Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 1

LAGU 38 Yéhuwah Bakal Nggawé Kowé Kuwat

Ora Wedi Merga Ngendelké Yéhuwah

Ora Wedi Merga Ngendelké Yéhuwah

AYAT TAHUNAN 2024: ”Pas aku wedi, aku ngendelké Njenengan.”MZM. 56:3.

INTI

Belajar piyé carané bèn tambah ngendelké Yéhuwah lan bèn ora wedi manèh.

1. Apa sing isa waé marakké dadi wedi?

 KABÈH wong kadhang ngrasa wedi. Mémang, merga wis sinau Alkitab, awaké dhéwé wis ora wedi manèh karo wong mati, hantu-hantu, lan apa sing bakal kelakon ing masa depan. Tapi jaman saiki isih ana ”perkara-perkara sing nggawé wedi”, misalé perang, kejahatan, lan penyakit. (Luk. 21:11) Terus, awaké dhéwé ya isa waé wedi karo manungsa, misalé pamréntah sing nganiaya utawa anggota keluarga sing nentang. Akibaté, ana beberapa sing kuwatir nèk ora isa ngadhepi masalah saiki utawa sukmbèn.

2. Critakna sing dialami Daud pas ing Gat.

2 Daud ya tau ngrasa wedi. Misalé, wektu dioyak arep dipatèni Raja Saul, Daud mlayu ing kutha Gat ing Filistin. Nah, Akhis raja Gat akhiré ngerti nèk Daud kuwi prajurit sing wis matèni ”puluhan èwu” wong Filistin. Bar kuwi, Daud ”dadi kewedèn”. (1 Sam. 21:​10-12) Daud wedi arep dipatèni Akhis. Tapi, apa sing marakké Daud akhiré ora wedi manèh?

3. Menurut Mazmur 56:​1-3, 11, apa sing marakké Daud ora wedi manèh?

3 Apa sing dirasakké Daud pas ing Gat kuwi ditulis ing Mazmur 56. Ing kono dicritakké apa sing marakké Daud wedi lan apa sing marakké dhèwèké ora wedi manèh. Pas wedi, Daud ngendelké Yéhuwah. (Wacanen Mazmur 56:​1-3, 11.) Yéhuwah terbukti bener-bener isa diendelké. Merga dibantu Yéhuwah, Daud dadi nduwé idé éthok-éthok édan. Akhiré Akhis ora sida matèni Daud, lan Daud isa lolos.—1 Sam. 21:13–22:1.

4. Piyé bèn isa tambah ngendelké Yéhuwah? Kèkana perumpamaan.

4 Awaké dhéwé ya isa ora wedi manèh nèk ngendelké Yéhuwah. Tapi piyé bèn isa tambah ngendelké Yéhuwah? Perumpamaané ngéné: Bar dikandhani nèk lara parah, isa waé dadi wedi. Tapi njenengan bakal luwih tenang nèk percaya dokteré isa diendelké. Mungkin dhèwèké wis nduwé akèh pengalaman berhasil nambani penyakit kuwi. Pas njenengan nyritakké sing dikuwatirké, dokter kuwi bener-bener ngrungokké lan perduli. Terus, mungkin dhèwèké ya nyaranké perawatan mèdis sing wis terbukti cocog kanggo pasièn-pasièné. Padha kaya kuwi, bèn isa tambah ngendelké Yéhuwah, awaké dhéwé ya isa mikirké apa sing wis dilakukan Yéhuwah mbiyèn, saiki, lan sukmbèn. Mulané, karo mbahas Mazmur 56, pikirna piyé bèn njenengan tambah ngendelké Yéhuwah lan tetep tenang pas ngrasa wedi.

SING WIS DILAKUKAN YÉHUWAH MBIYÈN

5. Bèn ora wedi manèh, apa waé sing dipikirké Daud? (Mazmur 56:​12, 13)

5 Pas nyawané terancam, sing dipikirké Daud kuwi soal apa sing wis dilakukan Yéhuwah mbiyèn. (Wacanen Mazmur 56:​12, 13.) Sakjegé uripé, Daud sering mikirké soal kuwi. Misalé, kadhang dhèwèké mikirké soal ciptaané Yéhuwah. Kuwi marakké dhèwèké éling nèk Yéhuwah mahakuwasa lan sayang karo manungsa. (Mzm. 65:​6-9) Daud ya mikirké piyé Yéhuwah selalu mbantu lan nggatèkké umaté. (Mzm. 31:19; 37:​25, 26) Terus, sing terutama, Daud ya mikirké piyé Yéhuwah wis ndhukung lan nglindhungi dhèwèké kèt bayi. (Mzm. 22:​9, 10) Merga mikirké kuwi kabèh, Daud dadi semakin ngendelké Yéhuwah.

Daud dadi semakin ngendelké Yéhuwah merga mikirké apa sing wis dilakukan Yéhuwah mbiyèn, saiki, lan sukmbèn (Deloken paragraf 5, 8, 12) d


6. Pas ngrasa wedi, apa sing isa dipikirké?

6 Pas ngrasa wedi, coba pikirna, ’Apa waé sing wis dilakukan Yéhuwah?’ Misalé, renungna ciptaané Yéhuwah. Manuk lan kembang tetep diopèni Yéhuwah meskipun ora nduwé sifat-sifat kaya Yéhuwah lan ora isa nyembah Yéhuwah. Nèk mikirké kuwi, awaké dhéwé isa tambah percaya bakal diopèni Yéhuwah. (Mat. 6:​25-32) Terus ya isa mikirké apa sing wis dilakukan Yéhuwah kanggo umaté. Misalé, mempelajari tokoh Alkitab sing imané kuwat utawa maca pengalamané abdiné Yéhuwah jaman saiki. a Sakliyané kuwi, pikirna piyé Yéhuwah ndhukung lan mbantu njenengan. Misalé, piyé Yéhuwah mbantu njenengan bèn kenal Dhèwèké? (Yoh. 6:44) Piyé Yéhuwah njawab dongané njenengan? (1 Yoh. 5:14) Apa waé manfaat sing wis njenengan rasakké merga tebusané Yésus?—Éf. 1:7; Ibr. 4:​14-16.

Awaké dhéwé isa semakin ngendelké Yéhuwah nèk mikirké apa sing wis dilakukan Yéhuwah mbiyèn, saiki, lan sukmbèn (Deloken paragraf 6, 9-10, 13-14) e


7. Apa sing dipelajari Vanessa saka kisahé Nabi Danièl sing marakké dhèwèké ora wedi manèh?

7 Sedulur Vanessa b ing Haiti tau ngalami situasi sing marakké wedi. Dhèwèké disenengi tanggané sing ora nyembah Yéhuwah. Wong lanang kuwi saben dina ngubungi lan meksa Vanessa bèn gelem hubungan sèks karo dhèwèké. Vanessa wis nolak, tapi wong lanang kuwi tetep meksa lan malah ngancem. Vanessa crita, ”Aku nganti kewedèn.” Terus Vanessa piyé? Dhèwèké nggolèk bantuan. Terus pinituwa mbantu dhèwèké ngubungi polisi. Vanessa ya ngrenungké piyé Yéhuwah nglindhungi umaté jaman mbiyèn. Vanessa crita, ”Aku langsung kepikiran kisahé Nabi Danièl. Danièl diuncalké ing guwa singa padahal ora salah. Tapi Yéhuwah nglindhungi Danièl. Aku ya njaluk tulung karo Yéhuwah bèn aku ora dioyak-oyak manèh karo wong lanang kuwi. Kabèh tak pasrahké Yéhuwah. Bar kuwi, aku ora wedi manèh.”—Dan. 6:​12-22.

SING DILAKUKAN YÉHUWAH SAIKI

8. Daud yakin soal apa? (Mazmur 56:8)

8 Meskipun ngadhepi situasi sing berbahaya ing Gat, Daud tetep tenang. Dhèwèké milih mikirké apa sing dilakukan Yéhuwah pas kuwi. Daud isa ngrasakké nèk Yéhuwah nuntun, nglindhungi, lan memahami perasaané. (Wacanen Mazmur 56:8.) Daud nduwé kanca-kanca sing nyemangati lan siap nulungi dhèwèké, misalé Yonatan lan Imam Agung Ahimèlèkh. (1 Sam. 20:​41, 42; 21:​6, 8, 9) Terus pas arep dipatèni Raja Saul, Daud ya isa lolos. Kuwi kabèh marakké Daud yakin nèk Yéhuwah ngerti tenan apa waé sing diadhepi Daud lan piyé perasaané Daud wektu kuwi.

9. Yéhuwah ngerti apa saka saben umaté?

9 Pas ngrasa tertekan nganti rasané wedi, élinga nèk Yéhuwah ora mung ngerti sing njenengan alami, tapi ya ngerti piyé perasaané njenengan. Contoné, pas bangsa Israèl ditindhes ing Mesir, Yéhuwah ora mung ndelok tapi ya ”ngerti banget” piyé perasaané meréka pas kuwi. (Pa. 3:7) Daud tau nyanyi nèk Yéhuwah ora mung ndelok pas dhèwèké ”sengsara”, tapi ya ngerti nèk Daud ngrasa ”susah banget”. (Mzm. 31:7) Bahkan meskipun umaté susah gara-gara salahé dhéwé, Yéhuwah ya mèlu ngrasa ”susah”. (Yés. 63:9) Dadi, pas njenengan wedi, élinga nèk Yéhuwah memahami perasaané njenengan lan péngin mbantu bèn njenengan ora wedi manèh.

10. Ngapa kok njenengan yakin nèk Yéhuwah perduli lan bakal mbantu?

10 Pas tertekan, mungkin dadi ora menyadari bantuané Yéhuwah. Mulané, kudu ndonga njaluk bèn isa ndelok kuwi. (2 Raj. 6:​15-17) Bahan-bahan saka organisasi lan kasih sayangé para sedulur ya isa waé dianggep sesuatu sing biasa. Padahal, kuwi hadiah sing luar biasa saka Yéhuwah. (Yés. 65:13; Mrk. 10:​29, 30) Mulané pikirna: Apa njenengan tau dikuwatké bar krungu ceramah utawa koméntar ing pertemuan ibadah? Apa njenengan tau dadi semangat bar maca bacaan, nonton vidéo, utawa ngrungokké lagu saka organisasi? Apa njenengan tau ngrasa ayem bar diwacakké ayat utawa dikèki naséhat saka Alkitab? Sakjané, kuwi kabèh bukti nèk Yéhuwah bener-bener perduli lan isa diendelké.—Yés. 49:​14-16.

11. Apa sing marakké Aida dadi ora wedi manèh?

11 Gatèkna pengalamané Sedulur Aida ing Senegal sing akhiré ngerti nèk sakjané Yéhuwah selalu ndhukung dhèwèké. Merga Aida kuwi anak pertama, wong tuwané ngongkon dhèwèké nggolèk dhuwit sing akèh kanggo nyukupi kebutuhan keluargané. Tapi merga péngin merintis, uripé sederhana, dadi dhuwité ora akèh. Akhiré, keluargané nesu lan nyalah-nyalahké Aida. Aida crita, ”Aku kuwatir ora isa mbantu wong tuwaku. Aku ya wedi merga kabèh nyalahké aku. Malah aku nganti nyalahké Yéhuwah. Nah, pas pertemuan ibadah, ana ceramah sing mbahas nèk Yéhuwah ngerti sing marakké awaké dhéwé kuwatir utawa wedi. Terus, saka naséhaté para pinituwa lan para sedulur, aku dadi yakin nèk Yéhuwah sayang karo aku. Pas ndonga, aku ya dadi tambah yakin nèk Yéhuwah mesthi ngrungokké aku. Aku ngrasa ayem banget pas ngrasakké nèk dongaku dijawab.” Akhiré, Aida éntuk gawéan sing gajiné cukup. Dadi, dhèwèké isa terus merintis lan ya isa mbantu keluargané lan wong liya. Aida ngomong, ”Aku belajar bener-bener ngendelké Yéhuwah. Saiki, bar ndonga kerep-kerepé aku dadi ora wedi manèh.”

SING BAKAL DILAKUKAN YÉHUWAH SUKMBÈN

12. Menurut Mazmur 56:​9, Daud yakin soal apa?

12 Wacanen Mazmur 56:9. Ing ayat kuwi disebutké apa manèh sing marakké Daud dadi ora wedi meskipun nyawané isih terancam: Daud ngrenungké apa sing bakal dilakukan Yéhuwah kanggo dhèwèké sukmbèn. Daud ngerti nèk Yéhuwah bakal nylametké dhèwèké. Apamanèh, Yéhuwah wis janji nèk Daud bakal dadi raja berikuté ing Israèl. (1 Sam. 16:​1, 13) Daud yakin banget nèk janjiné Yéhuwah mesthi bakal ditepati.

13. Awaké dhéwé yakin nèk Yéhuwah bakal ngapa?

13 Yéhuwah janji apa kanggo njenengan? Mémang, Yéhuwah ora janji nèk awaké dhéwé bakal bébas saka masalah. c Tapi Yéhuwah janji nèk apa waé masalah sing diadhepi, kuwi ora bakal ana manèh ing donya anyar. (Yés. 25:​7-9) Yéhuwah nduwé kuwasa kanggo nguripké manèh wong mati, nambani wong lara, lan nyingkirké apa waé sing marakké sedhih lan susah.—1 Yoh. 4:4.

14. Njenengan isa ngrenungké soal apa waé?

14 Pas ngrasa wedi, njenengan isa ngrenungké apa sing bakal dilakukan Yéhuwah sukmbèn. Bayangna piyé rasané nèk Sétan lan wong jahat wis disingkirké, ing bumi mung ana wong sing apik, lan njenengan saya suwé saya sampurna. Carané mbayangké piyé? Misalé, ing pertemuan gabungan wilayah 2014 ana pertunjukan sak keluarga sing lagi ngrenungké donya anyar. Bapaké njelaské nèk 2 Timotius 3:​1-5 mbahas soal donya anyar, kira-kira isiné mungkin ngéné: ”Ing donya anyar keadaané bakal nyenengké banget. Wong-wong bakal mikirké kepentingané wong liya, ngutamakké hubungané karo Yéhuwah, ora sombong, rendah hati, seneng muji Gusti Allah, manut karo wong tuwa, nduwé rasa maturnuwun, setya, sayang karo keluargané, ora ngèyèl, seneng ngomongké sing apik-apik soal wong liya, isa ngendhalèni dhiri, alus, seneng karo apa sing apik, isa dipercaya, seneng ngalah, ora rumangsa penting, luwih nresnani Gusti Allah timbang kesenengan, lan ora mung ngibadah tapi perbuatané ya nyenengké Gusti Allah. Kowé kudu terus akrab karo wong-wong kuwi.” Apa njenengan ya kerep mbahas karo keluarga utawa sedulur seiman soal keadaan ing donya anyar?

15. Meskipun wedi, Tania isa tetep setya karo Yéhuwah merga apa?

15 Gatèkna pengalamané Sedulur Tania ing Makedonia Utara. Wong tuwané ora seneng dhèwèké sinau Alkitab. Tapi merga ngrenungké apa sing bakal dilakukan Yéhuwah sukmbèn, Tania isa tetep setya karo Yéhuwah meskipun wedi. Tania crita, ”Beberapa hal sing tak wedèni mémang kelakon tenan. Misalé, saben bar pertemuan ibadah, ibuku mesthi nggebugi aku. Wong tuwaku ya ngancem bakal matèni aku nèk aku dadi Seksi Yéhuwah.” Akhiré, Tania diusir saka omahé. Terus dhèwèké piyé? Tania crita, ”Sing terus tak pikirké kuwi nèk tetep setya, aku bakal bahagia. Aku ya mikirké nèk sing tak korbanké saiki kuwi ora ana apa-apané dibandhingké karo berkah ing donya anyar.” Tania terus nglayani Yéhuwah. Merga bantuané Yéhuwah, dhèwèké akhiré éntuk tempat tinggal. Saiki, Tania wis nikah karo sedulur seiman, lan meréka bahagia nglayani dadi pelayan sepenuh waktu.

SEMAKIN NGENDELKÉ YÉHUWAH

16. Nèk peristiwa sing diramalké ing Lukas 21:​26-28 kelakon, apa sing isa marakké awaké dhéwé ora wedi?

16 Selama sengsara gedhé, akèh-akèhé wong bakal ”semaput merga kewedèn”. Tapi, umaté Yéhuwah bakal tetep kendel lan ora wedi. (Wacanen Lukas 21:​26-28.) Lha ngapa? Soalé awaké dhéwé wis belajar kanggo ngendelké Yéhuwah. Tania, sing dicritakké mau, ngomong nèk saiki dhèwèké isa ngadhepi situasi sing angèl merga wis tau ngrasakké dhéwé bantuané Yéhuwah. Tania crita, ”Aku dadi ngerti, embuh apa waé masalahé, Yéhuwah isa nulungi lan mberkahi. Kadhang kétoké wis ora ana solusi, tapi Yéhuwah mesthi nduwé solusiné. Meskipun masalahé abot banget, kuwi mesthi bakal rampung.”

17. Apa manfaaté nèk ngrenungké ayat tahunan 2024? (Deloken gambar halaman 1.)

17 Saiki, ana akèh sing isa marakké wedi. Tapi kaya Daud, awaké dhéwé isa dadi ora wedi manèh. Ayat tahunan 2024 kuwi saka dongané Daud, ”Pas aku wedi, aku ngendelké Njenengan.” (Mzm. 56:3) Soal ayat kuwi, ana ahli Alkitab sing ngomong, ”Sing terus dipikirké Daud kuwi dudu masalahé utawa sing marakké dhèwèké wedi, tapi Gusti Allah sing bakal nylametké dhèwèké.” Ayo awaké dhéwé terus mikirké ayat tahunan 2024 iki, terutama nèk pas lagi ngadhepi situasi sing marakké wedi. Renungna apa sing wis dilakukan Yéhuwah mbiyèn, saiki, lan sukmbèn. Kaya Daud, njenengan isa ngomong, ”Aku ngendelké Gusti Allah, lan aku ora wedi.”—Mzm. 56:4.

Pas ana bencana, sedulur wédok lagi ngrenungké ayat tahunan (Deloken paragraf 17)

NGAPA KOK AWAKÉ DHÉWÉ DADI ORA WEDI MANÈH NÈK MIKIRKÉ . . .

  • apa sing wis dilakukan Yéhuwah mbiyèn?

  • apa sing dilakukan Yéhuwah saiki?

  • apa sing bakal dilakukan Yéhuwah sukmbèn?

LAGU 33 Pasrahna Kuwatirmu karo Yéhuwah

a Kanggo keterangan luwih akèh, ketiken ”tirunen imané” utawa ”pengalaman” ing kothak pencarian jw.org. Ing aplikasi JW Library®, deloken kumpulan artikel sing judhulé ”Tirunen Imané” utawa ”Pengalamané Seksi-Seksi Yéhuwah”.

b Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.

d PENJELASAN GAMBAR: Daud ngrenungké piyé Yéhuwah ngekèki dhèwèké kekuwatan kanggo ngalahké beruang, mbantu dhèwèké liwat Ahimèlèkh, lan ndadèkké dhèwèké raja.

e PENJELASAN GAMBAR: Sedulur lanang sing dipenjara merga nglayani Yéhuwah lagi ngrenungké piyé Yéhuwah mbantu dhèwèké bèn mandheg ngrokok, nguwatké dhèwèké liwat suraté para sedulur, lan mberkahi dhèwèké ing Firdaus.