Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 24

LAGU 24 Ayo Munggah Gunungé Yah

Dadi Tamu ing Kémahé Yéhuwah Nganti Saklawasé

Dadi Tamu ing Kémahé Yéhuwah Nganti Saklawasé

”Oh Yéhuwah, sapa sing éntuk dadi tamu ing kémah-Mu?”MZM. 15:1.

INTI

Kudu piyé bèn isa terus dadi sahabaté Yéhuwah lan kudu piyé memperlakukan wong liya sing ya dadi sahabaté Yéhuwah.

1. Apa sing dibahas ing Mazmur 15:​1-5?

 ING artikel sakdurungé wis dibahas nèk wong-wong sing wis nglayani Yéhuwah, isa dadi tamu ing kémahé Yéhuwah nèk meréka terus akrab karo Dhèwèké. Nah, bèn isa terus dadi tamuné Yéhuwah kudu piyé? Kuwi sing dibahas ing Mazmur 15.—Wacanen Mazmur 15:​1-5.

2. Wektu nyebutké soal kémahé Yéhuwah, apa sing mungkin dipikirké Daud?

2 Ing Mazmur 15:1 Daud takon, ”Oh Yéhuwah, sapa sing éntuk dadi tamu ing kémah-Mu? Sapa sing éntuk manggon ing gunung-Mu sing suci?” Wektu nyebutké ’kémahé’ Yéhuwah, mungkin sing dipikirké Daud kuwi tabernakel, sing tau ana ing Gibéon. Utawa, kémah sing ana ing gunung Zion ing Yérusalèm, merga Daud nyebutké soal ’gunung suciné Yéhuwah’. Kira-kira 10 kilomèter ing sisih selatané Gibéon, Daud ngedegké kémah lan nyimpen pethi perjanjiané Yéhuwah ing kémah kuwi nganti ana bait.—2 Sam. 6:17.

3. Ngapa kok kudu mempelajari Mazmur 15? (Deloken gambar.)

3 Mémang, akèh-akèhé wong Israèl ora isa nglayani ing tabernakel, lan mung sithik sing tau mlebu ing kémah sing dienggo nyimpen pethi perjanjian. Tapi, kabèh umaté Yéhuwah isa dadi tamu ing kémahé Yéhuwah nèk meréka terus dadi sahabaté. Kuwi sesuatu sing péngin awaké dhéwé upayakké. Nah, ing Mazmur 15 dijelaské kudu piyé bèn isa terus dadi sahabaté Yéhuwah.

Wong Israèl ing jamané Daud isa langsung mbayangké apa maksudé dadi tamu ing kémahé Yéhuwah (Deloken paragraf 3)


’TERUS MANUT KARO GUSTI ALLAH LAN TUMINDAK BENER’

4. Saka Yésaya 48:​1, bèn isa dadi tamuné Yéhuwah, ngapa kok dibaptis thok kuwi ora cukup?

4 Ing Mazmur 15:2 disebutké nèk sing dadi sahabaté Yéhuwah kuwi ”wong sing terus manut marang Gusti Allah, sing tumindaké bener”. Kuwi sesuatu sing kudu terus dilakukan. Tapi mosok isa ”terus manut”? Meskipun ora sampurna, Yéhuwah nganggep awaké dhéwé ”terus manut” kuwi nèk awaké dhéwé wis ngupaya sak isa-isané kanggo manut. Jaman mbiyèn, wong ora otomatis langsung dadi tamuné Yéhuwah mung merga dhèwèké bangsa Israèl. Ana wong Israèl sing njaluk tulung Yéhuwah, tapi meréka ”ora tulus lan ora nindakké apa sing bener”. (Wacanen Yésaya 48:1.) Nèk mémang péngin dadi tamuné Yéhuwah, wong Israèl kudu ngerti sing dikarepké Yéhuwah lan manut. Padha kaya ngono, bèn isa dadi sahabaté Yéhuwah, ora cukup nèk mung dibaptis lan dadi Seksi Yéhuwah. Kuwi mung lagi awalé. Awaké dhéwé kudu terus ’tumindak bener’. Piyé carané?

5. ”Terus manut” karo Yéhuwah kuwi maksudé apa?

5 Kanggoné Yéhuwah, ”terus manut” lan ’tumindak bener’ kuwi ora mung rutin teka ing pertemuan ibadah. (1 Sam. 15:22) Perbuatané awaké dhéwé saben dina kudu mbuktèkké nèk manut Yéhuwah, bahkan meskipun lagi dhèwèkan. (WB. 3:6; Pkh. 12:​13, 14) Kuwi ya termasuk manut ing hal-hal sing kétoké sepélé. Nèk selalu manut Yéhuwah, kuwi bukti nèk bener-bener sayang Yéhuwah. Kuwi ya marakké Yéhuwah dadi luwih sayang karo awaké dhéwé.—Yoh. 14:23; 1 Yoh. 5:3.

6. Menurut Ibrani 6:​10-12, apa sing luwih penting timbang sing wis diupayakké selama iki?

6 Mungkin selama iki awaké dhéwé wis ngupayakké sing paling apik kanggo Yéhuwah, lan Yéhuwah bener-bener menghargai kuwi. Tapi, kuwi thok ora cukup bèn isa terus dadi tamu ing kémahé Yéhuwah. Kuwi sing dijelaské ing Ibrani 6:​10-12. (Wacanen.) Yéhuwah mémang ora lali karo sing wis awaké dhéwé lakukan. Tapi, Yéhuwah ya péngin awaké dhéwé terus nglayani Dhèwèké sepenuh hati ”nganti akhir”. Nèk awaké dhéwé ”ora nyerah”, Yéhuwah bakal dadi sahabaté awaké dhéwé nganti saklawasé.—Gal. 6:9.

’NGOMONG JUJUR ING NJERO ATI’

7. ’Ngomong jujur ing njero ati’ kuwi maksudé apa?

7 Nèk péngin dadi tamu ing kémahé Yéhuwah, kudu ”ngomong jujur ing njero atiné”. (Mzm. 15:2) Kuwi ora mung berarti ora ngapusi. Tapi, kabèh omongan lan perbuatané kudu jujur, utawa bener. (Ibr. 13:18) Kuwi penting, ”merga Yéhuwah sengit karo wong sing licik, ning Dhèwèké akrab karo wong sing bener”.—WB. 3:32.

8. Awaké dhéwé aja nganti ngapa?

8 Wong sing ’ngomong jujur ing njero ati’ kuwi ora bakal éthok-éthok manut Gusti Allah pas ing ngarepé wong, terus pas lagi dhèwèkan nglanggar pathokané Gusti Allah. (Yés. 29:13) Wong sing ’jujur ing njero ati’ ya ora licik. Wong sing licik kuwi seneng meragukan hukumé Yéhuwah. (Yak. 1:​5-8) Dhèwèké mungkin mulai nglanggar hukumé Yéhuwah ing hal-hal sing menurut dhèwèké ora pati penting. Terus merga ngrasa ora ana akibaté, dhèwèké akhiré dadi wani nglanggar hukumé Yéhuwah sing liyané. Hasilé, dhèwèké dadi munafik. (Pkh. 8:11) Makané, kudu selalu jujur.

9. Apa sing isa dipelajari saka omongané Yésus soal Natanaèl? (Deloken gambar.)

9 Awaké dhéwé mesthi péngin dadi wong sing ’ngomong jujur ing njero ati’. Lha ngapa? Gatèkna peristiwa wektu Filipus ngundang Natanaèl kancané kanggo ketemu Yésus. Meskipun durung tau ketemu Natanaèl, Yésus ngomong, ”Lha iki wong Israèl sejati, sing ora licik atiné.” (Yoh. 1:47) Yésus ngerti nèk murid-murid liyané ya jujur. Tapi, meskipun isih ora sampurna, kabèh omongan lan perbuatané Natanaèl selalu jujur. Saka atiné, dhèwèké ora munafik. Yésus nganti ngakoni lan muji Natanaèl. Awaké dhéwé ya mesthi péngin dianggep Yésus wong sing jujur.

Filipus ngejak Natanaèl nemoni Yésus. Natanaèl kuwi wong sing selalu jujur. Apa awaké dhéwé ya kaya Natanaèl? (Deloken paragraf 9)


10. Menurut Yakobus 1:​26, ngapa kok kudu ’ngendhalèni ilat’?

10 Sing disebutké ing Mazmur 15 kuwi akèh-akèhé soal awaké dhéwé kudu piyé karo wong liya. Ing Mazmur 15:3 disebutké nèk tamu ing kémahé Yéhuwah ”ora ngomongké fitnah, ora nindakké sing jahat marang wong liya, lan ora nggawé isin kancané”. Nèk ora ’ngendhalèni ilat’, isa nglarani atiné wong liya lan marakké awaké dhéwé ora isa dadi tamuné Yéhuwah manèh.—Wacanen Yakobus 1:26.

11. Fitnah kuwi apa, lan pemfitnah sing ora bertobat bakal diapakké?

11 Ing Mazmur 15:3 disebutké soal fitnah. Fitnah kuwi apa? Fitnah kuwi omongan sing ora bener sing isa ngrusak réputasiné wong. Pemfitnah sing ora bertobat isa ditokké saka jemaat.—Yér. 17:10.

12-13. Awaké dhéwé isa waé ”nggawé isin” wong liya nèk misalé awaké dhéwé piyé? (Deloken gambar.)

12 Ing Mazmur 15:3 ya disebutké nèk tamuné Yéhuwah ”ora nindakké sing jahat marang wong liya, lan ora nggawé isin kancané”. Maksudé apa?

13 Awaké dhéwé isa waé ora sengaja nggawé isin wong liya nèk ngomongké sing èlèk-èlèk soal wong kuwi. Misalé, bayangna situasi iki: (1) ana sedulur wédok sing wis ora merintis manèh, (2) ana suami istri sing wis ora nglayani ing Bètel manèh, utawa (3) ana sedulur lanang sing wis ora dadi pinituwa utawa abdiné jemaat manèh. Apa apik nèk awaké dhéwé nggawé kesimpulan sing durung mesthi bener, terus nyritak-nyritakké kuwi karo wong liya? Isa waé, ana akèh alesan sing awaké dhéwé ora ngerti. Élinga, tamu ing kémahé Yéhuwah kuwi ”ora nindakké sing jahat marang wong liya, lan ora nggawé isin kancané”.

Aja nganti nyebarké informasi sing salah soal wong liya soalé kuwi isa waé dadi fitnah (Deloken paragraf 12-13)


”NGAJÈNI WONG SING WEDI MARANG YÉHUWAH”

14. Apa maksudé ”ora gelem bergaul karo wong sing bejat”?

14 Ing Mazmur 15:4 disebutké nèk sahabaté Yéhuwah ”ora gelem bergaul karo wong sing bejat”. Lha ngertiné nèk wong kuwi bejat piyé? Kuwi ora berdasarkan pendapaté awaké dhéwé. Merga ora sampurna, biasané awaké dhéwé mung seneng karo wong-wong tertentu, tapi ora seneng karo sing liyané. Makané, ora gelem bergaulé kuwi kuduné karo wong-wong sing dianggep ”bejat” menurut Yéhuwah. (1 Kor. 5:11) Kuwi termasuk wong-wong sing ora gelem bertobat, sing ngèlèk-èlèk kepercayaané awaké dhéwé, utawa sing marakké awaké dhéwé dadi ora akrab manèh karo Yéhuwah.—WB. 13:20.

15. Apa salah siji cara ”ngajèni wong sing wedi marang Yéhuwah”?

15 Ing Mazmur 15:4 ya disebutké nèk awaké dhéwé kudu ”ngajèni wong sing wedi marang Yéhuwah”. Makané, awaké dhéwé péngin nggolèk cara kanggo nduduhké nèk apikan lan ngajèni sahabat-sahabaté Yéhuwah. (Rm. 12:10) Siji cara sing disebutké ing Mazmur 15:4 kuwi ’nepati janji senajan rugi’. Nèk ora nepati janji, kuwi isa marakké wong liya lara ati. (Mat. 5:37) Misalé, wong sing wis nikah kudu nepati janji nèk bakal terus setya karo bojoné. Terus, wong tuwa nèk wis janji karo anaké ya kudu ditepati. Awaké dhéwé bakal ngupaya tenanan kanggo nepati janji merga sayang Yéhuwah lan wong liya.

16. Apa cara liyané ngajèni sahabat-sahabaté Yéhuwah?

16 Cara liyané ngajèni sahabat-sahabaté Yéhuwah kuwi nèk apikan lan murah hati. (Rm. 12:13) Nèk seneng bergaul karo para sedulur ora mung pas ngibadah utawa nginjil, awaké dhéwé bakal dadi tambah akrab karo meréka lan Yéhuwah. Nèk apikan, kuwi ya bukti nèk niru Yéhuwah.

AJA NGUTAMAKKÉ DHUWIT

17. Ngapa kok ing Mazmur 15 nyebutké soal dhuwit?

17 Terus, ing Mazmur 15:5 disebutké nèk sahabaté Yéhuwah ’nyilihké dhuwit ora nganggo bunga, lan ya ora gelem disuap kanggo nudhuh wong sing ora salah’. (Mzm. 15:5) Ngapa kok ing mazmur iki nyebutké soal dhuwit? Soalé, nèk sing dipikir dhuwit terus, mengko akhiré dadi luwih ngutamakké dhuwit timbang wong liya lan Gusti Allah. (1 Tim. 6:10) Ing jaman mbiyèn, ana wong-wong sing nyilihké dhuwit kanggo wong miskin, tapi nagihé luwih akèh timbang utangé. Terus, ana hakim-hakim sing nampa suap lan akhiré dadi ora adil karo wong-wong sing sakjané ora salah. Yéhuwah sengit banget karo wong-wong sing kaya ngono.—Yèh. 22:12.

18. Pertanyaan apa waé sing isa dipikirké soal dhuwit? (Ibrani 13:5)

18 Ana pertanyaan-pertanyaan sing kudu dipikirké soal dhuwit. Misalé, ’Apa aku kerep mikirké soal dhuwit lan arep tuku apa? Nèk nyilih dhuwit, apa aku ora ndang mbayar-mbayar merga mikir nèk sing nyilihi kuwi ora butuh? Nèk nduwé dhuwit, apa aku malah dadi pelit lan ngrasa nèk luwih hébat timbang wong liya? Nèk ana sedulur-sedulur sing sugih, apa aku mikir nèk meréka luwih ngutamakké dhuwit timbang Yéhuwah? Apa aku mung gelem kancanan karo sedulur-sedulur sing sugih tapi karo sing miskin ora gelem?’ Isa dadi tamuné Yéhuwah kuwi kesempatan sing istiméwa banget. Tapi, awaké dhéwé ora éntuk ngutamakké dhuwit nèk péngin terus dadi tamu ing kémahé Yéhuwah. Hasilé, Yéhuwah ora bakal ninggalké awaké dhéwé.—Wacanen Ibrani 13:5.

YÉHUWAH SAYANG KARO KABÈH SAHABATÉ

19. Ngapa kok Yéhuwah péngin awaké dhéwé ngupayakké kabèh sing disebutké ing Mazmur 15?

19 Ing akhir Mazmur 15 ana janji, ”Wong sing nindakké kabèh kuwi bakal tetep kukuh.” (Mzm. 15:5) Yéhuwah péngin awaké dhéwé bahagia. Makané, Dhèwèké ngongkon awaké dhéwé ngupayakké hal-hal sing disebutké ing Mazmur 15. Nèk manut Yéhuwah, awaké dhéwé bakal éntuk akèh berkah lan dilindhungi Yéhuwah.—Yés. 48:17.

20. Wong-wong sing dadi tamuné Yéhuwah kuwi masa depané apa?

20 Wong-wong sing dadi tamuné Yéhuwah nduwé harapan sing nyenengké. Kanggo wong-wong pilihan, Yésus wis nyiapké ”akèh panggonan” ing swarga. (Yoh. 14:2) Terus, sing nduwé harapan ing bumi bakal ngrasakké wektu janji ing Wahyu 21:3 kelakon. Isa diundang dadi tamu ing kémahé Yéhuwah lan dadi sahabaté nganti saklawasé kuwi bener-bener kesempatan sing istiméwa banget.

LAGU 39 Jeneng sing Apik