Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Cah-Cah Enom, Kuwatna Imanmu

Cah-Cah Enom, Kuwatna Imanmu

”Precaya tegesé yakin yèn prekara-prekara sing kita arep-arep kuwi nyata, senajan saiki ora katon.”​—IB. 11:1, Basa Jawi Padintenan (BJP).

LAGU: 41, 11

1, 2. Kadhang kala, abdiné Yéhuwah sing isih enom bingung bab apa, lan Alkitab ngandhani apa?

SEDULUR wédok enom saka Inggris ditakoni kanca sak kelasé, ”Kowé kan pinter, kok isa percaya nèk Gusti Allah kuwi ana?” Sedulur lanang saka Jerman kandha, ”Nurut guru-guruku, crita ing Alkitab nèk jagat sak isiné digawé Gusti Allah kuwi mung dongèng. Kuwi didadèkké alesan bèn para muridé percaya évolusi.” Sedulur wédok enom saka Prancis kandha, ”Guru-guru ing sekolahanku gumun banget nèk ana muridé sing isih percaya Alkitab.”

2 Saiki, akèh wong ora percaya nèk Gusti Allah sing nggawé awaké dhéwé. Nèk panjenengan abdiné Yéhuwah sing isih enom utawa lagi sinau bab Yéhuwah, mbokmenawa kadhang kala panjenengan bingung carané mbuktèkké nèk Gusti Allah sing nggawé awaké dhéwé. Alkitab ngandhani bèn awaké dhéwé ati-ati lan mikirké dhisik katrangan sing ditampa. Alkitab kandha, ”kawicaksanan bakal ngopèni kowé.” Carané? Alkitab bakal mbantu panjenengan nolak pikiran sing salah lan nguwatké iman marang Yéhuwah.​—Wacanen Wulang Bebasan 2:10-12.

3. Apa sing bakal dirembug ing wulangan iki?

3 Bèn nduwé iman sing kuwat marang Yéhuwah, awaké dhéwé kudu nduwé pangertèn sing bener bab Yéhuwah. (1 Tm. 2:4) Mula, wektu maca Alkitab utawa wacan Alkitab, coba dipikir lan dingertèni apa sing lagi diwaca. (Mt. 13:23) Nèk kuwi ditindakké, panjenengan bakal éntuk akèh bukti nèk Alkitab kuwi saka Gusti Allah lan Yéhuwah sing nggawé jagat sak isiné. (Ib. 11:1, BJP) Ing wulangan iki awaké dhéwé bakal ngrembug carané nindakké kuwi.

CARANÉ NGUWATKÉ IMAN

4. (a) Wong sing percaya évolusi utawa sing percaya nèk Gusti Allah nggawé jagat sak isiné padha-padha percaya apa? (b) Apa sing kudu ditindakké?

4 Mbokmenawa ana sing kandha marang panjenengan, ”Aku percaya évolusi merga para ilmuwan kandha nèk kuwi bener. Panjenengan kok isa percaya karo Gusti Allah padhahal ora ana sing tau ndelok Gusti Allah?” Akèh wong mikir kaya ngono. Pancèn bener ora ana sing tau ndelok Gusti Allah utawa ndelok wektu jagat iki digawé. (Yo. 1:18) Wong sing percaya évolusi uga percaya karo sing ora nyata. Contoné, ora ana sing wis tau ndelok kethèk dadi manungsa. (Ay. 38:1, 4) Mula, aja langsung percaya, kudu dipikir dhisik bukti-buktiné. Akèh wong ndelok alam lan percaya nèk Gusti Allah kuwi ana. Wong-wong kuwi percaya nèk Gusti Allah sing nggawé jagat sak isiné, lan Gusti Allah kuwi mahakuwasa sarta nduwé akèh sipat sing luhur.​—Rm. 1:20.

Sarana-sarana sing isa mbantu nerangké sing dipercaya panjenengan marang wong liya (Deloken paragraf 5)

5. Sarana apa waé sing isa digunakké kanggo sinau luwih akèh bab jagat sak isiné sing digawé Gusti Allah?

5 Wektu ndelok lan mikirké alam, awaké dhéwé isa ngerti nèk kuwi digawé nganggo cara sing nggumunké, sarta ngerti nèk Gusti Allah kuwi pinter banget lan nduwé sipat sing luhur. ”Marga saka pracaya kita sumurup” nèk Gusti Allah sing nggawé jagat sak isiné senajan Gusti Allah ora kétok. (Ib. 11:3, 27) Awaké dhéwé isa sinau luwih akèh bab sing digawé Gusti Allah wektu maca katrangan bab apa sing ditemokké para ilmuwan. Katrangan bab kuwi isa didelok ing vidhéo Keajaiban Ciptaan Menyingkapkan Kemuliaan Allah sarta buku Benarkah Kehidupan Diciptakan?, Asal Mula Kehidupan—Lima Pertanyaan yang Patut Direnungkan, lan Apakah Ada Pencipta yang Mempedulikan Anda? Uga, ing majalah Sadarlah!, kerep ana wawancara karo para ilmuwan lan liyané sing nerangké alesané wong-wong kuwi saiki percaya Gusti Allah. Ing majalah kuwi, uga ana artikel ”Apakah Ini Dirancang?” sing ngrembug bab kéwan-kéwan lan alam sing rancangané ditiru para ilmuwan.

6. Piyé wacan Alkitab isa mbantu panjenengan?

6 Sedulur lanang saka Amerika Serikat sing umuré 19 taun kandha bab buku Benarkah Kehidupan Diciptakan? lan Asal Mula Kehidupan—Lima Pertanyaan yang Patut Direnungkan, ”Buku-buku kuwi paédahé gedhé banget kanggoku. Wis tak sinaoni ping bola-bali.” Sedulur wédok saka Prancis kandha, ”Artikel ’Apakah Ini Dirancang?’ apik banget. Artikel kuwi nduduhké nèk upayané para insinyur kanggo niru rancangan sing ana ing alam ora tau isa padha.” Wong tuwa sing nduwé anak wédok umur 15 taun kandha, ”Biasané, sing diwaca dhisik karo anakku wédok wektu maca Sadarlah! yaiku artikel ’Wawancara’.” Wacan-wacan Alkitab mau isa mbantu panjenengan éntuk bukti nèk Gusti Allah sing nggawé jagat sak isiné, lan ora nampa ajaran sing salah. Iman panjenengan bakal saya kuwat kaya wit sing oyodé jero lan tetep kuwat senajan ana angin gedhé.​—Ym. 17:5-8.

IMAN MARANG ALKITAB

7. Apa sebabé Gusti Allah péngin panjenengan isa mbédakaké kang becik sarta kang ala?

7 Apa salah nèk mikir, ’Apa sebabé aku percaya kandhané Alkitab?’ Ora. Yéhuwah ora péngin panjenengan percaya mung merga mèlu-mèlu wong liya. Yéhuwah péngin panjenengan isa ”mbédakaké kang becik sarta kang ala”, bèn ngerti lan éntuk bukti nèk Alkitab pancèn saka Gusti Allah. Nèk saya akèh ngerti kandhané Alkitab, iman panjenengan bakal saya kuwat. (Wacanen 1 Timotéus 2:4; Ibrani 5:14.) Salah siji cara bèn ngerti isiné Alkitab yaiku sinau luwih akèh bab sing péngin luwih dingertèni.

8, 9. (a) Ana sing seneng sinau bab apa? (b) Piyé sedulur-sedulur isa éntuk paédah merga mikirké tenan sing diwaca?

8 Ana sing seneng sinau bab ramalan-ramalan ing Alkitab, utawa mbokmenawa mbandhingké ayat-ayat Alkitab karo kandhané ahli sejarah, arkéologi, lan ilmuwan. Contoné, Purwaning Dumadi 3:15. Yéhuwah langsung mènèhi ramalan penting kuwi sakwisé Adam lan Kawa mbrontak marang Yéhuwah lan wewenangé. Ramalan sing sepisanan kuwi mbantu awaké dhéwé ngerti piyé Kratoné Gusti Allah mbuktèkké nèk pamréntahané Yéhuwah kuwi sing paling apik lan bakal nyingkirké kabèh kasusahan. Piyé carané nyinaoni Purwaning Dumadi 3:15? Gawéa daftar ayat-ayat Alkitab sing mènèhi katrangan bab piyé ramalan kuwi kelakon lan kapan ayat-ayat mau ditulis. Panjenengan bakal ngerti nèk senajan wong-wong sing nulis Alkitab urip ing jaman sing béda-béda, ning saben tulisané isa nyambung lan nggawé ramalan mau dadi saya cetha. Kuwi mbantu panjenengan mbuktèkké nèk roh suciné Yéhuwah nuntun wong-wong mau.​—2 Pt. 1:21.

9 Sedulur lanang saka Jerman mikir nèk isiné saben buku ing Alkitab mesthi nerangké bab Kratoné Gusti Allah. Sedulur kuwi kandha, ”Senajan ana 40 wong lanang sing nulis Alkitab lan akèh-akèhé urip ing jaman sing béda-béda sarta ora kenal siji lan sijiné, ning kabèh isa ngrembug bab Kraton kuwi.” Sedulur wédok saka Australia sinau artikel ing Menara Pengawal sing ngrembug hubungané Paskah karo Purwaning Dumadi 3:15 lan Sang Mèsih. [1] (Deloken katrangan ing kaca 25.) Dhèwèké kandha, ”Sing tak sinaoni nggawé aku gumun karo Yéhuwah merga ramalan kuwi ora mung kanggo bangsa Israèl ning uga kelakon ing uripé Yésus. Aku nganti mandheg maca banjur mikirké nèk ramalan kuwi nggumunké banget merga ana hubungané karo Paskah.” Apa sebabé sedulur wédok mau rumangsa ngono? Dhèwèké mikirké tenan bèn ngerti sing diwaca. Kuwi isa nguwatké imané lan nggawé saya cedhak marang Yéhuwah.​—Mt. 13:23.

10. Apa sebabé sipat jujuré wong-wong sing nulis Alkitab isa nguwatké imané awaké dhéwé marang Alkitab?

10 Pikiren uga nèk wong-wong sing nulis Alkitab kuwi jujur. Wong-wong kuwi mesthi nulis lan ora wedi nindakké sing bener. Wong-wong wektu kuwi kerepé mung nulis sing apik bab negara lan para pemimpiné. Ning, para nabiné Yéhuwah ora mung nulis bab sing apik, ning uga nulis tumindaké bangsa Israèl lan para rajané sing ora bener. (2 Bb. 16:9, 10; 24:18-22) Wong-wong kuwi malah nyritakké salahé dhéwé lan salahé para abdiné Yéhuwah liyané. (2 Sa. 12:1-14; Mk. 14:50) Sedulur lanang enom kandha, ”Tumindak jujur kuwi langka banget. Kuwi mbantu awaké dhéwé luwih percaya nèk Alkitab pancèn saka Yéhuwah.”

11. Piyé tuntunané Alkitab isa nggawé awaké dhéwé percaya nèk Alkitab kuwi saka Gusti Allah?

11 Nèk nindakké tuntunané Alkitab, wong-wong isa ngrasakké dhéwé paédahé, lan percaya nèk Alkitab kuwi saka Gusti Allah. (Wacanen Jabur 19:8-12.) Sedulur wédok enom kandha, ”Aku lan keluargaku seneng tenan merga ngetrapké wulangané Alkitab. Keluargaku rukun lan ayem tentrem.” Merga sinau Alkitab, akhiré wong-wong ngerti nèk sing dipercaya mbiyèn kuwi klèru. (Ms. 115:3-8) Alkitab mbantu wong-wong bèn ngendelké Yéhuwah, Gusti Allah sing Mahakuwasa, lan janjiné bab Pirdus. Wong-wong sing kandha nèk ora ana Gusti Allah sakjané nganggep alam dadi allahé. Wong-wong liya kandha nèk manungsa isa nggawé urip mbésuk dadi luwih pénak, ning nyatané wong-wong kuwi ora isa ngrampungi masalah ing donya.​—Ms. 146:3, 4.

CARANÉ NERANGKÉ MARANG WONG LIYA

12, 13. Piyé carané njawab wektu ana sing takon bab jagat sak isiné sing digawé Gusti Allah utawa bab Alkitab?

12 Wektu crita bab Alkitab utawa bab jagat sak isiné sing digawé Gusti Allah, panjenengan kudu ngerti dhisik apa sing dipercaya wong sing dijak omong. Ana sing percaya évolusi ning uga percaya nèk Gusti Allah kuwi ana. Wong-wong kuwi kandha nèk Gusti Allah nggunakké évolusi kanggo nggawé jagat sak isiné. Liyané percaya nèk évolusi kuwi bener merga diwulangké ing sekolahan. Lan, ana sing ora percaya manèh karo Gusti Allah merga gela karo agama. Mula, panjenengan kudu ngerti dhisik apa sing dipercaya lan alesané percaya, banjur gatèkna sing diomongké. Nèk kuwi ditindakké, isa waé wong kuwi dadi gelem ngrungokké panjenengan.​—Tt. 3:2.

Panjenengan kudu ngerti dhisik apa sing dipercaya, banjur gatèkna sing diomongké

13 Piyé carané njawab wektu ana sing kandha nèk panjenengan bodho merga percaya ana sing nggawé jagat sak isiné? Nganggo cara sing ngajèni, panjenengan isa njaluk wong kuwi nerangké piyé wiwitané urip ing jagat iki nèk pancèn ora ana sing nggawé. Banjur kandha, sèl bèn isa berkembang biak kudu nduwé kemampuan nyalin dhéwé awaké. Padhahal, nurut salah siji profesor kimia, bèn isa nyalin dhéwé awaké, sèl kuwi kudu nduwé, (1) kulité sèl, (2) kemampuan kanggo éntuk energi lan digunakké, (3) katrangan kanggo ngatur bentuk lan gedhéné (DNA), lan (4) kemampuan kanggo nggawé salinan saka katrangan kuwi. Dhèwèké kandha, ’Wong bakal nggumun banget wektu ngerti nèk rancangané sèl waé wis rumit banget.’

14. Cara gampang apa sing isa digunakké wektu ngrembug bab Gusti Allah nggawé jagat sak isiné?

14 Wektu ngrembug bab jagat sak isiné sing digawé Gusti Allah, panjenengan isa nggunakké cara sing gampang kaya sing digunakké Paulus. Paulus kandha, ”Saben omah digawé déning sawijining ahli gawé omah; ananging Ahli kang yasa samubarang kabèh iku Gusti Allah.” (Ib. 3:4) Omah mesthi ana sing ngrancang lan nggawé, apa manèh manungsa utawa kéwan sing luwih rumit timbang omah, mesthi ana sing ngrancang lan nggawé. Panjenengan uga isa nggunakké wacan Alkitab. Ana sedulur wédok sing crita karo bocah lanang sing ora percaya nèk Gusti Allah kuwi ana. Sedulur wédok kuwi mènèhi buku Benarkah Kehidupan Diciptakan? lan Asal Mula Kehidupan—Lima Pertanyaan yang Patut Direnungkan. Kira-kira seminggu sakbanjuré, bocah lanang kuwi kandha, ”Saiki aku percaya Gusti Allah.” Bocah lanang kuwi mulai sinau Alkitab banjur dadi Seksi Yéhuwah.

15, 16. Apa sing kudu ditindakké dhisik sakdurungé nerangké nèk Alkitab kuwi saka Gusti Allah? Lan, awaké dhéwé ora péngin apa?

15 Nèk ana sing ragu-ragu apa bener Alkitab kuwi saka Gusti Allah, panjenengan isa ngomong apa? Kaya sing dirembug sakdurungé, panjenengan kudu ngerti dhisik apa sing dipercaya lan disenengi wong kuwi. (WB. 18:13) Nèk dhèwèké seneng ilmu pengetahuan, duduhna ayat sing nerangké nèk kandhané Alkitab bab ilmu pengetahuan kuwi bener. Nèk seneng sejarah, duduhna kedadéan sing ana ing buku sejarah, sing wis diramalké ing Alkitab pirang-pirang taun sakdurungé. Wong liya mbokmenawa gelem ngrungokké, wektu panjenengan nduduhké ayat Alkitab sing ana gunané kanggo uripé dhèwèké, contoné yaiku tuntunan sing dirembug wektu Ceramah ing Gunung.

16 Awaké dhéwé ora péngin ribut karo wong liya, ning malah péngin wong kuwi seneng omongan karo awaké dhéwé lan sinau Alkitab. Mula, kudu ngajèni wektu takon, lan nggatèkké jawabané. Wektu nerangké, panjenengan kudu sopan apa manèh karo wong sing luwih tuwa. Nèk panjenengan ngajèni, wong kuwi uga bakal ngajèni panjenengan. Wong kuwi bakal gumun merga panjenengan mikirké tenan sing panjenengan percaya senajan isih enom. Nèk wong kuwi mung péngin ribut lan ngenyèk, ora perlu dijawab.​—WB. 26:4.

TERUSA SINAU ALKITAB LAN KUWATNA IMAN PANJENENGAN

17, 18. (a) Apa sing isa nguwatké imané panjenengan marang Alkitab? (b) Pitakonan apa sing bakal dirembug minggu ngarep?

17 Bèn nduwé iman sing kuwat, awaké dhéwé ora mung butuh wulangan sing utama saka Alkitab, ning perlu sinau lan ngerti luwih akèh bab isiné Alkitab, kaya nggolèk harta karun. (WB. 2:3-6) Salah siji cara nguwatké iman yaiku maca kabèh isiné Alkitab. Mbokmenawa kuwi butuh wektu setaun. Kuwi sing mbantu salah sijiné pinituwa wilayah bèn saya cedhak marang Yéhuwah wektu isih enom. Dhèwèké kandha, ”Salah siji cara sing mbantu aku ngerti nèk Alkitab kuwi saka Gusti Allah yaiku terus maca Alkitab. Crita-crita ing Alkitab sing tak sinaoni wektu cilik akhiré isa luwih tak ngertèni.” Uga, gunakna DVD Watchtower Library, PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting, Indeks Publikasi Menara Pengawal, lan Panduan Riset untuk Saksi-Saksi Yehuwa sing ana ing basa werna-werna. Sarana-sarana kuwi isa mbantu panjenengan ngerti isiné Alkitab.

18 Sing paling cocog mulang bocah-bocah bab Yéhuwah yaiku wong tuwané. Mula, piyé carané wong tuwa mbantu nguwatké imané anaké? Wulangan minggu ngarep bakal ngrembug cara-cara sing isa ditindakké wong tuwa.

^ [1] (paragraf 9) Menara Pengawal 15 Desember 2013.