Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 5

LAGU 27 Anak-anaké Yéhuwah Mèlu Mréntah

’Aku Ora Bakal Ninggalké Kowé’

’Aku Ora Bakal Ninggalké Kowé’

”Gusti Allah ngomong, ’Aku mesthi bakal mbantu kowé lan ora bakal ninggalké kowé.’”IBR. 13:5b.

INTI

Jaminan saka Gusti Allah nèk umaté ora bakal ditinggalké pas wong-wong pilihan sing isih ing bumi wis padha munggah swarga kabèh.

1. Kapan wong pilihan sing isih ing bumi bakal munggah swarga kabèh?

 UMATÉ Yéhuwah tau mikir, ’Kapan ya wong-wong pilihan sing isih ing bumi padha munggah swarga kabèh?’ Mbiyèn, mikiré sakwisé Armagédon isih ana beberapa sing ing bumi lan ngancani nganti Firdaus. Tapi, keterangan ing Menara Pengawal 15 Juli 2013 nyebutké nèk kabèh wong pilihan sing isih ing bumi bakal munggah swarga sakdurungé perang Armagédon dimulai.—Mat. 24:31.

2. Pertanyaan apa sing isa waé muncul, lan apa waé sing bakal dibahas ing artikel iki?

2 Tapi, isa waé dadi ana pertanyaan: Lha nèk ngono, pas ”sengsara gedhé”, ”domba-domba liyané” piyé? (Mat. 24:21; Yoh. 10:16) Ana sing kuwatir nèk sakwisé wong-wong pilihan kuwi wis padha munggah swarga kabèh, mengko ora ana sing ngekèki arahan utawa petunjuk. Ayo mbahas loro kisah ing Alkitab sing mungkin marakké meréka mikir kaya ngono lan ngapa kok sakjané ora perlu kuwatir.

SING ORA BAKAL KELAKON

3-4. Apa sing mungkin dikuwatirké wong-wong, lan apa alesané?

3 Ana sing kuwatir nèk mengko domba-domba liyané ora gelem nglayani Yéhuwah manèh merga wis ora ana Pengurus Pusat sing ngarahké. Ana kisah-kisah ing Alkitab sing isa waé marakké meréka mikir kaya ngono. Contoné, kisahé Raja Yéhoas. Yéhoas digedhèkké karo Yéhoyada lan Yéhosyabéat. Yéhoyada kuwi imam agung sing setya karo Yéhuwah. Yéhoyada ngajari Yéhoas bèn dadi raja sing apik lan setya karo Yéhuwah. Selama Yéhoyada isih urip, Yéhoas nglayani Yéhuwah lan nglakoni sing bener. Tapi bar Yéhoyada mati, Yéhoas dadi jahat. Dhèwèké milih ngrungokké para pejabat Yéhuda lan akhiré ninggalké Yéhuwah.—2 Bb. 24:​2, 15-19.

4 Conto berikuté kuwi wong-wong Kristen sing urip sakwisé para rasul wis padha mati. Rasul terakhir sing isih urip kuwi Rasul Yohanes. Selama isih urip, Yohanes terus nyemangati wong-wong Kristen bèn setya karo Yéhuwah. (3 Yoh. 4) Kaya rasul-rasul liyané, Yohanes wis berjuang bèn para sedulur ora kena pengaruh wong-wong sing murtad. (1 Yoh. 2:18; 2 Tés. 2:7.) Tapi sakwisé Yohanes mati, akèh sedulur akhiré dadi murtad. Saya suwé, ing jemaat saya akèh sing percaya ajaran palsu lan kelakuané ya bejat.

5. Loro kisah mau ora berarti apa?

5 Saka loro kisah mau, apa kuwi berarti pas wong-wong pilihan wis munggah swarga kabèh, domba-domba liyané ya ngalami kaya ngono? Apa meréka bakal dadi jahat kaya Yéhoas utawa dadi murtad kaya wong-wong Kristen jaman mbiyèn? Kuwi ora bakal kelakon. Awaké dhéwé yakin nèk bar ditinggal wong-wong pilihan, domba-domba liyané bakal tetep digatèkké Yéhuwah lan bakal terus setya nglayani Dhèwèké. Apa buktiné?

IBADAH MURNI ORA BAKAL DADI NAJIS

6. Apa waé sing bakal dibahas?

6 Ngapa kok awaké dhéwé yakin nèk ibadah murni ora bakal dadi najis bahkan pas sengsara gedhé? Soalé, ing Alkitab wis dijelaské nèk jaman saiki béda banget karo jamané bangsa Israèl mbiyèn lan jaman bar para rasul mati. Mula, ayo mbahas soal: (1) jamané bangsa Israèl mbiyèn, (2) jaman bar para rasul mati, lan (3) jaman saiki, pas ”wektuné kabèh dipulihké”.—Kis. 3:21.

7. Meskipun raja lan rakyaté padha jahat, wong Israèl sing setya isa tetep nduwé harapan merga apa?

7 Jamané bangsa Israèl mbiyèn. Sakdurungé mati, Musa ngandhani wong Israèl, ”Aku ngerti tenan nèk sakwisé aku mati, kowé bakal tumindak jahat lan ora manut karo préntah sing tak omongké marang kowé.” (PT. 31:29) Musa ya ngandhani nèk bangsa Israèl ora manut Yéhuwah, meréka bakal ditawan bangsa liya. (PT. 28:​35, 36) Kuwi kelakon tenan. Selama atusan taun, akèh raja ing Israèl dadi jahat lan marakké rakyaté ya mèlu mbrontak. Akibaté, Yéhuwah ngukum wong-wong Israèl sing jahat, lan ora ana manèh raja sing mréntah ing Israèl. (Yèh. 21:​25-27) Pas ndelok omongané Yéhuwah kelakon tenan, wong Israèl sing setya dadi tambah yakin kanggo tetep setya karo Yéhuwah.—Yés. 55:​10, 11.

8. Ngapa kok ora perlu héran nèk ing jemaat Kristen ana akèh sing murtad? Jelasna.

8 Jaman bar para rasul mati. Yésus wis ngramalké nèk ing jemaat Kristen bakal ana akèh sing murtad. (Mat. 7:​21-23; 13:​24-30, 36-43) Ramalan kuwi kelakon tenan kira-kira taun 100. Rasul Paulus, Pétrus, lan Yohanes ya ngomong nèk ramalané Yésus kuwi wis mulai kelakon pas meréka isih urip. (2 Tés. 2:​3, 7; 2 Ptr. 2:1; 1 Yoh. 2:18) Sakwisé rasul sing terakhir mati, wong-wong Kristen sing murtad dadi bagéan saka Babilon Gedhé, yaiku kumpulan agama palsu sak donya. Ramalané Yésus bener-bener kelakon.

9. Apa bédané jaman saiki karo jamané bangsa Israèl mbiyèn lan jaman bar para rasul mati?

9 ”Wektuné kabèh dipulihké.” Jaman saiki béda karo jamané bangsa Israèl mbiyèn lan jamané wong Kristen pas ana akèh kemurtadan. Menurut Alkitab, jaman saiki disebut ”akhir jaman”, sing dimulai taun 1914. (2 Tim. 3:1) Tapi ora mung kuwi. Menurut Alkitab, jaman saiki ya disebut jaman ”wektuné kabèh dipulihké”. (Kis. 3:21) Jaman pemulihan kuwi bakal terus berlangsung nganti Kerajaané Gusti Allah nggawé bumi dadi firdaus lan manungsa dadi sampurna. Nah, apa waé sing dipulihké pas jaman pemulihan sing ya dimulai taun 1914 kuwi? Yéhuwah nggawé bèn ana keturunané Daud sing mréntah manèh dadi raja. Kuwi kelakon pas Yéhuwah nglantik Yésus dadi raja ing swarga. Tapi ora mung kuwi thok sing dipulihké. Ora suwé bar Yésus dadi raja, ibadah murni ya dipulihké. (Yés. 2:​2-4; Yèh. 11:​17-20) Apa bar kuwi ibadah murni isa dadi najis manèh?

10. (a) Ana ramalan apa soal ibadah murni ing jaman saiki? (Yésaya 54:17) (b) Ngapa kok awaké dhéwé dikuwatké bar ngerti ramalan kuwi?

10 Wacanen Yésaya 54:17. Ing ayat kuwi disebutké: ”Senjata apa waé sing dienggo nglawan kowé ora bakal mempan.” Kata-kata ing ayat sakdurungé ya awaké dhéwé rasakké saiki: ”Kabèh anakmu bakal diwulang Yéhuwah lan bakal terus ngrasa ayem banget. Kowé bakal dadi kuwat merga tumindakmu sing bener. . . . Kowé ora bakal wedi karo apa waé, lan ora ana sing bakal nggawé kowé wedi. Kowé ora bakal dadi wedi.” (Yés. 54:​13, 14) Bahkan Sétan, ”allahé donya iki”, ora isa ngalang-alangi upayané umaté Yéhuwah kanggo martakké kabar apik. (2 Kor. 4:4) Ibadah murni wis dipulihké lan ora bakal dadi najis nganti saklawasé. Senjata apa waé sing dienggo nglawan awaké dhéwé ora bakal mempan.

SING BAKAL KELAKON

11. Nèk wong pilihan wis padha munggah swarga kabèh, ngapa kok kumpulan gedhé ora perlu wedi?

11 Bar wong-wong pilihan sing isih ing bumi wis padha munggah swarga kabèh, mengko kumpulan gedhé piyé? Aja lali nèk Yésus kuwi Gembala lan kepalané jemaat Kristen. Yésus dhéwé ngomong, ”Pemimpinmu mung siji yaiku Kristus.” (Mat. 23:10) Yésus, sing wis dadi raja ing swarga, mesthi bakal terus nggatèkké murid-muridé. Merga Yésus dhéwé sing nuntun, murid-muridé ing bumi ora perlu wedi. Pas sengsara gedhé, Yésus nuntuné piyé? Mémang, awaké dhéwé ora ngerti piyé persisé. Nah, bèn isa yakin, ayo mbahas beberapa conto ing Alkitab.

12. Apa buktiné nèk Yéhuwah ora ninggalké umaté (a) bar Musa mati? (b) bar Èlia pindhah tugas? (Deloken gambar.)

12 Sakdurungé bangsa Israèl mlebu Tanah Perjanjian, Musa mati. Terus umaté Yéhuwah piyé? Selama meréka tetep setya, Yéhuwah ora bakal ninggalké meréka. Sakdurungé mati, Musa wis dikon Yéhuwah nglatih Yosua kanggo mimpin bangsa Israèl. (Pa. 33:11; PT. 34:9) Sakliyané kuwi, ya ana wong-wong lanang sing dilantik dadi pemimpiné wong sèwu, pemimpiné wong satus, pemimpiné wong sèket, lan pemimpiné wong sepuluh. (PT. 1:15) Dadi, mesthi selalu ana sing ngarahké bangsa Israèl. Conto liyané kuwi Èlia. Selama puluhan taun, dhèwèké sing mbantu wong Israèl bèn terus setya nglayani Yéhuwah. Tapi bar kuwi, Èlia pindhah tugas nglayani ing kerajaan Israèl rong suku ing Yéhuda. (2 Raj. 2:1; 2 Bb. 21:12) Bar ditinggal Èlia, wong Israèl ing kerajaan sepuluh suku tetep digatèkké Yéhuwah. Selama bertaun-taun, Èlia wis nglatih Èlisa. Terus ya ana ”para keturunané nabi” sing wis dilatih. (2 Raj. 2:7) Dadi, mesthi ana wong sing digunakké Yéhuwah kanggo mimpin umaté. Yéhuwah bakal terus mujudké karepé lan ora bakal ninggalké umaté sing setya.

Musa (gambar kiri) lan Èlia (gambar kanan) lagi nglatih (Deloken paragraf 12)



13. Apa janjiné Yéhuwah ing Ibrani 13:5b? (Deloken gambar.)

13 Saka conto-conto kuwi, awaké dhéwé dadi ngerti nèk pas wong-wong pilihan wis padha munggah swarga kabèh, awaké dhéwé ora perlu kuwatir. Ing Alkitab, Yéhuwah wis janji nèk Dhèwèké ora bakal ninggalké umaté ing bumi. (Wacanen Ibrani 13:5b.) Kaya Musa lan Èlia, Pengurus Pusat sing ngarahké umaté Yéhuwah saiki ya seneng nglatih wong liya. Selama puluhan taun, meréka wis nglatih sedulur-sedulur lanang saka domba-domba liyané kanggo ngarahké umaté Yéhuwah. Misalé, ana akèh sekolah kanggo pinituwa, pinituwa wilayah, anggota Panitia Cabang, pengawas ing Bètel, lan liya-liyané. Anggota Pengurus Pusat sing nglayani ing panitia sing béda-béda ya nglatih asistèné. Para asistèn kuwi saiki nduwé akèh tanggung jawab ing organisasi. Meréka wis siap nglanjutké tugasé Pengurus Pusat kanggo ngopèni domba-dombané Yésus.

Pengurus Pusat nglatih asistèné, lan ngatur bèn ana sekolah kanggo pinituwa, pinituwa wilayah, utusan injil, anggota Panitia Cabang, pengawas ing Bètel, lan utusan injil ing sak donya (Deloken paragraf 13)


14. Apa intiné pembahasan iki?

14 Dadi, intiné pembahasan iki yaiku: Ing akhir sengsara gedhé, pas wong pilihan sing terakhir munggah swarga, ibadah murni bakal tetep ana. Umaté Yéhuwah bakal terus setya nglayani Dhèwèké merga dipimpin karo Yésus. Wektu kuwi, umaté Yéhuwah bakal diserang Gog saka Magog, yaiku gabungan bangsa-bangsa. (Yèh. 38:​18-20) Tapi, serangané singkat lan ora bakal berhasil. Umaté Yéhuwah bakal terus setya nglayani Yéhuwah. Ing wahyu sing didelok Rasul Yohanes, ana ”kumpulan gedhé” domba-domba liya sing ”slamet ngliwati sengsara gedhé”. (Why. 7:​9, 14) Kuwi jaminan nèk Yéhuwah mesthi bakal nylametké meréka.

15-16. Menurut Wahyu 17:​14, pas Armagédon, wong-wong pilihan nduwé tugas apa, lan ngapa kok kuwi nguwatké awaké dhéwé?

15 Lha terus, bar munggah swarga, wong-wong pilihan kuwi padha ngapa? Menurut Alkitab, pamréntah donya bakal ”perang nglawan Anak Domba”. Tapi ”Anak Domba kuwi bakal ngalahké raja-raja kuwi”. Anak Domba kuwi bakal dibantu karo ”wong-wong sing diundang lan dipilih Gusti Allah lan sing setya karo Anak Domba”. (Wacanen Wahyu 17:14.) Meréka kuwi sapa? Wong-wong pilihan sing wis munggah swarga. Dadi, ing akhir sengsara gedhé, bar wong pilihan wis padha munggah swarga kabèh, tugas pertamané meréka kuwi perang. Kuwi tugas sing luar biasa. Sakdurungé dadi Seksi Yéhuwah, wong-wong pilihan kuwi tau ana sing dadi pejuang, malah mungkin dadi tentara. Tapi bar sinau Alkitab, meréka dadi wong sing seneng rukun. (Gal. 5:22; 2 Tés. 3:16) Meréka wis ora mèlu perang manèh. Tapi bar munggah swarga, meréka bakal perang nglawan mungsuh-mungsuhé Gusti Allah, bareng karo Kristus lan para malaékat.

16 Coba bayangna. Pas ing bumi, wong pilihan kuwi ana sing wis tuwa banget lan lara-laranen. Tapi bar munggah swarga, meréka bakal dadi makhluk roh sing kuwat, ora isa mati, lan malah mèlu perang bareng karo Yésus. Bar Armagédon rampung, meréka bakal mèlu mbantu manungsa dadi sampurna. Nèk pas ing bumi waé meréka akèh kerja keras kanggo sedulur-sedulur sak donya, apamanèh mengko pas ing swarga.

17. Saka endi ngertiné nèk umaté Yéhuwah bakal slamet pas perang Armagédon?

17 Apa njenengan termasuk domba-domba liyané? Nèk iya, pas perang Armagédon mulai, njenengan kudu piyé? Njenengan mung kudu percaya karo Yéhuwah lan manut arahané. Kuwi termasuk manut arahan ing Yésaya 26:​20, ”Umat-Ku, mlebua ing kamarmu, lan tutupen lawangé. Kowé kudu ndhelik sedhéla nganti Aku ora nesu manèh.” Wektu kuwi, kabèh umaté Yéhuwah ing swarga lan bumi bakal slamet. Kaya sing diomongké Rasul Paulus, awaké dhéwé yakin nèk ’pamréntah, apa waé sing ana saiki, utawa apa waé sing bakal ana sukmbèn, ora isa nggawé Gusti Allah ora sayang manèh karo awaké dhéwé’. (Rm. 8:​38, 39) Terusa éling: Yéhuwah sayang karo njenengan, lan ora bakal ninggalké njenengan.

BAR WONG-WONG PILIHAN MUNGGAH SWARGA KABÈH,

  • apa sing ora bakal kelakon?

  • apa jaminané nèk ibadah murni bakal terus ana?

  • apa buktiné nèk Yéhuwah bakal terus nggatèkké umaté?

LAGU 8 Yéhuwah sing Nglindhungi