Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 17

LAGU 111 Bahagia Merga Yéhuwah

Terus Nglayani Yéhuwah Bareng karo Umaté

Terus Nglayani Yéhuwah Bareng karo Umaté

”Kowé kudu ngrasa seneng merga kabèh sing Tak ciptakké.”YÉS. 65:18.

INTI

Sing dirasakké wong-wong sing ana ing firdaus rohani lan piyé bèn wong liya ya tertarik nggabung ing firdaus rohani.

1. Firdaus rohani kuwi apa, lan apa tékadé wong-wong sing wis ing kono?

 JUTAAN wong sing nglayani Yéhuwah saiki lagi ngrasakké keadaan sing damai lan bersatu, sing dipadhakké kaya firdaus. Kuwi disebut firdaus rohani. Wong-wong sing wis ana ing kono bertékad bèn terus ana ing kono. Malah, meréka ya ngejaki akèh wong liyané bèn nggabung ing kono.

2. Ngapa kok firdaus rohani kuwi luar biasa banget?

2 Firdaus rohani kuwi luar biasa banget. Soalé, ing antarané wong-wong sing jahat, seneng nyilakani, lan saling membenci, umaté Yéhuwah isa ngrasakké suasana sing damai lan bersatu. (1 Yoh. 5:19; Why. 12:12) Yéhuwah péngin umaté isa terus bahagia wektu nglayani, makané Dhèwèké ngekèki firdaus rohani. Menurut Alkitab kuwi kaya panggonan sing ”isa dienggo berlindung” lan ”kaya kebon sing dialiri banyu”. (Yés. 4:6; 58:11) Dadi, merga diberkahi Yéhuwah, umaté isa tetep ngrasa bahagia lan aman meskipun keadaan ing donya saiki tambah berbahaya.—Yés. 54:14; 2 Tim. 3:1.

3. Ramalan ing Yésaya bab 65 kuwi kelakoné pertama kali piyé?

3 Liwat Nabi Yésaya, Yéhuwah ngandhani piyé keadaané wong-wong sing manggon ing firdaus rohani. Kuwi dijelaské ing Yésaya bab 65. Janji kuwi pertama kali kelakon taun 537 SM, pas wong Yahudi sing mauné ditawan ing Babilon dibébaské lan balik manèh ing Yérusalèm. Merga berkahé Yéhuwah, umaté isa mbangun manèh Yérusalèm lan baité, lan isa nglayani Yéhuwah manèh.—Yés. 51:11; Za. 8:3.

4. Piyé ramalan ing Yésaya 65 kelakon manèh?

4 Ramalané Yésaya kuwi kelakon manèh taun 1919, wektu umaté Yéhuwah dibébaské saka Babilon Gedhé. Bar kuwi, mulai ana firdaus rohani. Merga para penginjil padha semangat, akhiré ana akèh jemaat sing terbentuk. Wong-wong sing mauné jahat, kejem, lan ora nggenah, akhiré ya nduwé ’kepribadian sing anyar sesuai karo karepé Gusti Allah’. (Éf. 4:24) Mémang, berkah-berkah sing disebutké Yésaya bakal bener-bener dadi kenyataan sukmbèn ing donya anyar. Tapi, saiki awaké dhéwé ya isa ngrasakké berkah-berkah kuwi ing firdaus rohani. Apa waé sing dirasakké wong-wong sing ana ing firdaus rohani? Lan ngapa kok kudu terus ana ing kono? Kuwi bakal dirembug ing artikel iki.

SING BAKAL DIRASAKKÉ ING FIRDAUS ROHANI

5. Menurut Yésaya 65:​13, apa sing bakal dirasakké wong-wong sing ana ing firdaus rohani?

5 Hubungan sing akrab karo Yéhuwah. Ing ramalané Yésaya dijelaské bédané wong-wong sing ana ing firdaus rohani karo sing ora. (Wacanen Yésaya 65:13.) Bèn umaté isa terus nduwé hubungan sing akrab karo Yéhuwah, ana akèh banget sing disedhiakké Yéhuwah. Ana roh suci, Alkitab, lan publikasi sing dhasaré Alkitab, sing diumpamakké kaya panganan. Tujuané, bèn umaté isa ”mangan, . . . ngombé, . . . [lan] ngrasa seneng”. (Bandhingna Wahyu 22:17.) Tapi sewaliké, sing dudu umaté Yéhuwah, ora nduwé hubungan sing akrab karo Yéhuwah. Menurut Alkitab, meréka ”ngelih . . . , ngelak . . . , [lan] ngrasa isin”.—Am. 8:11.

6. Ramalan ing Yoèl 2:​21-24 nduduhké apa, lan piyé bèn awaké dhéwé isa éntuk manfaaté?

6 Ing ramalané, Yoèl njelaské nèk Yéhuwah nyedhiakké kabèh sing dibutuhké umaté nganti limpah. Misalé, biji-bijian, anggur, lan minyak zaitun. (Yl. 2:​21-24) Kuwi nduduhké nèk Yéhuwah ya bakal nyedhiakké kabèh sing dibutuhké umaté bèn isa tetep akrab karo Dhèwèké. Misalé Alkitab, publikasi sing dhasaré Alkitab, situs wèb, lan kabèh acara pertemuan rohani. Nèk kabèh persediaan kuwi dimanfaatké, awaké dhéwé isa dadi luwih akrab karo Yéhuwah.

7. Apa waé sing isa marakké ”atiné [awaké dhéwé] seneng”? (Yésaya 65:14)

7 Bahagia lan puas. Merga saking bersyukuré karo Yéhuwah, umaté Yéhuwah padha ”sorak-sorak”. (Wacanen Yésaya 65:14.) Meréka ”atiné seneng” merga ngerti ajaran sing bener, janji ing Alkitab, lan nduwé harapan sing mesthi bakal dadi kenyataan merga korban tebusané Yésus. Ngobrolké hal-hal kuwi karo sedulur-sedulur seiman isa bener-bener marakké awaké dhéwé bahagia.—Mzm. 34:8; 133:​1-3.

8. Apa loro ciri utamané wong-wong sing ana ing firdaus rohani?

8 Wong-wong sing ana ing firdaus rohani mesthi saling menyayangi lan bersatu. Kuwi loro ciri utamané. (Kol. 3:14) Nah, nèk saiki waé meréka isa saling menyayangi lan bersatu, sukmbèn ing donya anyar mesthi bakal luwih menyayangi lan luwih bersatu. Ana sedulur wédok sing nyritakké apa sing dhèwèké gatèkké pas pertama kali ketemu Seksi Yéhuwah. Dhèwèké crita, ”Aku ora tau ngrasa bener-bener disayangi. Keluargaku ora saling menyayangi. Tapi, pas ketemu karo Seksi Yéhuwah, lagi kuwi pertama kaliné aku ndelok wong-wong sing saling menyayangi.” Ora soal piyé pandhangané wong-wong ing donya soal Seksi Yéhuwah, tapi meréka nduwé réputasi sing apik. Makané, nèk péngin bener-bener bahagia lan puas, ayo nglayani Yéhuwah bareng karo umaté.—Yés. 65:15.

9. Menurut Yésaya 65:​16, 17 hal-hal sing marakké susah lan sedhih bakal diapakké?

9 Atiné tenang lan ayem. Ing Yésaya 65:14 disebutké nèk wong-wong sing ora ing firdaus rohani bakal ”nangis merga sedhih lan nangis banter banget merga ora nduwé semangat manèh”. Tapi nèk umaté Yéhuwah piyé? Hal-hal sing marahi meréka susah lan sedhih ”ora bakal diéling-éling manèh lan kuwi ora bakal ana manèh ing ati”. (Wacanen Yésaya 65:​16, 17.) Yéhuwah ora mung bakal nyingkirké masalah, tapi ya kenangan buruk soal masalah kuwi.

10. Piyé perasaané njenengan dadi bagéan saka organisasiné Yéhuwah? Lha ngapa? (Deloken gambar.)

10 Bahkan saiki, atiné awaké dhéwé isa ngrasa ayem nèk teka ing pertemuan ibadah. Soalé, ing kono awaké dhéwé dadi ora terus mikirké masalah. Bèn para sedulur ya ngrasakké kuwi, awaké dhéwé isa nduduhké sifat-sifat sing disebutké ing Galatia 5:​22, 23. Misalé, katresnan, bahagia, tentrem, apikan, lan watak sing alus. Isa dadi bagéan saka organisasiné Yéhuwah kuwi berkah sing luar biasa banget. Wong-wong sing terus ana ing firdaus rohani bakal ndelok kelakoné janjiné Yéhuwah soal ”langit anyar lan bumi anyar”.

Isa ana ing firdaus rohani kuwi berkah sing luar biasa (Deloken paragraf 10) b


11. Menurut Yésaya 65:​18, 19, merga ana ing firdaus rohani, njenengan dadi ngrasa piyé?

11 Bersyukur lan bersemangat. Yésaya ya nyebutké ngapa kok awaké dhéwé isa ”ngrasa seneng” ing firdaus rohani. Soalé, firdaus rohani kuwi hasil karyané Yéhuwah. (Wacanen Yésaya 65:​18, 19.) Makané, Yéhuwah ngongkon awaké dhéwé ngejaki wong-wong bèn ya mèlu nggabung ing firdaus rohani sing nyenengké iki. Nah, merga wis ngrasakké dhéwé akèh berkah dadi umaté Yéhuwah, awaké dhéwé mesthi dadi tergerak lan bersemangat kanggo nyritakké kuwi karo wong liya.—Yér. 31:12.

12. Saka janji sing ditulis ing Yésaya 65:​20-24, endi sing paling njenengan senengi lan ngapa?

12 Wong-wong sing ana ing firdaus rohani bersyukur lan bersemangat merga nduwé harapan sing luar biasa. Menurut Alkitab, sukmbèn ing donya anyar ”ora ana bayi sing uripé mung pirang-pirang dina thok. Ora ana wong tuwa sing umuré ora dawa”. Awaké dhéwé ’bakal mbangun omah lan manggon ing kono lan bakal nggawé kebon anggur lan mangan buahé’. Terus, ’kerja kerasé awaké dhéwé mesthi bakal ana hasilé merga diberkahi Yéhuwah’. Sukmbèn bakal urip pénak, ayem tentrem, lan puas. Malah, ”sakdurungé” awaké dhéwé njaluk, Yéhuwah wis ngerti lan bakal ”mènèhi kabèh sing dipéngini”.—Yés. 65:​20-24; Mzm. 145:16.

13. Piyé Yésaya 65:25 nduduhké perubahan sing dialami wong-wong sing akhiré nglayani Yéhuwah?

13 Damai lan ngrasa aman. Ana akèh sing mauné jahat, kejem, lan seneng ngapusi saiki sifaté wis berubah dadi luwih apik merga bantuané roh suci. (Wacanen Yésaya 65:25.) Meréka isih terus berjuang nyingkirké sifat-sifat kuwi. (Rm. 12:2; Éf. 4:​22-24) Mémang, merga isih ora sampurna, wong-wong sing sayang Yéhuwah lan wong liya isa waé nggawé kesalahan. Tapi ”kabèh wong” kuwi isa tetep rukun lan bersatu merga Yéhuwah. Kuwi mukjijat sing luar biasa.—Tit. 2:11.

14. Critakna pengalamané wong sing sifaté isa bener-bener berubah dadi apik.

14 Apa tenan sifaté wong isa bener-bener berubah? Gatèkna pengalamané cah enom sing wis mlebu-metu penjara kèt umur 20. Kelakuané bejat, kejem, lan senengané padu. Dhèwèké bola-bali dipenjara merga nyolong mobil, ngrampok, lan kejahatan serius liyané. Pas ngerti ajaran ing Alkitab lan mulai teka ing pertemuan ibadahé Seksi Yéhuwah, dhèwèké langsung yakin nèk kuwi ajaran sing bener lan dadi péngin nglayani Yéhuwah bareng karo umaté. Dhèwèké seneng ayat ing Yésaya 65:25 soalé dhèwèké wis ngrasakké dhéwé beneré ayat kuwi. Bar dibaptis, dhèwèké sing mauné jahat lan kejem, isa berubah dadi wong sing seneng rukun.

15. Ngapa kok awaké dhéwé péngin ngejak wong-wong nggabung ing firdaus rohani, lan piyé carané?

15 Ing awal Yésaya 65:13 disebutké ”Yéhuwah Gusti sing Mahakuwasa ngomong ngéné”. Ing akhir ayat 25 disebutké ”kandhané Yéhuwah”. Kuwi nduduhké nèk kata-kata ing Yésaya iki sakjané omongané Yéhuwah, lan omongané Yéhuwah mesthi dadi kenyataan. (Yés. 55:​10, 11) Firdaus rohani kuwi saiki wis ana. Yéhuwah wis nggawé akèh wong dadi anggota keluargané. Meskipun ing donya iki ana akèh wong jahat, awaké dhéwé isa ngrasa damai lan aman. (Mzm. 72:7) Makané, ayo ngejak sak akèh-akèhé wong bèn mèlu nggabung. Piyé carané? Ngutamakké tugas kanggo nginjil lan ndadèkké murid.—Mat. 28:​19, 20.

BÈN WONG-WONG TERTARIK NGGABUNG ING FIRDAUS ROHANI

16. Apa waé sing marakké wong-wong gelem nggabung ing firdaus rohani?

16 Bèn akèh wong gelem nggabung ing firdaus rohani, awaké dhéwé kudu niru Yéhuwah. Meskipun Yéhuwah ”narik” wong, tapi carané alus. Dhèwèké ora tau meksa. (Yoh. 6:44; Yér. 31:3) Bar ngerti nèk Yéhuwah kuwi penyayang lan sifat-sifaté apik, wong-wong sing tulus atiné mesthi dadi péngin nyedhak. Lha terus, apa sifat lan tingkah laku sing apik sing diduduhké umaté Yéhuwah ya isa marakké wong dadi gelem nggabung ing firdaus rohani? Piyé carané?

17. Bèn wong liya tertarik nggabung ing firdaus rohani, awaké dhéwé kudu piyé?

17 Mbiyèn, pas ndelok para sedulur saling menyayangi, wong-wong sing lagi pertama kali teka ing pertemuan ibadah jemaat Korintus ngomong, ”Gusti Allah pancèn ndhukung kowé”. Nah saiki, nèk awaké dhéwé ya mbuktèkké sayang lan apikan karo para sedulur, para peminat ya isa waé ngomong kaya ngono. (1 Kor. 14:​24, 25; Za. 8:23) Mulané, ayo ngetrapké naséhat kanggo ”ngupaya bèn tetep rukun karo liyané”.—1 Tés. 5:13.

18. Apa sing isa waé marakké wong dadi péngin nggabung ing organisasiné Yéhuwah?

18 Awaké dhéwé kudu niru pandhangané Yéhuwah wektu urusan karo para sedulur. Sing digatèkké kuwi sifat-sifat apiké, dudu kelemahané sing sukmbèn ora bakal ana manèh. Masalah apa waé mesthi isa dirampungi nèk kabèh nduduhké katresnan. Carané, kudu ”apikan karo wong liya, nduwé rasa mesakké, lan tulus ngapura wong liya”. (Éf. 4:32) Hasilé, wong-wong sing péngin ngrasakké disayangi, mengko dadi péngin nglayani Yéhuwah bareng karo umaté. a

ORA NINGGALKÉ FIRDAUS ROHANI

19. (a) Apa koméntaré wong-wong sing wis tau ninggalké firdaus rohani? Deloken kothak ” Sing Tau Ninggalké Yéhuwah lan Bali Manèh”. (b) Apa sing dadi tékadé njenengan? (Deloken gambar.)

19 Awaké dhéwé mesthi bersyukur banget ana ing firdaus rohani. Saya suwé, sing manggon ing kono saya akèh lan keadaané saya apik. Muga-muga awaké dhéwé terus menghargai kesempatan istiméwa iki. Ayo bertékad ora ninggalké firdaus rohani bèn isa terus akrab karo Yéhuwah, ngrasa puas, ayem, lan aman. Tapi ya kudu ngati-ati soalé Sétan terus berupaya bèn awaké dhéwé metu saka firdaus rohani. (1 Ptr. 5:8; Why. 12:9) Aja nganti Sétan berhasil. Mulané, ayo terus berupaya bèn rukun, bersatu, lan nglayani Yéhuwah bareng karo umaté.

Nèk ora ninggalké firdaus rohani, sukmbèn ya isa urip ing donya anyar (Deloken paragraf 19)


APA JAWABANÉ?

  • Firdaus rohani kuwi apa?

  • Apa waé berkahé nèk ana ing firdaus rohani?

  • Piyé bèn akhiré wong liya dadi tertarik nggabung ing firdaus rohani?

LAGU 144 Terus Diharapké

a Berkah apa waé sing dirasakké Sedulur Alena merga dadi umaté Yéhuwah? Deloken vidéo ing jw.org sing judhulé Piyé Kabaré Saiki? Alena Žitníková: Harapanku Isa Kelakon.

b PENJELASAN GAMBAR: Pas pertemuan ibadah, ana siji sedulur sing menyendiri, padahal sing liyané padha bergaul.