IKI a

1. Apa sing marakké Daud karo Simson isa dadi kuwat?

 ING Alkitab, wong sing kendel lan sing percaya karo Yéhuwah kerep disebut wong sing kuwat. Tapi, meréka ora selalu ngrasa kuwat. Misalé, kadhang-kadhang Raja Daud ngrasa nèk dhèwèké kuwi ”kuwat kaya gunung”, tapi kadhang-kadhang dhèwèké ya ”wedi banget”. (Mzm. 30:7) Simson isa dadi kuwat banget merga roh suciné Yéhuwah, tapi dhèwèké ngerti nèk dudu merga Yéhuwah, dhèwèké ”ora nduwé kekuwatan lan dadi kaya wong liyané”. (PH. 14:​5, 6; 16:17) Daud karo Simson isa dadi kuwat merga Yéhuwah sing ngekèki kekuwatan.

2. Apa maksudé pas Paulus ngomong nèk wektu dhèwèké lemah kuwi dhèwèké dadi kuwat? (2 Korintus 12:​9, 10)

2 Rasul Paulus ya ngakoni nèk dhèwèké butuh kekuwatan saka Yéhuwah. (Wacanen 2 Korintus 12:​9, 10.) Kaya awaké dhéwé, Paulus ya nduwé penyakit. (Gal. 4:​13, 14) Kadhang, Paulus ya kudu berjuang bèn isa nglakoni sing bener. (Rm. 7:​18, 19) Paulus ya kadhang-kadhang ngrasa kuwatir lan wedi. (2 Kor. 1:​8, 9) Tapi, wektu ngrasa lemah, Paulus malah dadi kuwat. Kok isa? Yéhuwah sing ngekèki Paulus kekuwatan.

3. Pertanyaan apa waé sing arep dibahas ing artikel iki?

3 Yéhuwah wis janji lan siap ngekèki awaké dhéwé kekuwatan. (1 Ptr. 5:10) Tapi bèn isa éntuk kekuwatan kuwi, ana sing kudu awaké dhéwé upayakké. Perumpamaané ngéné: Mobil isa murub merga ana mesin. Tapi bèn isa mlaku, sopiré kudu ngidak gas. Yéhuwah ngekèki kekuwatan liwat apa waé? Terus, awaké dhéwé kudu piyé bèn isa éntuk kekuwatan kuwi? Bèn isa ngerti jawabané, ayo ngrembug kisahé Nabi Yunus, Maria ibuné Yésus, lan Rasul Paulus. Mengko ya ana conto umaté Yéhuwah jaman saiki sing dikuwatké Yéhuwah.

KUWAT MERGA NDONGA LAN PELAJARAN PRIBADI

4. Piyé carané bèn isa éntuk kekuwatan saka Yéhuwah?

4 Salah siji cara bèn éntuk kekuwatan saka Yéhuwah kuwi nèk ndonga. Nèk awaké dhéwé ndonga, Yéhuwah isa ngekèki ”kekuwatan sing luar biasa”. (2 Kor. 4:7) Cara liyané bèn isa éntuk kekuwatan kuwi nèk maca Alkitab lan ngrenungké isiné. (Mzm. 86:11) Kata-katané Yéhuwah ing Alkitab kuwi ”nduwé kuwasa sing gedhé banget”. (Ibr. 4:12) Nèk ndonga lan maca Alkitab, awaké dhéwé isa éntuk kekuwatan bèn tetep setya, tetep bahagia meskipun ana masalah, lan isa ngrampungké tugas sing abot. Ayo nggatèkké piyé Yéhuwah nguwatké Nabi Yunus.

5. Ngapa kok Nabi Yunus butuh dikuwatké?

5 Nabi Yunus tau dikèki tugas karo Yéhuwah tapi dhèwèké wedi. Akhiré, dhèwèké lunga numpak kapal. Bar kuwi, Yunus karo wong-wong sing sak kapal karo dhèwèké mèh mati merga ana badai. Bar diuncalké ing laut, Yunus dicaplok iwak gedhé. Ing njero wetengé iwak sing peteng kuwi, kira-kira piyé perasaané Yunus? Mungkin dhèwèké mikir nèk dhèwèké bakalé mati. Mungkin dhèwèké ya mikir nèk Yéhuwah wis ninggalké dhèwèké. Yunus mesthi wedi banget. Pas kuwi, Yunus butuh dikuwatké.

Kaya Nabi Yunus, piyé bèn isa tetep kuwat wektu ana masalah? (Deloken paragraf 6-9)

6. Menurut Yunus 2:​1, 2, 7, pas ing njero wetengé iwak, Yunus isa éntuk kekuwatan merga dhèwèké ngapa?

6 Pas ing njero wetengé iwak, Yunus ndonga karo Yéhuwah. (Wacanen Yunus 2:​1, 2, 7.) Meskipun wis ora manut Yéhuwah, Yunus pas kuwi rendah hati, terus njaluk ngapura. Dhèwèké yakin nèk Yéhuwah bakal ngrungokké dongané. Yunus ya ngrenungké ayat-ayat ing Kitab Suci sing wis tau dhèwèké waca. Buktiné, ing dongané sing ditulis ing Yunus Bab 2, kata-katané akèh sing mirip karo ayat-ayat ing Mazmur. (Contoné, bandhingna Yunus 2:​2, 5 karo Mazmur 69:1; 86:7.) Yunus paham tenan isiné ayat-ayat kuwi. Merga ngrenungké ayat-ayat kuwi, dhèwèké yakin nèk Yéhuwah bakal nulungi dhèwèké. Akhiré, Yunus dislametké Yéhuwah, terus dhèwèké isa ngrampungké tugas saka Yéhuwah.—Yun. 2:10–3:4.

7-8. Pas ngadhepi masalah, piyé Sedulur Minghao isa éntuk kekuwatan?

7 Nèk niru contoné Yunus, awaké dhéwé ya isa tetep semangat meskipun ngadhepi akèh masalah. Misalé, Sedulur Minghao b ing Taiwan. Dhèwèké lara parah. Terus, dhèwèké ya dikasari keluargané merga nglayani Yéhuwah. Tapi, dhèwèké isa tetep kuwat merga ndonga lan pelajaran pribadi. Dhèwèké ngomong, ”Kadhang pas ana masalah, saking kuwatiré, aku nganti ora isa dadi tenang. Kuwi marakké aku ora isa pelajaran pribadi.” Tapi Minghao njaluk tulung karo Yéhuwah. Dhèwèké ngomong, ”Aku ndonga karo Yéhuwah. Terus, aku nganggo earphone lan ngrungokké lagu-lagu Kerajaan. Kadhang, aku ya mèlu nyanyi. Nèk wis tenang, aku lagi mulai sinau.”

8 Sing dipelajari Minghao kuwi isa marakké dhèwèké éntuk kekuwatan pas ana masalah. Misalé, pas pemulihan bar operasi gedhé, Minghao dikandhani perawat nèk dhèwèké kudu ditransfusi merga jumlah sèl darah mérahé mung sithik. Tapi, bengi sakdurungé operasi, Minghao maca pengalamané sedulur wédok sing ya dioperasi kaya dhèwèké. Malah, jumlah sèl darah mérahé sedulur kuwi luwih sithik timbang Minghao. Tapi, sedulur kuwi ora gelem ditransfusi lan isa mari. Pengalamané sedulur kuwi isa nguwatké Minghao.

9. Nèk pas lagi ana masalah nganti dadi ora semangat, apa sing isa diupayakké? (Deloken gambar kanggo paragraf 9.)

9 Pas ana masalah, apa saking kuwatiré, njenengan nganti ora isa crita karo Yéhuwah? Utawa, apa njenengan nganti ora nduwé tenaga kanggo pelajaran pribadi? Élinga nèk Yéhuwah ngerti tenan sing njenengan alami. Meskipun njenengan ndongané sederhana, Yéhuwah mesthi bakal ngekèki apa sing njenengan butuhké. (Éf. 3:20) Nèk lagi ora semangat kanggo maca Alkitab utawa pelajaran pribadi merga lara, kekeselen, utawa lagi sedhih banget, njenengan isa ngrungokké rekaman audio Alkitab utawa audio bacaan-bacaan saka organisasi. Njenengan ya isa nyetèl lagu utawa vidéo sing ana ing jw.org. Nèk ndonga karo Yéhuwah lan nggolèki jawabané ing Alkitab utawa publikasi saka organisasi, kuwi bukti nèk njenengan péngin dikuwatké Yéhuwah.

KUWAT MERGA SEDULUR SEIMAN

10. Sedulur-sedulur nguwatké awaké dhéwé kuwi carané apa waé?

10 Yéhuwah isa ngekèki awaké dhéwé kekuwatan liwat para sedulur seiman. Sedulur-sedulur isa ”menghibur” lan nyemangati pas awaké dhéwé lagi ana masalah utawa éntuk tugas sing abot. (Kol. 4:​10, 11) Awaké dhéwé butuh kanca terutama ”wektu ana kesusahan”. (WB. 17:17) Nèk pas awaké dhéwé lemah, sedulur-sedulur isa ngekèki bantuan sing dibutuhké, gelem ngrungokké, lan nguwatké bèn awaké dhéwé semangat nglayani Yéhuwah manèh. Ayo ndelok piyé Maria ibuné Yésus dikuwatké liyané.

11. Ngapa kok Maria butuh dikuwatké?

11 Bayangna piyé perasaané Maria pas dikandhani malaékat Gabrièl nèk dhèwèké bakal meteng padahal durung nikah. Maria mesthi bingung banget. Dhèwèké ya kudu nggedhèkké bayi sing bakalé dadi Mésias. Terus, Maria ya kudu njelaské karo Yusuf tunangané, nèk Maria meteng padahal meréka durung tau hubungan sèks. (Luk. 1:​26-33) Maria mesthi butuh dikuwatké.

12. Menurut Lukas 1:​39-45, piyé carané Maria dikuwatké?

12 Bèn isa éntuk kekuwatan kanggo ngrampungké tugasé sing abot kuwi, Maria nggolèk bantuan. Contoné, bèn ngerti luwih akèh soal tugasé, Maria takon karo malaékat Gabrièl. (Luk. 1:34) Bar kuwi, Maria lunga marani Èlisabèt, seduluré, sing omahé ”ing dhaérah pegunungan” ing Yéhuda. Ing kono, Èlisabèt muji Maria. Terus merga dituntun roh suciné Yéhuwah, Èlisabèt nyampèkké ramalan soal bayi ing wetengé Maria. (Wacanen Lukas 1:​39-45.) Maria ngomong nèk Yéhuwah wis ”nduduhké kuwasané sing hébat”. (Luk. 1:​46-51) Yéhuwah nguwatké Maria liwat Gabrièl lan Èlisabèt.

13. Apa hasilé merga Dasuri njaluk tulung karo sedulur-sedulur?

13 Kaya Maria, njenengan ya isa dikuwatké sedulur-sedulur seiman. Contoné, Sedulur Dasuri ing Bolivia. Pas bapaké lara parah lan kudu dirawat ing rumah sakit, Dasuri sing ngancani lan ngopèni bapaké. (1 Tim. 5:4) Kadhang-kadhang, dhèwèké dadi kewalahan. Dasuri ngomong, ”Aku kerep ngrasa nèk aku wis ora sanggup manèh.” Tapi meskipun ngono, Dasuri ora njaluk tulung sapa-sapa. Dhèwèké ngomong, ”Aku wegah ngrépoti sedulur-sedulur. Aku mikir, ’Mengko kan Yéhuwah sing nulungi aku.’ Tapi bar kuwi aku sadhar, nèk aku ora gelem njaluk tulung karo liyané, kuwi berarti masalahku arep tak rampungi dhéwé.” (WB. 18:1) Akhiré, Dasuri crita karo sedulur-sedulur. Dasuri ngomong, ”Aku terharu banget. Aku ngrasa dikuwatké sedulur-sedulur seiman. Meréka nggawakké panganan ing rumah sakit lan nyritakké ayat-ayat sing nguwatké. Aku ngrasa ora dhèwèkan merga nduwé sedulur-sedulur sing kaya keluarga. Meréka siap nulungi, gelem nangis bareng, lan terus nyemangati.”

14. Ngapa kok ora éntuk nolak bantuan saka para pinituwa?

14 Yéhuwah ya isa ngekèki kekuwatan liwat para pinituwa. Meréka kuwi kaya hadiah sing isa nguwatké lan nyemangati awaké dhéwé. (Yés. 32:​1, 2) Dadi, pas lagi ngrasa kuwatir, critakna kuwi karo para pinituwa. Nèk meréka mbantu, aja ditolak. Soalé, kuwi carané Yéhuwah nguwatké njenengan.

KUWAT MERGA HARAPAN ING MASA DEPAN

15. Awaké dhéwé nduwé harapan apa?

15 Janjiné Gusti Allah ing Alkitab isa marakké awaké dhéwé dadi kuwat. (Rm. 4:​3, 18-20) Ana sing harapané urip saklawasé ing swarga, terus ana sing harapané urip saklawasé ing Firdaus. Harapan kuwi luar biasa. Merga nduwé harapan kuwi, awaké dhéwé isa tetep setya meskipun ana masalah, semangat martakké kabar apik, lan semangat nglakoni tugas-tugas ing jemaat. (1 Tés. 1:3) Harapan kuwi ya wis nguwatké Rasul Paulus.

16. Ngapa kok Paulus butuh dikuwatké?

16 Paulus ngomong nèk dhèwèké kuwi kaya wadhah saka tanah liat sing gampang pecah. Pas perjalanan utusan injilé sing ketelu, Paulus nulis, ”Akèh masalah sing ngepung aku . . . Aku bingung . . . Aku dianiaya . . . Aku diantemi nganti tiba.” Malah beberapa kali, dhèwèké mèh waé mati. (2 Kor. 4:​8-10) Bar kuwi, Paulus ya isih kudu ngadhepi situasi sing berbahaya liyané. Dhèwèké dikeroyok, ditangkep, dipenjara, lan kapalé karam. Makané, Paulus butuh dikuwatké.

17. Menurut 2 Korintus 4:​16-18, Paulus isa dikuwatké merga apa?

17 Paulus éntuk kekuwatan manèh merga mikirké harapané. (Wacanen 2 Korintus 4:​16-18.) Dhèwèké ngomong, meskipun awaké ”saya suwé saya rusak”, dhèwèké ora putus asa. Paulus terus mikirké harapané ing swarga. Merga nganggep nèk harapan kuwi ”kemuliaan sing gedhé banget”, dhèwèké réla menderita bèn isa nampa janji kuwi. Merga terus mikirké harapan kuwi, Paulus ”saya dikuwatké saben dina”.

18. Merga nduwé harapan, Tihomir karo keluargané dadi piyé?

18 Sedulur Tihomir ing Bulgaria ya dikuwatké merga mikirké harapan. Beberapa taun sakdurungé, Stravko adhiné, mati merga kecelakaan. Kuwi marakké Tihomir dadi sedhih banget. Nah, bèn ora sedhih terus, Tihomir karo keluargané mbayangké mengko nèk Stravko wis diuripké manèh. Tihomir crita, ”Misalé, kami mbahas, mengko bakal ketemu ing endi? Stravko arep dimasakké apa? Sapa waé sing arep diundang ing pésta penyambutané? Terus, apa waé sing arep dicritakké soal akhir jaman sakwisé dhèwèké mati?” Merga terus mikirké harapan, Tihomir karo keluargané isa terus semangat lan sabar ngentèni wektuné Yéhuwah nguripké manèh Stravko.

Apa sing njenengan bayangké soal donya anyar? (Deloken paragraf 19) c

19. Piyé bèn njenengan tambah yakin karo harapan ing masa depan? (Deloken gambar kanggo paragraf 19.)

19 Piyé bèn njenengan tambah yakin karo harapan ing masa depan? Nèk njenengan harapané urip saklawasé ing bumi, njenengan isa maca lan ngrenungké keterangan ing Alkitab soal Firdaus. (Yés. 25:8; 32:​16-18) Bayangna nèk njenengan wis ing donya anyar. Ing kono, njenengan ketemu sapa? Krungu swara apa? Terus, piyé perasaané njenengan? Bèn luwih gampang mbayangkéné, deloken gambar-gambar Firdaus ing bacaan-bacaan saka organisasi. Utawa, tontonen vidéo musik, misalé Donya sing Anyar, Donya Anyar Wis Cedhak, lan Bayangna. Nèk terus mikirké harapan ing donya anyar, masalahé awaké dhéwé dadi krasa ”ora abot lan mung sedhéla”. (2 Kor. 4:17) Yéhuwah isa ngekèki njenengan kekuwatan liwat harapan.

20. Nèk pas lagi butuh dikuwatké, awaké dhéwé kudu piyé?

20 Nèk awaké dhéwé butuh dikuwatké, ’Gusti Allah bakal mènèhi kekuwatan’. (Mzm. 108:13) Yéhuwah wis ngekèki akèh persediaan sing isa nguwatké awaké dhéwé. Dadi, nèk pas lagi éntuk tugas sing abot, ngadhepi akèh masalah, utawa lagi ora semangat, njenengan isa ndonga karo Yéhuwah lan pelajaran pribadi. Aja nolak bantuan saka para sedulur. Terus, ya kudu kerep mikirké harapan ing masa depan. Hasilé, ’Gusti Allah bakal nggunakké kekuwatané sing mulya kanggo nguwatké njenengan. Dadi, njenengan isa terus sabar lan bahagia wektu ngadhepi apa waé.’—Kol. 1:11.

LAGU 33 Pasrahna Kuwatirmu karo Yéhuwah

a Awaké dhéwé isa waé ngadhepi tantangan utawa éntuk tugas sing abot. Ing artikel iki bakal dibahas piyé Yéhuwah isa nguwatké lan kudu piyé bèn isa dikuwatké Yéhuwah.

b Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.

c GAMBAR: Sedulur sing tunarungu mbayangké janji ing Alkitab. Dhèwèké nonton vidéo musik bèn isa mbayangké piyé uripé ing donya anyar.