Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 26

LAGU 8 Yéhuwah sing Nglindhungi

Ngendelké Yéhuwah, Gunung Watuné Awaké Dhéwé

Ngendelké Yéhuwah, Gunung Watuné Awaké Dhéwé

”Oh Gusti Allahku, mung Njenengan sing kuwat kaya gunung watu.”—1 SAM. 2:2.

INTI

Yéhuwah nduwé sifat-sifat apa sing marakké Dhèwèké cocog disebut Gunung Watu lan piyé carané niru sifat-sifat kuwi.

1. Ing Mazmur 18:​46, Daud nyebut Yéhuwah apa?

 URIP saiki ora pasti. Isa waé ngerti-ngerti awaké dhéwé ngadhepi masalah lan keadaané berubah. Tapi bersyukuré, awaké dhéwé nduwé Yéhuwah. Ing artikel sakdurungé wis dibahas nèk Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing urip lan selalu siap nulungi. Wektu ngrasakké dhéwé bantuané Yéhuwah, awaké dhéwé tambah yakin nèk ”Yéhuwah kuwi urip”. (Wacanen Mazmur 18:46.) Tapi, bar nyebutké Yéhuwah kuwi urip, ing Mazmur 18:46 Daud nyebut Yéhuwah ”Gunung Watuku”. Ngapa kok Yéhuwah dipadhakké kaya benda mati?

2. Apa waé sing bakal dibahas ing artikel iki?

2 Ngapa kok Yéhuwah disebut Gunung Watu? Apa sing isa dipelajari saka gambaran kuwi? Nèk nganggep Yéhuwah Gunung Watuné awaké dhéwé, berarti awaké dhéwé kudu piyé? Piyé carané niru sifat-sifaté Yéhuwah sing marakké Dhèwèké disebut Gunung Watu? Pertanyaan-pertanyaan kuwi bakal dibahas ing artikel iki.

NGAPA KOK YÉHUWAH DISEBUT GUNUNG WATU?

3. Wektu Alkitab nyebutké ”gunung watu”, kuwi sakjané kanggo njelaské soal apa, terus apa waé contoné? (Deloken gambar.)

3 Wektu Alkitab nyebutké ”gunung watu”, kuwi sakjané kanggo ngandhani soal sifat-sifaté Yéhuwah. Ana akèh umaté Yéhuwah, sing wektu muji sifat-sifaté Yéhuwah, kerep nggambarké Yéhuwah kaya ”gunung watu”. Misalé, ing Pangandharing Torèt 32:4. Kuwi pertama kaliné Yéhuwah disebut ”Gunung Watu”. Wektu ndonga, Hana ngomong nèk ”mung [Yéhuwah] sing kuwat kaya gunung watu”. (1 Sam. 2:2) Habakuk nyebut Yéhuwah ”Gunung Watuku”. (Hab. 1:12) Malah Yéhuwah dhéwé ya ngomong nèk Dhèwèké kuwi ”Gunung Watu”. (Yés. 44:8) Saiki, ayo mbahas telu sifat sing marakké Yéhuwah disebut Gunung Watu lan apa buktiné nèk nganggep Yéhuwah ”Gunung Watuné awaké dhéwé”.PT. 32:31.

Umaté Yéhuwah nganggep Yéhuwah gunung watuné (Deloken paragraf 3)


4. Menurut Mazmur 94:​22, piyé Yéhuwah dadi ”panggonan berlindung”?

4 Yéhuwah isa nglindhungi. Wektu ana badai sing medèni banget, wong isa berlindung ing njero guwa. Padha kaya ngono, wektu awaké dhéwé ana kesulitan, Yéhuwah ya isa nglindhungi. (Wacanen Mazmur 94:22.) Yéhuwah njaga bèn awaké dhéwé aja nganti adoh saka Dhèwèké lan njamin nèk meskipun awaké dhéwé ngalami kesusahan, kuwi mung sementara. Malah, Dhèwèké ya janji nèk sukmbèn kabèh sing marakké susah lan kuwatir bakal disingkirké.—Yèh. 34:​25, 26.

5. Piyé bèn Yéhuwah isa dadi ’panggonan berlindungé’ awaké dhéwé?

5 Bèn isa dilindhungi Yéhuwah, salah siji carané kudu ndonga. Wektu awaké dhéwé ndonga, Yéhuwah bakal ngekèki ”rasa ayem” sing ’bakal njaga ati lan pikiran’. (Flp. 4:​6, 7) Gatèkna pengalamané Sedulur Artem, sing dipenjara merga terus setya nglayani Yéhuwah. Pas ing penjara, dhèwèké kerep diinterogasi, diisin-isinké, lan diwedèn-wedèni. Artem crita, ”Saben arep diinterogasi, aku strès banget. . . . Tapi, aku selalu ndonga karo Yéhuwah. Aku njaluk bèn Yéhuwah mbantu aku tetep tenang lan wicaksana. Hasilé, meskipun ngalami penganiayaan, aku isa tetep tenang. . . . Merga bantuané Yéhuwah, aku ngrasa kaya dilindhungi témbok watu sing gedhé banget.”

6. Menurut Yésaya 26:​3, 4, ngapa kok Yéhuwah selalu isa diendelké?

6 Yéhuwah isa diendelké. Kaya gunung watu sing ora bakal pindhah, Yéhuwah ya ora bakal ninggalké awaké dhéwé. Yéhuwah isa diendelké merga Dhèwèké ”Gunung Watu sing ana saklawasé”. (Wacanen Yésaya 26:​3, 4.) Makané, Yéhuwah bakal selalu nepati janjiné, ngrungokké donga, lan siap mbantu. Yéhuwah ya isa diendelké merga Dhèwèké setya karo umaté. (2 Sam. 22:26) Yéhuwah ora bakal lali karo sing wis awaké dhéwé upayakké, lan mesthi bakal mberkahi.—Ibr. 6:10; 11:6.

7. Apa manfaaté nèk ngendelké Yéhuwah? (Deloken gambar.)

7 Bukti nèk nganggep Yéhuwah Gunung Watu kuwi nèk bener-bener ngendelké Dhèwèké. Bahkan nèk keadaané angèl, awaké dhéwé yakin nèk manut Dhèwèké mesthi ana manfaaté. (Yés. 48:​17, 18) Semakin kerep ngrasakké bantuané, awaké dhéwé bakal semakin ngendelké Dhèwèké. Awaké dhéwé bakal semakin siap ngadhepi masalah apa waé ora soal sepira aboté. Malah, pas ora ana sing isa dijaluki bantuan, awaké dhéwé dadi ngerti nèk sing selalu isa diendelké kuwi mung Yéhuwah. Sedulur Vladimir crita, ”Selama ditahan, aku malah ngrasa tambah akrab karo Yéhuwah. Merga dhèwèkan lan wis ora isa ngapa-ngapa manèh, aku dadi semakin ngendelké Yéhuwah.”

Bukti nèk nganggep Yéhuwah Gunung Watu kuwi nèk bener-bener ngendelké Dhèwèké (Deloken paragraf 7)


8. (a) Apa maksudé Yéhuwah kuwi stabil? (b) Menurut Mazmur 62:​6, 7, merga Yéhuwah stabil, apa manfaaté kanggo awaké dhéwé?

8 Yéhuwah kuwi stabil. Kaya gunung watu sing kokoh, sifaté Yéhuwah lan sing Dhèwèké karepké ora bakal berubah. (Mal. 3:6) Wektu Adam karo Hawa mbrontak, tujuané Yéhuwah kanggo manungsa ya isih tetep padha. Rasul Paulus nulis nèk Yéhuwah ”ora isa nindakké apa waé sing ora cocog karo kepribadiané”. (2 Tim. 2:13) Kuwi berarti sifat-sifaté Yéhuwah, tujuané, lan pathokané ora bakal berubah ora soal wong liya mèh ngapa utawa ana peristiwa apa. Merga Yéhuwah stabil, wektu ana masalah, awaké dhéwé yakin nèk Yéhuwah bakal mbantu lan bakal nepati janjiné soal masa depan.—Wacanen Mazmur 62:​6, 7.

9. Apa sing isa njenengan pelajari saka pengalamané Tatyana?

9 Awaké dhéwé ya isa nganggep Yéhuwah Gunung Watu nèk ngrenungké sifat-sifaté lan tujuané kanggo bumi lan manungsa. Kuwi isa marakké awaké dhéwé tetep tenang lan tetep setya meskipun ngadhepi masalah. (Mzm. 16:8) Gatèkna pengalamané Sedulur Tatyana. Dhèwèké dadi tahanan omah merga péngin terus setya karo Yéhuwah. Tatyana crita, ”Aku bener-bener dhèwèkan. Awalé aku ngrasa kuwi abot banget. Aku sedhih lan putus asa.” Tapi bar ngrenungké soal Yéhuwah lan tujuané, Tatyana dadi ngerti ngapa kok dhèwèké kudu terus setya. Dhèwèké dadi tenang lan semangat manèh. Tatyana ngomong, ”Merga ngerti nèk sing tak alami iki kanggo Yéhuwah, aku dadi ora fokus karo awakku dhéwé.”

10. Piyé bèn kèt saiki isa nganggep Yéhuwah Gunung Watuné awaké dhéwé?

10 Sedhéla manèh, keadaané bakal dadi angèl banget lan kudu luwih ngendelké Yéhuwah. Dadi, bèn isa tetep setya ora soal piyé keadaané, kèt saiki awaké dhéwé kudu berusaha bèn luwih percaya karo Yéhuwah. Piyé carané? Wacanen kisah ing Alkitab lan pengalamané Seksi Yéhuwah jaman saiki. Gatèkna piyé Yéhuwah nulungi umaté. Renungna kisah-kisah kuwi. Hasilé, mengko njenengan isa nganggep Yéhuwah Gunung Watuné njenengan.

NIRU YÉHUWAH

11. Apa manfaaté nèk niru sifat-sifaté Yéhuwah? (Deloken kothak ” Sing Isa Diupayakké Sedulur Lanang Enom”.)

11 Mau wis dibahas sifat-sifaté Yéhuwah sing marakké Dhèwèké cocog disebut Gunung Watu. Nah, saiki ayo mbahas piyé carané niru sifat-sifat kuwi. Nèk berupaya niru sifat-sifaté Yéhuwah, mengko awaké dhéwé ya isa nguwatké para sedulur ing jemaat. Contoné Simon. Yésus nyebut Simon kuwi Kéfas (utawa ”Pétrus”) sing artiné ”Watu”. (Yoh. 1:42) Kuwi bukti nèk Simon bakal nguwatké lan menghibur para sedulur ing jemaat. Terus, ing Alkitab para pinituwa disebut ”tebing watu gedhé sing dienggo ngéyub”. Kuwi berarti, meréka bakal nglindhungi para sedulur ing jemaat. (Yés. 32:2) Tapi sakjané, kabèh sedulur ing jemaat isa saling nguwatké nèk niru Yéhuwah.—Éf. 5:1.

12. Apa waé carané nggawé para sedulur ngrasa aman lan dilindhungi?

12 Berupaya nggawé para sedulur ngrasa aman lan dilindhungi. Wektu para sedulur kudu ngungsi merga bencana alam, kerusuhan, utawa perang, awaké dhéwé isa nawani meréka nginep ing omah. Merga saiki ”akhir jaman” lan keadaané saya suwé saya angèl, ana luwih akèh kesempatan kanggo nulungi para sedulur. (2 Tim. 3:1) Awaké dhéwé ya isa nggawé bèn para sedulur ngrasa nyaman lan disayangi. Salah siji carané, nyambut meréka pas teka ing Balai Ibadah. Jaman saiki ana akèh wong sing kasar, kejem, lan égois. Dadi, wektu para sedulur teka ing pertemuan ibadah, awaké dhéwé péngin meréka ngrasa aman, disayangi, lan dikuwatké.

13. Para pinituwa isa ngapa waé bèn para sedulur ngrasa aman lan dilindhungi? (Deloken gambar.)

13 Para pinituwa ya isa nggawé para sedulur sing lagi ngadhepi masalah bèn ngrasa aman lan dilindhungi. Wektu ana bencana utawa keadaan darurat mèdis, para pinituwa isa langsung ngatur bèn para sedulur ndang éntuk bantuan. Meréka ya isa nguwatké para sedulur liwat ayat-ayat ing Alkitab. Para sedulur biasané ora wedi njaluk tulung nèk pinituwané alus, seneng ngrungokké, lan berupaya memahami perasaané meréka. Nèk para pinituwa sifat-sifaté kaya ngono, para sedulur bakal ngrasa disayangi, lan wektu dikèki naséhat saka Alkitab, meréka bakal luwih gampang nampa.—1 Tés. 2:​7, 8, 11.

Para pinituwa isa nguwatké para sedulur sing lagi ngalami masalah (Deloken paragraf 13) a


14. Piyé carané mbuktèkké nèk isa diendelké?

14 Berupaya dadi wong sing isa diendelké. Awaké dhéwé péngin isa diendelké wong liya, terutama pas meréka lagi ngalami kesusahan. (WB. 17:17) Bèn isa kaya ngono, kudu niru Yéhuwah saben dina. Misalé, selalu nepati janji lan tepat waktu. (Mat. 5:37) Pas ngerti ana sing butuh bantuan, ya bantunen. Terus pas éntuk tugas ing jemaat, rampungké kuwi sesuai petunjuk.

15. Nèk para pinituwa isa diendelké, apa manfaaté kanggo para sedulur?

15 Nèk para pinituwa isa diendelké, apa manfaaté kanggo para sedulur? Para sedulur dadi ora terlalu kuwatir, merga ngerti nèk para pinituwa, misalé pengawas kelompok nginjilé, isa langsung dihubungi. Meréka ya isa ngrasa disayangi merga ngerti nèk para pinituwa mesthi gelem mbantu. Meréka ya bakal percaya karo pinituwa nèk naséhaté berdasarkan Alkitab lan publikasiné organisasi, dudu pendapaté dhéwé. Para sedulur ya bakal luwih percaya karo pinituwa sing isa njaga rahasia lan nepati janji.

16. Nèk selalu nglakoni sing bener, apa manfaaté kanggo awaké dhéwé lan wong liya?

16 Nduwé pendirian. Nèk selalu nglakoni sing bener lan nggawé keputusan berdasarkan pathokan ing Alkitab, awaké dhéwé isa dadi conto kanggo wong liya. Semakin akèh mempelajari Alkitab lan tambah percaya Yéhuwah, awaké dhéwé bakal dadi setya lan péngin selalu manut pathokané. Terus, dadi ora gampang bingung, ragu-ragu, utawa terpengaruh karo ajaran palsu lan cara mikir sing ora sesuai karo pikirané Yéhuwah. (Éf. 4:14; Yak. 1:​6-8) Merga percaya Yéhuwah lan janjiné, awaké dhéwé ora gampang panik wektu éntuk kabar sing èlèk. (Mzm. 112:​7, 8) Awaké dhéwé ya siap mbantu sapa waé sing ngalami kesusahan.—1 Tés. 3:​2, 3.

17. Bèn para sedulur isa ngrasa damai lan terus akrab karo Yéhuwah, para pinituwa kudu piyé?

17 Para pinituwa kudu isa ngendhalèni kebiasaané, nduwé pertimbangan sing apik, tertib, lan masuk akal. Meréka ya nduwé tanggung jawab kanggo nggawé para sedulur ngrasa damai, terus akrab karo Yéhuwah, lan dikuwatké. Meréka isa kaya ngono nèk terus ”manut karo ajaran sing isa dipercaya”. (Tit. 1:9; 1 Tim. 3:​1-3) Liwat teladan lan kunjungan penggembalaan, para pinituwa isa nyemangati para sedulur bèn rutin ngibadah, nginjil, lan pelajaran pribadi. Wektu para sedulur kuwatir, para pinituwa isa ngélingké meréka bèn ngendelké Yéhuwah lan éling janjiné Yéhuwah.

18. Ngapa kok awaké dhéwé péngin muji lan terus akrab karo Yéhuwah? (Deloken kothak ” Carané Bèn Isa Luwih Akrab karo Yéhuwah”.)

18 Bar mbahas sifat-sifaté Yéhuwah sing kaya gunung watu, awaké dhéwé mesthi setuju karo Raja Daud sing ngomong, ”Muga-muga Yéhuwah, Gunung Watuku, dipuji.” (Mzm. 144:1) Awaké dhéwé isa terus ngendelké Yéhuwah. Bahkan nganti tuwa, awaké dhéwé yakin nèk Yéhuwah bakal terus mbantu awaké dhéwé bèn isa terus akrab karo Dhèwèké. Awaké dhéwé isa ngomong nèk Yéhuwah kuwi ”Gunung Watuku”.Mzm. 92:​14, 15.

LAGU 150 Bèn Dislametké Yéhuwah

a PENJELASAN GAMBAR: Wektu ing Balai Ibadah, sedulur wédok isa leluasa ngejak ngobrol loro pinituwa.