Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 44

Mempelajari Kabèh Isiné Alkitab

Mempelajari Kabèh Isiné Alkitab

”Kowé isa ngerti tenan sepira ambané, dawané, dhuwuré, lan jeroné ajaran sing bener.”—ÉF. 3:18.

LAGU 95 Dalan sing Bener Saya Padhang

ISINÉ ARTIKEL IKI a

1-2. Piyé carané bèn isa ngerti tenan kabèh isiné Alkitab? Kèkana perumpamaan.

 BAYANGNA nèk njenengan arep tuku omah. Nèk lagi ndelok fotoné thok, apa arep langsung dituku? Ora. Njenengan mesthi péngin ndelok langsung omahé kuwi. Njenengan mungkin ya arep ngubengi sik, terus ndeloki saben ruangané, ngecèki kabèh bagéan-bagéané. Bahkan mungkin njenengan ya péngin ngerti rancangan awal bangunan kuwi. Sing pasti, sakdurungé tuku, njenengan mesthi péngin ngerti kabèh soal omah kuwi.

2 Maca lan mempelajari Alkitab ya kaya ngono. Ana ahli Alkitab sing ngomong nèk Alkitab kuwi kaya ”bangunan sing gedhé banget lan pondhasiné jero”. Dadi, piyé bèn isa ngerti tenan kabèh isiné Alkitab? Nèk macané mung sekilas, awaké dhéwé mung ngerti ajaran dhasaré thok. (Ibr. 5:12) Kaya perumpamaan omah mau, njenengan ya kudu ”mlebu” bèn ngerti njero-njeroné. Coba golèkana hubungané ayat sing siji karo ayat sing liyané. Terus ya kudu paham, ora mung ajarané apa, tapi ya ngapa kok kuwi isa dipercaya.

3. Rasul Paulus ngekèki naséhat apa lan kuwi bèn ngapa? (Éfésus 3:​14-19)

3 Bèn isa ngerti maksudé kabèh ayat ing Alkitab, aja mung sinau sing gampang-gampang thok. Rasul Paulus ngekèki naséhat sedulur-sedulur wektu kuwi bèn padha rajin mempelajari Alkitab bèn ”isa ngerti tenan sepira ambané, dawané, dhuwuré, lan jeroné ajaran sing bener”. Hasilé, imané meréka isa ”tetep kuwat lan kokoh”. (Wacanen Éfésus 3:​14-19.) Awaké dhéwé ya kudu kaya ngono. Ayo ngrembug piyé carané mempelajari Alkitab bèn ngerti tenan isiné.

MEMPELAJARI ”PENGETAHUAN SING JERO”

4. Bèn isa tambah akrab karo Yéhuwah kudu piyé? Kèkana conto.

4 Awaké dhéwé ora péngin nèk mung ngerti ajaran dhasar ing Alkitab. Tapi, awaké dhéwé ya péngin ngerti ”pengetahuan sing jero soal Gusti Allah” nganggo bantuané roh suci. (1 Kor. 2:​9, 10) Njenengan isa sinau luwih akèh soal hal-hal sing isa marakké tambah akrab karo Yéhuwah. Misalé, apa buktiné nèk Yéhuwah sayang karo umaté jaman mbiyèn lan sayang karo njenengan. Terus, ya isa mempelajari pengaturané Yéhuwah soal ibadah kanggo bangsa Israèl mbiyèn lan kanggo awaké dhéwé saiki. Utawa, sinau luwih akèh ramalan-ramalan soal Mésias sing wis kelakon.

5. Topik Alkitab apa sing péngin njenengan pelajari luwih akèh?

5 Ana sedulur-sedulur sing seneng pelajaran pribadi ditakoni péngin sinau luwih akèh soal topik apa ing Alkitab. Beberapa jawabané disebutké ing kothak ” Topik kanggo Pelajaran Pribadi”. Kanggo mempelajari topik-topik kuwi, njenengan isa nganggo Indeks Publikasi Menara Pengawal utawa Panduan Riset kanggo Seksi-Seksi Yéhuwah. Nèk pelajaran pribadiné ora mung sing gampang-gampang thok, mengko imané njenengan bakal dadi tambah kuwat lan bakal ”éntuk pengetahuan soal Gusti Allah”. (WB. 2:​4, 5) Saiki, ayo ngrembug beberapa ajaran ing Alkitab sing isa dipelajari luwih tenanan manèh.

NGRENUNGKÉ TUJUANÉ GUSTI ALLAH

6. (a) Apa bédané rencana karo tujuan? (b) Apa maksudé tujuan utawa sing dikarepké Yéhuwah kuwi ”ana saklawasé”?

6 Misalé, soal tujuan utawa sing dikarepké Gusti Allah. Ayo ngrembug sik bédané rencana karo tujuan. Rencana kuwi isa diumpamakké kaya dalan sing wis ditentokké arep diliwati bèn tekan ing tujuan. Nèk ngerti-ngerti pas perjalanan ana halangan, rencana isa waé gagal. Tapi nèk tujuan isa diumpamakké kaya panggonan sing arep dituju kuwi. Dadi, arep liwat dalan endi waé ora masalah. Sing penting isa tekan ing panggonan sing dituju kuwi. Ing Alkitab disebutké nèk tujuané Yéhuwah kuwi ”ana saklawasé”. (Éf. 3:11) Apa maksudé? Tujuan utawa sing dikarepké Yéhuwah ”ana saklawasé” merga kuwi mesthi bakal berhasil. Yéhuwah isa ”nggunakké apa waé bèn tujuané kelakon”. (WB. 16:4) Sakliyané kuwi, hasil saka tujuané Yéhuwah ya bakal terus ana nganti saklawasé. Lha terus, tujuané Yéhuwah kuwi apa? Bèn kuwi isa tetep kelakon, Yéhuwah ngapa waé?

7. Sakwisé Adam karo Hawa mbrontak, Yéhuwah piyé bèn tujuané kelakon? (Matius 25:34)

7 Gusti Allah ngongkon Adam lan Hawa, ”Kowé kudu nduwé anak akèh. Kowé kudu ngebaki lan nguwasani bumi. Kowé ya kudu nguwasani . . . kabèh kéwan sing urip ing bumi.” Kuwi tujuané Gusti Allah. (PD. 1:28) Pas Adam karo Hawa mbrontak, manungsa akhiré dadi dosa. Tapi, tujuané Gusti Allah tetep bakal kelakon nganggo cara liya. Yéhuwah langsung ngatur bèn ana kerajaan ing swarga sing isa nggawé bèn tujuané kanggo manungsa lan bumi isa kelakon. (Wacanen Matius 25:34.) Terus pas tekan wektuné, Yéhuwah ngongkon anaké teka ing bumi bèn ngandhani wong-wong soal Kerajaan kuwi. Yésus ya dikon mati dadi tebusan bèn manungsa ora dosa manèh. Nah bar Yésus diuripké manèh, dhèwèké munggah swarga, terus dadi Raja Kerajaané Gusti Allah. Tapi isih ana akèh manèh sing isa dipelajari soal tujuané Gusti Allah.

Bayangna sukmbèn pas kabèh malaékat ing swarga lan umaté Yéhuwah ing bumi bersatu nglayani Yéhuwah (Deloken paragraf 8)

8. (a) Berita ing Alkitab kuwi intiné soal apa? (b) Kaya sing disebutké ing Éfésus 1:​8-11, apa manèh tujuané Yéhuwah? (Deloken gambar ing halaman 1.)

8 Berita ing Alkitab kuwi intiné soal Kerajaané Gusti Allah sing dipréntah Yésus. Liwat Kerajaan kuwi, jenengé Yéhuwah bakal disucèkké lan tujuané kanggo bumi ya bakal kelakon. Tujuané Yéhuwah ora bakal berubah. Dhèwèké ya njamin nèk kuwi mesthi bakal berhasil. (Yés. 46:​10, 11; Ibr. 6:​17, 18) Bumi bakal dadi Firdaus. Terus keturunané Adam lan Hawa bakal dadi sampurna lan ”urip saklawasé” ing kana. (Mzm. 22:26) Tapi, tujuané Gusti Allah ora mung kuwi. Dhèwèké péngin bèn para malaékat ing swarga lan umaté ing bumi isa bersatu. Terus, meréka bakal setya nglayani Yéhuwah sing dadi penguasané. (Wacanen Éfésus 1:​8-11.) Carané Yéhuwah bèn tujuané kelakon kuwi luar biasa.

NGRENUNGKÉ MASA DEPAN

9. Peristiwa-peristiwa apa waé sing kelakon sesuai Purwaning Dumadi 3:15?

9 Nèk nggatèkké ramalané Yéhuwah sing disebutké ing Purwaning Dumadi 3:​15, awaké dhéwé isa ngerti soal masa depan. b Ing ramalan kuwi disebutké peristiwa-peristiwa sing bakal kelakon éwonan taun bar kuwi, bèn tujuané Yéhuwah kelakon. Misalé, Gusti Allah ngandhani Abraham nèk mengko ana keturunané sing dadi Mésias utawa Kristus. (PD. 22:​15-18) Terus taun 33 M kaya sing diramalké, tungkaké Yésus diremuk. (Kis. 3:​13-15) Ing akhir ramalan kuwi disebutké nèk endhasé Sétan bakal diremuk. Kuwi kelakoné sukmbèn, luwih saka 1.000 taun manèh. (Why. 20:​7-10) Permusuhan antara ula lan keturunané karo wong wédok lan keturunané kuwi bakal berakhir. Tapi, sakdurungé kuwi ana peristiwa-peristiwa apa? Kuwi dijelaské ing Alkitab.

10. (a) Peristiwa-peristiwa apa waé sing bakal kelakon? (b) Piyé carané bèn isa siap ngadhepi peristiwa-peristiwa kuwi? (Deloken cathetan ngisor.)

10 Ing Alkitab wis diramalké peristiwa-peristiwa luar biasa sing bakal kelakon. Sing pertama, bangsa-bangsa bakal ngumumké ”tentrem lan aman”. (1 Tés. 5:​2, 3) Bar kuwi, ”ujug-ujug” ana sengsara gedhé. Kuwi dimulai pas bangsa-bangsa nyerang agama palsu. (Why. 17:16) Terus, awaké dhéwé mungkin ya bakal ”ndelok Anaké manungsa teka nganggo méga-méga langit lan nganggo kuwasa lan kemuliaan”. (Mat. 24:30) Yésus bakal ngadili manungsa kaya misahké domba karo kambing. (Mat. 25:​31-33, 46) Sétan ora trima. Dhèwèké ngamuk banget. Mulané, Sétan ngojok-ojoki Gog saka tanah Magog utawa gabungan bangsa-bangsa bèn nyerang umaté Yéhuwah. (Yèh. 38:​2, 10, 11) Pas kuwi, wong-wong pilihan sing isih ing bumi bakal munggah swarga. Meréka bakal gabung karo Yésus lan pasukané lan mèlu perang Armagédon. Peristiwa kuwi bakal dadi akhir saka sengsara gedhé. c (Mat. 24:31; Why. 16:​14, 16) Bar kuwi, Yésus bakal mréntah bumi 1.000 taun.—Why. 20:6.   

Bayangna piyé hubungané njenengan karo Yéhuwah sakwisé sinau soal Dhèwèké selama milyaran taun (Deloken paragraf 11)

11. Pas wis urip saklawasé njenengan isa ngapa waé? (Deloken gambar kanggo paragraf 11.)

11 Bayangna piyé uripé awaké dhéwé sakwisé pamréntahan 1.000 tauné Yésus kuwi. Ing Alkitab disebutké nèk pas nyiptakké awaké dhéwé, Yéhuwah ”mènèhi wektu sing ora ana akhiré ing atiné manungsa”. (Pkh. 3:11) Mengko, hubungané awaké dhéwé karo Yéhuwah dadi piyé? Ing buku Mendekatlah kepada Yehuwa halaman 319 disebutké, ”Sakwisé urip nganti atusan, éwonan, jutaan, malah milyaran taun, awaké dhéwé bakal luwih kenal karo Yéhuwah timbang saiki. Tapi, isih ana akèh manèh sing isa dipelajari soal Yéhuwah. . . . Urip saklawasé bakal nyenengké banget lan ora mboseni. Sing paling penting awaké dhéwé isa luwih akrab karo Yéhuwah.” Terus, apa manèh sing isa dipelajari luwih akèh saka Alkitab?

NGRENUNGKÉ SOAL SWARGA

12. Saka endi awaké dhéwé isa ngerti soal swarga? Kèkana conto.

12 Ing Alkitab ana keterangan sekilas soal kemuliaané Yéhuwah ”ing panggonan sing dhuwur”. (Yés. 33:5) Ing Alkitab ya diceritakké hal-hal sing luar biasa soal Yéhuwah lan organisasiné ing swarga. (Yés. 6:​1-4; Dan. 7:​9, 10; Why. 4:​1-6) Contoné, sing didelok Yèhèzkièl pas ”langit kebukak lan [dhèwèké] mulai éntuk wahyu saka Gusti Allah.”—Yèh. 1:1.   

13. Nèk mikirké perané Yésus kaya sing dijelaské ing Ibrani 4:​14-16, piyé perasaané njenengan?

13 Terus, gatèkna perané Yésus ing swarga. Dhèwèké dadi Raja lan Imam Agung sing gampang mesakké. Merga Yésus, awaké dhéwé isa ”nyedhaki takhtané Gusti Allah sing apikan banget” liwat donga. Pas ndonga, awaké dhéwé isa njaluk bèn dimesakké lan dibantu Gusti Allah ”ing wektu sing pas”. (Wacanen Ibrani 4:​14-16.) Kèt mbiyèn nganti saiki, Yéhuwah karo Yésus wis terus mbuktèkké nèk sayang karo awaké dhéwé. Nèk saben dina ngrenungké kuwi awaké dhéwé bakal tambah sayang karo meréka lan tambah semangat nglayani Yéhuwah.—2 Kor. 5:​14, 15.

Bayangna piyé bahagiané njenengan isa ing donya anyar bareng karo wong-wong sing njenengan bantu dadi Seksi Yéhuwah lan muridé Yésus (Deloken paragraf 14)

14. Cara sing paling apik kanggo mbuktèkké nèk bersyukur karo Yéhuwah lan Yésus kuwi apa? (Deloken gambar kanggo paragraf 14.)

14 Cara sing paling apik kanggo mbuktèkké nèk bersyukur karo Yéhuwah lan Yésus yaiku mbantu wong liya bèn dadi Seksi Yéhuwah lan dadi muridé Yésus. (Mat. 28:​19, 20) Paulus ngerti nèk Yéhuwah ”péngin bèn kabèh wong dislametké lan nduwé pengetahuan sing bener soal apa sing bener”. (1 Tim. 2:​3, 4) Makané kanggo mbuktèkké nèk bersyukur, dhèwèké rajin nginjil lan mbantu sak akèh-akèhé wong. Paulus ’nindakké apa waé bèn ana sing isa dislametké’.—1 Kor. 9:​22, 23.

SENENG MEMPELAJARI OMONGANÉ GUSTI ALLAH

15. Menurut Mazmur 1:​2, apa sing marakké awaké dhéwé bahagia?

15 Sing nulis Mazmur ngomong nèk wong sing bahagia kuwi sing ”seneng karo hukumé Yéhuwah” lan ”mikirké tenanan hukum kuwi awan lan bengi”. (Mzm. 1:​1-3.) Ana penerjemah Alkitab sing ngomong, ”Bèn wong gelem berupaya nggolèki, mempelajari, lan ngrenungké omongané Yéhuwah, dhèwèké kudu bener-bener seneng karo omongané Yéhuwah”. Penerjemah kuwi ya ngomong, ”Nèk sedina waé ora maca Alkitab, wektuné sedina kuwi dadi sia-sia”. Bèn seneng mempelajari Alkitab, njenengan isa nggatèkké saben rinciané lan ndelok piyé rincian-rincian kuwi saling berhubungan.

16. Apa sing bakal dibahas ing artikel berikuté?

16 Meskipun kétoké angèl, ajaran-ajaran ing Alkitab kuwi sakjané isa dipahami. Ing artikel berikuté awaké dhéwé bakal mbahas bait rohaniné Yéhuwah sing disebutké Paulus ing suraté kanggo wong Kristen ing Ibrani. Muga-muga njenengan menikmati pelajarané.

LAGU 94 Maturnuwun kanggo Kitab Suci

a Sinau Alkitab kuwi nyenengké banget lan marakké awaké dhéwé bahagia saklawasé. Awaké dhéwé ya isa dadi tambah akrab karo Yéhuwah. Ing artikel iki bakal dibahas piyé carané bèn isa ngerti tenan ”sepira ambané, dawané, dhuwuré, lan jeroné” ajaran ing Alkitab.

b Deloken artikel ”Sinau saka Ramalan soal Ula lan Keturunané Wong Wédok” ing Warta Penting Juli 2022.

c Bèn isa siap ngadhepi peristiwa-peristiwa sing sedhéla manèh bakal kelakon, wacanen buku Kratoné Allah Wis Mréntah! halaman 230.