Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Apa Sebabé Kudu Terus Waspada?

Apa Sebabé Kudu Terus Waspada?

”Kowé ora ngreti dina rawuhé Gustimu.”​—MT. 24:42.

LAGU: 136, 54

1. Apa sebabé kudu nggatèkké wektu lan kahanan sak kiwa-tengené? (Deloken gambar ndhuwur.)

KEBAKTIAN wis arep mulai. Ketua acara maju ing panggung lan mulai ngomong. Musik banjur disetèl. Sing teka ngerti nèk kuwi tandha kon lungguh lan ngrungokké musik bèn siap nggatèkké ceramah sing sepisanan. Ning, mbokmenawa ana sing ora nggatèkké ketua acara utawa musik sing lagi disetèl. Wong-wong kuwi ora ngerti nèk kebaktian wis mulai, malah isih mlaku-mlaku lan ngobrol. Pengalaman kuwi nduduhké akibaté nèk ora nggatèkké wektu utawa kahanan sak kiwa-tengené. Kuwi pengéling-éling sing kudu digatèkké, merga awaké dhéwé arep ngadhepi kedadéan penting lan kudu siap-siap. Kedadéan apa?

2. Apa sebabé Yésus kandha karo para muridé ”padha melèka”, utawa waspada?

2 Yésus Kristus ngélingké para muridé nèk kudu waspada lan siap-siap ngadhepi ”dinten wekasan”. Yésus kandha, ”Sing padha ngati-ati lan tansah padha melèka! Sabab kowé ora padha sumurup ing wektuné.” Banjur, Yésus ping bola-bali kandha, ”Padha melèka!” (Mt. 24:3; wacanen Markus 13:32-37.) Buku Matéus uga nduduhké nèk Yésus ngélingké para muridé bab kuwi. Yésus kandha, ”Sing padha waspada! Sebab kowé padha ora weruh dina rawuhé Gustimu.” Yésus mbalèni manèh, ”Kowé selawasé kudu siaga, sebab Putraning Manungsa kuwi rawuhé ing wayah sing ora koknyana.” Banjur dibalèni manèh, ”Padha melèka, awit kowé padha ora weruh dina lan wayahé Putraning Manungsa rawuh.”​—Mt. 24:42-44; 25:13, Basa Jawi Padintenan (BJP).

3. Apa sebabé awaké dhéwé kudu nggatèkké kandhané Yésus?

3 Seksi-Seksi Yéhuwah nggatèkké kandhané Yésus. Awaké dhéwé saiki urip ing ”wekasaning jaman”, lan ”kasusahan sing gedhé banget” saya cedhak. (Dn. 12:4; Mt. 24:21, BJP) Umaté Yéhuwah nindakké ramalané Yésus kanggo martakké Kratoné ing saklumahing bumi. Ing wektu sing padha, awaké dhéwé uga ndelok perang, penyakit, lindhu, lan kelaparan ing endi-endi. Akèh wong bingung bab agama, lan luwih akèh wong jahat lan kasar timbang mbiyèn. (Mt. 24:7, 11, 12, 14; Lk. 21:11) Awaké dhéwé lagi ngarep-arep tekané Yésus sing arep nindakké kersané Yéhuwah.​—Mk. 13:26, 27.

ARMAGÉDHON SAYA CEDHAK

4. (a) Apa sebabé awaké dhéwé percaya nèk Yésus saiki wis ngerti tanggalé Armagédhon? (b) Senajan ora ngerti kapan mulainé sengsara gedhé, awaké dhéwé isa percaya apa?

4 Wektu teka ing kebaktian, awaké dhéwé ngerti kapan acarané bakal mulai. Ning, ora mungkin ana sing ngerti kapan sengsara gedhé mulai. Wektu ing bumi Yésus kandha, ”Mungguh dina lan wayahé iku, ora ana wong siji-sijia kang sumurup, para malaékat ing swarga ora, Sang Putra iya ora, kajaba mung Sang Rama piyambak.” (Mt. 24:36) Merga Yésus sing mimpin perang Armagédhon, mbokmenawa saiki dhèwèké wis ngerti tanggalé. (Wy. 19:11-16) Ning, awaké dhéwé tetep ora ngerti tanggalé Armagédhon. Mula, penting banget terus waspada. Yéhuwah wis nduwé jadwal kapan sengsara gedhé mulai lan saya suwé saya cedhak. Kuwi ”mesthi bakal teka”. (Wacanen Habakuk 2:1-3.) Apa sebabé awaké dhéwé isa percaya?

Yéhuwah wis nduwé jadwal kapan sengsara gedhé mulai

5. Wènèhana conto sing nduduhké nèk ramalané Yéhuwah kelakon cocog karo jadwalé.

5 Ramalané Yéhuwah mesthi kelakon cocog karo jadwalé. Contoné, Yéhuwah mbébaské umaté saka Mesir tanggal 14 Nisan 1513 SM. Musa nulis bab dina kuwi, ”Sawusé patang atus telung puluh taun, mbeneri dina iku, kelakon sakèhé wadya-balané Pangéran Yéhuwah padha budhal saka ing tanah Mesir.” (Pa. 12:40-42) Tanggal 14 Nisan 1943 SM, persis 430 taun sakdurungé bangsa Israèl dibébaské, Yéhuwah janji nèk bakal mberkahi keturunané Abraham. (Gl. 3:17, 18) Banjur, Yéhuwah kandha marang Abraham, ”Wruhanira ing satemené, turunira bakal dadi wong manca ana ing tanah kang dudu duwèké, sarta bakal padha ngawula lan katindhes nganti patang atus taun lawasé.” (Pd. 15:13; PR. 7:6) 400 taun kuwi dimulai saka 1913 SM wektu Ismaèl tumindak jahat marang Iskak, lan rampung wektu Yéhuwah mbébaské bangsa Israèl saka Mesir. (Pd. 21:8-10; Gl. 4:22-29) Atusan taun sakdurungé, Yéhuwah wis nemtokké wektu kanggo mbébaské umaté.

6. Apa sebabé awaké dhéwé isa percaya nèk Yéhuwah bakal nylametké umaté?

6 Yusak, salah sijiné wong Israèl, dibébaské saka Mesir. Pirang-pirang taun sakwisé, Yusak ngélingké bangsa kuwi, ”Mulané kowé padha ngrasakna diklawan gumolonging atimu lan gumolonging nyawamu, yèn mungguh sakèhing prakara kang becik, kang wus dijanjèkaké déning Sang Yéhuwah Gusti Allahmu ing ngatasi kowé, iku ora ana kang ora dileksanani” (Ys. 23:2, 14) Yéhuwah janji arep nylametké umaté saka sengsara gedhé lan ngekèki urip saklawasé ing Pirdus. Awaké dhéwé isa percaya nèk kuwi bakal kelakon. Dadi, nèk péngin slamet, awaké dhéwé kudu terus waspada.

TERUSA WASPADA BÈN ISA SLAMET

7, 8. (a) Apa tugasé wong sing njaga kutha jaman mbiyèn, lan apa sing isa disinaoni? (b) Wènèhana conto kedadéan nèk sing jaga keturon.

7 Awaké dhéwé isa sinau saka wong-wong sing njaga kutha jaman mbiyèn. Akèh kutha, klebu Yérusalèm, diubengi témbok dhuwur bèn mungsuh ora gampang mlebu. Wong sing jaga ngadeg ing ndhuwur témbok kuwi, lan saka kono isa ndelok dhaérah njaba kutha. Ana sing njaga lawang-lawang kutha iku. Wong-wong kuwi kudu njaga awan-mbengi. Nèk ana mungsuh teka, sing jaga kudu ngélingké wong-wong ing kutha kuwi. (Yé. 62:6) Wong-wong mau ngerti pentingé terus waspada lan nggatèkké tenanan kahanané. Nèk ora, akèh wong isa mati.​—Yk. 33:6.

8 Yoséfus, sing nulis sejarahé wong-wong Yahudi, nerangké carané wong-wong Rum isa mlebu Yérusalèm taun 70 M. Wong-wong sing njaga kutha keturon. Akhiré, tentara Rum isa mlebu kutha, ngobong omahé Gusti Allah, lan ngremuk Yérusalèm. Kuwi pungkasané sengsara gedhé sing dialami wong-wong Yahudi.

9. Apa sing ora digatèkké wong-wong jaman saiki?

9 Saiki, akèh negara nggunakké tentara lan alat canggih kanggo njaga dhaérah perbatasan. Tujuané bèn ngerti sapa utawa apa sing ngganggu keamanan ing negara kuwi. Ning, negara-negara kuwi ora nggatèkké nèk ana pamréntahan sing luwih kuwasa ing swarga sing dipréntah Yésus Kristus. Pamréntahané Yésus bakal perang karo kabèh pamréntahan ing donya iki. (Yé. 9:5, 6; 56:10; Dn. 2:44) Awaké dhéwé ngarep-arep lan siap-siap nèk dina kuwi teka. Dadi, awaké dhéwé kudu nggatèkké ramalané Alkitab lan terus setya ngabdi marang Yéhuwah.​—Ms. 130:6.

AJA GELEM DIPENGARUHI

10, 11. (a) Awaké dhéwé kudu ati-ati karo apa, lan apa sebabé? (b) Apa buktiné nèk pengaruhé Iblis kétok saka wong-wong sing ora perduli karo ramalané Alkitab?

10 Bayangna wong sing kudu njaga sewengi muput. Nèk wis arep rampung njagané, angèl banget terus melèk merga wis kesel banget. Semono uga, awaké dhéwé urip ing dina-dina pungkasan donya iki. Saya cedhak dinané, saya angèl terus waspada. Éman-éman nèk ora terus waspada. Gatèkna telung bab sing isa marahi awaké dhéwé ora waspada.

11 Iblis ngapusi wong-wong. Iblis kuwi ”panggedhéné jagad”. Ora let suwé sakdurungé séda, Yésus ngélingké para muridé bab iki nganti ping telu. (Yo. 12:31; 14:30; 16:11) Iblis nggunakké agama palsu kanggo ngapusi wong-wong. Kuwi sing nyebabké wong-wong ora perduli karo ramalané Alkitab bab pungkasané donya sing saya cedhak. (Zf. 1:14) Pancèn, ”wong kang ora pracaya, . . . dipicakaké” Iblis. (2 Kr. 4:3-6) Hasilé, akèh sing ora gelem ngrungokké, wektu awaké dhéwé ngandhani bab pungkasané donya sing wis cedhak lan bab Yésus sing saiki wis dadi raja. Wong-wong kuwi kerep kandha, ”Aku ora perduli.”

12. Apa sebabé aja nganti awaké dhéwé dipengaruhi Iblis?

12 Senajan akèh sing ora perduli karo ramalané Alkitab, aja nganti awaké dhéwé cilik ati. Awaké dhéwé ngerti apa sebabé kudu terus waspada. Paulus kandha karo para seduluré, ”Kowé wus padha sumurup dhéwé kalawan cetha, yèn dina rawuhé Gusti iku tekané kaya maling ing wayah bengi.” (Wacanen 1 Tésalonika 5:1-6.) Yésus kandha, ”Mulané kowé kabèh padha tansah rumantia, awit rawuhé Putraning Manungsa iku ing wektu kang ora koknyana.” (Lk. 12:39, 40) Ora suwé manèh, Iblis bakal ngapusi wong-wong bèn mikir nèk donya iki bakal ”tentrem, ora ana bebaya”. Banjur, dinané Yéhuwah bakal ujug-ujug teka lan kuwi ngagètké tenan. Nèk awaké dhéwé piyé? Bèn siap ngadhepi dina kuwi lan ora gampang dipengaruhi Iblis, awaké dhéwé kudu ’melèk lan sing waspada’. Mula, awaké dhéwé kudu maca lan mikirké Alkitab saben dina.

13. Apa buktiné nèk tumindaké wong-wong dipengaruhi donya iki, lan piyé carané awaké dhéwé aja nganti dipengaruhi?

13 Pikirané wong-wong dipengaruhi donya iki. Jaman saiki, akèh wong rumangsa ora perlu kenal Gusti Allah. (Mt. 5:3) Malah, wong-wong mau nggunakké wektu lan tenagané kanggo mburu bandha. (1 Yo. 2:16) Saiki, saya akèh hiburan sing disenengi lan nggawé wong-wong nresnani lan tumindak manut karepé dhéwé. (2 Tm. 3:4) Kuwi sing marahi wong-wong ora ngerti bab sing luwih penting lan ora mikirké hubungané karo Gusti Allah. Mula, Paulus ngélingké wong-wong Kristen kudu ”tangi”, sing maksudé aja urip mung kanggo ngutamakké kepentingané dhéwé.​—Rm. 13:11-14.

Awaké dhéwé péngin dituntun roh suciné Gusti Allah, dudu donya iki

14. Pengéling-éling apa sing ana ing Lukas 21:34, 35?

14 Awaké dhéwé péngin dituntun roh suciné Gusti Allah, dudu donya iki. Yéhuwah nggunakké roh suciné kanggo mbantu awaké dhéwé ngerti sing kelakon saiki. (1 Kr. 2:12) [1] (Deloken katrangan ing kaca 15.) Awaké dhéwé kudu ati-ati merga ana perkara sing lumrah, sing isa ngganggu hubungan karo Yéhuwah. (Wacanen Lukas 21:34, 35.) Liyané mbokmenawa nganggep awaké dhéwé bodho merga percaya nèk saiki urip ing pungkasané donya. (2 Pt. 3:3-7) Ning, aja cilik ati. Awaké dhéwé nduwé bukti nyata nèk Armagédhon ora suwé manèh bakal teka. Bèn dituntun roh suciné Yéhuwah, awaké dhéwé kudu ajeg teka ngibadah.

Apa panjenengan ngupaya tenanan bèn isa ”melèk” utawa waspada? (Deloken paragraf 11-16)

15. Apa sing dialami Pétrus, Yakobus, lan Yokanan? Piyé kuwi isa kedadéan ing uripé awaké dhéwé?

15 Merga ora sampurna, ora gampang terus waspada. Yésus ngerti nèk manungsa kuwi ora sampurna lan nduwé kekurangan. Bayangna mbengi sakdurungé Yésus séda. Senajan sampurna, Yésus ngerti nèk kudu ndonga njaluk bantuané Yéhuwah bèn tetep setya. Yésus ngongkon rasul Pétrus, Yakobus, lan Yokanan bèn terus melèk saksuwéné Yésus ndonga. Ning, para rasul kuwi ora ngerti pentingé terus melèk merga wis kesel lan péngin turu. Yésus uga kesel, ning tetep waspada lan ndonga marang Bapaké. Para rasulé kuduné ya ndonga wektu kuwi.​—Mk. 14:32-41.

16. Nurut Lukas 21:36, apa maksudé Yésus wektu ngongkon ”tansah jumaga”?

16 Apa sing bakal mbantu awaké dhéwé ”tansah jumaga” lan siap-siap ngadhepi dinané Yéhuwah? Awaké dhéwé butuh tékad sing kuwat kanggo nindakké sing bener. Ning, kuwi thok ora cukup. Pirang-pirang dina sakdurungé séda, Yésus kandha nèk para muridé butuh terus ndonga njaluk bantuané Yéhuwah. (Wacanen Lukas 21:36.) Bèn tetep waspada, awaké dhéwé kudu ajeg ndonga.​—1 Pt. 4:7.

TERUSA WASPADA

17. Apa buktiné nèk awaké dhéwé siap ngadhepi Armagédhon?

17 Yésus kandha nèk pungkasané donya kuwi ”ing wayah kang ora koknyana”. (Mt. 24:44) Mula, awaké dhéwé kudu terus waspada. Saiki dudu wektuné manut karo donyané Iblis sing jaréné isa nggawé urip seneng. Kuwi mung ngapusi. Ning, liwat Alkitab, Yéhuwah lan Yésus ngandhani carané tetep waspada. Dadi, gatèkna terus ramalané Alkitab lan buktèkna nèk kuwi kelakon. Terusa cedhak karo Yéhuwah lan utamakna kepentingané Kratoné. Awaké dhéwé bakal siap wektu Armagédhon teka. (Wy. 22:20) Nèk kuwi ditindakké, awaké dhéwé isa slamet.

^ [1] (paragraf 14) Deloken buku Kerajaan Allah Memerintah! bab 21.