Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 16

LAGU 64 Seneng Merga Mèlu Martakké

Bèn Tambah Menikmati Nginjil

Bèn Tambah Menikmati Nginjil

”Ngrasa seneng wektu nyembah Yéhuwah.”MZM. 100:2.

INTI

Sing isa dilakukan bèn luwih menikmati nginjil.

1. Apa sing isa waé dirasakké umaté Yéhuwah pas nginjil? (Deloken gambar.)

 SEKSI-SEKSI YÉHUWAH nginjil merga sayang Yéhuwah lan péngin bèn wong-wong kenal karo Dhèwèké. Akèh sing menikmati kegiatan iki. Tapi ya ana sing kudu berjuang bèn isa nyritakké kabar apik karo wong sing ora dikenal. Beberapa mungkin isinan banget lan ora percaya diri. Terus, ya ana sing ora pénak nèk mara ing omahé wong-wong padahal ora diundang. Ana manèh sing wedi disenèni. Sing liyané mungkin wegah nduwé masalah karo wong liya. Tapi merga sayang Yéhuwah lan ngerti nèk iki tugas sing penting banget, meréka tetep rutin nginjil. Yéhuwah mesthi seneng banget.

Pas nginjil, njenengan menikmati apa ora? (Deloken paragraf 1)


2. Ngapa kok ora perlu cilik ati nèk kadhang ora menikmati nginjil?

2 Nèk njenengan tau ngrasa kaya ngono pas nginjil, aja cilik ati. Nèk ora percaya diri, kuwi malah bukti nèk njenengan rendah hati, ora péngin dadi pusat perhatian, lan ora péngin debat karo wong liya. Terus ya ora ana wong sing seneng disenèni, apamanèh nèk sing dilakukan kuwi sakjané apik. Yéhuwah ngerti banget perasaané njenengan lan péngin nulungi. (Yés. 41:13) Piyé bèn isa ngatasi perasaan-perasaan kuwi, lan piyé bèn isa menikmati nginjil? Ing artikel iki bakal dibahas limang carané.

DADI SEMANGAT MERGA MEMPELAJARI ALKITAB

3. Apa sing marakké Nabi Yérémia semangat nginjil?

3 Mbiyèn, ana akèh abdiné Yéhuwah sing éntuk tugas angèl, dadi ngrasa dikuwatké bar krungu omongané Yéhuwah. Contoné, Nabi Yérémia. Wektu dikon nginjil, dhèwèké wedi. Yérémia ngomong, ”Aku ora pinter ngomong. Aku isih enom.” (Yér. 1:6) Tapi, Yérémia akhiré isa dadi kendel merga omongané Yéhuwah. Dhèwèké ya dadi luwih semangat nginjil merga berita sing dhèwèké sampèkké. Dhèwèké ngomong, ”Omongan-Mu kuwi kaya geni sing murub, sing ana ing njero balung-balungku. Kuwi ora isa tak tahan.”—Yér. 20:​8, 9.

4. Menurut Kolose 1:​9, 10, apa manfaaté nèk maca lan ngrenungké Alkitab?

4 Wong Kristen ya isa disemangati nèk ngrungokké omongané Yéhuwah sing ditulis ing Alkitab. Wektu nulis surat kanggo jemaat ing Kolose, Paulus nyebutké nèk nduwé pengetahuan sing bener kuwi isa marakké para sedulur ’nindakké apa sing apik kaya sing kuduné ditindakké wong sing ngabdi marang Yéhuwah’. (Wacanen Kolose 1:​9, 10.) ”Nindakké apa sing apik” kuwi termasuk nginjil. Dadi, nèk maca lan ngrenungké Alkitab, mengko isa dadi tambah beriman karo Yéhuwah lan ngerti ngapa kok nginjil kuwi penting.

5. Piyé bèn isa éntuk luwih akèh manfaat saka maca lan mempelajari Alkitab?

5 Bèn isa éntuk luwih akèh manfaat saka Alkitab, pas maca, mempelajari, lan ngrenungké isiné Alkitab, aja kesusu. Nèk pas maca ana ayat sing ora isa langsung dipahami, aja diliwati. Tapi, golèka luwih akèh keterangan ing Indeks Publikasi Menara Pengawal utawa Panduan Riset kanggo Seksi-Seksi Yéhuwah. Nèk semakin akèh wektu sing digunakké kanggo mempelajari Alkitab, mengko bakal tambah yakin nèk isiné Alkitab kuwi bener. (1 Tés. 5:21) Nah, nèk semakin yakin karo isiné Alkitab, mengko ya dadi tambah péngin nyritakké kuwi karo wong liya.

PERSIAPAN TENANAN SAKDURUNGÉ NGINJIL

6. Ngapa kok kudu persiapan sik sakdurungé nginjil?

6 Nèk persiapané tenanan, mengko pas nginjil ketemu sapa waé ora bingung arep ngomong apa. Yésus ya ngandhani murid-muridé apa waé sing kudu disiapké sakdurungé nginjil. (Luk. 10:​1-11) Merga ngetrapké sing diomongké Yésus, murid-murid dadi menikmati nginjilé lan ana akèh hasil apik sing dicapai.—Luk. 10:17.

7. Apa waé sing isa disiapké sakdurungé nginjil? (Deloken gambar.)

7 Lha terus, persiapané piyé? Njenengan isa mikirké apa sing arep diomongké, terus nyoba nyampèkké kuwi nganggo kata-katané dhéwé. Terus, pikirna loro utawa telu tanggepan sing umum ing dhaérahé njenengan lan piyé carané ngatasi saben tanggepan kuwi. Pas arep mulai omong-omongan, aja lali senyum, ramah, lan aja kesusu mlebu topik.

Persiapan tenanan sakdurungé nginjil (Deloken paragraf 7)


8. Ing perumpamaan sing disebutké Rasul Paulus, ngapa kok umaté Yéhuwah dipadhakké kaya wadhah saka tanah liat?

8 Rasul Paulus tau ngomongké soal ”wadhah saka tanah liat sing isiné harta sing berharga”. (2 Kor. 4:7) ”Harta sing berharga” kuwi maksudé tugas kanggo martakké soal Kerajaané Gusti Allah sing isa marakké wong urip saklawasé. (2 Kor. 4:1) Terus, ”wadhah saka tanah liat” kuwi maksudé umaté Yéhuwah sing martakké kabar apik. Pas jamané Paulus, wadhah saka tanah liat dienggo nyimpen barang-barang berharga, misalé panganan, anggur, lan dhuwit. Padha kaya ngono, awaké dhéwé ya wis dipercaya kanggo martakké berita sing penting. Kuwi tugas sing istiméwa banget. Awaké dhéwé isa terus nginjil mung nèk dibantu Yéhuwah.

NDONGA BÈN KENDEL

9. Piyé carané bèn ora wedi wektu nginjil? (Deloken gambar.)

9 Pas nginjil, kadhang awaké dhéwé wedi ditolak utawa wedi disenèni. Nah, bèn ora wedi manèh, isa niru contoné para rasul. Meréka ya tau dilarang nginjil. Tapi, meréka ndonga njaluk tulung Yéhuwah bèn mbantu meréka ’terus kendel ngumumké omongané Gusti Allah’. Yéhuwah langsung njawab dongané meréka. (Kis. 4:​18, 29, 31) Dadi nèk wedi, isa langsung ndonga karo Yéhuwah bèn dibantu dadi luwih sayang karo wong-wong.

Ndonga bèn kendel (Deloken paragraf 9)


10. Apa waé buktiné Yéhuwah mbantu awaké dhéwé bèn isa kendel nginjil? (Yésaya 43:​10-12)

10 Yéhuwah wis milih awaké dhéwé dadi Seksiné. Dhèwèké ya selalu mbantu bèn awaké dhéwé isa kendel pas nginjil. (Wacanen Yésaya 43:​10-12.) Apa waé buktiné? Sing pertama, Yésus selalu ngancani awaké dhéwé pas nginjil. (Mat. 28:​18-20) Keloro, ana para malaékat sing dikon Yéhuwah kanggo mbantu awaké dhéwé. (Why. 14:6) Ketelu, ana roh suci sing isa ngélingké apa sing wis awaké dhéwé pelajari. (Yoh. 14:​25, 26) Kepapat, ana para sedulur sing siap ngancani. Kuwi kabèh isa marakké awaké dhéwé kendel nginjil.

GELEM NGGAWÉ PENYESUAIAN LAN NDUWÉ PANDHANGAN SING BENER

11. Piyé bèn isa ketemu luwih akèh wong pas nginjil? (Deloken gambar.)

11 Pas nginjil ing omah-omah, piyé nèk ternyata wong-wongé ora ing omah? Pikirna, ’Nèk jam-jam seméné, wong-wong ing dhaérahku kira-kira ana ing endi?’ (Kis. 16:13) ’Apa mungkin meréka lagi kerja utawa blanja?’ Nèk ngono, njenengan mungkin isa nyoba nginjil ing tempat umum. Sedulur sing jenengé Yosua ngomong, ”Aku nyoba nginjil ing pasar lan ing tempat-tempat umum liyané sing ramé.” Yosua karo Brigita bojoné nginjil ing omah-omah pas soré-soré utawa dina Minggu awan, soalé jam-jam semono ana akèh sing lagi ing omah.—Éf. 5:​15, 16.

Gelem nggawé penyesuaian (Deloken paragraf 11)


12. Nèk wong sing dikabari kétoké ora berminat, awaké dhéwé kudu piyé?

12 Nèk wong sing dikabari awalé kétoké ora berminat, njenengan isa berupaya bèn ngerti apa sing dhèwèké percaya lan sing dikuwatirké. Yosua karo Brigita mulai omong-omongané nganggo pertanyaan sing ana ing selebaran halaman ngarep dhéwé. Misalé, pas nganggo selebaran Alkitab Kuwi Apa? meréka ngomong, ”Ana sing percaya Alkitab kuwi asalé saka Gusti Allah, tapi ya ana sing ora percaya. Nèk menurut njenengan piyé?” Bar kuwi, biasané wong-wong dadi gelem lanjut omong-omongané.

13. Meskipun ora ana sing gelem ngrungokké, ngapa kok awaké dhéwé tetep dianggep berhasil? (Wulang Bebasan 27:11)

13 Préntahé Yéhuwah lan Yésus kuwi awaké dhéwé dikon nginjil. Dadi meskipun ora ana sing gelem ngrungokké, selama awaké dhéwé melakukan tugas kuwi, kanggoné Yéhuwah awaké dhéwé wis berhasil. (Kis. 10:42) Bahkan meskipun ditolak utawa babar blas ora ana sing isa ditemoni, awaké dhéwé isa tetep bahagia merga ngerti nèk wis nggawé Yéhuwah seneng.—Wacanen Wulang Bebasan 27:11.

14. Nèk sedulur liya nemokké wong sing berminat, ngapa kok awaké dhéwé mèlu seneng?

14 Nah, piyé nèk sing nemokké wong sing berminat kuwi sedulur liya? Awaké dhéwé kuduné mèlu seneng. Ing Warta Penting, tugas kuwi tau dipadhakké kaya nggolèki bocah ilang. Sing mèlu nggolèki ana akèh. Pas bocahé ketemu, sing seneng ora mung sing nemokké bocah kuwi, tapi ya kabèh sing mèlu nggolèki. Padha kaya ngono, bèn kabèh wong ing dhaérahé jemaat isa ngerti kabar apik, butuh kerjasama tim lan upayané kabèh penginjil. Nèk ana siji sing mulai teka ing pertemuan ibadah, kabèh ya mèlu seneng.

NGINJIL MERGA SAYANG YÉHUWAH LAN WONG LIYA

15. Menurut Matius 22:​37-39, piyé bèn isa tambah semangat nginjil? (Deloken gambar.)

15 Bèn tambah semangat nginjil, kudu éling nèk tugas iki bukti awaké dhéwé sayang Yéhuwah lan wong liya. (Wacanen Matius 22:​37-39.) Bayangna, piyé perasaané Yéhuwah pas ndelok awaké dhéwé nginjil lan piyé bahagiané wong-wong pas akhiré ngerti ajaran sing bener. Élinga, nèk meréka akhiré mutuské nglayani Yéhuwah, meréka isa urip saklawasé.—Yoh. 6:40; 1 Tim. 4:16.

Bèn isa luwih menikmati nginjil, kudu éling nèk nginjil kuwi bukti sayang Yéhuwah lan wong liya (Deloken paragraf 15)


16. Piyé bèn isa tetep menikmati nginjil meskipun ora isa ing endi-endi? Kèkana conto.

16 Meskipun ora isa ing endi-endi, merga sayang Yéhuwah lan wong liya, awaké dhéwé isa tetep menikmati nginjil. Contoné, Samuel karo Diana. Selama pandemi COVID-19, meréka mung isa ing omah terus. Tapi, meréka ngupaya kanggo rutin ngekèki kesaksian liwat télpon, nulis surat, lan mandhu pelajaran Alkitab liwat Zoom. Bahkan pas lunga ing klinik arep terapi kanker, Samuel ya tetep ngekèki kesaksian wong-wong ing kono. Samuel ngomong, ”Ya, mémang iki ora gampang. Kadhang kami ya kesel, strès, lan rasané péngin nyerah. Dadi, kami ya kudu berupaya bèn isa tetep menikmati nginjil.” Pas keadaané kaya ngono, ngerti-ngerti Diana tiba lan selama telung sasi mung isa ing kasur thok. Bar kuwi, selama enem sasi, dhèwèké kudu nganggo kursi roda. Diana crita, ”Aku nglakoni apa sing isa tak lakoni. Aku bahkan isa ngekèki kesaksian perawat sing mara ing omahku lan kurir sing ngirim barang. Liwat télpon, aku ya isa ngekèki kesaksian sales alat keséhatan.” Meskipun sing isa dilakoni terbatas, Samuel karo Diana tetep ngupayakké sing paling apik. Hasilé, meréka isa menikmati nginjil.

17. Piyé bèn isa éntuk luwih akèh manfaat saka saran-saran ing artikel iki?

17 Bayangna njenengan arep nggawé masakan. Ing resèpé wis ditulis bahan-bahané. Nèk kabèh bahané dienggo, hasil masakané mesthi ya énak. Padha kaya ngono, ing artikel iki wis dibahas limang saran bèn isa luwih menikmati nginjil. Nèk kabèh sarané ditrapké, njenengan bakal luwih menikmati nginjil meskipun ana akèh tantangané.

BÈN LUWIH MENIKMATI NGINJIL, NGAPA KOK KUDU . . .

  • persiapan tenanan?

  • ndonga bèn kendel?

  • éling nèk nginjil kuwi bukti sayang Yéhuwah lan wong liya?

LAGU 80 ”Deloken lan Rasakna Nèk Yéhuwah Kuwi Apikan”