Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 14

LAGU 56 Manuta Huwah

”Ngupaya Dadi Wong sing Déwasa”

”Ngupaya Dadi Wong sing Déwasa”

”Ayo terus ngupaya dadi wong sing déwasa.”IBR. 6:1.

INTI

Wong Kristen sing déwasa bakal mikir lan bertindak sesuai karo karepé Yéhuwah lan wicaksana wektu nggawé keputusan.

1. Yéhuwah péngin awaké dhéwé piyé?

 PAS anaké lair, wong tuwa mesthi seneng banget. Tapi, nèk bayiné kuwi ora ndang gedhé-gedhé, wong tuwané mesthi ya kuwatir. Meskipun bayiné kuwi lucu, wong tuwané mesthi péngin bayi kuwi terus bertumbuh. Padha kaya ngono, Yéhuwah seneng pas awaké dhéwé mulai sinau Alkitab. Tapi, Dhèwèké ya péngin awaké dhéwé terus maju. (1 Kor. 3:1) Yéhuwah ngomong nèk awaké dhéwé kudu dadi wong Kristen sing déwasa.—1 Kor. 14:20.

2. Apa sing bakal dibahas ing artikel iki?

2 Dadi wong Kristen sing déwasa kuwi maksudé apa? Bèn isa dadi wong Kristen sing déwasa, kudu piyé? Ngapa kok aja mung belajar ajaran dhasar thok? Terus, ngapa kok ora éntuk rumangsa ora perlu nggawé kemajuan manèh? Pertanyaan-pertanyaan kuwi bakal dibahas ing artikel iki.

DADI WONG KRISTEN SING DÉWASA KUWI MAKSUDÉ APA?

3. Dadi wong Kristen sing déwasa kuwi maksudé apa?

3 Ing Alkitab, kata Yunani ”déwasa” ya isa berarti nduwé sifat-sifat sing luwih apik. (Éf. 4:​13, cathetan ngisor) Kaya bayi sing terus bertumbuh dadi déwasa, hubungané awaké dhéwé karo Yéhuwah ya kudu terus tambah akrab. Bahkan nèk wis akrab, ya kudu terus nggawé kemajuan. (1 Tim. 4:15) Kabèh, termasuk cah-cah enom, isa dadi wong Kristen sing déwasa. Nah, apa buktiné nèk wis dadi wong Kristen sing déwasa?

4. Jelasna wong Kristen sing déwasa kuwi piyé.

4 Wong Kristen sing déwasa bakal manut kabèh préntahé Gusti Allah, ora mung milih sing disenengi thok. Mémang, merga isih durung sampurna, dhèwèké isa waé nggawé kesalahan. Tapi, wong Kristen sing déwasa bakal berusaha bèn saben dina pikiran lan perbuatané cocog karo karepé Gusti Allah. Dhèwèké ya nduwé sifat-sifat sing apik lan terus berusaha bèn selalu nduwé pandhangan sing padha karo Gusti Allah. (Éf. 4:​22-24) Dhèwèké ora butuh aturan terperinci soal sing éntuk lan ora éntuk merga nèk arep nggawé keputusan, dhèwèké bakal mikirké sik pathokan lan hukumé Yéhuwah. Terus, keputusan sing wis digawé kuwi ya mesthi dilakukan.—1 Kor. 9:​26, 27.

5. Menurut Éfésus 4:​14, 15, wong Kristen sing ora déwasa kuwi piyé?

5 Tapi, wong Kristen sing ora déwasa gampang percaya karo ”ajaran sing ora bener” utawa informasi sing salah. Dhèwèké ya gampang diapusi ”wong-wong sing licik” lan wong murtad. a (Wacanen Éfésus 4:​14, 15.) Dhèwèké gampang iri, seneng nggawé masalah, gampang tersinggung, lan nèk ana godhaan ya gampang nyerah.—1 Kor. 3:3.

6. Kok isa pertumbuhané wong Kristen dadi déwasa kuwi kaya pertumbuhané bocah? (Deloken gambar.)

6 Ing Alkitab, prosès bèn isa dadi wong Kristen sing déwasa diumpamakké kaya pertumbuhané bocah. Bocah cilik biasané durung ngerti apa-apa. Makané, dhèwèké kudu diawasi lan dikandhan-kandhani. Perumpamaané ngéné: Ana ibu karo anaké arep nyabrang dalan. Merga anaké isih cilik, dhèwèké dikon nyekeli tangané ibuné. Tapi bar anaké tambah gedhé, ibuné mungkin ngongkon dhèwèké nyabrang dhéwé, tapi isih diélingké bèn ndelok kiwa-tengen sakdurungé nyabrang. Nah, pas wis déwasa, dhèwèké isa nyabrang dhéwé. Kaya cah cilik mau, wong Kristen sing durung déwasa ya isih kudu kerep dikandhan-kandhani wong Kristen sing déwasa bèn isa wicaksana wektu nggawé keputusan. Tapi, wong Kristen sing déwasa isa nggawé keputusan dhéwé. Meréka mikirké sik pandhangané Yéhuwah ing Alkitab, terus nggawé keputusan berdasarkan kuwi.

Bèn isa dadi wong Kristen sing déwasa, kudu belajar carané nggawé keputusan berdasarkan pathokan ing Alkitab (Deloken paragraf 6)


7. Apa wong Kristen sing déwasa isih butuh bantuané wong liya?

7 Tapi, kuwi ora berarti wong Kristen sing déwasa babar blas ora butuh bantuané sapa-sapa. Kadhang, dhèwèké ya njaluk sarané wong liya. Nah bédané, wong Kristen sing durung déwasa bakal njaluk digawèkké keputusan. Tapi, nèk wong Kristen sing déwasa ngerti nèk meréka dhéwé sing kudu ’mikul tanggung jawab’ kanggo nggawé keputusan.—Gal. 6:5.

8. Apa wong Kristen sing déwasa kuwi sifaté mesthi padha kabèh? Jelasna.

8 Wong sing disebut déwasa ora berarti fisiké kudu padha karo wong déwasa liyané. Nah, wong Kristen sing déwasa ya ora berarti sifaté padha kabèh. Mungkin ana sing luwih menonjol sifat apikané, sing liyané mungkin sifat kendelé, murah hatiné, utawa kawicaksanané. Bahkan, loro wong Kristen sing déwasa isa waé nggawé keputusan sing béda meskipun ngadhepi situasi sing padha, terutama nèk kuwi soal hati nurani. Sing penting, keputusan kuwi cocog karo pathokan ing Alkitab. Makané, meréka ora menghakimi keputusané wong liya, tapi ngupaya tetep rukun.—Rm. 14:10; 1 Kor. 1:10.

BÈN DADI WONG KRISTEN SING DÉWASA KUDU PIYÉ?

9. Apa dadi wong Kristen sing déwasa kuwi isa otomatis? Jelasna.

9 Mémang, nèk bocah wis mesthi bakalé dadi gedhé, tapi kanggo dadi wong Kristen sing déwasa kuwi ora isa otomatis. Misalé, wong Kristen ing Korintus. Meréka wis ngerti ajaran sing bener, dibaptis, éntuk roh suci, lan nampa akèh naséhat saka Rasul Paulus. (Kis. 18:​8-11) Tapi, beberapa taun sakwisé dibaptis, isih ana akèh sing durung dadi wong Kristen sing déwasa. (1 Kor. 3:2) Nah bèn ora kaya ngono, awaké dhéwé kudu piyé?

10. Bèn isa dadi wong Kristen sing déwasa kuwi kudu piyé? (Yudas 20)

10 Bèn isa dadi wong Kristen sing déwasa kuwi kudu nduwé niat utawa kepénginan sik kanggo nggawé kemajuan. ”Wong sing ora nduwé pengalaman” lan pénginé terus kaya ngono kuwi ibaraté kaya dadi bayi terus. (WB. 1:22) Awaké dhéwé mesthi ora péngin kaya wong déwasa sing isih bergantung karo wong tuwané nèk arep nggawé keputusan. Awaké dhéwé pénginé nganggep nèk nggawé kemajuan rohani kuwi tanggung jawab pribadi. (Wacanen Yudas 20.) Nèk kuwi sing lagi njenengan upayakké, ndongaa bèn Yéhuwah ngekèki ’kepénginan lan kekuwatan kanggo bertindak’.—Flp. 2:13.

11. Bèn awaké dhéwé dadi wong Kristen sing déwasa, Yéhuwah ngekèki bantuan apa waé? (Éfésus 4:​11-13)

11 Awaké dhéwé ora dijarké berjuang dhèwèkan bèn isa dadi wong Kristen sing déwasa. Yéhuwah ngekèki para pinituwa ing jemaat kanggo dadi gembala lan guru, bèn awaké dhéwé isa dadi wong Kristen ”sing déwasa” utawa ”dadi wong sing imané kuwat kaya Kristus”. (Wacanen Éfésus 4:​11-13, lan cathetan ngisor.) Yéhuwah ya ngekèki roh suci bèn awaké dhéwé isa ”nduwé pikirané Kristus”. (1 Kor. 2:​14-16) Terus, Yéhuwah ya ngongkon bèn pikiran, omongan, lan perbuatané Yésus pas ing bumi ditulis ing patang Injil. Nèk mempelajari kuwi lan niru Yésus, awaké dhéwé isa dadi wong Kristen sing déwasa.

APA MANFAATÉ ”PANGANAN SING ATOS?”

12. Ajaran dhasar ing Alkitab kuwi maksudé apa?

12 Bèn isa dadi wong Kristen sing déwasa, aja mung belajar ajaran dhasar thok ing Alkitab. Kuwi maksudé pengetahuan ing Alkitab sing dipelajari pas awal-awal dadi muridé Yésus. Ajaran kuwi misalé soal pertobatan, iman, baptisan, lan soal wong mati diuripké manèh. (Ibr. 6:​1, 2) Kabèh sing péngin dadi muridé Yésus kudu percaya kabèh ajaran kuwi. Makané, topik-topik kuwi dikotbahké Rasul Pétrus pas dina Péntakosta. (Kis. 2:​32-35, 38) Paulus ya tau ngomong nèk wong ora percaya ajaran soal wong mati diuripké manèh, kuwi berarti dhèwèké ora isa dadi muridé Yésus. (1 Kor. 15:​12-14) Tapi, bèn dadi wong Kristen sing déwasa, ora cukup nèk mung percaya ajaran-ajaran dhasar kuwi thok.

13. Bèn isa éntuk manfaat saka ”panganan sing atos” sing disebutké ing Ibrani 5:​14, kudu piyé? (Deloken gambar.)

13 Menurut Alkitab, awaké dhéwé ya butuh ”panganan sing atos”. Panganan sing atos kuwi isiné ora mung hukumé Yéhuwah tapi ya pathokané. Nèk mempelajari, ngrenungké, lan ngetrapké pathokan ing Alkitab, awaké dhéwé isa ngerti pandhangané Yéhuwah. Nèk ngupayakké kuwi, berarti awaké dhéwé lagi ”dilatih” bèn isa nggawé keputusan sing nggawé Yéhuwah seneng. bWacanen Ibrani 5:14.

Bèn isa nggawé keputusan sing nyenengké Yéhuwah, kudu mangan ”panganan sing atos” (Deloken paragraf 13) c


14. Piyé Paulus ngajari wong Kristen ing Korintus bèn dadi wong Kristen sing déwasa?

14 Wektu ora ana préntah sing jelas ing Alkitab, wong Kristen sing ora déwasa biasané bakal bingung wektu arep nggawé keputusan. Ana sing mikir nèk meréka isa sak karepé dhéwé. Tapi ya ana sing malah njaluk digawèkké hukum. Misalé, wong Kristen ing Korintus njaluk Paulus nggawèkké hukum soal mangan panganan sing wis dikèkké brahala. Paulus ora ngandhani éntuk apa orané. Paulus njelaské nèk saben wong ”bébas kanggo milih” berdasarkan hati nuraniné dhéwé-dhéwé. Paulus ngekèki beberapa pathokan ing Alkitab bèn meréka isa nggawé keputusan berdasarkan hati nurani lan ora marakké wong liya tersinggung. (1 Kor. 8:​4, 7-9) Dadi, Paulus lagi ngajari wong Kristen ing Korintus bèn dadi wong Kristen sing déwasa. Wektu arep nggawé keputusan, daripada mèlu-mèlu wong liya utawa nggolèk hukum, meréka dikon nggolèki pathokané ing Alkitab.

15. Piyé Paulus ngajari wong Kristen ing Ibrani bèn nggawé kemajuan?

15 Awaké dhéwé ya isa éntuk manfaat nèk maca suraté Paulus kanggo wong Kristen ing Ibrani. Meréka ora nggawé kemajuan, tapi malah ternyata ”isih butuh susu, dudu panganan sing atos”. (Ibr. 5:12) Meréka ora ngetrapké keterangan sing paling anyar, sing wis disampèkké liwat jemaat. (WB. 4:18) Misalé, ana akèh wong Kristen Yahudi sing isih ngunggul-unggulké Hukum Musa. Padahal kuwi wis 30 taun ora berlaku sejak Yésus mati dadi tebusan. (Rm. 10:4; Tit. 1:10) Kuduné meréka wis paham nèk Hukum Musa kuwi wis ora berlaku manèh. Makané ing suraté, Paulus ngekèki wong Kristen ing Ibrani ajaran-ajaran Alkitab sing dipadhakké kaya panganan sing atos. Paulus ngandhani soal kuwi bèn meréka ngerti nèk cara ngibadahé meréka saiki kuwi luwih unggul, lan bèn meréka isa tambah kendel nginjil meskipun ditentang wong Yahudi.—Ibr. 10:​19-23.

BERJUANG BÈN TERUS DADI WONG KRISTEN SING DÉWASA

16. Selain berupaya bèn dadi wong Kristen sing déwasa, awaké dhéwé kudu ngapa manèh?

16 Sing kudu diupayakké kuwi ora mung bèn dadi wong Kristen sing déwasa, tapi piyé bèn isa terus dadi wong Kristen sing déwasa. Mulané ora éntuk ngrasa puas. (1 Kor. 10:12) Awaké dhéwé kudu ”terus mriksa” apa isih terus nggawé kemajuan.—2 Kor. 13:5.

17. Menurut suraté Paulus kanggo wong Kristen ing Kolose, bèn isa terus dadi wong Kristen sing déwasa kuwi kudu ngapa manèh?

17 Ing suraté kanggo wong Kristen ing Kolose, Paulus nyebutké manèh soal dadi wong Kristen sing déwasa. Meskipun meréka wis dadi wong Kristen sing déwasa, Paulus ngélingké meréka bèn ngati-ati aja nganti pikirané terpengaruh karo pandhangané wong-wong ing donya. (Kol. 2:​6-10) Épafras, sing ngerti banget soal sedulur-sedulur ing jemaat Kolose, ya terus ndongakké bèn meréka ”tetep nduwé iman sing kuwat” utawa ”tetep déwasa”. (Kol. 4:​12, lan cathetan ngisor) Paulus lan Épafras ngerti bèn isa tetep dadi wong Kristen sing déwasa kuwi kudu berupaya lan butuh bantuané Yéhuwah. Meréka péngin wong Kristen ing Kolose terus nggawé kemajuan meskipun ngadhepi tantangan.

18. Wong Kristen sing déwasa isa waé ngalami apa? (Deloken gambar.)

18 Ing suraté kanggo wong Ibrani, Paulus ngélingké nèk wong Kristen sing déwasa ya isa putus hubungan karo Yéhuwah saklawasé nèk ora ngati-ati. Kok isa? Nèk sengaja nggawé dosa lan ora gelem bertobat, meréka ora isa diampuni Gusti Allah. Untungé, wong Kristen ing Ibrani ora nganti kaya ngono. (Ibr. 6:​4-9) Terus, piyé nèk saiki ana sedulur sing wis suwé ora ngibadah utawa malah ditokké saka jemaat? Nèk bener-bener rendah hati bertobat, kuwi sakjané bukti nèk meréka ora kaya wong-wong sing ditulis ing suraté Paulus. Malah, nèk meréka gelem balik ing Yéhuwah, Yéhuwah ya bakal mbantu. (Yèh. 34:​15, 16) Para pinituwa mungkin ngatur bèn ana sedulur seiman sing mbantu meréka akrab manèh karo Yéhuwah.

Yéhuwah mbantu wong-wong sing péngin semangat manèh nglayani Dhèwèké (Deloken paragraf 18)


19. Apa tékadé njenengan?

19 Njenengan mesthi isa dadi wong Kristen sing déwasa. Carané, terus mempelajari ajaran-ajaran sing dipadhakké kaya ”panganan sing atos” lan terus berupaya bèn nduwé pikiran sing padha kaya Yéhuwah. Nèk wis dadi wong Kristen sing déwasa, njenengan ya isih kudu terus nggawé kemajuan.

APA JAWABANÉ?

  • Dadi wong Kristen sing déwasa kuwi maksudé apa?

  • Bèn dadi wong Kristen sing déwasa kuwi kudu piyé?

  • Ngapa kok ora éntuk rumangsa ora perlu nggawé kemajuan manèh?

LAGU 65 Terus Maju

a Deloken ”Aja Gampang Percaya karo Kabèh Informasi” ing kumpulan artikel ”Topik Liyané” ing jw.org lan ing JW Library.®

b Deloken ”Bahan Pelajaran Pribadi lan Keluarga” ing majalah iki.

c PENJELASAN GAMBAR: Sedulur lanang ngetrapké pathokan ing Alkitab soal milih hiburan.