Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Pertanyaan saka Pembaca

Pertanyaan saka Pembaca

Ing Alkitab ana keterangan apa soal kemampuané Yéhuwah kanggo ngerti masa depan?

Ing Alkitab disebutké nèk Yéhuwah isa ngerti soal apa sing bakal kelakon ing masa depan. (Yés. 45:21) Tapi, ing Alkitab ora dijelaské carané Yéhuwah ngerti piyé, kapan Dhèwèké nggunakké kemampuané kuwi, lan sepira akèhé sing Dhèwèké péngin ngerti. Dadi, awaké dhéwé ora isa ngerti tenan soal kemampuané Yéhuwah kuwi. Tapi, ana beberapa hal sing isa awaké dhéwé pahami.

Yéhuwah isa melakukan apa waé, tapi kadhang mémang Dhèwèké milih kanggo ora melakukan sesuatu. Yéhuwah kuwi wicaksana banget. Dadi, Dhèwèké isa ngerti apa waé sing bakal kelakon. (Rm. 11:33) Tapi merga isa ngendhalèni dhiri, kadhang-kadhang Yéhuwah ya milih kanggo ora ngerti apa sing bakal kelakon.—Bandhingna Yésaya 42:14.

Yéhuwah isa nggawé apa waé sing Dhèwèké karepké kelakon. Apa hubungané kuwi karo kemampuané Yéhuwah kanggo ndelok masa depan? Ing Yésaya 46:10 disebutké, ”Kèt awal, Aku wis ngandhani apa sing bakal kelakon. Kèt mbiyèn, Aku wis ngandhani apa sing durung kelakon. Aku ngomong, ’Tujuan-Ku mesthi bakal kelakon, lan Aku bakal nindakké apa waé sing Tak senengi.’”

Dadi, salah siji alesané Yéhuwah isa ngerti masa depan kuwi merga Yéhuwah nduwé kuwasa kanggo nggawé sing Dhèwèké karepké kelakon. Nèk nonton film, kadhang wong langsung ndelok bagéan akhiré bèn isa ngerti akhir critané. Tapi, nèk Yéhuwah ora perlu kaya ngono kanggo ndelok apa sing bakal kelakon. Dhèwèké ora perlu ndelok sik masa depan, seolah-olah masa depan kuwi wis ana lan isa didelok. Tapi, Yéhuwah isa mutuské apa sing bakal kelakon lan nggawé bèn kelakoné ing wektu sing Dhèwèké tentokké.—Pa. 9:​5, 6; Mat. 24:36; Kis. 17:31.

Makané, ing Alkitab kadhang ana istilah ’nentokké’ lan ’ngrencanakké’ kanggo nduduhké apa sing Yéhuwah lakukan bèn hal-hal tertentu kelakon ing masa depan. (2 Raj. 19:25; Yés. 46:11) Ing basa asliné, istilah-istilah kuwi ana hubungané karo ”pengrajin tanah liat”. (Yér. 18:​3, 4) Kaya pengrajin sing trampil isa nggawé gumpalan tanah liat dadi vas sing apik, Yéhuwah ya isa melakukan apa waé bèn sing Dhèwèké karepké isa terwujud.—Éf. 1:11.

Yéhuwah ngekèki manungsa kebébasan kanggo milih. Yéhuwah ora nakdirké uripé manungsa. Yéhuwah ya ora marakké wong apik melakukan hal èlèk sing marahi meréka cilaka. Saben wong bébas milih arep berbuat apa. Yéhuwah mung ngandhani sing bener kuwi kudu piyé, tapi ora meksa wong kanggo nglakoni kuwi.

Gatèkna loro conto. Conto sing pertama kuwi wong Niniwé. Yéhuwah wis ngramalké nèk kutha Niniwé bakal dihancurké merga wong-wongé jahat. Tapi wektu meréka mertobat, Yéhuwah ”ngubah keputusané lan ora sida ngukum wong-wong kuwi”. (Yun. 3:​1-10) Apa sebabé? Bar diélingké Yéhuwah, wong Niniwé milih kanggo mertobat. Mulané Yéhuwah ora sida ngancurké kutha kuwi.

Conto sing keloro kuwi Korès, raja Pèrsia. Ana ramalan nèk dhèwèké bakal mbébaské wong Yahudi sing ditawan lan mréntahké bèn baité Yéhuwah dibangun manèh. (Yés. 44:26–45:4) Ramalan kuwi kelakon tenan. (Ézr. 1:​1-4) Korès ora nyembah Yéhuwah. Dadi, Yéhuwah mémang nggunakké Korès bèn ramalané kelakon, tapi ora meksa Korès bèn nyembah Dhèwèké.—WB. 21:1.

Kuwi mung beberapa hal sing isa awaké dhéwé ngertèni soal kemampuané Yéhuwah kanggo ngerti masa depan. Mémang, ora ana manungsa sing isa bener-bener ngerti sing dipikirké lan dilakukan Yéhuwah. (Yés. 55:​8, 9) Tapi sing pasti, awaké dhéwé isa percaya nèk kabèh sing dilakukan Yéhuwah kuwi mesthi bener.