Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 45

Menghargai Kesempatan Istiméwa Isa Nyembah Yéhuwah ing Bait Rohani

Menghargai Kesempatan Istiméwa Isa Nyembah Yéhuwah ing Bait Rohani

”Kowé kudu nyembah Gusti Allah sing nyiptakké langit [lan] bumi.”—WHY. 14:7.

LAGU 93 Tulung Berkahi Ibadahku

ISINÉ ARTIKEL IKI a

1. Malaékat ngomong apa lan kuwi berarti apa?

 ANA malaékat sing ngomong ”marang kabèh wong ing bumi, kabèh suku, golongan, basa, lan bangsa”. Dhèwèké ngomong, ”Kowé kudu wedi marang Gusti Allah lan ngluhurké Dhèwèké . . . Kowé kudu nyembah Gusti Allah sing nyiptakké langit [lan] bumi.” (Why. 14:​6, 7) Mung Yéhuwah Gusti Allah sing kudu disembah. Kuwi berarti awaké dhéwé éntuk kesempatan sing istiméwa merga isa nyembah Yéhuwah ing bait rohaniné.

2. Bait rohaniné Yéhuwah kuwi apa? (Deloken kothak ” Bait Rohani Kuwi Dudu . . . ”)

2 Bait rohani kuwi apa? Bait rohani kuwi dudu bangunan tenan. Kuwi pengaturané Yéhuwah soal ngibadah sing dhasaré korban tebusané Yésus. Bèn isa ngerti luwih akèh soal perinciané, isa ndelok saka suraté Paulus kanggo wong Kristen Ibrani sing manggon ing Yudéa. b

3-4. Ngapa Paulus nulis surat kanggo wong Kristen Ibrani ing Yudéa, terus Paulus njelaské apa?

3 Ngapa Rasul Paulus nulis surat kanggo wong Kristen Ibrani ing Yudéa? Alesané ana loro. Sing pertama, kanggo nguwatké meréka. Sakdurungé dadi Kristen, meréka akèh-akèhé agamané Yahudi. Para pemimpin agama Yahudi padha ngécé. Soalé wong Kristen ora nduwé bait sing megah kanggo ngibadah, mézbah kanggo nggawé persembahan, lan imam sing nglayani. Kuwi isa marakké wong-wong Kristen wektu kuwi dadi cilik ati. (Ibr. 2:1; 3:​12, 14) Malah mungkin ana sing dadi péngin bali ing agama Yahudi.

4 Sing keloro, Paulus péngin ngandhani wong Kristen Ibrani kuwi merga meréka ora berupaya mempelajari ajaran-ajaran ing Alkitab sing dipadhakké kaya ”panganan sing atos”. (Ibr. 5:​11-14) Kétoké, ana sing isih manut karo Hukum Musa. Paulus njelaské nèk korban-korban sing diwajibké Hukum Musa kuwi ora isa bener-bener ngampuni dosa. Makané, Hukum Musa ’wis dibusak’. Nah bar kuwi, Paulus ngekèki penjelasan sing luwih akèh manèh soal ”harapan sing luwih apik” sing dhasaré saka tebusané Yésus. Harapan kuwi sing marakké meréka isa ”nyedhak marang Gusti Allah”.—Ibr. 7:​18, 19.

5. Ing buku Ibrani ana keterangan apa, lan ngapa kok kuwi kudu dipelajari?

5 Paulus njelaské nèk cara ngibadahé wong Ibrani sakwisé dadi Kristen kuwi luwih unggul timbang pas agamané isih Yahudi. Cara ibadahé agama Yahudi kuwi ”mung bayangan saka apa sing bakal teka, ning wujud sing nyata kuwi Kristus”. (Kol. 2:17) Kaya bayangan wong, kuwi dudu wongé tenan. Nah, cara ngibadahé wong Yahudi kuwi ya mung bayangan saka pengaturané Yéhuwah soal ngibadah sing luwih apik. Ing buku Ibrani dijelaské soal pengaturan iki. Merga ana pengaturan iki, dosa-dosané awaké dhéwé isa diampuni lan awaké dhéwé isa ngibadah nganggo cara sing sesuai karo karepé Gusti Allah. Ayo mbandhingké ”bayangan” (cara ngibadahé wong Yahudi) karo ”sing nyata” (cara ngibadahé wong Kristen) sing dijelaské ing buku Ibrani. Hasilé, mengko dadi isa ngerti maksudé bait rohani lan apa hubungané karo awaké dhéwé.

TABERNAKEL

6. Tabernakel kuwi dienggo apa?

6 ”Bayangan”. Bait rohani sing dibahas Paulus kuwi dhasaré saka tabernakel ing jamané Musa sing digawé taun 1512 SM. (Deloken tabèl ”’Bayangan’ lan ’Sing Nyata’”.) Tabernakel kuwi kaya kémah sing isa dibongkar pasang. Nèk wong Israèl arep pindhah, tabernakel kuwi isa digawa-gawa. Kuwi ya disebut ”kémah pertemuan”. Tabernakel kuwi dienggo bangsa Israèl ngibadah lan ngekèki korban persembahan. Tabernakel kuwi dienggo selama 500 taun nganti meréka nduwé bait ing Yérusalèm. (Pa. 25:​8, 9; 29:​43-46; Wi. 9:22) Tapi, sakjané tabernakel kuwi nggambarké sesuatu sing luwih apik kanggo umaté Yéhuwah saiki.

7. Bait rohani kuwi mulai ana kèt kapan?

7 ”Sing nyata”. Tabernakel ing jaman Israèl kuwi ”bayangan saka apa waé sing ana ing swarga”. Kuwi nggambarké bait rohaniné Yéhuwah sing agung. Paulus ngomong nèk ”kémah [utawa, tabernakel] kuwi dadi gambaran kanggo jaman saiki”. (Ibr. 8:5; 9:9) Bait rohani mulai ana kèt taun 29 M. Pas taun kuwi, Yésus dibaptis, dilantik roh suci, lan mulai dadi ’imam agungé’ Yéhuwah ing bait rohani. Dadi pas Paulus nulis surat kanggo wong Ibrani, bait rohani kuwi wis ana. cIbr. 4:14; Kis. 10:​37, 38.

IMAM AGUNG

8-9. Menurut Ibrani 7:​23-27, apa bédané imam agungé wong Israèl lan Imam Agung Yésus Kristus?

8 ”Bayangan”. Mbiyèn, imam agung kuwi tugasé dadi wakilé wong Israèl pas ngibadah. Imam agung sing pertama kuwi Harun. Dhèwèké dilantik Yéhuwah wektu tabernakel diresmèkké. Tapi Paulus ngomong, ”Nèk imam mati, dhèwèké ora isa neruské tugasé, lan akhiré wong liya kudu nggantèni imam kuwi lan neruské tugasé.” d (Wacanen Ibrani 7:​23-27.) Terus, merga ora sampurna, imam agung ya kudu ngekèki persembahan dienggo dosané dhéwé. Nah, apa bédané karo Imam Agung Yésus Kristus?

9 ”Sing nyata”. Imam Agungé awaké dhéwé, Yésus Kristus, ”dadi abdi . . . ing kémah sing sejati sing dibangun Yéhuwah, dudu manungsa”. (Ibr. 8:​1, 2) Paulus njelaské, ”Merga Yésus terus urip saklawasé, tugasé dadi imam ora bakal diganti karo wong liya.” Paulus ya ngomong nèk Yésus ”ora najis [lan] ora kaya wong-wong sing dosa”. Yésus ya ”ora perlu mènèhi korban saben dina kanggo dosané dhéwé”. Saiki, ayo ngrembug keterangan luwih akèh soal mézbah lan korban persembahan lan maknané kanggo jaman saiki.

MÉZBAH LAN KORBAN PERSEMBAHAN

10. Korban-korban ing mézbah saka tembaga kuwi gambaran saka apa?

10 ”Bayangan”. Ing njaba tabernakel, ana mézbah persembahan korban saka tembaga. (Pa. 27:​1, 2; 40:29) Tapi, korban kéwan-kéwan sing dipersembahké ing kono ora isa nggawé manungsa bener-bener diampuni dosané. (Ibr. 10:​1-4) Korban kéwan sing terus-terusan dipersembahké kuwi mung gambaran saka siji korban sing isa bener-bener ngampuni dosané manungsa.

11. Yésus dikorbanké ing mézbah. Mézbahé kuwi nggambarké apa? (Ibrani 10:​5-7, 10)

11 ”Sing nyata”. Yésus ngerti nèk Yéhuwah ngongkon dhèwèké ing bumi kanggo mati bèn isa nebus manungsa. (Mat. 20:28) Dadi pas Yésus dibaptis, kuwi bukti nèk dhèwèké gelem manut karepé Bapaké. (Yoh. 6:38; Gal. 1:4) Mézbah kuwi nggambarké ”kepénginané” Gusti Allah. Yéhuwah péngin anaké dadi tebusan. Dadi wektu Yésus ngekèkké uripé sing sampurna dadi korban, kuwi padha kaya dhèwèké dipersembahké ing mézbah ”ping pisan kanggo saklawasé”. Hasilé, wong-wong sing percaya karo Yésus isa bener-bener diampuni dosané. (Wacanen Ibrani 10:​5-7, 10.) Saiki, ayo mbahas apa waé sing ana ing njero tabernakel.

RUANG SUCI LAN RUANG MAHASUCI

12. Sapa waé sing éntuk mlebu ing Ruang Suci lan Ruang Mahasuci?

12 ”Bayangan”. Tabernakel karo bait-bait ing Yérusalèm kuwi rancangané padha. Ing njeroné ana loro ruangan, yaiku ”Ruang Suci” lan ”Ruang Mahasuci”. Loro ruangan kuwi dipisahké nganggo kordhèn. (Ibr. 9:​2-5; Pa. 26:​31-33) Ing njero Ruang Suci ana wadhah lampu saka emas, mézbah kanggo ngobong dupa, lan méja roti persembahan. Mung wong-wong sing ”wis dilantik lan diangkat kanggo nglayani dadi imam” sing éntuk mlebu ing Ruang Suci kanggo ”nindakké tugas dadi imam”. (Wi. 3:​3, 7, 10) Ing Ruang Mahasuci ana pethi perjanjian sing dilapisi emas. Kuwi nggambarké nèk Yéhuwah ana ing kono. (Pa. 25:​21, 22) Mung imam agung sing éntuk mlebu Ruang Mahasuci setaun pisan pas Dina Mènèhké Korban kanggo Ngapura Dosa. (Km. 16:​2, 17) Saben taun, dhèwèké mlebu karo nggawa getih kéwan sing dipersembahké kanggo dosané dhéwé lan dosané bangsa Israèl. Sing ana ing njero tabernakel kuwi nggambarké apa? Liwat roh suciné, Yéhuwah ngekèki keterangan sing luwih jelas.—Ibr. 9:​6-8. e

13. Ruang Suci lan Ruang Mahasuci ing tabernakel kuwi nggambarké apa?

13 ”Sing nyata”. Ing antarané murid-muridé Yésus ana sing wis dipilih nganggo roh suci lan nduwé hubungan sing istiméwa karo Yéhuwah. Jumlahé 144.000. Meréka bakal nglayani dadi imam ing swarga bareng karo Yésus. (Why. 1:6; 14:1) Pas meréka isih ing bumi, Gusti Allah ngangkat meréka dadi anaké. Nah, Ruang Suci ing tabernakel nggambarké hubungan istiméwa kuwi. (Rm. 8:​15-17) Ruang Mahasuci ing tabernakel nggambarké swarga, panggonané Yéhuwah. ”Kordhèn” sing misahké Ruang Suci karo Ruang Mahasuci nggambarké badané Yésus. Pas Yésus isih dadi manungsa, dhèwèké ora isa mlebu swarga dadi imam agung ing bait rohani. Bar Yésus mati, dhèwèké mbukak dalan bèn wong-wong sing wis dipilih roh suci mau isa munggah swarga. Wong-wong sing wis dipilih kuwi ya ora isa munggah swarga nèk isih nganggo badan manungsané. (Ibr. 10:​19, 20; 1 Kor. 15:50) Bar diuripké manèh, Yésus mlebu Ruang Mahasuci ing bait rohani. Bar kuwi, wong-wong sing wis dipilih roh suci ya mlebu mrono.

14. Menurut Ibrani 9:​12, 24-26, ngapa kok pengaturan soal bait rohani luwih apik timbang pengaturan ibadahé wong Israèl mbiyèn?

14 Saka sing wis dipelajari, jelas nèk pengaturané Yéhuwah soal ngibadah sing saiki luwih apik timbang wong Israèl mbiyèn. Soalé, pengaturan kuwi dhasaré saka korban tebusané Yésus, terus sing dadi imam agung ya Yésus Kristus. Imam agung Israèl mbiyèn mlebu Ruang Mahasuci karo nggawa getih kéwan. Tapi nèk Yésus ”mlebu menyang swarga”, panggonan sing paling suci, kanggo ngadhep Yéhuwah. Ing swarga, Yésus ngekèkké uripé sing sampurna kanggo nebus keturunané Adam. (Wacanen Ibrani 9:​12, 24-26.) Tebusané Yésus kuwi isa nggawé manungsa bener-bener diampuni dosané. Bar iki bakal dibahas nèk kabèh isa nyembah Yéhuwah ing bait rohaniné, ora soal nduwé harapan urip ing swarga utawa ing bumi.

HALAMAN NJERO LAN HALAMAN NJABA

15. Sapa sing nduwé tugas kanggo nglayani ing halaman tabernakel?

15 ”Bayangan”. Ing tabernakel ana halaman ing aréa terbuka sing luas lan dipageri. Sing nduwé tugas kanggo nglayani ing halaman kuwi para imam. Ing kono ana mézbah persembahan bakaran saka tembaga. Terus ya ana baskom saka tembaga sing dienggo wisuh para imam sakdurungé bertugas. (Pa. 30:​17-20; 40:​6-8) Tapi, ing bait-bait sing dibangun bar kuwi ya ana halaman njabané. Wong sing dudu imam ngibadah lan nglayani Yéhuwah ing kono.

16. Sapa sing nglayani ing halaman njero lan halaman njaba bait rohani?

16 ”Sing nyata”. Sakdurungé munggah swarga kanggo dadi imam karo Yésus, wong-wong sing wis dilantik sing isih ing bumi nglayaniné ing halaman njero bait rohani. Baskom gedhé isi banyu kuwi dadi pengingat kanggo kabèh umaté Yéhuwah bèn pikiran lan tingkah lakuné bener lan ibadahé tetep murni. Ana wong-wong sing setya sing ndhukung wong-wong sing wis dilantik kuwi, yaiku ”kumpulan gedhé”. Menurut Rasul Yohanes, meréka ”ngadeg ing ngarepé takhta” lan ”nindakké tugas suci awan lan bengi ing baité Gusti Allah”. Meréka nglayaniné ing halaman njaba, sing maksudé ing bumi. (Why. 7:​9, 13-15) Awaké dhéwé mesthi bersyukur banget merga nduwé kesempatan istiméwa isa nglayani Yéhuwah ing bait rohaniné sing agung.

KESEMPATAN ISTIMÉWA NYEMBAH YÉHUWAH

17. Awaké dhéwé nduwé kesempatan istiméwa apa?

17 Saiki, awaké dhéwé nduwé kesempatan istiméwa ngekèki korban kanggo Yéhuwah. Carané gelem ngorbanké wektu, tenaga, lan dhuwit kanggo ngutamakké Kerajaané Gusti Allah. Kaya omongané Paulus kanggo wong Kristen Ibrani, awaké dhéwé isa ”terus mènèhké korban pujian marang Gusti Allah liwat Yésus, yaiku nggunakké lambéné awaké dhéwé kanggo martakké jenengé”. (Ibr. 13:15) Buktiné nèk bersyukur merga dikèki kesempatan istiméwa kuwi ya kudu ngupayakké sing paling apik.

18. Menurut Ibrani 10:​22-25, nèk nyembah Yéhuwah kuwi kudu ngapa waé lan apa sing kudu terus diéling-éling?

18 Wacanen Ibrani 10:​22-25. Ing bagéan penutup suraté kanggo wong Ibrani, Paulus nyebutké nèk nyembah Yéhuwah kuwi kudu ngapa waé. Awaké dhéwé kudu ndonga, nyritakké soal harapan masa depan, ngumpul kanggo ngibadah, lan saling nguwatké. Awaké dhéwé kudu ”luwih tenanan nindakké kabèh kuwi, merga dinané Gusti Allah wis saya cedhak”. Ing bagéan penutup buku Wahyu, malaékaté Yéhuwah ngomong, ”Sembahen Gusti Allah.” Dhèwèké ngomong kuwi nganti ping pindho kanggo nandheské nèk kuwi penting. (Why. 19:10; 22:9) Muga-muga awaké dhéwé terus kèlingan pelajaran soal bait rohaniné Yéhuwah sing agung lan menghargai kesempatan istiméwa isa nyembah Yéhuwah.

LAGU 88 Ajari Aku Préntah-Mu

a Salah siji ajaran ing Alkitab sing isa dipelajari luwih akèh kuwi soal bait rohaniné Yéhuwah sing agung. Bait rohani kuwi apa? Ing artikel iki bakal dibahas rinciané bait kuwi sing disebutké ing buku Ibrani. Muga-muga bar pembahasan iki, njenengan isa tambah bersyukur merga ngerti nèk nyembah Yéhuwah kuwi kesempatan sing istiméwa.

b Bèn isa ngerti isiné buku Ibrani, deloken vidéo Katrangan Buku Ibrani ing jw.org.

c Ing Kitab-Kitab Yunani Kristen, mung buku Ibrani sing nyebutké nèk Yésus kuwi Imam Agung.

d Ana keterangan sing nyebutké nèk sakdurungé bait Yérusalèm dihancurké taun 70 M, kétoké ana 84 sing tau dadi imam agung ing Israèl.

e Sing dilakoni imam agung pas Dina Mènèhké Korban kanggo Ngapura Dosa kuwi nggambarké apa? Deloken vidéo Kemah Tabernakel ing jw.org/id.

g Deloken kothak ”Bagaimana Roh Menyingkapkan Makna Bait Rohani” ing Menara Pengawal 15 Juli 2010, halaman 22.