Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Loro Anggota Pengurus Pusat sing Anyar

Loro Anggota Pengurus Pusat sing Anyar

DINA Rebo 18 Januari 2023, ana pengumuman sing nyenengké ing jw.org. Sedulur Gage Fleegle karo Sedulur Jeffrey Winder dilantik dadi anggota Pengurus Pusaté Seksi-Seksi Yéhuwah. Loro sedulur kuwi wis puluhan taun setya nglayani Yéhuwah.

Sedulur Gage Fleegle karo Nadia bojoné

Kèt Sedulur Fleegle isih cilik, wong tuwané wis dadi Seksi Yéhuwah. Meréka manggon ing kutha Pennsylvania bagéan barat, Amerika Serikat. Tapi pas Sedulur Fleegle remaja, meréka sak keluarga pindhah ing kutha cilik sing butuh luwih akèh penginjil. Tanggal 20 November 1988, Sedulur Fleegle dibaptis.

Wong tuwané Sedulur Fleegle selalu nyemangati dhèwèké bèn nglayani sepenuh waktu. Meréka kerep ngundang pinituwa wilayah lan anggota Bètel ing omahé. Sedulur Fleegle dadi isa ndelok nèk nglayani sepenuh waktu kuwi marakké bahagia. Ora suwé bar baptis, tanggal 1 September 1989, Sedulur Fleegle mulai merintis biasa. Kèt umur 12, dhèwèké wis nduwé cita-cita nglayani ing Bètel. Nah, sasi Oktober 1991, akhiré dhèwèké mulai nglayani ing Bètel Brooklyn.

Ing Bètel, Sedulur Fleegle kerja ing bagéan Penjilidan nganti wolung taun. Bar kuwi, dhèwèké ditugaské ing Departemèn Penginjilan. Wektu kuwi, dhèwèké gabung ing jemaat basa Rusia nganti beberapa taun. Terus taun 2006, dhèwèké nikah karo Sedulur Nadia. Bar nikah, meréka nglayani ing Bètel. Meréka tau gabung ing jemaat basa Portugis, lan sepuluh taun ing jemaat basa Spanyol. Sakwisé nglayani ing Departemèn Penginjilan selama bertaun-taun, Sedulur Fleegle pindhah tugas ing Kantor Panitia Pendidikan, terus bar kuwi ing Kantor Panitia Penginjilan. Sasi Maret 2022, dhèwèké dilantik dadi asistèn Panitia Penginjilan Pengurus Pusat.

Sedulur Jeffrey Winder karo Angela bojoné

Sedulur Winder digedhèkké ing Murrieta, Kalifornia, Amerika Serikat. Kèt dhèwèké isih cilik, wong tuwané ya wis dadi Seksi Yéhuwah. Sedulur Winder dibaptis tanggal 29 Maret 1986. Sasi berikuté, dhèwèké mulai merintis ékstra. Merga menikmati banget, dhèwèké terus merintis ékstra nganti beberapa bulan. Terus tanggal 1 Oktober 1986, dhèwèké mulai dadi perintis biasa.

Pas remaja, Sedulur Winder marani masé loro sing wektu kuwi nglayani ing Bètel. Merga kuwi, dhèwèké dadi nduwé cita-cita ya péngin nglayani ing Bètel. Akhiré, sasi Mei 1990, dhèwèké diundang nglayani ing Bètel Wallkill.

Ing Bètel, Sedulur Winder tau kerja ing Departemèn Pembersihan, Departemèn Perladangan, lan Kantor Bètel. Taun 1997 dhèwèké nikah karo Sedulur Angela, lan meréka terus nglayani ing Bètel. Taun 2014, meréka pindhah tugas ing Warwick. Ing kono, Sedulur Winder mbantu proyèk pembangunan kantor pusat. Taun 2016, meréka pindhah ing Pusat Pendidikan Menara Pengawal ing Patterson. Ing kono, Sedulur Winder kerja ing Layanan Audio/Video. Patang taun bar kuwi, meréka balik manèh ing Warwick, lan Sedulur Winder ditugaské ing Kantor Panitia Personalia. Sasi Maret 2022, dhèwèké dilantik dadi asistèn Panitia Personalia Pengurus Pusat.

Loro sedulur kuwi bener-bener ”hadiah” kanggo awaké dhéwé. Mula, ayo ndongakké bèn Yéhuwah terus mberkahi kerja kerasé meréka sing ngutamakké Kerajaané Gusti Allah.—Éf. 4:8.