Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Apa Njenengan Ngerti?

Apa Njenengan Ngerti?

Ngapa kok prajurité Raja Daud ana sing dudu wong Israèl?

ING pasukané Raja Daud ana wong-wong lanang sing dudu wong Israèl. Misalé, Zèlèk wong Ammon, Uria wong Hèt, lan Itma wong Moab. a (1 Bb. 11:​39, 41, 46) Terus, ya ana ’wong Khèrèti, wong Pèlèti, lan wong Gat’. (2 Sam. 15:18) Wong Khèrèti karo wong Pèlèti kuwi isih seduluran karo wong Filistin. (Yèh. 25:16) Wong Gat asalé ya saka kutha Gat ing Filistin.—Yos. 13:​2, 3; 1 Sam. 6:​17, 18.

Ngapa kok Daud ngijinké wong sing dudu bangsa Israèl dadi prajurité? Soalé, Daud yakin nèk meréka mesthi bakal setya karo dhèwèké lan Yéhuwah. Ana salah siji kamus Alkitab sing nyebutké soal wong Khèrèti lan wong Pèlèti: ”Meréka tetep setya karo Daud meskipun situasiné angèl.” Apa contoné? Pas ”kabèh wong Israèl padha ninggalké Daud lan ngetutké Syéba”, wong ”sing seneng nggawé masalah”, wong Khèrèti lan wong Pèlèti tetep ndhukung Daud lan mbantu Daud nggagalké pembrontakané Syéba. (2 Sam. 20:​1, 2, 7) Terus, pas Adoniya, anaké Raja Daud, berusaha ngrebut takhtané Salomo, wong Khèrèti karo wong Pèlèti tetep ndhukung Daud lan mèlu nglantik Salomo sing wis dipilih Yéhuwah dadi raja sakwisé Daud.—1 Raj. 1:​24-27, 38, 39.

Prajurité Daud sing dudu bangsa Israèl sing ya terus setya karo Daud kuwi Ittai, wong Gat. Ittai karo 600 prajurité ndhukung Raja Daud pas Absalom, anaké Raja Daud, mbrontak lan mempengaruhi wong Israèl bèn ya mèlu nglawan Daud. Awalé, Daud ngandhani Ittai bèn ora usah mèlu perang merga Ittai dudu wong Israèl. Tapi Ittai njawab, ”Aku sumpah demi Yéhuwah Gusti Allah sing urip, lan demi njenengan rajaku sing urip. Abdimu iki bakal terus ngetutké njenengan, senajan kudu mati bareng karo njenengan.”—2 Sam. 15:​6, 18-21.

Ittai setya karo Daud, raja sing dipilih Yéhuwah

Meskipun wong Khèrèti, wong Pèlèti, lan wong Gat dudu bangsa Israèl, tapi meréka ngerti nèk Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing bener lan Daud kuwi wong sing dipilih Yéhuwah. Daud mesthi bersyukur banget nduwé prajurit sing setya kaya meréka.

a Ing Pangandharing Torèt 23:​3-6 wong Ammon lan wong Moab ora éntuk dadi bagéan saka umaté Yéhuwah. Nah, kétoké hukum kuwi maksudé nèk meréka ora isa dadi bangsa Israèl. Tapi, nèk bergaul utawa manggon ing antarané wong Israèl kuwi ora apa-apa. Deloken Pemahaman Alkitab, Jilid 1, halaman 108.