Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Cobanen Iki

Cobanen Iki

Piyé Carané Bèn Isa Ngerti Keterangan sing Paling Anyar?

Ing jaman saiki, Yéhuwah nggawé bèn pemahamané awaké dhéwé soal Alkitab saya suwé saya jelas. (Dan. 12:4) Tapi, mungkin bèn isa paham keterangan sing paling anyar kuwi ora gampang. Nah, bèn isa ngerti keterangan sing paling anyar lan penjelasané kuwi nggolèkiné ing endi?

Indeks Publikasi Menara Pengawal. Bukaken bagéan ”Pengertian yang Diperjelas”. Ing kono ana daftar topik sing wis diurutké tauné. Utawa, nèk ing Watchtower Library utawa PERPUSTAKAAN ONLINE Menara Pengawal ketiken ”pengertian yang diperjelas” (nganggo tandha kutip) ing kothak pencarian.

Panduan Riset kanggo Seksi-Seksi Yéhuwah. Bukaken bagéan ”Seksi-Seksi Yéhuwah” subjudhul ”Pandhangan lan Kepercayaan”, terus pilihen subjudhul ”Katrangan sing Digawé Cetha”.

Pas pelajaran pribadi, pilihen siji topik saka keterangan sing paling anyar. Terus, golèkana ngapa kok kuwi disesuaikké.