Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Tetep Bahagia karo Ngentèni Janjiné Yéhuwah Kelakon

Tetep Bahagia karo Ngentèni Janjiné Yéhuwah Kelakon

AWAKÉ DHÉWÉ mesthi ngentèn-entèni wektuné Yéhuwah nyingkirké wong jahat lan nggawé kabèh dadi anyar. (Why. 21:​1-5) Tapi, kanggo sabar ngentèni kuwi kelakon ora mesthi gampang, apamanèh nèk ngadhepi akèh masalah. Menurut Alkitab, harapan sing ora ndang kelakon marakké lara ati.—WB. 13:12.

Tapi, Yéhuwah péngin awaké dhéwé tetep sabar ngentèni janjiné kelakon. Lha ngapa kok dikon sabar? Terus, piyé carané bèn isa tetep bahagia karo ngentèni janjiné Yéhuwah kelakon?

NGAPA KOK YÉHUWAH PÉNGIN AWAKÉ DHÉWÉ SABAR NGENTÈNI?

Ing Alkitab disebutké, ”Yéhuwah sabar ngentèni bèn isa apikan karo kowé, lan Dhèwèké bakal mesakké karo kowé. Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing adil. Kabèh wong sing berharap marang Dhèwèké kuwi bahagia.” (Yés. 30:18) Kata-katané Yésaya kuwi sakjané kanggo wong Yahudi sing mbrontak. (Yés. 30:1) Tapi, kanggo wong Yahudi sing setya, kata-kata kuwi dadi harapan kanggo meréka. Nah, kata-kata kuwi ya isa dadi harapan kanggo awaké dhéwé saiki.

Dadi, awaké dhéwé kudu sabar ngentèni merga Yéhuwah ya sabar ngentèni. Yéhuwah ngentèni dina lan jamé Dhèwèké arep nyingkirké wong jahat. (Mat. 24:36) Wektu kuwi, tudhuhané Sétan kanggo Yéhuwah lan umaté bakal terbukti ora bener. Yéhuwah bakal nyingkirké Sétan lan pengikuté. Tapi, Dhèwèké bakal ”mesakké karo [awaké dhéwé]”.

Mémang, saiki masalahé awaké dhéwé isih tetep ana. Tapi, Yéhuwah njamin nèk awaké dhéwé isa tetep bahagia selama ngentèni janjiné Yéhuwah. Kuwi kaya sing diomongké Nabi Yésaya. (Yés. 30:18) a Piyé bèn isa bahagia? Carané ana papat.

CARANÉ TETEP BAHAGIA MESKIPUN ISIH NGENTÈNI

Mikirké berkah-berkah sing wis ditampa. Sakjegé uripé, Raja Daud ndelok ana akèh banget wong sing jahat lan kejem. (Mzm. 37:35) Tapi, dhèwèké nulis, ”Kowé kudu sabar ngentèni Yéhuwah. Kowé kudu ngentèni lan berharap marang Dhèwèké. Aja jèngkèl karo wong sing berhasil nindakké rencanané.” (Mzm. 37:7) Sing terus dipikirké Daud kuwi soal janji nèk Yéhuwah bakal nulungi dhèwèké. Daud ya terus bersyukur merga berkah-berkah sing wis dhèwèké tampa saka Yéhuwah. (Mzm. 40:5) Karo ngentèni Yéhuwah, awaké dhéwé ya isa tetep bahagia nèk terus mikirké berkah-berkah sing ditampa, ora mung mikirké masalah thok.

Terus muji Yéhuwah. Sing nulis Mazmur 71 kuwi kayané Daud. Ing kono dhèwèké ngomong karo Yéhuwah, ”Aku bakal sabar ngentèni Njenengan. Aku bakal saya luwih muji Njenengan.” (Mzm. 71:14) Piyé Daud muji Yéhuwah? Daud nyritakké soal Yéhuwah ing wong liya lan muji Yéhuwah liwat nyanyian. (Mzm. 71:​16, 23) Kaya Daud, awaké dhéwé ya isa tetep bahagia nèk muji Yéhuwah. Misalé wektu nginjil, wektu crita soal Yéhuwah karo kanca lan keluarga, lan wektu nyanyi muji Yéhuwah. Dadi wektu nyanyi, njenengan isa nggatèkké tenanan lan ngrenungké liriké.

Terus akrab karo para sedulur bèn tetep semangat. Wektu ngadhepi tantangan, Daud ngomong karo Yéhuwah, ”Ing ngarepé para abdimu sing setya, aku bakal berharap marang jeneng-Mu.” (Mzm. 52:9) Awaké dhéwé ya isa dadi tambah semangat nèk bergaul karo para sedulur, ora mung pas ngibadah utawa nginjil, tapi ya pas kumpul-kumpul.—Rm. 1:​11, 12.

Berupaya bèn tambah yakin karo harapan. Ing Mazmur 62:5 disebutké, ”Aku sabar ngentèni Gusti Allah merga Dhèwèké kuwi harapanku.” Isa waé sing diarep-arep kuwi suwé, ora ndang kelakon-kelakon. Tapi, kudu tetep yakin nèk kuwi mesthi bakal kelakon. Bèn tambah yakin, kudu mempelajari isiné Alkitab. Misalé, mempelajari keterangan soal Yéhuwah, nggatèkké ramalan ing Alkitab sing wis kelakon, lan nggatèkké piyé isiné Alkitab nyambung saka ngarep tekan mburi. (Mzm. 1:​2, 3) Terus, awaké dhéwé ya kudu ”ndonga nganggo tuntunané roh suci” bèn isa tetep akrab karo Yéhuwah.—Yud. 20, 21.

Kaya Raja Daud, awaké dhéwé yakin nèk Yéhuwah bakal terus nggatèkké lan sayang karo wong-wong sing sabar ngentèni Dhèwèké. (Mzm. 33:​18, 22) Bèn isa sabar, ayo terus mikirké berkah-berkah sing ditampa, terus muji Yéhuwah, tetep akrab karo para sedulur, lan berupaya bèn tambah yakin karo janjiné Yéhuwah.

a Ing basa asliné, kata ”berharap” ing ayat kuwi isa berarti ”ngentèni banget nganti sing diarep-arep kelakon”. Dadi, ngentèni janjiné Yéhuwah kelakon kuwi wajar.