Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 19

LAGU 22 Ndang Mréntah Kerajaané

Carané Yéhuwah Ngadili Selama Sengsara Gedhé

Carané Yéhuwah Ngadili Selama Sengsara Gedhé

”Yéhuwah . . . ora péngin ana wong sing disingkirké.”2 PTR. 3:9.

INTI

Yéhuwah mesthi adil lan keputusané mesthi bener wektu ngadili wong-wong pas sengsara gedhé.

1. Ngapa kok saiki jaman sing istiméwa?

 SAIKI jaman sing istiméwa banget. Soalé, saben dina awaké dhéwé ngrasakké ana ramalan ing Alkitab sing kelakon. Misalé, ana ”raja lor” lan ”raja kidul” sing lagi saingan merga padha-padha péngin nguwasani donya. (Dan. 11:40) Terus, kabar apik soal Kerajaané Gusti Allah lagi diwartakké ing sak donya, lan ana jutaan wong sing milih nglayani Yéhuwah. (Yés. 60:22; Mat. 24:14) Awaké dhéwé saiki ya éntuk akèh banget persediaan rohani sing kaya ’panganan ing wektu sing pas’.—Mat. 24:​45-47.

2. Awaké dhéwé isa yakin soal apa, tapi apa sing ya kudu diéling-éling?

2 Yéhuwah selalu ngekèki keterangan-keterangan sing luwih jelas soal peristiwa-peristiwa penting sing ora suwé manèh bakal kelakon. (WB. 4:18; Dan. 2:28) Awaké dhéwé isa yakin nèk mengko pas sengsara gedhé dimulai, awaké dhéwé bakal éntuk petunjuk utawa keterangan sing dibutuhké bèn isa tetep setya lan bersatu selama masa sing sulit kuwi. Tapi tetep waé, ana hal-hal sing bakal kelakon sing awaké dhéwé ora ngerti. Saiki ayo mbahas sik ngapa kok penjelasan sing mbiyèn soal peristiwa-peristiwa pas sengsara gedhé saiki kudu disesuaikké. Terus, mengko ya bakal dibahas beberapa hal sing awaké dhéwé ngerti soal masa depan lan carané Yéhuwah ngadili.

SING AWAKÉ DHÉWÉ ORA NGERTI

3. Mbiyèn ing publikasi ana keterangan apa, lan ngapa kok isa nyimpulké kaya ngono?

3 Mbiyèn ing publikasi disebutké nèk wektu sengsara gedhé dimulai, wong-wong wis ora nduwé kesempatan kanggo beriman karo Yéhuwah lan slamet pas Armagédon. Mbiyèn isa nyimpulké kaya ngono merga mikiré nèk saben wong lan peristiwa pas jamané Banjir Gedhé kuwi nggambarké sesuatu sing bakal kelakon ing masa depan. Misalé, padha kaya jamané Nuh ora ana sing isa mlebu kapal sakwisé ”Yéhuwah nutup lawangé kapal”, nah sukmbèn pas sengsara gedhé dimulai, ora ana manèh kesempatan kanggo beriman karo Yéhuwah lan dislametké.—Mat. 24:​37-39.

4. Apa kabèh sing kelakon pas jamané Banjir Gedhé kuwi nggambarké sesuatu sing bakal kelakon sukmbèn? Jelasna.

4 Apa mémang kabèh sing kelakon pas jamané Banjir Gedhé nggambarké sesuatu sing bakal kelakon sukmbèn? Ora. Soalé, Alkitab ora nyebutké kaya ngono. a Mémang Yésus mbandhingké ”jamané Nuh” karo pas dhèwèké teka. Tapi, Yésus ora ngomong nèk kabèh sing kelakon pas jamané Nuh ya bakal kelakon sukmbèn, misalé soal Yéhuwah sing nutup lawangé kapal. Tapi, kuwi ora berarti ora ana sing isa dipelajari saka kisahé Nuh lan Banjir Gedhé.

5. (a) Apa buktiné nèk Nuh beriman? (Ibrani 11:7; 1 Pétrus 3:20) (b) Soal tugas nginjil, apa sing padha saka jaman saiki karo jamané Nuh?

5 Bar dikandhani Yéhuwah nèk bakal ana Banjir Gedhé, Nuh langsung mbangun kapal gedhé. Kuwi bukti nèk dhèwèké beriman karo Yéhuwah. (Wacanen Ibrani 11:7; 1 Pétrus 3:20.) Padha kaya ngono, saiki wong-wong sing krungu kabar apik soal Kerajaané Gusti Allah ya kudu mbuktèkké imané liwat perbuatan. (Kis. 3:​17-20) Ing 2 Pétrus 2:​5, Pétrus nyebut nèk Nuh kuwi ”wong sing martakké apa sing bener”. Tapi kaya sing wis dibahas ing artikel sakdurungé, awaké dhéwé ora ngerti apa Nuh wis berupaya ngandhani saben wong ing bumi soal Banjir Gedhé. Saiki, awaké dhéwé ya berupaya semangat martakké kabar apik karo sak akèh-akèhé wong. Tapi, awaké dhéwé ya ngerti nèk ora bakal isa ngandhani saben wong ing bumi sakdurungé dinané Yéhuwah teka. Lha ngapa?

6-7. Ngapa kok isa disimpulké nèk awaké dhéwé ora bakal isa nginjil ing kabèh wong ing bumi?

6 Yésus tau ngramalké nèk kabar apik ”bakal diumumké ing kabèh wilayah ing bumi bèn kabèh bangsa krungu”. (Mat. 24:14) Ramalan kuwi kelakon tenan saiki. Kabar apik wis diwartakké ing luwih saka 1.000 basa. Terus merga ana situs jw.org, akèh wong saiki isa ngerti kabar apik soal Kerajaané Gusti Allah.

7 Tapi, Yésus ya ngandhani nèk murid-muridé ”ora bakal rampung marani kabèh kutha”, utawa nginjil ing kabèh wong, sakdurungé Yésus teka. (Mat. 10:23; 25:​31-33) Omongané Yésus kuwi terbukti bener saiki. Ana jutaan wong sing manggon ing dhaérah-dhaérah sing nglarang kegiatan nginjil. Terus, saben menit ana atusan bayi sing lair. Dadi, meskipun wis ngupaya sak isa-isané kanggo martakké kabar apik ’marang kabèh suku, golongan, lan basa’, awaké dhéwé ora bakal isa nginjil ing kabèh wong ing bumi sakdurungé akhir kuwi teka.—Why. 14:6.

8. Pertanyaan apa sing isa waé muncul soal piyé Yéhuwah ngadili wong sukmbèn? (Deloken gambar.)

8 Nah, saiki dadi ana pertanyaan: Lha terus, wong-wong sing durung tau krungu kabar apik sakdurungé sengsara gedhé dimulai piyé? Yéhuwah karo Yésus ngadiliné piyé? (Yoh. 5:​19, 22, 27; Kis. 17:31) Ayat téma ing artikel iki nyebutké nèk Yéhuwah ”ora péngin ana wong sing disingkirké”. Malah, Dhèwèké ”péngin kabèh wong mertobat”. (2 Ptr. 3:9; 1 Tim. 2:4) Meskipun ngono, Yéhuwah mémang durung ngandhani piyé Dhèwèké bakal ngadili wong-wong sing durung tau krungu soal kabar apik. Yéhuwah ya ora kudu ngandhani awaké dhéwé soal kuwi.

Soal wong-wong sing durung tau krungu kabar apik sakdurungé sengsara gedhé, Yéhuwah ngadiliné piyé? (Deloken paragraf 8) c


9. Ing Alkitab, Yéhuwah ngandhani soal apa?

9 Ing Alkitab, Yéhuwah ngandhani beberapa hal. Misalé, Yéhuwah bakal nguripké manèh wong-wong ”sing ora bener” sing durung tau éntuk kesempatan kanggo ngerti kabar apik lan bertobat. (Kis. 24:15; Luk. 23:​42, 43) Nah, kuwi marakké dadi ana pertanyaan liyané manèh.

10. Pertanyaan apa manèh sing muncul?

10 Apa kabèh wong sing mati pas sengsara gedhé ora bakal diuripké manèh? Mémang ing Alkitab disebutké nèk wong-wong sing dipatèni Yéhuwah lan pasukané pas Armagédon merga nglawan Yéhuwah, ora bakal diuripké manèh. (2 Tés. 1:​6-10) Tapi, piyé soal wong-wong sing mati pas sengsara gedhé merga lara, tuwa, kecelakaan, utawa dipatèni wong? (Pkh. 9:11; Za. 14:13) Apa wong-wong kuwi bakal termasuk wong-wong ”sing ora bener” sing bakal diuripké manèh? Awaké dhéwé ora ngerti.

SING AWAKÉ DHÉWÉ NGERTI

11. Wong-wong diadili ing Armagédon berdasarkan apa?

11 Soal peristiwa-peristiwa sing bakal kelakon, awaké dhéwé ngerti beberapa hal. Misalé, pas Armagédon, wong-wong bakal diadili berdasarkan carané meréka memperlakukan sedulur-seduluré Kristus. (Mat. 25:40) Sing disebut domba kuwi wong-wong sing ndhukung Yésus lan sedulur-seduluré. Awaké dhéwé ya ngerti nèk sakwisé sengsara gedhé dimulai, beberapa sedulur-seduluré Yésus bakal tetep ing bumi lan munggah swargané sakdurungé perang Armagédon mulai. Selama meréka isih ana ing bumi, wong-wong sing disebut domba kuwi mau isih nduwé kesempatan kanggo ndhukung meréka lan gawéané. (Mat. 25:​31, 32; Why. 12:17) Ngapa kok kuwi keterangan-keterangan sing penting?

12-13. Bar ndelok ”Babilon Gedhé” dihancurké, isa waé wong dadi piyé? (Deloken gambar.)

12 Sakwisé sengsara gedhé dimulai, pas ndelok ”Babilon Gedhé” dihancurké, isa waé ana wong-wong sing dadi kèlingan nèk kuwi wis diomongké Seksi-Seksi Yéhuwah bertaun-taun sakdurungé. Bar ndelok kuwi, mungkin ana sing akhiré beriman karo Yéhuwah.—Why. 17:5; Yèh. 33:33.

13 Kuwi kaya pas jamané bangsa Israèl metu saka Mesir. Wektu kuwi, ana ”wong-wong saka bangsa liya” sing mèlu bangsa Israèl lunga. Mungkin meréka akhiré beriman merga ndelok nèk omongané Musa soal Sepuluh Bencana kelakon tenan. (Pa. 12:38) Nah, mengko nèk bar Babilon Gedhé dihancurké ternyata ana wong-wong sing kaya ngono, apa awaké dhéwé malah kecéwa? Kuduné ora. Awaké dhéwé mesthi péngin niru Yéhuwah, ”Gusti Allah sing apikan, gampang mesakké, sabar, nduwé katresnan sing gedhé banget, [lan] mesthi nepati janjiné”. bPa. 34:6.

Pas ndelok ”Babilon Gedhé” dihancurké, isa waé ana wong-wong sing kèlingan nèk kuwi wis diomongké Seksi-Seksi Yéhuwah bertaun-taun sakdurungé (Deloken paragraf 12-13) d


14-15. Apa masa depané wong bergantung karo dhèwèké matiné kapan utawa manggoné ing endi? Jelasna. (Mazmur 33:​4, 5)

14 Pas keluargané sing durung nglayani Yéhuwah mati, kadhang ana sedulur seiman sing ngomong ngéné, ”Untung matiné sakdurungé sengsara gedhé. Dadi, mengko dhèwèké isa diuripké manèh.” Mungkin sedulur kuwi ngomong kaya ngono merga karepé apik. Tapi, masa depané wong ora bergantung karo matiné kapan. Yéhuwah kuwi hakim sing keputusané mesthi adil lan bener. (Wacanen Mazmur 33:​4, 5.) Awaké dhéwé isa yakin nèk ”Hakimé bumi” ora bakal ”tumindak ora adil”.—PD. 18:25.

15 Terus, masa depané wong ya ora bergantung karo dhèwèké manggoné ing endi. Yéhuwah ora mungkin ngadili lan nentokké wong kuwi termasuk ”kambing” mung merga meréka manggon ing panggonan sing durung tau éntuk kesempatan krungu kabar apik. (Mat. 25:46) Nèk awaké dhéwé waé perduli lan mikirké wong-wong kuwi, apamanèh Yéhuwah, hakimé bumi. Awaké dhéwé ora ngerti apa sing bakal dilakukan Yéhuwah selama sengsara gedhé kanggo wong-wong kuwi. Isa waé ana beberapa sing dadi nduwé kesempatan kenal karo Yéhuwah, beriman, lan gelem nglayani Yéhuwah.—Yèh. 38:16.

Sakwisé sengsara gedhé dimulai, . . . mungkin ana sing akhiré beriman karo Yéhuwah

16. Apa sing wis awaké dhéwé ngerti soal Yéhuwah? (Deloken gambar.)

16 Saka Alkitab, awaké dhéwé ngerti nèk Yéhuwah nganggep uripé manungsa kuwi berharga banget. Dhèwèké nganti gelem ngekèkké Anaké bèn manungsa isa urip saklawasé. (Yoh. 3:16) Awaké dhéwé wis ngrasakké dhéwé kasih sayangé Yéhuwah. (Yés. 49:15) Yéhuwah ngerti banget soal awaké dhéwé masing-masing. Bahkan nèk awaké dhéwé nganti mati, Yéhuwah isa nguripké manèh merga kèlingan saben perincian lan kenangané awaké dhéwé. (Mat. 10:​29-31) Awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah mesthi bakal adil, ora kejem, lan ora bakal salah wektu ngadili saben wong.—Yak. 2:13.

Awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah mesthi bakal adil, ora kejem, lan ora bakal salah wektu ngadili saben wong (Deloken paragraf 16)


17. Apa sing bakal dibahas ing artikel berikuté?

17 Saka pembahasan iki, pemahamané awaké dhéwé tambah jelas. Awaké dhéwé ya dadi ngerti nèk kegiatan nginjil kuwi penting banget saiki. Lha ngapa? Terus, piyé bèn awaké dhéwé isa terus semangat nginjil? Pertanyaan-pertanyaan kuwi bakal dibahas ing artikel berikuté.

LAGU 76 Kepiyé Rasané?

a Ngapa kok ana penyesuaian kuwi? Deloken artikel ’Inilah yang Diperkenan Olehmu’ ing Menara Pengawal 15 Maret 2015, halaman 7-11.

b Sakwisé Babilon Gedhé dihancurké, kabèh umaté Yéhuwah bakal diuji selama Gog saka Magog nyerang. Sapa waé sing nggabung karo umaté Yéhuwah sakwisé Babilon Gedhé dihancurké ya bakal diuji.

c PENJELASAN GAMBAR: Telung gambar sing nduduhké ngapa kok ana wong-wong sing durung éntuk kesempatan krungu kabar apik: (1) Wong wédok sing manggon ing negara sing agama utamané dudu Kristen lan bahaya nèk Seksi Yéhuwah nginjil ing kono, (2) suami istri sing manggon ing negara sing pamréntahé nglarang Seksi Yéhuwah, lan (3) wong lanang sing manggon ing dhaérah terpencil.

d PENJELASAN GAMBAR: Wong wédok sing wis ora nglayani Yéhuwah manèh kèlingan sing dhèwèké pelajari soal Babilon Gedhé dihancurké. Dhèwèké akhiré nggolèki wong tuwané lan péngin nglayani Yéhuwah manèh. Nah, sukmbèn nèk ana sing kaya ngono, ayo niru Yéhuwah sing apikan, gampang mesakké, lan seneng ngampuni. Kaya Yéhuwah, awaké dhéwé ya mèlu seneng pas ana wong dosa sing bertobat.