Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 7

LAGU 51 Ngabdi karo Yéhuwah

Sing Isa Dipelajari saka Wong Nazir

Sing Isa Dipelajari saka Wong Nazir

”Saksuwéné dadi wong Nazir, dhèwèké suci kanggo Yéhuwah.”WI. 6:8.

INTI

Belajar saka contoné wong Nazir bèn dadi kendel lan réla berkorban.

1. Kèt mbiyèn, merga sayang Yéhuwah, umaté Yéhuwah gelem ngapa?

 KÈT mbiyèn nganti saiki, ana akèh wong sing sayang banget karo Yéhuwah, termasuk njenengan. (Mzm. 104:​33, 34) Merga sayang Yéhuwah, meréka nganti gelem nggawé akèh pengorbanan. Contoné, wong Nazir ing jaman Israèl mbiyèn. Wong Nazir kuwi sapa? Terus, apa sing isa dipelajari saka meréka?

2. (a) ”Wong Nazir” kuwi sapa? (Wilangan 6:​1, 2) (b) Ngapa kok ana wong Israèl sing gelem dadi wong Nazir?

2 Istilah ”wong Nazir” kuwi saka kata Ibrani sing artiné ”Wong sing Dikhususké”, ”Wong sing Dipisahké”, utawa ”Wong sing Ditetapké kanggo Ngabdi” lan nglayani Yéhuwah. Ing Hukum Musa, ana peraturan nèk wong lanang utawa wong wédok isa nggawé janji khusus kanggo dadi wong Nazir selama beberapa waktu. a (Wacanen Wilangan 6:​1, 2.) Kuwi berarti, meréka kudu manut aturan sing wis digawé khusus kanggo wong Nazir. Lha terus, ngapa kok ana wong Israèl sing gelem dadi wong Nazir? Kuwi merga meréka sayang banget karo Yéhuwah lan bersyukur merga berkah-berkah sing wis ditampa.—PT. 6:5; 16:17.

3. Wong Nazir karo umaté Yéhuwah saiki sing padha apané?

3 Sakwisé Hukum Musa diganti karo ”hukum Kristus”, ora ana manèh wong Nazir. (Gal. 6:2; Rm. 10:4) Tapi, kaya wong Nazir mbiyèn, umaté Yéhuwah saiki ya péngin nglayani Yéhuwah saktulusé ati, sepenuh jiwa, pikiran, lan kekuwatan. (Mrk. 12:30) Makané, meréka gelem nggawé janji ngabdi. Kuwi berarti meréka bakal ngutamakké Yéhuwah lan gelem nggawé pengorbanan. Saiki, ayo mempelajari contoné wong Nazir bèn awaké dhéwé ya isa nepati janji kanggo nglayani Yéhuwah. bMat. 16:24.

GELEM NGGAWÉ PENGORBANAN

4. Menurut Wilangan 6:​3, 4, wong Nazir réla nggawé pengorbanan apa?

4 Wacanen Wilangan 6:​3, 4. Sakjané, wong Israèl éntuk ngombé anggur lan mangan anggur utawa kismis. Malah, ing Alkitab disebutké nèk anggur kuwi hadiah saka Gusti Allah lan kuwi ”marakké atiné manungsa dadi seneng”. (Mzm. 104:​14, 15) Tapi, wong Nazir ora éntuk ngombé anggur lan mangan anggur utawa kismis. Meskipun kuwi marakké seneng, wong Nazir réla ora menikmati kuwi. c

Apa njenengan gelem nggawé pengorbanan kaya wong Nazir? (Deloken paragraf 4-6)


5. Madián karo Marcela wis nggawé pengorbanan apa, lan kuwi merga apa?

5 Kaya wong Nazir, awaké dhéwé ya réla nggawé pengorbanan bèn isa nglayani Yéhuwah luwih akèh. Gatèkna contoné Madián lan Marcela. d Meréka uripé wis nyaman. Madián gajiné gedhé, terus meréka ya manggon ing apartemèn sing méwah. Tapi, merga péngin luwih ngutamakké Yéhuwah, meréka mutuské kanggo urip sederhana. Meréka crita, ”Saiki kami luwih hémat, ora seneng tuku-tuku. Kami ya pindhah ing apartemèn sing luwih cilik lan ngedol mobil.” Sakjané, meréka ora kudu nggawé pengorbanan kuwi. Tapi, merga péngin nglayani luwih akèh kanggo Yéhuwah, meréka réla nggawé pengorbanan. Hasilé, meréka ngrasa puas lan bahagia.

6. Ngapa kok umaté Yéhuwah saiki gelem nggawé pengorbanan? (Deloken gambar.)

6 Umaté Yéhuwah saiki ya seneng nggawé pengorbanan kanggo nggunakké wektuné bèn isa luwih akèh nglayani Yéhuwah. (1 Kor. 9:​3-6) Sakjané, Yéhuwah ora ngongkon kudu nggawé pengorbanan kuwi. Tapi nèk isa ngekèki kaya ngono, Yéhuwah seneng. Misalé, ana sing réla ora nduwé omah, kéwan peliharaan, utawa gawéan sing disenengi. Terus, ya ana akèh sing nunda nikah utawa nduwé anak. Sing liyané ana sing réla adoh saka kanca lan keluargané merga pindhah ing dhaérah sing luwih mbutuhké penginjil. Kuwi kabèh dilakukan merga péngin ngekèkké sing paling apik kanggo Yéhuwah. Ora soal pengorbanan apa waé sing njenengan gawé kanggo nglayani Yéhuwah, kuwi mesthi dihargai Yéhuwah.—Ibr. 6:10.

WANI BÉDA KARO WONG-WONG UMUMÉ

7. Ngapa kok ora selalu gampang kanggo wong Nazir nepati janjiné? (Wilangan 6:5) (Deloken gambar.)

7 Wacanen Wilangan 6:5. Wong Nazir wis janji ora nyukur rambuté. Kuwi bukti nèk meréka manut karo Yéhuwah. Nèk wis suwé dadi wong Nazir, rambuté kan dadi dawa banget. Kuwi marakké meréka dadi kétok béda karo wong-wong umumé. Nèk wong-wong ing sekitaré ndhukung, dadi kétok béda kuwi ora masalah. Tapi, ana wong-wong sing ora menghargai lan ndhukung meréka. Misalé, pas jamané Nabi Amos, wong-wong Israèl sing murtad ’terus-terusan ngekèki’ wong Nazir minuman anggur bèn nglanggar janjiné. (Am. 2:12) Mulané, wong Nazir kudu kendel.

Bèn isa nepati janjiné, wong Nazir wani kétok béda (Deloken paragraf 7)


8. Saka pengalamané Benyamin, apa sing menarik kanggo njenengan?

8 Mungkin, awaké dhéwé wongé isinan utawa ora kendel. Tapi merga dibantu Yéhuwah, awaké dhéwé isa kendel meskipun dianggep béda karo wong-wong umumé. Gatèkna pengalamané Benyamin, Seksi Yéhuwah ing Norwegia, sing umuré sepuluh taun. Ing sekolahané ana acara kanggo ndhukung Ukraina sing lagi perang. Bocah-bocah dikon nyanyi karo nganggo seragam sing wernané kaya bendéra Ukraina. Sakjané, Benyamin wis berupaya ngedoh bèn ora mèlu acara kuwi. Tapi, ana guruné sing ndelok dhèwèké lan ngomong, ”Ayo mèlu, kowé wis dientèni.” Benyamin marani guruné, terus ngomong, ”Bu, aku ora ndhukung lan ora mihak sapa-sapa. Akèh Seksi Yéhuwah pilih dipenjara timbang mèlu perang.” Guruné isa nampa penjelasané Benyamin lan ora meksa Benyamin mèlu. Tapi, kanca-kancané padha takon ngapa kok Benyamin ora mèlu acara mau. Kuwi marakké Benyamin dadi wedi, malah nganti arep nangis. Tapi, Benyamin kendel ngandhani kanca-kancané alesané ngapa kok dhèwèké ora mèlu. Bar kejadian kuwi, Benyamin ngandhani wong tuwané nèk dhèwèké isa kendel merga dibantu Yéhuwah.

9. Piyé carané nggawé Yéhuwah seneng?

9 Merga milih manut Yéhuwah, wong liya isa waé nganggep nèk awaké dhéwé béda karo wong-wong umumé. Ing sekolah utawa panggonan kerja, kudu kendel ngandhani nèk awaké dhéwé Seksi-Seksi Yéhuwah. Tingkah lakuné wong-wong sing semakin bejat ya isa marakké awaké dhéwé dadi angèl ngetrapké pathokan ing Alkitab lan nyritakké kabar apik. (2 Tim. 1:8; 3:13) Tapi, nèk kendel lan wani kétok béda timbang wong-wong sing ora nyembah Yéhuwah, awaké dhéwé ”nggawé atiné [Yéhuwah] seneng”.—WB. 27:11; Mal. 3:18.

TERUS NGUTAMAKKÉ YÉHUWAH

10. Ngapa kok manut préntah ing Wilangan 6:​6, 7 kuwi isa waé ora gampang kanggo wong Nazir?

10 Wacanen Wilangan 6:​6, 7. Wong Nazir ora éntuk cedhak-cedhak wong mati. Kétoké kuwi gampang. Tapi kanggo wong Nazir, kuwi dadi ora gampang nèk sing mati keluargané dhéwé. Ing jaman kuwi, keluarga ora éntuk adoh-adoh saka sing mati, soalé ana kebiasaan penguburan sing kudu diikuti. (Yoh. 19:​39, 40; Kis. 9:​36-40) Wong Nazir ora isa mèlu kebiasaan kuwi. Bahkan pas lagi sedhih-sedhihé, meréka kudu nepati janjiné. Kuwi bukti nèk imané meréka gedhé. Yéhuwah ya mesthi nguwatké meréka pas masa kuwi.

11. Pas nggawé keputusan soal keluarga, apa sing kudu luwih diutamakké? (Deloken gambar.)

11 Awaké dhéwé wis janji nèk uripé bakal dienggo nglayani Yéhuwah. Kuwi bakal mempengaruhi keputusané awaké dhéwé soal keluarga. Mémang, kaya préntah ing Alkitab, awaké dhéwé ngupaya tenanan nyukupi kebutuhan keluarga. Tapi, aja nganti luwih ngutamakké keluarga timbang Yéhuwah. (Mat. 10:​35-37; 1 Tim. 5:8) Malah, merga péngin nggawé Yéhuwah seneng, awaké dhéwé mungkin kudu nggawé keputusan sing nggawé keluarga ora seneng.

Apa njenengan gelem ngutamakké Yéhuwah bahkan pas ing masa sulit? (Deloken paragraf 11) e


12. Pas ditentang bojoné, apa sing dilakukan lan sing ora dilakukan Alexandru?

12 Gatèkna pengalamané Alexandru karo Dorina. Bar meréka sinau Alkitab selama setaun, Dorina ora gelem sinau manèh, terus dhèwèké ya ngongkon Alexandru bèn mandheg sinau. Tapi, Alexandru ngomong nèk bakal tetep lanjut sinau. Alexandru ngomongé apik-apik lan tetep tenang. Dorina ora seneng lan malah meksa Alexandru bèn mandheg sinau Alkitab. Alexandru ngomong nèk dhèwèké berusaha memahami perasaané bojoné, tapi ternyata ora gampang. Kadhang-kadhang, pas Dorina nesu-nesu lan omongané kasar, Alexandru dadi péngin mandheg waé sinau Alkitabé. Tapi, Alexandru tetep ngutamakké Yéhuwah karo tetep ngajèni lan menyayangi bojoné. Akhiré, merga tingkah lakuné Alexandru sing apik, Dorina gelem sinau Alkitab manèh, terus akhiré dibaptis.—Deloken vidéo Alexandru lan Dorina Văcar: ”Katresnan Kuwi Sabar lan Apikan ing sèri vidéo ”Alkitab Ngowahi Urip” ing jw.org.

13. Apa buktiné nèk sayang Yéhuwah lan sayang keluarga?

13 Yéhuwah, sing nggawé keluarga, péngin bèn kabèh keluarga bahagia. (Éf. 3:​14, 15) Dadi, nèk péngin bener-bener bahagia, kudu manut karepé Yéhuwah. Njenengan mungkin kudu berkorban bèn isa nglayani Yéhuwah karo tetep ngopèni lan apikan karo keluarga. Tapi, kabèh upayané njenengan mesthi bakal diberkahi Yéhuwah.—Rm. 12:10.

NYEMANGATI LIYANÉ BÈN NIRU WONG NAZIR

14. Sapa sing khususé perlu disemangati?

14 Saiki, kabèh umaté Yéhuwah kudu gelem nggawé pengorbanan. Tapi kuwi ora mesthi gampang. Nah, bèn isa nduwé semangat réla berkorban, awaké dhéwé kudu saling nyemangati. (Ayb. 16:5) Ing jemaaté njenengan, apa ana sing lagi berupaya isa urip sederhana bèn isa luwih akèh nglayani Yéhuwah? Apa ana cah-cah enom sing wani kétok béda ing sekolahan meskipun akèh sing ora seneng? Apa ana sing sinau Alkitab utawa sedulur seiman sing ditentang keluargané? Ayo terus nyemangati meréka lan muji merga meréka kendel gelem nggawé pengorbanan.—Flm. 4, 5, 7.

15. Kèkana conto sedulur sing ndhukung para pelayan sepenuh waktu.

15 Kadhang, awaké dhéwé ya isa mbantu para pelayan sepenuh waktu. (WB. 19:17; Ibr. 13:16) Contoné, sedulur wédok lansia ing Sri Lanka. Dhuwit pènsiunané mundhak, dadi dhèwèké péngin mbantu loro perintis enom sing ngalami masalah ékonomi bèn meréka isa terus merintis. Dadi, saben sasi, dhèwèké mbayari tagihan télponé loro perintis kuwi. Semangat réla berkorbané sedulur lansia kuwi apik banget.

16. Apa sing isa dipelajari saka keterangan ing Alkitab soal wong Nazir?

16 Ana akèh sing isa ditiru saka wong Nazir. Mempelajari contoné wong Nazir ya marakké awaké dhéwé luwih ngerti soal Yéhuwah. Misalé, Yéhuwah percaya nèk umaté péngin nyenengké Dhèwèké lan gelem nggawé pengorbanan bèn isa nepati janji ngabdiné. Yéhuwah ya ngekèki umaté kesempatan istiméwa kanggo mbuktèkké nèk bener-bener sayang karo Dhèwèké. (WB. 23:​15, 16; Mrk. 10:​28-30; 1 Yoh. 4:19) Awaké dhéwé ya dadi ngerti nèk Yéhuwah nggatèkké lan menghargai pengorbanané awaké dhéwé kanggo nglayani Dhèwèké. Mulané, ayo terus nglayani Yéhuwah lan ngekèki Yéhuwah sing paling apik.

APA JAWABANÉ?

  • Apa waé buktiné nèk wong Nazir kendel lan gelem nggawé pengorbanan?

  • Piyé carané nyemangati liyané bèn niru wong Nazir?

  • Apa sing isa dipelajari soal Yéhuwah saka contoné wong Nazir?

LAGU 124 Tetep Setya

a Mémang, ana sing dadi wong Nazir merga dipilih langsung karo Yéhuwah. Tapi, akèh-akèhé merga kerélaané dhéwé.—Deloken kothak ” Wong Nazir sing Dipilih Yéhuwah”.

b Ing publikasiné awaké dhéwé, sing biasané dipadhakké kaya wong Nazir kuwi para pelayan sepenuh waktu. Tapi, ing artikel iki bakal dibahas nèk kabèh umaté Yéhuwah sing terbaptis ya isa niru contoné wong Nazir.

c Kétoké, wong Nazir ora nduwé kewajiban khusus utawa tugas tambahan tertentu.

d Deloken artikel ”Mutuské kanggo Urip Sederhana” ing sèri artikel ”Pengalamané Seksi-Seksi Yéhuwah” ing jw.org.

e PENJELASAN GAMBAR: Saka atap omahé, wong Nazir ndelok keluargané sing arep dikubur. Merga wis nggawé janji karo Yéhuwah, dhèwèké mung isa ndelok acara kuwi saka kadohan.