Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PENGALAMAN

Kuwasané Gusti Allah Dadi Kétok Jelas Wektu Aku Lemah

Kuwasané Gusti Allah Dadi Kétok Jelas Wektu Aku Lemah

TAUN 1985, pas aku karo bojoku tekan ing Kolombia, keadaan ing negara kuwi lagi ngeri banget. Pamréntah lagi berjuang mbrantas bandar narkoba lan tentara-tentara gerilya ing pegunungan. Bahkan ing Medellín, salah siji tempat penugasan kami, ana akèh gèng cah-cah enom sing ing endi-endi nggawa pistol. Meréka ngedol narkoba, mbégali wong-wong, lan dadi pembunuh bayaran. Makané, cah-cah enom kuwi akhiré ya cepet mati. Aku ora nyangka ana wong-wong sing jahaté kaya ngono.

Piyé critané kami saka Finlandia, salah siji negara sing paling lor ing donya, isa tekan ing Amerika Selatan? Terus, apa waé sing wis tak pelajari?

PAS AKU REMAJA

Aku lair taun 1955. Aku anak terakhir, lan nduwé mas loro. Aku manggon ing dhaérah selatan Finlandia, ing dhaérah sing saiki disebut kutha Vantaa.

Beberapa taun sakdurungé aku lair, ibuku wis dibaptis dadi Seksi Yéhuwah. Tapi, bapakku nentang lan ora ngijinké ibuku ngajari Alkitab utawa ngejak anak-anaké teka ngibadah. Dadi, kami belajar Alkitabé pas Bapak ora ana.

Kèt umur pitu, aku wis sayang Yéhuwah

Kèt cilik, aku wis sayang karo Yéhuwah. Buktiné, pas aku umur pitu, guruku nesu merga aku ora gelem mangan verilättyjä (pancake sing digawé saka getih khas Finlandia). Sakjané aku wis mingkem. Tapi, guruku malah njejelké pancake kuwi nganggo garpu ing lambéku. Tapi garpuné isa tak tamplèk.

Wektu umurku 12, bapakku mati. Bar kuwi, aku dadi isa teka ing pertemuan ibadah. Sedulur-sedulur ing jemaat padha nggatèkké aku, lan kuwi marakké aku tambah sayang karo Yéhuwah. Aku ya mulai maca Alkitab saben dina lan rajin sinau publikasi saka organisasi. Merga nduwé kebiasaan-kebiasaan kuwi, akhiré 8 Agustus 1969, pas umur 14, aku dibaptis.

Bar lulus sekolah, aku mulai merintis biasa. Beberapa minggu bar kuwi, aku pindhah ing Pielavesi, ing bagéan tengah Finlandia. Soalé, ing kono butuh luwih akèh penginjil.

Ing Pielavesi, aku ketemu karo sedulur wédok sing akhiré dadi bojoku. Jenengé Sirkka. Aku seneng karo dhèwèké merga wongé sederhana lan sayang banget karo Yéhuwah. Dhèwèké seneng mikirké wong liya lan ora nggolèk kenyamanané dhéwé. Kaya aku, Sirkka ya péngin nglayani Yéhuwah luwih akèh ora soal éntuk tugas apa mengkoné. Kami akhiré nikah tanggal 23 Maret 1974. Kami ora bulan madu, tapi malah lunga ing Karttula, soalé ing kana butuh luwih akèh penginjil.

Kontrakan kami ing Karttula, Finlandia

YÉHUWAH NGOPÈNI KAMI

Mobil sing dikèki masku

Kèt awal kami nikah, Yéhuwah terbukti selalu nyukupi kebutuhané kami selama kami ngutamakké Dhèwèké. (Mat. 6:33) Misalé, pas ing Karttula kami ora nduwé mobil. Ing endi-endi kami numpak sepédha. Ing Karttula dhaérahé luas, terus pas musim dingin hawané ya adhem banget. Makané, kami butuh mobil. Tapi, kami ora nduwé dhuwit kanggo tuku mobil.

Ngerti-ngerti, masku teka lan ngekèkké mobilé kanggo kami. Asuransiné wis dibayar. Kami mung tinggal tuku bènsin. Dadi, akhiré kami nduwé mobil.

Kami wis ngrasakké dhéwé nèk Yéhuwah bener-bener ngopèni kami. Sing penting, kami terus ngutamakké Dhèwèké.

SEKOLAH GILÉAD

Sekolah kanggo Perintis taun 1978

Taun 1978, wektu mèlu Sekolah kanggo Perintis, salah siji instruktur kami sing jenengé Raimo Kuokkanen, a ngongkon kami ndaftar Sekolah Giléad. Dadi, kami mulai belajar basa Inggris bèn isa mèlu sekolah kuwi. Tapi, sakdurungé kami ndaftar, taun 1980 kami diundang kanggo nglayani ing kantor cabang Finlandia. Wektu kuwi, anggota Bètel ora éntuk ndaftar Sekolah Giléad. Tapi, kami ora masalah arep nglayani ing endi. Sing penting kuwi sing terbaik menurut Yéhuwah, dudu menurut kami. Makané, kami nampa undangan kuwi. Kami ya isih terus belajar basa Inggris. Sapa ngerti, sukmbèn ana kesempatan kanggo ndaftar ing Giléad.

Beberapa taun bar kuwi, Pengurus Pusat ngandhani nèk anggota Bètel éntuk ndaftar Sekolah Giléad. Kami langsung ndaftar. Kami ndaftar merga péngin nglayani ing dhaérah sing luwih mbutuhké, dudu merga wis ora menikmati nglayani ing Bètel. Akhiré, kami diundang ing Sekolah Giléad kelas ke-79. Terus, lulus bulan September 1985. Bar kuwi, kami ditugaské ing Kolombia.

TUGAS PERTAMA KAMI

Ing Kolombia, kami ditugaské nglayani ing kantor cabang. Aku ngupayakké sing paling apik ing tugasku. Tapi sakwisé setaun, aku péngin ngrasakké tugas liyané. Seumur hidupku, ya mung kuwi aku tau njaluk ganti tugas. Bar kuwi, kami ditugaské dadi utusan injil ing kutha Neiva ing dhaérah Huila.

Aku seneng banget nginjil. Ing Finlandia, pas durung nikah, aku kerep nginjil saka ésuk tekan bengi. Pas wis nikah, aku ya isih kerep nginjil sedina muput karo Sirkka. Nèk nginjilé ing panggonan sing adoh, biasané kami turuné ing mobil. Dadi, kami ora perlu ngentèkké wektu kanggo bolak-balik ing omah, lan langsung isa nginjil pas sésuké.

Semangaté kami kanggo nginjil ora berubah nganti saiki. Jemaat ing Kolombia saya berkembang lan para sedulur ing kono ya rukun lan saling menyayangi.

HASIL MERGA NDONGA SING SPÉSIFIK

Ing cedhak Neiva ana kutha-kutha sing ora ana Seksi Yéhuwahé. Sakjané, aku péngin nginjil tekan kono. Tapi merga ana perang gerilya, dhaérah kono ora aman kanggo wong asing. Dadi, aku ndonga bèn ing kutha-kutha kuwi paling ora ana siji sing gelem dadi Seksi Yéhuwah. Aku mikiré, mengko ana sing sinau Alkitab ing Neiva, terus bar baptis lan nggawé kemajuan, wong kuwi balik ing kampung halamané kanggo nginjil ing kana. Ternyata, Yéhuwah nduwé solusi sing luwih apik.

Ora suwé bar kuwi, ana cah enom sing sinau Alkitab karo aku. Jenengé Fernando González. Dhèwèké kerja ing Neiva. Tapi sakjané manggoné ing Algeciras, sing jaraké 50 kilomèter saka Neiva. Ing kutha Algeciras durung ana Seksi Yéhuwahé. Nèk arep belajar Fernando wis persiapan tenanan, terus dhèwèké ya wis mulai teka ing pertemuan ibadah. Kèt minggu pertama belajar, Fernando wis semangat ngajari wong-wong ing kampung halamané soal Alkitab.

Foto karo Fernando taun 1993

Bar enem sasi belajar Alkitab, bulan Januari 1990, Fernando dibaptis. Bar kuwi, dhèwèké dadi perintis biasa. Merga ing kutha Algeciras wis ana siji Seksi Yéhuwahé, saiki ing kono isa dikirimi perintis istiméwa. Bulan Februari 1992, ing kutha kuwi wis ana siji jemaat.

Fernando ora mung nginjil ing kampung halamané thok. Bar nikah karo Olga, meréka pindhah ing San Vicente del Caguán. Ing kutha kuwi ya ora ana Seksi Yéhuwahé. Meréka mbantu nganti akhiré ing kono ana siji jemaat. Taun 2002, Fernando dilantik dadi pinituwa wilayah. Dhèwèké karo bojoné isih terus ing tugas keliling nganti saiki.

Saka pengalaman iki aku dadi ngerti, nèk éntuk tugas saka organisasi ndongané kudu sing spésifik. Kuwasané Yéhuwah luwih gedhé timbang awaké dhéwé. Apamanèh, iki gawéané Yéhuwah, dudu gawéané awaké dhéwé.—Mat. 9:38.

YÉHUWAH MÈNÈHI ”KEPÉNGINAN LAN KEKUWATAN” KANGGO BERTINDAK

Taun 1990, aku ditugaské dadi pinituwa wilayah. Wilayah pertama kami kuwi ing ibukota, yaiku Bogotá. Kami sakjané wedi ing penugasan iki, soalé kami mung wong biasa sing ora nduwé ketrampilan khusus. Kami ya ora biasa urip ing kutha gedhé. Tapi Yéhuwah nepati janjiné ing Filipi 2:13: ”Gusti Allah nguwatké kowé bèn kowé isa nyenengké Dhèwèké. Dhèwèké ya mènèhi kowé kepénginan lan kekuwatan kanggo nindakké kuwi.”

Bar kuwi, kami ditugaské ing dhaérah Medellín, kutha sing mau tak sebutké. Saking akèhé kejahatané, wong-wong ing kono nganti wis terbiasa. Misalé, pas aku lagi mandhu sinau Alkitab, ing cedhak omahé PAR-ku ana témbak-témbakan. Aku wis mèh tiarap, tapi PAR-ku kuwi tetep tenang, malah tetep lanjut maca paragraf. Bar rampung maca, dhèwèké pamit metu sedhéla. Bar kuwi dhèwèké mlebu karo nggandhèng cah cilik loro. Terus dhèwèké ngomong, ”Sorry ya, ternyata anakku isih ing njaba.”

Terus ya pernah wektu nginjil ing omah-omah, ngerti-ngerti bojoku mlayu marani aku. Wajahé pucet banget. Dhèwèké ngomong nèk dhèwèké mèh waé ditémbak wong. Aku kagèt banget. Tapi bar kuwi kami ngerti nèk sakjané sing dadi sasaran kuwi dudu bojoku, tapi wong lanang sing liwat ing sebelahé.

Merga ndelok sedulur-sedulur ing kono padha tetep tenang lan kendel meskipun situasiné kaya ngono, suwé-suwé kami ya ora kuwatir manèh. Nèk Yéhuwah waé nglindhungi para sedulur, Dhèwèké ya mesthi bakal nglindhungi kami. Kami selalu berupaya manut arahané para pinituwa, tetep ngati-ati, lan ngendelké Yéhuwah.

Tapi, kadhang-kadhang situasiné ora selalu berbahaya kaya sing kami bayangké. Misalé, pernah pas lagi kunjungan, ing njaba ana swara wong wédok loro lagi padu. Awalé ora tak gagas, tapi kunjunganku ngejak aku metu ing téras omahé. Ternyata, ora ana sing padu. Kuwi swarané manuk béo loro sing lagi nirokké swarané wong padu.

TUGAS ANYAR LAN KESULITANÉ

Taun 1997, aku dilantik dadi instruktur Sekolah Pelatihan Pelayanan. b Aku selalu seneng nèk isa mèlu sekolah-sekolah saka organisasi. Tapi, aku ora tau mbayangké nèk aku sing dadi instrukturé.

Bar kuwi, aku dadi pengawas distrik. Pas pengaturan soal pengawas distrik wis ora ana manèh, aku balik dadi pinituwa wilayah manèh. Dadi selama 30 taun luwih, aku wis tau nglayani dadi instruktur lan pengawas keliling. Ana akèh berkah sing tak rasakké, tapi ya ana tantangané.

Aku ki wongé tegas lan percaya diri. Ing beberapa situasi, sifat kuwi bermanfaat banget. Tapi merga terlalu tegas, kadhang nèk ana sing salah, aku péngin langsung mbenerké. Misalé, pas ngandhani para sedulur bèn dadi wong sing apikan lan alus. Nah, merga caraku ngandhani terlalu tegas, aku malah ora nduduhké sifat-sifat kuwi.—Rm. 7:​21-23.

Kadhang-kadhang, aku cilik ati merga kelemahan-kelemahanku kuwi. (Rm. 7:24) Aku pernah ndonga lan ngomong karo Yéhuwah nèk mendhing aku balik waé ing Finlandia lan ora dadi utusan injil manèh. Bengi kuwi, aku teka ing pertemuan ibadah. Naséhat sing tak rungokké ing kono nguwatké aku bèn tetep bertekun ing penugasanku karo berupaya ngatasi kelemahanku. Nganti saiki, aku isih tersentuh nèk ngrenungké carané Yéhuwah njawab dongaku kuwi. Aku ya bersyukur banget merga Yéhuwah mbantu aku ngatasi kelemahanku.

TERUS NGENDELKÉ YÉHUWAH

Aku karo Sirkka bersyukur banget merga Yéhuwah wis ngekèki kesempatan kami isa nglayani Dhèwèké sepenuh waktu. Aku ya bersyukur merga Yéhuwah wis ngekèki aku bojo sing sayang lan setya ngancani aku selama iki.

Saiki, umurku wis mèh 70. Berarti, sedhéla manèh aku ora bakal dadi instruktur lan pengawas keliling. Tapi aku ora bakal cilik ati. Soalé aku percaya, nèk arep ngluhurké Yéhuwah kuwi ora kudu nduwé tugas istiméwa tertentu. Awaké dhéwé isa ngluhurké Yéhuwah nèk rendah hati nglayani Dhèwèké lan muji Dhèwèké merga sayang lan merga péngin bersyukur.—Mi. 6:8; Mrk. 12:​32-34.

Nèk ngéling-éling kabèh tugas sing tau tak tampa, aku ngerti nèk aku éntuk tugas-tugas kuwi dudu merga aku luwih apik timbang wong liya utawa merga ketrampilan lan kesanggupanku. Tapi, kuwi merga Yéhuwah apikan banget karo aku. Dhèwèké ngekèki aku tugas-tugas kuwi meskipun aku nduwé akèh kelemahan. Aku isa ngrampungké tugas-tugas kuwi ya mung merga bantuané Yéhuwah. Makané, aku isa ngomong nèk kuwasané Gusti Allah dadi kétok jelas wektu aku lemah.—2 Kor. 12:9.

a Pengalamané Sedulur Raimo Kuokkanen ditulis ing artikel ”Bertekad Melayani Yehuwa” ing Menara Pengawal 1 April 2006.

b Sekolah iki wis diganti dadi Sekolah kanggo Penginjilé Kerajaané Allah.