Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Sedulur-Sedulur Lanang, Apa Njenengan Niru Carané Yéhuwah Memperlakukan Wong Wédok?

Sedulur-Sedulur Lanang, Apa Njenengan Niru Carané Yéhuwah Memperlakukan Wong Wédok?

ISA nglayani Yéhuwah bareng karo sedulur-sedulur wédok sing setya kuwi kehormatan kanggo awaké dhéwé, sedulur-sedulur lanang. Meréka pantes disayangi lan dihargai. Awaké dhéwé ya mesthi péngin apikan, adil, lan ngajèni meréka. Tapi kuwi isa waé angèl. Sakliyané merga ora sampurna, ana hal-hal liyané.

Salah sijiné, merga ana budaya sing nganggep wong wédok luwih rendah timbang wong lanang. Misalé Hans, pinituwa wilayah ing Bolivia, crita, ”Merga digedhèkké ing budaya sing nganggep wong lanang luwih unggul timbang wong wédok, ana sing dadi ngrèmèhké wong wédok.” Shengxian, pinituwa ing Taiwan, ngomong, ”Ing dhaérah asalku, wong wédok ora éntuk ngekèki pendapat kanggo wong lanang. Nèk misalé nganti nyebutké pendapaté wong wédok, wong lanang bakal direndahké kanca-kancané.” Ana manèh sing ndadèkké wong wédok bahan guyonan. Kuwi sakjané ya padha waé ngrendahké wong wédok.

Meskipun digedhèkké ing budaya sing kaya ngono, sedulur-sedulur lanang isa belajar bèn menghargai lan ora ngrendahké sedulur-sedulur wédok. (Éf. 4:​22-24) Piyé carané? Niru contoné Yéhuwah. Ing artikel iki bakal dibahas piyé carané Yéhuwah memperlakukan wong wédok, piyé sedulur-sedulur lanang isa niru Yéhuwah, lan piyé para pinituwa isa dadi conto soal ngajèni sedulur-sedulur wédok.

PIYÉ YÉHUWAH MEMPERLAKUKAN WONG WÉDOK?

Soal memperlakukan wong wédok, Yéhuwah kuwi conto sing paling apik. Yéhuwah kaya bapak sing penyayang. Dhèwèké sayang karo kabèh anaké. (Yoh. 3:16) Nah, sedulur-sedulur wédok kaya anak-anak wédoké. Apa waé buktiné nèk Yéhuwah sayang lan ngajèni wong wédok?

Yéhuwah ora nganggep wong wédok luwih rendah timbang wong lanang. Wong lanang karo wong wédok padha-padha diciptakké mirip kaya Dhèwèké. (PD. 1:27) Wong lanang ora diciptakké luwih pinter utawa luwih berbakat timbang wong wédok. Kabèh disayang Yéhuwah. (2 Bb. 19:7) Wong lanang lan wong wédok padha-padha diciptakké bèn isa memahami isiné Alkitab lan niru sifat-sifaté Yéhuwah. Ora soal lanang utawa wédok, kabèh sing beriman dikèki Yéhuwah harapan urip saklawasé ing bumi utawa mréntah dadi imam lan raja ing swarga. (2 Ptr. 1:1) Dadi, jelas nèk Yéhuwah ora ngrendahké wong wédok.

Yéhuwah ngrungokké wong wédok. Yéhuwah memahami perasaan lan kekuwatirané wong wédok. Misalé, Dhèwèké ngrungokké lan njawab dongané Rakhèl lan Hana. (PD. 30:22; 1 Sam. 1:​10, 11, 19, 20) Yéhuwah ya ngongkon bèn kisahé wong-wong lanang sing ngrungokké wong wédok ditulis ing Alkitab. Misalé, Abraham manut pas dikongkon ngrungokké Sara. (PD. 21:​12-14) Raja Daud ya ngrungokké Abigail. Malah, dhèwèké nganggep nèk omongané Abigail kuwi saka Yéhuwah. (1 Sam. 25:​32-35) Yésus, sing sifat-sifaté kaya Yéhuwah, ya ngrungokké Maria ibuné. (Yoh. 2:​3-10) Conto-conto kuwi mbuktèkké nèk Yéhuwah gelem ngrungokké wong wédok merga ngajèni meréka.

Yéhuwah percaya karo wong wédok. Misalé, ora mung Adam sing dikon ngopèni bumi, tapi ya Hawa. (PD. 1:28) Kuwi sakjané bukti nèk Yéhuwah nganggep Hawa ya isa dipercaya tugas kuwi. Nabi wédok Débora lan Hulda ya dipercaya Yéhuwah kanggo ngekèki naséhat umaté, termasuk kanggo raja lan hakim. (PH. 4:​4-9; 2 Raj. 22:​14-20) Saiki ya ana akèh sedulur-sedulur wédok sing dipercaya dadi penginjil, perintis, lan utusan injil. Ana manèh sing ngrancang, mbangun, lan ngrawat Balai Ibadah lan bangunan-bangunané organisasi. Terus, ya ana sing nglayani ing Bètel lan kantor-kantor penerjemahan. Sedulur-sedulur wédok kuwi kaya pasukan sing siap melakukan karepé Yéhuwah. (Mzm. 68:11) Dadi, jelas nèk Yéhuwah ora nganggep wong wédok lemah lan ora isa diendelké.

PIYÉ SEDULUR-SEDULUR LANANG ISA NIRU YÉHUWAH?

Bèn ngerti carané memperlakukan wong wédok wis kaya Yéhuwah apa durung, sedulur-sedulur lanang kudu mriksa pikiran lan perbuatané. Carané piyé? Perumpamaané ngéné: Dokter isa ngerti jantungé wong kuwi séhat apa ora, isa nganggo alat rontgen. Sedulur lanang isa ngerti pandhangané soal wong wédok wis bener apa ora liwat naséhaté kanca sing apik lan Alkitab.

Takon karo kanca. (WB. 18:17) Sedulur-sedulur lanang isa takon karo kanca sing réputasiné apik lan gelem ngekèki naséhat sing jujur. Misalé isa takon: ”Menurutmu, selama iki piyé aku memperlakukan sedulur-sedulur wédok? Menurut pengamatanmu, apa aku wis ngajèni sedulur-sedulur wédok? Apa ana saran kanggo aku?” Nèk ternyata ana sing kudu diupayakké, aja tersinggung utawa golèk-golèk alesan, tapi kudu gelem ngupayakké kuwi.

Mempelajari Alkitab. Cara sing paling apik kanggo mriksa pikiran lan perbuatan kuwi mempelajari Alkitab. (Ibr. 4:12) Ing Alkitab ana conto-conto soal carané wong lanang memperlakukan wong wédok. Ana conto sing apik lan ana sing èlèk. Bar maca Alkitab, isa mikirké, ’Sikap lan tingkah lakuku luwih mirip conto sing endi?’ Sakliyané kuwi, bèn ora nganti nggawé kesimpulan sing salah, aja mung nggatèkké sak ayat thok. Tapi, ya kudu mbandhingké karo ayat-ayat liyané. Misalé, ing 1 Pétrus 3:7 disebutké, ”Wong wédok luwih lemah kaya barang sing gampang pecah.” a Apa kuwi berarti wong wédok ora isa apa-apa utawa luwih bodho timbang wong lanang? Ora. Bandhingna omongané Pétrus kuwi karo Galatia 3:​26-29. Ing ayat kuwi, sing dipilih Yéhuwah mréntah bareng Yésus ing swarga ora mung wong lanang, tapi ya wong wédok. Nèk mempelajari Alkitab lan njaluk naséhaté kanca, sedulur-sedulur lanang isa ngerti carané ngajèni sedulur-sedulur wédok.

PIYÉ PARA PINITUWA NGAJÈNI SEDULUR-SEDULUR WÉDOK?

Para pinituwa ya isa dadi conto kanggo sedulur-sedulur lanang soal carané memperlakukan sedulur-sedulur wédok. Kuwi berarti para pinituwa kudu piyé?

Muji sedulur-sedulur wédok. Para pinituwa isa niru contoné Rasul Paulus. Ing suraté kanggo jemaat Roma, dhèwèké muji beberapa sedulur wédok. (Rm. 16:12) Pas suraté diwacakké ing jemaat, sedulur-sedulur wédok kuwi mesthi padha seneng. Para pinituwa ya isa kerep muji sedulur-sedulur wédok merga sifat-sifaté lan kerja kerasé kanggo Yéhuwah. Nèk dipuji, sedulur-sedulur wédok isa ngrasa nèk meréka disayangi lan dihargai. Isa waé sedulur wédok kuwi mémang lagi butuh disemangati bèn isa terus nglayani Yéhuwah.—WB. 15:23.

Muji

Wektu muji, para pinituwa ya kudu tulus lan pujiané sing spésifik. Lha ngapa? Sedulur wédok sing jenengé Jessica ngomong, ”Mémang dipuji kuwi rasané seneng, tapi nèk pujiané spésifik, kuwi luwih nyemangati aku. Misalé, dipuji merga isa nglatih bocah-bocah bèn anteng pas pertemuan ibadah utawa gelem njemput sing sinau Alkitab bèn isa teka ing pertemuan ibadah.” Nèk pinituwa mujiné spésifik, sedulur-sedulur wédok bakal ngrasa nduwé peran lan dibutuhké ing jemaat.

Ngrungokké sedulur-sedulur wédok. Pinituwa sing rendah hati ora bakal mikir nèk pendapaté sing paling apik. Mulané, meréka gelem njaluk saran sedulur-sedulur wédok, lan sarané dirungokké tenanan. Sakliyané isa nyemangati sedulur-sedulur wédok, para pinituwa ya isa éntuk manfaat. Contoné, pinituwa sing jenengé Gerardo, sing nglayani ing Bètel, ngomong, ”Ana akèh sedulur-sedulur wédok sing luwih berpengalaman. Saran-sarané meréka marakké gawéanku dadi luwih apik.” Ing jemaat, ana akèh sedulur wédok sing dadi perintis. Biasané, meréka luwih ngerti soal wong-wong ing dhaérah kono. Pinituwa sing jenengé Bryan ngomong, ”Sedulur-sedulur wédok nduwé akèh sifat-sifat sing apik lan ketrampilan sing dibutuhké ing organisasi. Dadi, kerep-kerepa takon karo meréka.”

Ngrungokké

Para pinituwa aja nyepèlèkké sarané sedulur-sedulur wédok. Lha ngapa? Pinituwa sing jenengé Edward ngomong, ”Saran lan pengalamané sedulur wédok isa marakké sedulur-sedulur lanang dadi nduwé pandhangan sing luwih luas, lan dadi luwih mikirké perasaané wong liya.” (WB. 1:5) Bahkan nèk sarané sedulur wédok kuwi ora dienggo, pinituwa ya isa ngucapké maturnuwun merga sedulur wédok kuwi wis ngekèki pendapat.

Nglatih sedulur-sedulur wédok. Para pinituwa isa nggolèk kesempatan kanggo nglatih sedulur-sedulur wédok. Contoné, ngajari carané mandhu pertemuan sakdurungé nginjil nèk misalé ora ana sedulur lanang sing terbaptis. Terus ya isa ngajari carané nganggo alat utawa mesin sing dienggo proyèk pembangunan utawa pemeliharaan bangunan organisasi. Ing Bètel, sedulur-sedulur wédok ya dilatih macem-macem tugas. Misalé pemeliharaan bangunan, pembelian, keuangan, pemrograman komputer, lan liya-liyané. Gelem nglatih kuwi bukti nèk para pinituwa nganggep sedulur-sedulur wédok isa dipercaya kanggo dikèki tugas.

Nglatih

Pelatihan sing ditampa sedulur-sedulur wédok kuwi ya isa bermanfaat kanggo wong liya. Misalé, merga wis dilatih soal pembangunan, sedulur-sedulur wédok dadi isa mbantu mbangunké omahé sedulur-sedulur sing kena bencana. Sedulur-sedulur wédok sing dilatih kanggo nginjil ing panggonan umum ya isa nglatih sedulur-sedulur wédok liyané. Piyé perasaané sedulur-sedulur wédok sing wis dilatih? Sedulur Jennifer crita, ”Pas aku mbantu ing proyèk pembangunan Balai Ibadah, ana pengawas sing nglatih aku. Bar nggatèkké hasil gawéanku, dhèwèké muji aku. Aku seneng isa kerja sama karo dhèwèké, merga aku ngrasa dipercaya lan dihargai.”

HASILÉ NÈK SEDULUR-SEDULUR WÉDOK DISAYANGI KAYA KELUARGA DHÉWÉ

Kaya Yéhuwah, awaké dhéwé sayang karo sedulur-sedulur wédok. Meréka kuwi keluargané awaké dhéwé. (1 Tim. 5:​1, 2) Awaké dhéwé seneng lan bangga isa nglayani Yéhuwah bareng meréka. Awaké dhéwé ya seneng pas meréka isa ngrasakké nèk disayangi lan dihargai. Sedulur Vanessa ngomong, ”Aku bersyukur banget isa dadi umaté Yéhuwah merga ana akèh sedulur sing nguwatké aku.” Ana sedulur wédok ing Taiwan sing ngomong, ”Aku bersyukur merga Yéhuwah lan organisasiné ngajèni wong wédok lan menghargai perasaan kami. Imanku tambah kuwat, lan aku semakin bangga isa dadi umaté Yéhuwah.”

Yéhuwah mesthi seneng merga ndelok sedulur-sedulur lanang niru carané Yéhuwah memperlakukan wong wédok. (WB. 27:11) Pinituwa ing Skotlandia sing jenengé Benjamin ngomong, ”Saiki ana akèh wong sing ngrèmèhké wong wédok. Tapi, organisasiné Yéhuwah selalu berupaya bèn wong wédok ngrasa dihargai lan disayangi.” Mula, sedulur-sedulur lanang, ayo awaké dhéwé niru Yéhuwah sing ngajèni lan menyayangi sedulur-sedulur wédok.—Rm. 12:10.

a Nèk péngin ngerti penjelasan soal ”barang sing gampang pecah”, deloken artikel sing judhulé ”Nilai ’Bejana yang Lebih Lemah’” ing Menara Pengawal 15 Mei 2006 lan ”Bimbingan yang Bijaksana bagi Pasangan Suami Istri” ing Menara Pengawal 1 Maret 2005.